The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by wahyuharyansyah95, 2022-09-23 07:25:30

BAHAN AJAR UNGGAH-UNGGUH BASA

BAHAN AJAR UNGGAH-UNGGUH BASA

BAHAN AJAR BASA JAWI

MATERI PACELATHON
UNGGAH-UNGGUH BASA

Dening: Wahyu Haryansyah, S.Pd.

SMP Negeri 42 Semarang
Jl. Klipang Raya, Sendangmulyo,

Tembalang, Semarang

BAHAN AJAR

m

Mengidentifikasi tokoh
dalam dialog
Menjelaskan unggah-
ungguh basa dalam
dialog

Menulis teks dialog
sederhana dengan unggah-
ungguh basa
Mempraktikan dialog
dengan unggah-ungguh
basa

BAHAN AJAR BASA JAWI
PACELATHON

Kompetensi Dasar
3.4 Memahami isi teks dialog yang berisi pesan
4.4 Menyampaikan pesan secara lisan
Indikator Pencapaian Kompetensi:
3.4.1. Mengidentifikasi tokoh dalam dialog (C1)
3.4.2. Menjelaskan unggah-ungguh basa yang digunakan dalam dialog (C2)
4.4.1 Menulis teks dialog sederhanadengan unggah-ungguh basa Jawa.(P3)
4.4.2 Mempraktikan teks dialog yang berisi pesan (P3).

Omong-omongan utawa guneman nganggo basa Jawa kuwi kudu nggatekna sapa sing
dijak ngomong lan basa sing dienggo. Anggone nggunakake basa bakal pas kedadeyane
nalika omong-omongan, nanging yen kleru, mesthi bakal dadi bab sing gawe ora
kepenak ing ati. Mula yen guneman kudu nggatekake tumrap unggah-ungguhbasa kang
trep.

Pangertene Pacelathon
Pacelathon yaiku omong-omongan antarane wong loro
utawa luwih kang duweni ancas tartamtu. Pacelathon
iku uga kalebu kasusastran Jawa. Pacelathon iku asale
saka tembung lingga, yaiku celathu. Celathu duwe
teges omongan utawa guneman.

Wujude unggah-ungguh basa Jawa kaperang dadi papat, yaiku ngoko lugu, ngoko alus,
krama, lan krama alus.

1) Basa ngoko lugu
Basa ngoko lugu, yaiku basa kang digunakake tanpa oleh kecampuran tembung krama. Tembung-tembung
kang ndhapuk ukara kabeh tembung ngoko.
Basa ngoko lugu digunakake kanggo guneman karo wong sing wis padha rakete, kayata:
a) Kanca padha kanca
b) Wong tua marang anak
c) Guru marang muride
d) Bapak/ibu (tuan) marang rewang (abdine)
Rumuse ragam basa ngoko lugu: ngoko+ afiks (imbuhan+akhiran) ngoko Tuladhane:
a) Dita tuku gula.
b) Aku kepengin mangan bakso.

2) Basa Ngoko alus
Basa ngoko alus, yaiku ragam basa Jawa kang tembung-tembunge dumadi saka tembung ngoko lan
kecampuran krama inggil kanggo ngajeni sing diajak guneman. Basa ngoko alus iki biasane dienggo marang
wong sing raket, nanging esih ngajeni, yaiku:
a) Adhik marang kakange.
b) Kanca sing suwe ora tau ketemu/urung akrab.
c) Guru marang kepala sekolah sing sepantaran.

Rumuse ragam basa ngoko lugu: tembung ngoko +krama inggil + krama andhap +afiks (awalan +
imbuhan)ngoko.
Konsep gawe basa ragam ngoko alus, yaiku:
a) Tembung ngoko sing arep dienggo ngurmati wong liya diganti dadi krama inggil,
yen ora ana tetep nganggo tembung ngoko.
b) Tembung ngoko sing kanggo awak dhewe senadjan ana tembung krama inggile ora kena diganti karo
krama inggil tetep nganggo tembung ngoko.
c) Ukarane kadhapuk saka tembung ngoko + krama inggil + krama andhap
+ afiks (awalan + imbuhan) ngoko.
d) Afiks (awalan, akhiran) tetep ngoko, kejaba ater-ater kok lan panambang –mu,
diganti dadi panjenengan.
e) Padatane basa ngoko alus iku digunakake kanggo gunem karo wong sing wis akrab nanging esih tetep
kepengin ngurmati.

Tuladhane:
a) Aja padha brisik, Bapakku lagi sare!
b) Budhe engko arep kondur karo sapa?

3) Basa krama lugu
Basa krama, yaiku ragam basa Jawa kang kabeh tembunge sing dienggo iku nganggo tembung krama.
Rumuse: tembung krama + afiks (awalan, akhiran) krama.
Krama lugu digunakake kanggo:
a) Wong sing nembe kenal
b) Dhokter menyang pasien
c) Pedagang menyang pembeli
Tuladha:
a) Samenika kula taksih wonten ing kantor.
b) Sampeyan badhe tindak pundi?

