The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by wahyuharyansyah95, 2023-03-01 20:37:09

4. BAHAN AJAR CRITA PENGALAMAN PRIBADI

4. BAHAN AJAR CRITA PENGALAMAN PRIBADI

Crita pengalaman SMP/MTS/SEDERAJAT Bahasa Jawa Kurikulum Merdeka Dening : Wahyu Haryansyah, S.Pd


A. Capaian Pembelajaran Peserta didik mampu menyampaikan tulisan berdasarkan fakta, pengalaman, dan imajinasi secara indah dan menarik dalam bentuk gancaran (prosa) dan geguritan (puisi jawa) dengan penggunaan kosa kata secara kreatif. B. Indikator Ketercapaian Pembelajaran 1. Setelah menyimak materi cerita pengalaman melalui power point, membaca teks pengalaman dan videonya pengalaman(C), peserta didik(A) menganalisis isi cerita pengalaman struktur dan isi cerita pengalaman(B) dengan benar(D) secara mandiri. (C4) 2. Setelah mencermati contoh teks cerita pengalaman baik di buku maupun video(C), peserta didik(A) dapat membuat kerangka teks pengalaman pribadi(B) dengan benar(D) dan bertanggungjawab. (C5) 3. Setelah menyusun kerangka teks pengalaman pribadi(C), peserta didik(A) dapat menulis atau mengembangkang kerangka tersebut menjadi cerita yang utuh(B) dengan benar(D) dan kreatif.(P5) (B) dengan tepat(D) dan bernalar kritis.(P5) C. Profil Pelajar Pancasila Profil Pelajar Pancasila yang diharapkan dalam pembelajaran ini adalah 1. Beriman, bertakwa kepadaTuhan YME, dan berakhlak mulia 2. Bernalar kritis 3. Gotong royong 4. Kreatif 5. Mandiri Ayooo Sinauu!!!


D. Ancas Pasinaon 1. Peserta didik dapat menganalisis isi teks pengalaman pribadi. 2. Peserta didik dapat menyusun kerangka teks cerita pengalaman. 3. Peserta didik dapat mengembangkan kerangka teks cerita pengalaman menjadi teks pengalaman yang utuh. Sadurunge mlebu ing materi pasinaon, luwih becik para siswa mangerti pandom pasinaon iki. Ing ngisor iki babbab kang kudu digatekake : 1. Para siswa maca pandom pasinaon ing materi iki. Upamane arupa kompetensi dasar, indikator pencapaian kompetensi, lan ancas pasinaon 2. Menawa anggone sinau ana kang ora dimangerti bisa nyuwun pirsa marang guru 3. Para siswa bisa gladhen soal ing bagean gladhen. KKM yaiku 75 4. Menawa bijine isih kurang saka KKM, coba gladhen maneh materi iki E. Pandom Pasinaon


Pengalaman iku maneka warna. Pengalaman bisa dibedaake ana loro, yaiku empirik lan khayalan. Empirik iku tegese pancen nyata kedadeyan lan dialami dening sawijining paraga, dene khayalan iku tegese pengalaman utawa kedadeyan kang ana sejatine pengentha utawa pangangen dadi ora mesthi ana ing kasunyatan. Crita pengalaman iku ana sing nyenengake, nggawe trenyuh utawa nuwuhake rasa nggegirisi lan trauma. Pengalaman iku uga bisa mujudake pengalaman kang sipate “kajiwan”, yaiku pengalaman kang ana saka rasa pangrasaning batin (empati, melu ngrasaake apa kang dialami wong liya), umpamane merga weruh sawijining prastawa, maca wacan, lsp. Kabeh wong mesthi nduweni pengalaman, padha karone karo awake dhewe kabeh ta? Nah, ing pasinaon iki awake dhewe bakal ngrembug utawa nyritakake pengalaman kang nyenengake. Pengalaman sing nyenengake iku mesthine ya akeh banget, ta? Lumantar pasinaon iki, ayo bareng-bareng ngrembug pengalaman sing nyenegake! Materi Ajar


Pokok-pokok crita iku padha karo underane crita. Dene underane crita iku kurang luwih ngemu pitakonan : sapa, apa/ngapa, kapan, ana ing endi lan kepriye. 1. Sapa Pitakonan sapa, wangsulane nudhuhake paraga (sapa bae) kang ana ing crita 2. Apa/ngapa Pitakonan apa/ngapa, wangsulane nggambarake apa kadadeyan utawa apa kang ditindhakake dening paraga. 3. Kapan Pitakonan kapan, wangsulane nudhuhake wektu dumadine/kadadeyan crita 4. Ana ing endi Pitakonan ana ing endi, wangsulane nudhuhake papan/panggonan dumadining crita 5. Kepriye Pitakonan kepriye wangsulane nyritakake kepriye kedadeyan crita. Nulis Pokok-Pokok Isi Crita Pengalaman


Sawise mangerteni pokok-pokok crita pengalaman, saiki bisa luwih ngerti ngenani crita pengalaman. Mula, coba latian nulis crita pengalaman kang prenah dialami. Nulis crita pengalaman iku ana langkahe, kayata : 1. Nulis Cengkorongan/Kerangka Crita Pengalaman Cengkorongan utawa kerangka karangan iku kurang luwih padha karo perangan-perangane crita kang bisa dianggo pancadan crita utawa nulis crita. 2.Ngrembakaake Cengkorongan/Kerangka Karangan Dadi Karangan Wutuh Sawise nulis cengkorongan/kerangka, banjur bisa ditulis utawa ngrembakaake dadi karangan kang wutuh. 3.Nulis Crita Pengalaman Sarampunge nulis cengkorongan lan nulis crita kang wutuh iku bisa kari ngedhit kayata mbenerake tulisan, ejaan lan ukara-ukara kang kurang trep. Nulis Teks Crita Pengalaman


Sawise maca teks pengalaman, wangsulana pitakonpitakon kang jumbuh karo isi crita pengalaman kasebut bareng kelompokmu! Sawise mangerteni materi ngenani crita pengalaman, ayo saiki nulisa crita pengalamanmu dhewe! Sawise maca materi ing dhuwur, apa kang durung dimangerteni? Ayo materi kang durung dimangerteni bisa ditakonake marang guru. Saiki apa wae Langkah-langkah kanggo nulis crita pengalaman? Gladhen Penilaian


Pengalaman iku maneka warna. Pengalaman bisa dibedaake ana loro, yaiku empirik lan khayalan. Crita pengalaman iku ana sing nyenengake, nggawe trenyuh utawa nuwuhake rasa nggegirisi lan trauma. Nulis Pokok- pokok crita iku padha karo underane crita. Dene underane crita iku kurang luwih ngemu pitakonan sapa, apa/ngapa, kapan, ana ing endi lan kepriye. Kanggo nulis crita pengalaman iku ana langkahe, kayata nulis cengkorongan/kerangka crita pengalaman, ngrembakaake cengkorongan/kerangka karangan dadi karangan wutuh, lan nulis crita pengalaman. Putri, Rulita Damameita, Slamet Mulyanto. 2015. Piwulang Basa kanggo SMP/MTs kelas VII. Solo : Mediatama Rangkuman


Click to View FlipBook Version