Bahan Ajar Wacana Narasi Bahasa Jawa Kelas VII Kurmer Dening : Wahyu Haryansyah, S.Pd., Gr.
Capaian Pembelajaran Peserta didik memahami informasi berupa gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau pesan dari berbagai jenis teks (deskripsi/narasi/eksposisi/argumentasi/dan lainnya) pada konteks sosial budaya. Tujuan Pembelajaran 2. Peserta didik dapat mengidentifikasi struktur dan kaidah teks narasi peristiwa budaya. 3. Peserta didik dapat menemukan pokok isi dalam teks narasi peristiwa budaya. 4. Peserta didik dapat menyusun kerangka teks narasi peristiwa budaya. 5. Peserta didik dapat menulis teks narasi peristiwa budaya. Indikator Ketercapaian Pembelajaran 1. Setelah membaca contoh teks narasi tentang peristiwa budaya(C), Peserta didik(A) dapat mengidentifikasi struktur dan kaidah teks narasi peristiwa budaya(B) dengan benar (D) dan gotong royong(PPK). 2. Setelah melalui proses diskusi(C), Peserta didik (A) dapat menemukan pokok isi teks narasi tentang peristiwa budaya(B) dengan benar (D) dan berfikir kritis (PPK). (C4) 3. Setelah mengetahui struktur dan kaidah penulisan teks narasi (C), Peserta didik (A) dapat menyusun kerangka teks narasi tentang peristiwa budaya(B) dengan tepat(D) dan bergotong royong (PPK). (C5) 4. Setelah melalui kegiatan penyusunan kerangka teks narasi tentang peristiwa budaya(C), Peserta didik(A) mampu menulis teks narasi tentang peristiwa budaya menggunakan bahasa sendiri sesuai kaidah penulisan (B) dengan benar (D) dan kreatif (PPK). C5
No Titikane Teks Narasi 1 Nduweni unsur pokok 3 yaiku paraga (tokoh), wektu, prastawa 2 Asifat fiksi lan non fiksi 3 Nyritakake babagan kisah, prastawa, lan kedadeyan 4 Menehi informasi Pangertosan Narasi Teks narasi yaiku karangan kang nyritakake lelakon utawa kedadeyan manut urutan wektu (kronologi : runtut saka wiwitan nganti pungkasan. Pangertosan Narasi 1. Nduweni unsur pokok 3 yaiku paraga (tokoh), wektu, prastawa 2. Asifat fiksi lan non fiksi 3. Nyritakake babagan kisah, prastawa, lan kedadeyan 4. Menehi informasi Pangertosan Narasi 1. Narasi Ekspositoris : ngandharake sawijining prastawa utawa kedadeyan. Narasi ekspositoris kaperang dadi loro, yaiku : umum (narasi babagan pengalaman menyang papan wisata, pengalaman nonton Grebeg Syawal, lsp. Dene sing khusus (narasi babagan pengalaman kang ora kabeh wong nindakake (numpak sepur ing manca). 2. Narasi Sugestif : nyritakake surasa (makna) lumantar pangangen-angen (imajinasi), mentingke piwulange lan basane entar/ora wantah (konotasi). Tuladhane: crita roman, novel, cerkak, drama. Nyerat Isi Teks Narasi
1. Nyawisake piranti kanggo nulis kanggo nyatet bab kang wigati 2. Maca kanthi tlesih lan nggatekake tembung kang karacik 3. Maca karangan kanthi nggatekake maneka tandha waca 4. Maca kanthi urut saka paragraph wiwitan nganti pungkasan 5. Nyatet gagasan pokok saben-saben paragrap Nyerat Isi Teks Narasi 1. Nemtokake tema lan amanat 2. Ngrantam kedadeyan-kedadeyan pokok kang arep diandharake wujud skema alur 3. Kedadeyan pokok mau dipantha (bagi) 3 : wiwitan, tengah, lan pungkasan 4. Nata/mapanake paraga, watak, latar, lan sudut pandang 5. Ngetrepake aturan tanda baca ing ukara-ukara mau Tuladha Teks Narasi Ekspositoris Rebutan Gunungan ing Acara Grebeg Sawal (1) Kraton Surakarta ajeg nggelar acara grebeg saben taun, yaiku Grebeg Sura, Grebeg Sawal, utawa Grebeg Mulud. Para warga tansah ngantu-antu acara
Rebutan Gunungan ing Acara Grebeg Sawal (1) Kraton Surakarta ajeg nggelar acara grebeg saben taun, yaiku Grebeg Sura, Grebeg Sawal, utawa Grebeg Mulud. Para warga tansah ngantu-antu acara Tuladha Teks Narasi Sugestif
