MATERI PEMBELAJARAN BAHASA JAWA KLAS IX SEMESTER GASAL
TEMA : CERITA RAMAYANA ( ANOMAN DHUTA )
A. KOMPETENSI INTI
1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya.
2. Menunjukkan perilaku jujur, disiplin, tanggungjawab, peduli (toleransi, gotong
royong), santun, dan percaya diri dalam berinteraksi secara efektif dengan
lingkungan sosial dan alam dalam jangkauan pergaulandan keberadaannya
3. Memahami pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa
ingintahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait fenomena
dan kejadian tampak mata.
4. Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai,
merangkai, memodifikasi, danmembuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca,
menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah
dan sumber lain yang sama dalam sudut pandang/teori.
B. KOMPETENSI DASAR DAN INDIKATOR PENCAPAIAN KOMPETENSI
Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian
3.1 Memahami isi teks narasi tentang
3.1.1 Menjelaskan makna kata/istilah pada teks
peristiwa atau kejadian. cerita Ramayana (Anoman Duta).
3.1.2 Menjawab pertanyaan isi
pada teks cerita Ramayana (Anoman
Duta).
3.1.3 Menyusun pernyataan berdasarkan isi teks
cerita Ramayana (Anoman Duta).
4.1 Meringkas isi teks narasi tentang 4.1.1 Menentukan unsur intrinsik cerita
peristiwa atau kejadian dengan Ramayana (Anoman Duta).
ragam krama.
4.1.2 Menimbang unsur intrinsik cerita
Ramayana (Anoman Duta) sesuai dengan
pernyataan yang terdapat pada cerita.
* Nilai/Fokus Karakter: religius, jujur, tanggungjawab, santun
C. TUJUAN PEMBELAJARAN
Pertemuan Pertama
Setelah mengikuti pembelajaran tentang teks cerita Ramayana (Anoman Duta) siswa
dapat;
a. Menjelaskan makna kata/istilah pada teks cerita Ramayana (Anoman Duta).
b. Menjawab pertanyaan isi pada teks cerita Ramayana (Anoman Duta).
c. Menyusun pernyataan berdasarkan isi teks cerita Ramayana (Anoman Duta).
d. Bersikap jujur, tanggung jawab, dan santun.
1. Teks cerita Ramayana
Crita Ramayana Anoman Duta
Prabu Rama lagi duka merga Dewi Shinta, garwane, didustha nang Rahwana.
Anoman banjur diutus mangkat maring Ngalengka kanggo mapag lan nggawa bali
Dewi Shinta ningen katekan wanara liya sing jenenge Anggada. Anggada kepengin
dadi utusane Rama kanggo mapag Dewi Shinta, sekloron padu padha pamer
kekuwatan. Minangka solusine, Prabu Rama banjur aweh sayembara kanggo Anoman
lan Anggada. Nalika ditakoni sapira suwene wektu kang dibutuhna dienggo maring
Ngalengka Anoman mangsuli butuh wektu sepuluh dina, ningen Anggada bisa
nempuh mung pitung dina bae. Anoman ngudhunna dadi limang dina lan Anggada
mangsuli telung dina. Pungkasane Anoman menang sayembara merga dheweke
sangguh teka ing Ngalengka kanthi wektu sedina. Anoman banjur mangkat dikancani
nang Semar, Petruk, Gareng lan Bagong.
Anoman kepengin cepet-cepet tekan Ngalengka, banjur punakawan dilebokna
neng kancing gelung Anoman. Wiwitane Anoman mangkat maring kahyangan
kanggo nemoni Bathara Surya lan matur supaya srengengene diendheg. Kanthi cara
kaya kuwe dinane bakal awan terus lan Anoman bisa teka nang Ngalengka sedina bae
kaya janjine. Sewetara suwe mikir, Bathara Surya pungkasane gelem ngendheg
lakune srengenge, kuwe bae merga Semar sing nyuwun maring Bathara Surya. Sewise
kuwe Anoman mudhun maning ningen nembe bae ngidek lemah, dheweke kesedhot
segara. Jebule sing nyedhot Anoman kuwe Ditya Wil Kataksini sing njaga segara
Ngalengka banjur diuntal maring jero wetenge. Anoman ngupaya metu sekang jero
wetenge Wil Kataksini kanthi mbedhah wetenge nganggo kuku Wajane. Wil
Kataksini mati lan Anoman nerusna lakune.
Anoman sing diuntalna Wil Kataksani tiba nang gunung lan semaput.
