The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by C.10. Nur Endah, 2021-06-04 21:02:18

SOAL PAT B.JAWA KELAS 5

SOAL PAT B.JAWA KELAS 5

PEMERINTAH KOTA MAGELANG
DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN
SEKOLAH DASAR NEGERI JURANGOMBO 2
Jalan Sunan Gunung Jati III/40 Telpon (0293) 360113 Magelang

PENILAIAN AKHIR TAHUN
TAHUN PELAJARAN 2020/2021

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas : V (Lima)
Hari/Tanggal : Sabtu, 5 Juni 2021

KD 3.1 Memahami tembang Pangkur.

I. WENEHANA TANDHA PING ( X ) AKSARA A, B, C, UTAWA D, SANGAREPE
PRATELAN KANG BENER!

Teks kanggo nomer 1 – 3!

Sekar Pangkur

Laras Pelog Pt. 6

Sekar pangkur kang winarna

Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip

Ala lan becik puniku

Prayoga kawruh ana

Adat waton puniku dipun kadulu

Miwah ingkang tata krama

Den kaesthi siyang ratri

1. Tegese tembung sekar yaiku . . . .
A. kembang
B. mundur
C. werna-werna
D. mekar

2. Guru lagu larik kapisan tembang ing ndhuwur yaiku . . . .
A. 8i
B. 8e
C. 8a
D. 8u

3. Gatrane tembang ing ndhuwur iku cacah ana . . . .
A. 8
B. 7
C. 6

D. 5

II. ISENANA CECEG-CECEG ING NGISOR IKI KANTHI BENER!
4. Pangkur, Gambuh, lan Pocung kalebu tembang . . . .

5. Cacahing wanda / suku kata saben sagatra diarani . . . .

III. WANGSULANA PITAKON-PITAKON ING NGISOR IKI!
6. Wacanen, banjur tulisen guru lagu lan guru wilangan tembang ing ngisor iki!
Mingkar mingkuring angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartine ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah Jawa
Agama ageming aji

KD 3.2 Memahami cerita legenda.

I. WENEHANA TANDHA PING ( X ) AKSARA A, B, C, UTAWA D, SANGAREPE

PRATELAN KANG BENER!
Wacanen crita ing ngisor iki kanggo nggarap soal nomer 7 – 8!

Panguwasa Demak asmane Pangeran Made Pandan kagungan putra arane Pangeran

Pandan Arang. Nalika mbukak alas kanggo nenandur lan pomahan Sang Prabu seda,
sadurunge ninggal weling supaya putrane ora ninggalake papan kasebut, amarga mbesuk

bakal dadi papan kang reja. Papan mau dadi papan kang subur lemahe, ijo royo-royo,
nanging anehe tanduran arupa wit asem kang ditandur thukule dadi arang-arang, kamangka

lemahe subur. Mula kanggo pangeling-eling, papan kono banjur katelah SEMARANG saka

tembung asem kanga rang-arang.
7. Paragane crita Dumadine Kutha Semarang yaiku . . . .

A. Raden Patah
B. Raden Pandan Arang
C. Raden Banterang
D. Raden Inukertapati
8. Jeneng “Semarang” kajupuk saka kedadeyan aneh, yaiku . . . .
A. wit asem sing ngrembuyung
B. wit asem sing thukul cedhak-cedhak
C. wit asem sing ora gelem thukul
D. wit asem sing thukul arang-arang
9. Crita rakyat iki klebu legenda, kejaba . . . .
A. Dumadine Kutha Salatiga
B. Crita Ajisaka
C. Asal-usule Kutha Wonogiri
D. Crita Dewi Lanjar

II. ISENANA CECEG-CECEG ING NGISOR IKI KANTHI BENER!
10. Tokoh sajrone crita legendha uga diarani . . . .
11. Crita bab asal-usule kutha Boyolali kalebu jinise crita . . . .

III. WANGSULANA PITAKON-PITAKON ING NGISOR IKI!
12. Sebutna cacah telu (3) judul sing kalebu crita legendha!

KD 3.3 Memahami teks cerita wayang “Srikandhi Madeg Senapati”.

I. WENEHANA TANDHA PING ( X ) AKSARA A, B, C, UTAWA D, SANGAREPE
PRATELAN KANG BENER!
Wacanen crita ing ngisor iki kanggo nggarap soal nomer 13 – 15!
Dewi Srikandhi iku putrine Prabu Drupada ratu ing Pancalaradya. Duwe sedulur loro yaiku
Dewi Drupadi lan Drestajumna. Dewi Srikandhi iku garwane Raden Arjuna. Srikandhi
dadi senapati wanita kang peng-pengan lan pinter manah. Srikandhi maguru manah
marang Raden Arjuna.
Nalika perang Baratayuda, Srikandhi diutus Prabu Kresna dadi senapati perang Pandhawa
lumawan senapati tangguh saka Ngastina yaiku Resi Bisma. Srikandhi bias ngalahake Resi
Bisma jalaran diangslupi sukmane Dewi Amba. Srikandhi bias ngalahake Bisma nganggo
pusaka panah Pasopati kagungane Raden Arjuna.
13. Srikandhi iku putrine Prabu Drupada ratu ing . . . .
A. Pancawati
B. Pancalaradya
C. Wiratha
D. Amarta
14. Dewi Srikandhi iku prajurit wanita kang trampil manah. Kerampilane manah iku
maguru marang . . . .
A. Resi Durna
B. Resi Bisma
C. Arjuna
D. Adipati Karna
15. Prabu Kresna banjur netepake . . . kang madeg senapati lumawan Resi Bisma.
A. Dewi Amba
B. Dewi Srikandhi
C. Dewi Sembadra
D. Dewi Drupadi

II. ISENANA CECEG-CECEG ING NGISOR IKI KANTHI BENER!
16. Srikandhi iku garwane . . . .
17. Werkudara iku kalebu kulawarga . . . .

III. WANGSULANA PITAKON-PITAKON ING NGISOR IKI!
18. Garwane Srikandhi iseh mlebu keluargane Pandhawa. Sapa wae sing kalebu
Pandhawa? Sebutna!

KD 3.4 Memahami pasangan huruf Jawa (20 pasangan)

I. WENEHANA TANDHA PING ( X ) AKSARA A, B, C, UTAWA D, SANGAREPE
PRATELAN KANG BENER!
19. Wujud pasangan aksara sa yaiku . . . .

A.

B.

C.

D.

20. Sasmita mangan tahu, yen ditulis aksara jawa dadine . . . .
A.
B.
C.
D.

21.
Tulisan jawa iku munine . . . .
A. Pak Waluya nitih rata
B. Pak Waluya nitih kreta
C. Pak Waluya nitih motor
D. Pak Waluya nitih kuda

II. ISENANA CECEG-CECEG ING NGISOR IKI KANTHI BENER!
22. tulisan aksara jawa iku munine . . . .
23. Mangan waluh, iku yen ditulis nganggo aksara jawa dadine . . . .

III. WANGSULANA PITAKON-PITAKON ING NGISOR IKI!
24. Tulisen nganggo aksara latin!
a. c.
b.


Click to View FlipBook Version