The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

2610121110_Erliyana Rishanti (lkpd)

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by erliyanarishanti65, 2021-11-19 11:04:09

Bahan Ajar Bahasa Jawa LKPD

2610121110_Erliyana Rishanti (lkpd)

Buku Panduan Pasinaon Basa Jawa

Crita Pewayangan Mahabarata

BIMA
BUNGKUS

SMA/MA Sederajat
KELAS X/2

ERLIYANA RISHANTI

Atur Sapala

Kairing puja pudyastawa konjuk dhumateng Gusti ingkang Maha Asih,
keparenga panyerat nelakaken raos bingah ing manah. Ingkang menika
jalaran saged ngrampungaken Buku Panduan Pasinaon Basa Jawa
menika. Buku kerja menika karakit adhedhasar buku paket kalihan
sumber saking internet.

Laras kaliyan namanipun, kaangkah buku menika saged biyantu para
siswa ngasah kaprigelanipun ngenani piwucalan saking buku paket
Panduan Pasinaon Basa Jawa. Buku menika. minangka sarana tumrap
para siswa gladhen lan ngrembakakaken pamikiranipun para siswa. Ing
pangajab mugi-mugi lumantar andharan sapala menika saged mahanani
lestantun lan rembakanipun basa Jawi ing tataran SMA lan ugi MA,
mliginipun ing kitha Tulungagung sumrambahipun ing Jawa Timur menika.

Amrih panyinaoning basa Jawi boten uwal saking garis ingkang
sampun dipuntemtokaken. Buku kerja menika dipunjumbuhaken kaliyan
kompetensi inti, kompetensi dasar, lan ugi materi ingkang sampun
dipunandharaken ing buku paketipun, inggih menika miturut kurikulum
2013. Buku menika sampun jumbuh kaliyan ancasipun kurikulum 2013
inggih menika student center utawi siswa ingkang kedah langkung aktif
salebetipun piwucalan.

Nglenggana dhateng kirang sampurnanipun andharan menika,
panyerat tansah hangrerantu pamanggih sarta pamrayogi saking para
nimpuna ing reh basa Jawi amrih saenipun buku kerja menika. Inggih awit
saking sadaya pamanggih lan pamrayogi kala wau, panyerat ngaturaken
panuwun ingkang tanpa wilangan.

Puput pepuntoning atur, sumangga ing karsa dhumateng pamaos
anggen panjenengan badhe ngginakaken buku kerja mliginipun ingkang
sampun ngginakaken buku paket Panduan Pasinaon Basa Jawa punika
ingkang saged kaungkret menapa dene karembakakaken jumbuh kaliyan
kawontenan ing sasana wiyata piyambak-piyambak.
Matur nembah nuwun.

Tulungagung, Nopember 2021





Panyerat

Satuan pendidikan : Sekolah Menengah Atas
Kelas/Semester : X/Genap
Kompetensi Dasar : 3.2
Materi : Cerita Pewayangan
Alokasi Waktu : 2 x 45 menit



Kompetensi Inti

Memahami, menerapkan, menganalisis pengetahuan faktual, konseptual,
prosedural dan metakognitif berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu

pengetahuan, teknologi, seni, budaya, dan humaniora dengan wawasan
kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban terkait penyebab
fenomena dan kejadian, serta menerapkan pengetahuan prosedural pada

bidang kajian yang spesifik sesuai dengan bakat dan minatnya untuk
memecahkan masalah.

Kompetensi Dasar

Memahami isi teks cerita Mahabarata (Bima Bungkus)

Indikator

Peserta didik mampu menemukan isi teks cerita Mahabarata (Bima
Bungkus)
Peserta didik mampu menentukan unsur-unsur instrinsik dalam teks
cerita Mahabarata (Bima Bungkus)
Peserta didik mampu menganalisis nilai-nilai luhur yang terkandung
dalam teks cerita Mahabarata (Bima Bungkus)

Tujuan Pembelajaran

Setelah menemukan isi, menentukan unsur intrinsik dan menganalisis
nilai-nilai luhur pada teks cerita Mahabarata (Bima Bungkus) peserta
didik dapat menjelaskan mengenai isi kandungan dan struktur pada
teks cerita Mahabarata (Bima Bungkus) dengan tepat dan benar.
Peserta didik dapat mengambil pesan moral dan mengaitkan nilai
luhur dalam teks cerita Mahabarata (Bima Bungkus) dengan kondisi
masyarakan saat ini dengan baik.

