The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by erliyanarishanti65, 2021-12-09 13:52:37

Ulangan Akhir Semester (legenda)

2610121110_Erliyana Rishanti

BUKU PANDUAN PASINAON BASA JAWA

Legenda

Rawa Pening

SMP/MTS SEDERAJAT
KELAS VIII/1

Erliyana Rishanti

Atur Sapala

Kairing puja pudyastawa konjuk dhumateng Gusti ingkang Maha Asih,
keparenga panyerat nelakaken raos bingah ing manah. Ingkang menika
jalaran saged ngrampungaken Buku Panduan Pasinaon Basa Jawa
menika. Buku kerja menika karakit adhedhasar buku paket kalihan
sumber saking internet.

Laras kaliyan namanipun, kaangkah buku menika saged biyantu para
siswa ngasah kaprigelanipun ngenani piwucalan saking buku paket
Panduan Pasinaon Basa Jawa. Buku menika. minangka sarana tumrap
para siswa gladhen lan ngrembakakaken pamikiranipun para siswa. Ing
pangajab mugi-mugi lumantar andharan sapala menika saged mahanani
lestantun lan rembakanipun basa Jawi ing tataran SMP lan ugi MTs,
mliginipun ing kitha Tulungagung sumrambahipun ing Jawa Timur menika.

Amrih panyinaoning basa Jawi boten uwal saking garis ingkang
sampun dipuntemtokaken. Buku kerja menika dipunjumbuhaken kaliyan
kompetensi inti, kompetensi dasar, lan ugi materi ingkang sampun
dipunandharaken ing buku paketipun, inggih menika miturut kurikulum
2013. Buku menika sampun jumbuh kaliyan ancasipun kurikulum 2013
inggih menika student center utawi siswa ingkang kedah langkung aktif
salebetipun piwucalan.

Nglenggana dhateng kirang sampurnanipun andharan menika,
panyerat tansah hangrerantu pamanggih sarta pamrayogi saking para
nimpuna ing reh basa Jawi amrih saenipun buku kerja menika. Inggih awit
saking sadaya pamanggih lan pamrayogi kala wau, panyerat ngaturaken
panuwun ingkang tanpa wilangan.

Puput pepuntoning atur, sumangga ing karsa dhumateng pamaos
anggen panjenengan badhe ngginakaken buku kerja mliginipun ingkang
sampun ngginakaken buku paket Panduan Pasinaon Basa Jawa punika
ingkang saged kaungkret menapa dene karembakakaken jumbuh kaliyan
kawontenan ing sasana wiyata piyambak-piyambak.
Matur nembah nuwun.

Tulungagung, Nopember 2021





Panyerat

Satuan pendidikan : Sekolah Menengah Pertama
Kelas/Semester : VIII/Ganjil
Kompetensi Dasar : 3.1
Materi : Legenda
Alokasi Waktu : 2 x 40 menit



Kompetensi Inti

Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya.
Menghargai dan menghayati perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab,
peduli (toleransi, gotong royong), santun, percaya diri, dalam berinteraksi
secara efektif dengan lingkungan sosial dan alam dalam jangkauan
pergaulan dan keberadaannya. Memahami dan menerapkan
pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa
ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait
dengan fenomena dan kejadian tampak mata. Mengolah, menyaji, dan
menalar dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai, merangkai,
memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca,
menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang
dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut
pandang/teori.

Kompetensi Dasar

Memahami isi cerita legenda

Indikator

Menyebutkan unsur intrinsik sesuai dengan isi cerita legenda
Menjawab pertanyaan berdasarkan isi cerita legenda
Menuliskan isi legenda secara tertulis.

Tujuan Pembelajaran

Setelah menyebutkan unsur intrinsik dan menjawab mengenainisis
cerita legenda peserta didik dapat menjelaskan dan mengetahui
mengenai isi kandungan cerita legenda dengan tepat dan benar.
Peserta didik dapat menuliskan isi cerita legenda secara tertulis
dengan baik.

Pandom Pasinaon

1.Dedonga sadurunge miwiti sinau.
2.Wacanen KD, Indikator, lan tujuan pembelajaran

sajrone materi iki.
3.Waca lan pahamana ngenani materi sajrone

buku iki lan wenehi tandha utawa garis ngisor
yen ana babagan kang wigati.
4.Sawise mahami materi kasebut coba kerjakna
latiyan soal sajrone modhul.
5.Yen ngrasa kangelan isa takon marang gurumu.