Punakawan banjur nggawa Anoman maring guwa Windu sing nang kono ana wong
wadon tapa jenenge Dewi Sayempraba. Dewi Sayempraba banjur nulungi si Anoman
lan punakawan, diwei panganan lan nginum. Anoman ora mung waras sekang larane
ningen uga kepranan maring dewi kesebut. Sewise krasa cukup nggone seneng-
seneng karo Dewi Sayempraba, Anoman pamit mangkat nerusna laku maring
Ngalengka. Metu sekang gowa Anoman dadak ora bisa ndeleng, dheweke dadi wuta.
Anoman lan punakawan sedhih karo kahanan kaya kuwe merga dianggep Anoman
bakal gagal maring Ngalengka kanggo nggawa bali Dewi Shinta kaya kang wis diutus
Rama. Anoman dikancani punakawan mbacutna lakune kanthi grayah-grayah nganti
pungkasane Anoman ketemu karo Garuda Sempati. Garuda Sempati kuwe kadange
Garuda Jatayu sing dipateni Prabu Dasamuka kanthi pedhang Menthawane nalika
nulungi Dewi Shinta. Garuda Sempati banjur nulungi Anoman lan punakawan
nggunakna idune lan ndonga maring Dewa. Anoman lan punakawan kasil ndeleng
maning sawise ditambani Garuda Sempati. Sewise leren sewetara, Anoman atur
panuwun maring Garuda Sempati lan pamit nerusna laku.
Nang tengahe laku Anoman nglewati dalan sing alus banget kaya babut utawa
karpet ningen jebule kuwe ilate Ditya Ilatmeja utawa Wil Kataksa. Anoman diuntal
maning neng jero weteng ningen siki karo Wil Kataksa. Kaya kang wis tau kedaden,
Anoman mbedhah wetenge Wil Kataksa nganggo kuku Wajane. Sewise kasil metu
sekang jero wetenge Wil Kataksa, Anoman mabur maring Ngalengka. Indrajid,
putane Prabu Dasamuka sing ngerteni tekane Anoman nggoleti dheweke neng
sakubenge praja. Anoman ora kasil ditemokna dening Indrajid merga umpetan nang
wit nagasari sing ana sejrone Taman Asoka. Banjur Anoman nembang nganti
keprungu swarane Dewi Trijatha (adhine Prabu Dasamuka). Dewi Trijatha sing
ngerteni bab kesebut kaget ana kethek putih banjur kesengsem..
Kanthi pitulungan sekang Dewi Trijatha, Anoman kasil sowan maring Dewi
Shinta banjur ngewehna sesupe sekang Prabu Ramawijaya. Angger ali-ali kesebut ora
sesek lan bisa diagem nang Dewi Shinta kanthi longgar nandhakna nek Dewi Shinta
esih suci. Kebukten nek Dewi Shinta esih suci banjur ngewehna uga maring Anoman
kanggo diaturna Prabu Rama susuk kondhe minangka pralambang nek Dewi Shinta
ngenteni banget tekane Ramawijaya. Nalika Anoman cecaturan karo Dewi Shinta
demadakan kepriksan para prajurit Ngalengka banjur dikepung Indrajid lan prajurite.
Anoman digujer tanpa bisa nglawan. Dheweke digawa maring pasewakan. Prentahe
Dasamuka sing ngreteni bab kesebut, Anoman dicencang tangan lan sikile kanggo
diobong. Tanpa diweruhi liyane, Togong, jelmaan Sang Hyang Antaga aweh maring
Anoman banyu sacegukan kanthi kesepakatan nek umahe Togog dijaga sekang anane
bahaya.
Prabu Dasamuka sing mimpin pengobonge Anoman nyumet geni ngobong
kayu. Ora disangka-sangka dhuwure dahana kesebut ora kasil mateni Anoman. Malah
Anoman mabur kanthi nggawa geni neng awake. Geni kang digawa banjur diawut-
awut neng pojok-pojoke praja nganti wewangunan senegara kobong kabeh. Akeh
prajurit mati sekang pangamuke Anoman. Sewise Ngalengka kobong Anoman banjur
bali seprelu sowan maring Prabu Ramawijaya nang Pancawati. Nang pinggirane
segara sing misahna Ngalengka lan Pancawati, Anoman nemokna Raden Wibisana
(adhine Prabu Dasamuka) sing semaput merga dikepruk kangmase dhewek banjur
diusadani nang Anoman. Minangka rasa panuwune, Anoman diterna bali maring
Pancawati dening Raden Wibisana. Sabanjure teka nang Pancawati Raden Wibisana
diangkat dulur enom dening Ramawijaya lan didadekna penasihat raja. Mengkone
sekang Raden Wibisana kasebut Prabu Ramawijaya bisa ngreteni pengapesane para
senopati Ngalengka. Anoman sing slamet bali maning maring Pancawati banjur crita
ngenani lakune maring Ngalengka lan nuduhna susuk kondhene Dewi Shinta sing
mratandhakna gelem baline Dewi Shinta angger dipapag Prabu Ramawijaya.