Pandom Pasinaon

1.Dedonga sadurunge miwiti sinau.
2.Wacanen KD, Indikator, lan tujuan pembelajaran

sajrone materi iki.
3.Waca lan pahamana ngenani materi sajrone

buku iki lan wenehi tandha utawa garis ngisor
yen ana babagan kang wigati.
4.Sawise mahami materi kasebut coba kerjakna
latiyan soal sajrone modhul.
5.Yen ngrasa kangelan isa takon marang gurumu.

Peta Kosep

TEKS CRITA
PEWAYANGAN

Memahami isi teks cerita
wayang Mahabarata
(Bima Bungkus)



Materi
Teks narasi tentang

pewayangan



Kegiatan

1.Membaca cerita pewayangan

dengan lancar.

2. Menganalisis unsur

pembangun (intrinsik dan

ekstrinsik) dalam teks cerita

pewayangan

3.Mengerjakan latihan-latihan

soal

4.Mengerjakan Uji Kompetensi

Pangerten Wayang

Wayang yaiku seni tradisional kang asale saka Indonesia sing
ngrembaka ana tlathah Jawa nganti Bali. Miturut KKBI (Kamus Besar
Bahasa Indonesia) wayang kulit yaiku boneka mirip pawongan sing
digawe saka pahatan kulit utawa kayu lan sapiturute sing bisa
digawe meragakake paraga sajrone pentas tradhisional. Wayang
uga bisa diarani pentas tradhisional kang dicritakake dhalang lan
ana alat musik gamelan kanggo ngiringi. Cerita wayang ana loro
jinise yaiku cerita wayang Jawa lan cerita Wayang India. Antarane
cerita wayang kaloro kasebut duweni pambeda saben crita senajan
jenenge paraga padha.

Jinis-Jinise Wayang

1.Wayang Golek
Wayang golek yaiku wayang sing asale saka kayu lan awujud 3
dimensi. jeneng golek asale saka basa Jawa yaiku goleki. mkasud
saka teges wayang kasebut yaiku duweni pangajeg-ajeg sawise
nonton wayang para panonton bisa goleki inti saka crita waayang
kasebut.

2.Wayang Kulit
Wayang kulit yaiku asale saka kulit kebo utawa sapi. carane gawe
yaik kulit digaringne disik sadurunge diukir.

3.Wayang Beber
Wayang beber digawe saka lembaran kain (beberan) ana lembaran
kain kasebut ana lukisan uawa gambar adegan sajrone pertunjukan
pewayangan. Wayang beber dipentasne kanthi cara bentangne kain
embaran siji siji manut karo urutane crita.

4.Wayang Klitik
Wayang klitik asale saka kayu sing bedani saka wayang golek yaiku
kandele yen wayang klitik luwih tipis lan entheng. Wayang klitik asale
saka gesekan kayu sing ana swarane "kliik-klitik".

Unsur Pambangun Carita

Sajrone carita meshti ana unsur-unsur kang ana teks, babagan
kasebut bisa ana supaya teks carita ana kaendahane banjur para
pamaca bisa nganalisis isi teks crita kasebut. Banjur apa wae unsur-
unsur sajrone teks carita?. Coba gatekna ing ngisor iki!

Unsur Intrinsik

Tema
Tema yaiku masalah kan dadi pokok pangomongan utawa inti
topik saka teks kasebut sing mmo kedadeyan sajrone carita.
Alur
Alur yaiku urutane kedadyan sajrone crita, bisa alur maju,
mundhur utawa campuran.
Latar
Latar yaiku panggen kedadeyan crita. Latar kaperang dadi telu
yaiku latar weksu, panggenan, swasana.
Paraga
Paraga yaiku pawongan kang ana sajrone carita sing duweni
karakter dhewe-dhewe yaiku antagonis, protagonis, tritagonis lan
paraga pembantu.
Pamaragan
Pamaragan yaiku karaktere saben paraga.
Sudhut Pandhang
Sundhut pandhang yaiku arah padhang sing dijupuk pangripta
kayata sudhut padhang wong kapisan utawa sudhut pandhang
wong katelu.
Amanat
Pesen kang bisa dijupuk saka isine carita.

Unsur Ekstrinsik

Unsur eksrinsik yaiku unsur kang ngandharake latar kahanan
saka pangripta nyiptakake karya sastra kasebut. unsur ekstrinsik isa
uga diarai unsur pambangun sajabane carita sing ngandhut babagan
kahanane sosial, budaya, ekonomi lan sapiturue.