Pangerten Legenda

Legenda yaiku crita prosa rakyat sing dianggep wong sing
nduweni crita minangka kedadeyan sing bener-bener kedadeyan. Ora
kaya mitos, legenda iku sekuler utawa kadonyan lan kedadeyan ing
jaman kepungkur. Legenda dumadi ing donya kaya sing kita kenal
saiki. Legenda kasebut diparagani dening manungsa, sanajan
kadhang kala nduweni ciri sing luar biasa, lan asring dibantu dening
makhluk gaib. Legendha ugi asring dipuntingali minangka “sejarah”
kolektif (folk history), senajan “sejarah” menika boten kaserat saha
sampun dipunserat saengga asring beda kaliyan cariyos aslinipun.

Unsur Intrinsik Legenda

Crita legenda kalebu sastra gancaran. Sastra gancaran tegese
yaiku karangan kang ora kaiket guru gatra,guru wilangan lan guru
lagu. Ana ing sastra gancaran mesthi ana perangan-perangan kang
dhapuk crita. Perangan-perangan kuwi diarani unsur intrinsik.
Kang kalebu unsur intrinsik yaiku :

- Tema
Tema yaiku bakune crita, sing wigati ing sajroning crita, utawa akeh
karembug ing crita digathukake alur sing ana. Tuladhane tema yaiku
katresnan, sesrawungan, unggah-ungguh, sejarah, lan
sapanunggalane.

- Irah-irahan (judul)
Irah-irahan kuwi gampang ditemokake. Biasane ditulis ana ing paling
dhuwur gancaran crita legenda.

- Paraga lan Watake
Paraga kuwi kabeh kang nindakake lelakon ing crita. Paraga bisa
awujud manungsa, bangsa lelembut, kewan, lan sapanunggalane.
Saben paraga nduweni watak kang beda-beda. Watak paraga ing
sajroning crita bisa diandharake lumantar pacelathon antaraning
paraga siji lan sijine lan bisa uga diandharake langsung dening
panganggit.

- Latar/Setting
Kaperang dadi telu yaiku latar panggonan, latar wektu lan latar
swasana.

(1) Latar panggonan yaiku samubarang sing nggambarake papan
kedadeyane crita,

(2) Latar Wektu yaiku wektu sing nggambarake kapan kedadeyan
iku dumadi, tuladha: jam, dina, sasi, dhek semana, jaman mbiyen,
besuk, lan sapanunggalane,

(3) Latar Swasana yaiku swasana/ kahanan kang diandharake ana
ing crita.

- Alur
Alur yaiku urut-urutane kedadeyan sing ana ing carita. Ana alur
maju, alur mundur, lan alur campuran.

- Point of view (Sudut Pandang)
Sudut pandang yaiku kalungguhane pengarang jroning carita.

- Lidining crita (amanat)
Amanat yaiku piweling, wewarah utawa ajaran kang apik sing pengin
dikandhakake pengarang marang kang pada maca carita kasebut

Ciri-Ciri Legenda

Dipercaya minangka kedadeyan sing bener-bener
kedadeyan
Paraga legenda biasane manungsa
Duwe sifat kadonyan
Apa migrasi utawa pindah
Semi-historis

Jinis-Jinis Legenda

Miturut Bruvand nggolongake legendha dadi patang golongan,
yaiku legenda agama, legenda gaib, legenda individu, lan legenda
lokal. Punika panjelasan lengkapipun:

1. Legenda Agama
Legenda agama yaiku legenda wong suci, contone Walisongo.
Umume, legenda agama kedadeyan ing jaman biyen sing luwih
kenthel karo nilai-nilai agama. Wonten patuladhan utawi panutan
ingkang sae wonten ing babagan agami ingkang saged
mangaribawani pola pagesangan tiyang jaman rumiyin ingkang
dereng mangertos nilai agami.

2. Legendha Ilmu Gaib
Legendha jinis iki biasane awujud crita sing dianggep bener-bener
kedadeyan lan dialami dening wong. Fungsi saka legendha iki kanggo
ngonfirmasi kebenaran "takhayul" utawa kapercayan wong. Legenda
kasebut umume kedadeyan lan dialami dening wong, sanajan akeh
sing ora ngerti kedadeyan kasebut. Fungsine kanggo konfirmasi
tahayul, supaya akeh wong sing percaya.