Gagak sing Umuk Sumber: Nyawang patrape Gagak kang tansah umuk mau njalari kewan-kewan liyane padha kresah-kresuh dhewe. Kabeh rumangsa kaget nyipati Gagak kang saiki nduweni patrap kaya ngono. Amrih ora kelantur-lantur anggone umuk kewan liyane banjur nyoba ngelingake. “Kewan ana alas kene kabeh wis padha mangerteni yen kowe pancen nduweni kekuwatan sing ora ana tandhingane, nanging ora perlu dipamerake kaya ngono,” kandhane Pitik Alas marang Gagak, alon. “Sapa sing ora ngerti kowe, Gagak. Kaluwihanmu pancen ngedab-edabi,“ semaure Kethek. “Wis ta, ora susah mbokpamerake. Kabeh wis ngerti yen kowe pancen kuwat lan linuwih,” Kancil ngimbuhi rembug. “Ngomonga sakarepmu. Kowe kabeh bisa ngomong kaya ngono padune padha meri lan ora bisa nandhingi kaluwihanku,” kandhane Gagak kaprungu sora sajak ora gelem nampa rembug saka kewan-kewan liyane. Krungu swarane Gagak kaya ngono, kewan-kewan liyane banjur padha meneng. Mung pandeng-pandengan dhewe. “Ayo, sapa sing wani nglawan aku?” kandhane Gagak maneh. Kewan kabeh banjur padha ora ana sing celathu maneh. Swasana dadi sepi. Ing sela-selane kewan-kewan padha ngandhani Gagak murih ora umuk, dumadakan ana sawijining manuk Elang kang teka, mencok ora adoh saka papan dununge Gagak. Sauntara Elang mung meneng bae ngrungokake apa kang dadi rembugane kewankewan iku. Orientasi Mangerteni Gagak kang ora gelem dikandhani lan umuke saya ndadi, Elang banjur mabur nyedhaki. “Apa kowe bener-bener nduweni kekuwatan lan keluwihan kaya sing mbokkandhakake kuwi, Gagak?” pitakone Elang sabanjure. “Mesthi bae bener, aku kewan kang paling kuwat ing kene. Ora ana sing bisa nandhingi aku. Kabeh kewan ing kene padha ngakoni,” wangsulane Gagak. Elang meneng sedhela. “Yen kowe bener-bener nduwe kekuwatan lan kaluwihan kaya sing mbokkandhakake kuwi, apa kowe gelem tandhing karo aku?” kandhane sabanjure. “Apa sing dakwedeni,” wangsulane Gagak keprungu entheng. “Yen ngono, kowe saiki ngetutake aku. Yen kowe bisa nglakoni kaya sing daklakoni ateges kowe pancen duwe kekuwatan kaya sing mbokkandhakake,” kandhane Elang banjur mabur ninggalake Gagak. Gagak sing rumangsa ditantang lan ora gelem kalah, banjur enggal nututi abure Elang. Kamangka apa sejatine sing dikarepake Elang durung dimangerteni Gagak. Sawise sauntara wektu anggone mabur, pungkasane Elang lan Gagak tekan ing sawijine ara-ara amba. Ing kana ana salah sawijining bocah pangon sing lagi angon wedhuswedhuse. Dumadakan Elang banjur nyaut salah sawijining cempe lan digawa mabur. Nyawang kahanan kaya ngono njalari bocah pangon kaged ora bisa tumindak apa-apa. “Aku wis entuk cempe siji, saiki giliranmu, Gagak,” kandhane Elang karo cakare nyengkerem cempe digawa mabur. Krungu tembunge Elang sing kaya ngono njalari atine Gagak sakala dadi panas. “Yen Elang bisa geneya aku ora bisa? Aku rak luwih kuwat tinimbang dheweke,” batine Gagak karo ngempet kanepson. Ora gantalan wektu Gagak banjur mudhun lan kanthi cepet nyamber salah sawijining cempe. Emane sawise kuku-kukune wis nyengkerem ing awake cempe lan digawa mabur nanging tetep ora bisa. Dicoba bola-bali tetep ora bisa. Nyawang kahanan kaya ngono Gagak lagi rumangsa yen kalah kuwat karo Elang. Amarga ora bisa nggawa mabur cempe, Gagak nyoba ngeculake cengkeremane. Nanging upayane tetep ora bisa, amarga kuku-kukune mbulet ing wulune cempe. Sauntara bocah pangon sing kawit mau nyawang kedadeyan kuwi banjur nyedhaki cempene sing lagi dicengkerem dening Gagak. Tanpa mikir dawa bocah pangon banjur nyekel Gagak mau lan digawa mulih, dilebokake kurungan lan diwenehake adhine. Gagak sing saiki ana ing njero kurungan lan ora bisa mabur bebas menyang endi-endi maneh, bisane mung nggetuni apa sing wis dilakoni. Dheweke lagi ngrumangsani, pranyata kekuwatan lan kaluwihan isih ana sing ngungkuli. Kabesut saperlune saka Swaratama edisi 04 Mei-Agustus 2016 Kapustakan Tukijo, dkk. 2022. Mardika Basa lan Sastra Jawa. Jakarta: Penerbit