Sajrone pentas wayang akeh manekawernane crita utawa lakon
sing digawe salah sawijine lakon Mahabharata (Bima Bungkus). Coba
wacanen lan gatekna crita wayang ing ngisor iki, banjur garapen soal
kang ana ngisore!

Bima Bungkus

Jejer Ngastina. Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti
jalaran lahire ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tan
ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus. Kurawa
uga melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung
lelamisan, bakune arsa nyirnaake si bungkus. Wisiking dewa
sang bungkus den bucal ing alas Krendawahana.
Ing pertapan Wukir Retawu Bagawan Abiyasa kasowanan
Raden Permadi kang kaderekaken repat punakawan.

“Kanjeng Eyang, kadi pundi nasibipun Kakang Bungkus,
sampun sawetawis warsa mboten wonten suraos ingkang
sae, bab menika Eyaang, andadosaken duhkitaning Kanjeng
Ibu Kunti…”

Tartamtu Sang Winasis kang pancen luber ing pambudi
sampun pirsa apa kang dadi lakon.
“Putuku nggeeer, Permadi, mangertiya jer kakangmu nembe
nglakoni karmane, ing tembe kakangmu Si Bungkus bakal
dadi satriya utama, lan bakal oleh apa kang sinebut wahyu
jati…”
Ing Suralaya, Batara Guru nimbali Gajahsena, putra sang
batara kang awujud gajah, kinen mecah si bungkus saengga
dadi sejatining manungsa. Sang Guru ugi angutus Dewi
Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman marang si
bungkus.

Purna anggennya peparing ajaran marang si bungkus, Dewi
Umayi aparing busana arupa cawat bang bintulu abrit, ireng,
kuning, putih, pupuk, sumping, gelang, porong, lan kuku
Pancanaka.
Salajengipun, Gajahsena mbuka bungkus. Pecahing bungkus
dados sapatemon kekalihipun, kagyat dados lan perangipun.
Binanting sang Gajahsena. Sirna jasad sang gajah. Roh lan
daya kekiyatanipun manjing jroning angga sang bungkus.
Praptene Betara Narada Si Bungkus tumakon marang Sang
Kabayandewa, “Heemmm, aku iki sopoh?”
“Perkencong, perkencong waru doyong, ngger, sira kuwi
sejatine putra kapindho ratu ing Amarta Prabu
Pandudewanata. Sira lahir awujud bungkus, lan kersaning
dewa sira kudu dadi satriya utama…, lan sira tak paringi
tetenger Bratasena ya ngger…”
Rawuhipun Ratu saking Tasikmadu kang nyuwun senjata
pitulungan marang Bratasena kinen nyirnakaken raja
raseksa aran Kala Dahana, Patih Kala Bantala, Kala Maruta
lan Kala Ranu. Para raseksa sirna. Sekakawan kekiatan
saking raseksi wau nyawiji marang Raden Bratasena, inggih
punika kekiatan Geni, Lemah, Angin lan Banyu.

Bausastra : Link Youtube
Pembelajaran
Arsa : diarep-arep
Bucal : dibuwang

Duhkita : sedhih https://www.youtu
Kagyat : kaget
be.com/watch?
v=FHOJnPVwwOo

Gladhen 1

Sawise maca teks crita wayang Mahabharata "Bima Bungkus"
coba analisisen teks diwiwiti saka ngolah reringkesan crita gunakake
tabel struktur generik crita kaya neng ngisor iki!. Bisa gunakakae
basa dhewe.

Gladhen 2

1. Sapa iku Bima Bungkus ?

2. Apa alur sing digunakake sajrone crita Mahabatara (Bima
Bungkus) kasebut ?

3. Sebutna paraga uga jlentrehna watake para paraga crita
Mahabatara (Bima Bungkus) ?

4. Jlentrehna apa wae amanat kang bisa dijupuk saka crita
kasebut !

5.Tulisen maneh crita Mahabatara (Bima Bungkus) kanthi
ringkes gunakake basamu dhewe !