Sumber : http://wisnuprasetyobekti.blogspot.co.id/2016/11/anoman-dhuta-bahasa-
jawa.
2. Kosakata enggal saking teks cerita Ramayana Anoman Duta
a. Sang hyang diwangkara : srengenge
b. Arga : gunung
c. Wanodya : wanita
d. Kisma : lemah
e. Karuna : nangis
f. Dununge : panggonane
g. Pulunane : anake adhine
h. Swarsa :setaun
i. Manjing : mlebu
j. Mijil waspanira : metu uluhe
3. Pitakenan gegayutan isi teks cerita Ramayana Anoman Duta
a. Sinten mawon paraga wonten carios Anoman Duta?
b. Sayembara napa ingkang dipunwedharaken kagem Anoman kaliyan Anggada
wonten carios Anoman Duta?
c. Sinten ingkang menangaken sayembara wonten carios Anoman Duta?
d. Anoman wonten carios Anoman Duta sajatosipun sinten?
e. Tindakipun Anoman dhateng Alngka wonten carios Anoman Duta
dipundherekaken sinten?
f. Napa ingkang dipunsuwun Anoman dhateng Batara Surya wonten carios Anoman
Duta?
g. Napa ingkang dipunparingaken Rama Wijaya dhateng anoman nalika badhe
manggihi dewi Shinta wonten carios Anoman Duta?
h. Nalika dumugi alengka papan pundi ingkang dipuntuju dening anoman wonten
carios Anoman Duta?
i. Napa ingkang dipuntindakaken Anoman nalika kepanggih Dewi Shinta wonten
carios Anoman Duta?
j. Saksampunipun Alengka kobaran, Anoman lajeng kondur dhateng pundi wonten
carios Anoman Duta?
4. Pernyataan utawa pratelan gegayutan teks cerita Ramayana Anoman Duta
a. Paraga wonten carios Anoman Duta nggih niku Rama Wijaya, Dewi Shinta,
Anoman, Dewi Sayeng Praba, Jatayu, Anggada, Dewi Trijatha, Batara Surya, Wil
kataksini, Dasamuka, Indrajit, Sang hyang Antaga, Ditya Ilatmeja, Semar, Gareng,
Petruk, Bagong.
b. Sayembara ingkang dipunwedharaken kagem Anoman kaliyan Anggada wonten
carios Anoman Duta nggih niku sinten ingkang paling cepet saged dugi dhateng
Alengka, bakal dados utusan methuk Dewi Shinta.
c. Ingkang menangaken sayembara wonten carios Anoman Duta nggih niku
Anoman.
d. Anoman wonten carios Anoman Duta sajatosipun putranipun Dewi Anjani kaliyan
Bathara Guru.
e. Tindakipun Anoman dhateng Alngka wonten carios Anoman Duta
dipundherekaken Semar, Gareng, Petruk ugi Bagong.
f. Anoman dhateng Batara Surya wonten carios Anoman Duta nyuwun supados
srengengenipun dipun endheg muteripun.
g. Rama Wijaya maringaken sesupe kagunganipun dhateng Anoman nalika badhe
manggihi dewi Shinta wonten carios Anoman Duta.
h. Nalika dumugi alengka papan ingkang dipuntuju dening Anoman wonten carios
Anoman Duta nggih niku taman Asoka.
i. Anoman nalika kepanggih Dewi Shinta wonten carios Anoman Duta langsung
maringaken sesupe titipanipun Rama Wijaya.
j. Saksampunipun Alengka kobaran, Anoman lajeng kondur dhateng ngarsanipun
Ramawijaya wonten Pancawati.
SILAHKAN ANAK-ANAK CATAT / RANGKUM DI BUKU CATATAN HAL –
HAL PENTING KHUSUSNYA DI NO 4 ( Pernyataan utawa pratelan gegayutan
teks cerita Ramayana Anoman Duta )