3. Katrangan Individu
Legenda jinis iki gegayutan karo crita-crita ngenani paraga-paraga
tartamtu, kang dianggep wong-wong kang nduweni crita iku pancen
kedadeyan. Tuladhane legendha iki yaiku legendha paraga Panji.

4. Legenda Lokal
Legendha iki ana gegayutane karo crita-crita kang ana gegayutane
karo sawijining panggonan, jeneng panggonan, lan wujud topografi,
yaiku wujude lumahing sawijining dhaerah, apa kang ana perbukitan,
perjuwangan, lan sapanunggalane.

Tugas 1 : Nyebutake Unsur
Intrinsik Sajrone Isi Legenda

Kacarita ing desa Banarawa, duwe adat nganakake memetri
desa ing saben taun, yaiku nganakake slametan supaya wong
ing desa kono padha slamet. Nalika lagi ngaso ing tengah alas,
gaman ditancepake ana wit kang dilungguhi. Nanging saka wit
mau malah metu banyu abang. Jebul, wit kang dilungguhi kuwi
sajatine awak taksaka gedhe banget. Mula ulane banjur dipateni
lan daginge dienggo memetri desa.

Nalika semana, ana bocah bajang kang arane Baruklinthing
kang sejatine jelmaane ula mau. Bocah kuwi marani salah
sijining omah kanggo njaluk daging, yaiku omahe Ki Juru
Mathokan, celathune,”Kula sampun pinten-pinten dinten dereng
nedhi. Nyuwun kawelasan panjenengan, Ki.” “Ora ana pangan
turah ing kene. He, bocah lethek, lungaa ambune awakmu
njalari ora enak nggonku mangan.” Ngono wangsulane Ki Juru.
Ki Juru pancen wonge medhit banget.

Wanci sore Baru Klinthing tumuju ing omahe Mbok Randha.
Mbok Randha iku uripe rekasa, nanging luhur budine lan loma
marang sapa wae.

Mula tekane si Bajang ditampa kanthi becik. Baruklinthing
diwenehi sega lan daging ula. Sawise mangan, Baruklinthing
pamit lan aweh piweling,
” Mbok Randha, sapungkurku enggala nyawisna lesung amarga
arep ana banjir bandhang.”
Ya, ngger.” Wangsulana Mbok Randha tanpa pitakon senajan
ing atine rada bingung.

Baruklinthing banjur lunga menyang omahe Ki Juru lan
nganakake sayembara nancebake sada lanang ing latar.
Nanging ora ana sing bisa mbedol. Gandheng ora ana sing
kuwat, Baruklinthing mbedol sada mau. Sanalika tancebane
sada mau metu banyune lan sansaya gedhe dadi banjir
bandhang.

Wong-wong padha kelelep. Mbok Randha kang kelingan
welinge Baruklinthing banjur numpak lesung. Desa Banarawa
mau akhire dadi Rawa Pening kang dumunung ana ing
Ambarawa.

Garapen soal ing ngisor iki kanthi bener!
1.Apa tema saka crita legenda kasebut?
2.Sebutna paraga utamane uga wateke kepriye!
3.Ana ngendi wae latar saka legenda "Rawa Pening"
sebutna!
4.Sudut pandang apa kang dgunakake sajrone
legenda kasebut?
5.Apa amanat kang bisa kok jupuk saka legenda
kasebut?

Tugas 2 : Jawab Pitakonan
Sajrone Isi Legenda

Garapen soal ing ngisor iki miturut crita legenda
"Rawa Pening" ing dhuwu kanthi bener!

1.Sapa jenenge bocah kang awujud ula kasebut?
2.Mbok Randha iku sapane Baru Klinting?
3.Ana neng desa ngendi acara syukuran dileksanani ?
4.Saben taun desa kasebut nganakake adicara apa?
5.Sapa jenenge paraga sing medhit banget?
6.Kena apa Baru Klinting ngencepake sada?
7.Wong sing bisa slamet saka kedadeyan kasebut

sapa lan merga apa?
8.Coba jelasna apa amanat sing bisa kajupuk saka

kedadeyan legenda "Rawa Pening"! Andharna
gunakake basamu dhewe!