4) Basa Krama alus
Basa krama alus, yaiku ragam basa kang tembung-tembunge krama kacampuran krama inggil tumrape
wong kaloro lan wong katelu.
Rumuse: temnbung krama+krama inggil (wong kaloro/katelu)+afiks krama. Krama alus digunakake kanggo:

1. Dienggo dening anak marang wong tuwane
2. Dening murid marang gurune
3. Dening wong enom marang wong tuwa
4. Dening batur marang bendarane
5. Dening wong kang lagi tetepungan anyar
6. Dienggo dening andhahan marang pimpinane
Tuladha:
a) Bapak tindak dhateng Surabaya nitih kreta kalawingi sonten.
b) Wau enjang Ibu mundhut sayuran wonten peken.

Paugeran kanggo nulis pacelathon iku kaya ing ngisor iki.

Cara nulis pacelathon
a. Wujude guneman
b. Jeneng paraga ditulis
c. Gunakake tandha wacan titik loro (:) sawise jeneng paraga
d. Guneman ditulis ing jeri tandha kutip (“….”)
e. Katrangan panggonan, wektu lan swasana ditulis ing jero tandha kurung ( )

Ancer-ancer pacelathon
Anggone nyemak pacelathon, kudu nggatekake bab-bab kang wigati kaya
ing ngisor iki.
a) Catheten bab-bab kang wigati, yaiku topik kang diomongake, sapa kang
celathu, lan papan dumadine pacelathon.
b) Nulis isine pacelathon, yaiku owahana saben bab kang wigati saka
pacelathon mau dadi ukara banjur ukara-ukara iku disusun kanthi urut.

Ing pasinaon bab iki, nalika para siswa wis gladhi nulis teks
pacelathon, pramila para siswa kudu gladhi ngandharake teks
pacelathon. Perkara kang kudu digatekake nalika ngandharake teks

solah bawa kang ora digawe- gawe.

Sawijing dina, rifky ketemu karo Dina ana ing taman, banjur dheweke takon bab gladhen
macapatan.
Rifky : “Din, sesuk sore ana gladhen macapatan apa ya?” Dina
: “Iya, sesuk pancen ana jadwal macapatan.Kepriye Rif?” Rifky
: “Yen aku ijin ra mangkat entuk apa ora ya kira-kira?” Dina :
“Lha kena ngapa kok arep ijin ra mangkat?”
Rifky : “Sesuk aku arep menyang Rumah Sakit, ngancani Ibuku.”
Dina : “Ibumu gerah apa Rif?”
Rifky : “Kena DB Din, saiki mbakyuku sing nunggu ana ing Rumah Sakit, lha sesuk gantian aku sing
nunggoni merga mbakyuku ana jadwal kuliah sore.”
Dina : “Yen ngono iku, sesuk awakmu ijin marang Bu Guru wae mesthi ya mangerteni kahananmu
Rif.”
Rifky : “Oh iya ya, ya wis sesuk neng sekolahan aku arep ijin marang Bu Guru. Matur nuwun ya
Din, wis menehi solusi.”
Dina : “Iya Rif, padha-padha”
(Ing dina sesuke bocah-bocah pada mangkat menyang sekolahan lan ana jadwal pelajaran
Basa Jawa kang diasta dening Bu guru Dian, bareng rampung anggone diterangke materi bab
geguritanbanjur Rifky matur marang Bu Dian yen dheweke arep ijin ora melu gladhen
Macapatan ing wayah sore)
Rifky : “Nuwun sewu Bu Dian, kepareng matur Ibu”
Bu Dian : “Nggih mangga mas Rifky”
Rifky : “Nyuwun pangapunten , bilih mangke sonten kula boten saged tumut gladhen macapatan
Ibu”
Bu Dian : “Kenangapa Mas Rifky kok kadingaren ora melu gladhen macapatan?”
Rifky : “Mangke sonten badhe kesah wonten RS Ibu, amargi Ibu kula saweg gerah”
Bu Dian : “Ya wis mengko sore ijin dhisik ora apa –apa mas, mugia Ibune Mas Rifky enggal
dhangan nggih”
Rifky : “Nggih Ibu, matur nuwun sanget”
(Sawise bel bali sekolah, Rifky banjur langsung menyang RS dene kanca kancane pada neng
sekolah sinambi ngaso sinambi nunggu jadwal macapatan”

Subrata, H. PENGEMBANGAN MEDIA INTERAKTIF BERBASIS ARTICULATE STORYLINE 3 PADA PEMBELAJARAN
BAHASA JAWA MATERI UNGGAH-UNGGUH BASA KELAS IV MI DARUNNAJAH.

Sumarlam, Ersyani. 2015. Widya Adi Basa Jawi 2 kangge Kelas VIII SMP/SMPLB/MTs. Solo: PT Tiga Serangkai
Pustaka Mandiri.

https://www.sastra.org/leksikon

https://anggraenisme.wordpress.com/2014/09/25/uubj-_-unggah-ungguh-basa-jawa/


Click to View FlipBook Version