Refleksi

1. Apa wae sing kok mangerteni saka materi wayang
kasebut ?

2. Apa wae sing kok mangerteni saka unsur sajrone crita
wayang ?

3. Kepriye anggomu jupuk pesen moral sing saka
kesenian wayang iki ?

Ringkesan

Wayang yaiku seni tradisional kang asale saka Indonesia sing
ngrembaka ana tlathah Jawa nganti Bali. Unsur-unsur sajrone
carita wayang ana loro yaiku unsur intrinsik (tema, praga,
pamaragan, alur, latar, sudhut pandhang, amanat) lan unsur
ekstrinsik. Crita Mahabharata (Bima Bungkus) nyritakake ngenani
putrane Pandu lan Dewi Kunti kang duwe anak nomer loro kang
laire wujude bungkus. Saking rosane bungkus kasebut para
Kurawa ora bisa mecah. Banjur bungkus bayi kasebut diguwak
menyang alas Krendawahana. Ing salah sawijine dina Batara Guru
nyeluk Gajahsena putrane kang sejatine manungsa supaya bisa
mecah bungkus kasebut. Bungkus kasebut bisa kabukak ning
Gajahsena sirna. Salah sawijine dina Si Bungkus takon Sang
Kabayandewa ngenani sejatine dheweke sapa. Unsur crita wayang
yaiku ana unsur Intrinsik tema, alur, latar, penokohan, sudut
pandang lan amanat. Banjur ana unsur ekstrinsik yaiku latar
belakang, kahanane pengarang, lan kahanan masyarakat.

Uji Kompetensi Wulangan I

A. Pilihen wangsulan sing bener !
1. Miturut sejarahe, wayang kang asale saka negara manca iku,
dianggit luwih ngrembaka lumantar kaprigelan lan kawicaksanane....
a. para Wali kang nyebarake kabudayan lan agama
b. para orientalis walanda wiwit abad 19 lan abad 20
c. para sarjana kesenian lan kabudayan kang kreatif
d. para sutrsna kabudayan Jawa kareben lestari
e. para Dhalang minangka sarana golek pangupa jiwa

2. Wayang sing digawe asale saka kayu kang awujud telu dimensi
yaiku....
a. wayang purwa
b. wayang golek
c. wayang wong
d. wayang kulit
e. wayang klitik

3. Sajrone wayang kulit bahan utama sapa gawene yaiku saka kulit.
Banjur kulit apa sing di gawe....
a. sapi lan wedhus
b. pithik lan kebo
c. kebo lan sapi
d. wedhus lan kebo
e. babi lan macan

4. Crita wayang sing ana neng Indonesia bisa disebut....
a. wayang Jawa
b. wayang Cina
c. wayang Mahabarata
d. wayang India
e. wayang Ramayana

5. Wong sing ana sajrone crita wayang miturut unsur crita yaiku....
a. paraga
b. pamaragan.
c. wayang
d. bima
e. alur

6. Lumakune crita sing yritakake kedadeyan jaman biyen di arani....
a. alur maju
b. alur mundhur
c. alur campuran
d. konflik
e. latar

7. Pamargan yaiku....
a. karaktere paraga
b. sing dadi paraga
c. isi sajrone crita
d. panggonane crita
e. jenise paraga

8. Sapa paraga utama kang ana sajrone wacanan ing dhuwur....
a. Arjuna
b. Bima
c. Pandudewanata
d. Dewi Kunti
e. Gajah Sena

9. Putrane sapa BIma....
a. Dasamuka
b. Dewi Arimbi
c. Puntadewa
d. Pandudewanata
e. Dursasana

10. Sapa sing bisa bukak bungsuk bayi kasebut....
a. Kurawa
b. Pandu
c. Gajah Sena
d. Resi
e. Dewi Umayi

B. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi beer !
1.Apa sing diarani wayang ?
2.Ana pira jenise wayang, banjur jelasna ?
3.Sebutna unsur kang ana sajrone crita !
4.Analisisen crita "Bima Bungkus" gunakake unsur ekstrinsik !
5. Amanat apa kang ana crita "Bima Bugkus" ?

Dhaptar Pustaka

Hadi, Samsul, dkk. 2015. Kirtya Basa. Jawa Timur : Dinas Pendidikan
Provinsi Jawa Timur.

https://www.mindmeister.com/2033320436/unsur-unsur-cerita-wayang
https://www.kompas.tv/article/233009/mengenal-jenis-jenis-wayang-

berdasarkan-bahan-pembuatannya
P. Ardhi, Yogyasmara. 2010. Wayang Kulit sebagai Media Dakwah.

Jakarta:UIN Syarif Hidayatullah Jakarta.
Suparno, Darsia. 2015. Film Indonesia "Do'a untuk Ayah" Tinjaua Unsur

Intrinsik dan Ektrinsik. Jakarta : UIN Syarif Hidayatullah


Click to View FlipBook Version