Tugas 3 : Nulis Isi Legenda

Coba tulisen crita legenda sing kok weruhi ana
dhaerah sekitarmu kanthi ringkes ana neng kolom
ngisor iki !

Jawab :
......................................................................
...............................................................................
...............................................................................
...............................................................................
...............................................................................
...............................................................................

Kegiatan : Golek lan
Nganalisis Crita Legenda

Soal ing ngisor iki garapen kanhi klompok!

1. Gaweya klompok sing isine 3-4 pawongan.
2. Sawise klompok wis dadi banjur wacanen tugas

sing ana neng ngisor iki!

Tugas :
Goleka crita legenda sing ana neng Jawa bisa saka
buku utawa internet banjur analisisen kanthi cara
gunakakae unsur intrinsik kanthi rinci!

Jawab :
...................................................................................
...................................................................................
...................................................................................
...................................................................................
...................................................................................
...................................................................................
...................................................................................
...................................................................................
...................................................................................
...................................................................................
...................................................................................
...................................................................................
...................................................................................
...................................................................................
...................................................................................
...................................................................................
...................................................................................

Refleksi

1. Apa wae sing kok mangerteni saka materi legenda
kasebut ?

2. Kepriye anggomu jupuk pesen moral sing saka salah
sawijine legenda sing ana neng tlatah Jawa ?

Ringkesan

Legenda yaiku crita prosa rakyat sing dianggep wong sing
nduweni crita minangka kedadeyan sing bener-bener kedadeyan.
Unsur intrinsik sajrone crita legenda yaiku ana tema, judhul,
paraga, watak paraga, latar, alur, sudut pandhang, lan amanat.
banjur ciri saka legenda salah sijine yaiku duweni sipat kadonyan.
legenda ana akeh jinise yaiku legenda agama, legenda ilmu gaib,
legenda individu, legenda lokal.

Uji Kompetensi Wulangan 1

A. Pilihen wangsulan sing bener !
1. Apa kang diarani saka legenda....
a. crita cekak ana masyarakat
b. crita sabendina kahuripan masyarakat
c. crita prosa rakyat sing dianggep wong sing nduweni crita
kedadeyan sing bener-bener kedadeyan.
d. crita kang ngandharake jaman biyen
2. Kang dadi paraga sajrone cria legenda....
a. pawongan
b. wit-witan
c. piranti
d. kewan
3. Unsur intrinsik ing ngisor iki kajaba....
a. tema
b. amanat
c. tokoh
d. sosial
4. Lumakune crita sing yritakake kedadeyan jaman biyen di
arani....
a. alur maju
b. alur mundhur
c. alur campuran
d. konflik
e. latar
5. Penokohan/pamaragan yaiku....
a. karaktere paraga
b. sing dadi paraga
c. isi sajrone crita
d. panggonane crita
e. jenise paraga

6. “Ora ana pangan turah ing kene. He, bocah lethek, lungaa
ambune awakmu njalari ora enak nggonku mangan.”
Kutipan kasebut bisa ngandharne watek e tokoh sing...
a. protagonis
b. tritagonis
c. antagonis
d. pasrah
7. Sapa paraga utama kang ana sajrone wacanan legenda
"Rawa Pening" ing dhuwur....
a. Mbok Randha
b. Ula
c. Baru Klinting
d. Ki Jur Mathokan
8. Salah sawijine jinis legenda yaiku....
a. individu
b. klompok
c. kayangan
d. nasional
9. Apa kang diencepne ana emper...
a. sapu
b. kayu
c. sada
d. lading
10. Ana desa ngendi babagan kasebut kedaden....
a. Banarawa
b. Lamongan
c. Jawa Timur
d. Kediri
B. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi bener !

1.Apa sing diarani legenda lokal ?
2.Ana pira cirine legenda, banjur jelasna ?
3.Sebutna unsur kang ana sajrone legenda !
4.Analisisen crita "Rawa Pening" gunakake unsur intrinsik

pamaragan !
5. Amanat apa kang ana crita legenda "Rawa Pening" ?

Dhaptar Pustaka

1. https://ayoguruberbagi.kemdikbud.go.id/rpp/rpp-
bahasa-jawa-kelas-viii-materi-legenda/

2. https://www.merdeka.com/jabar/legenda-adalah-
cerita-prosa-rakyat-perhatikan-ciri-ciri-dan-jenisnya-
kln.html

Legenda

Rawa Pening


Click to View FlipBook Version