The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by egachyaa, 2021-08-17 03:07:40

E-BOOK BAHASA JAWA

E-BOOK MAPEL BAHASA JAWA

Keywords: SUKARDIYONO

PEMERINTAH KABUPATEN BANYUMAS
DINAS PENDIDIKAN

SMP NEGERI 2 WANGON

Alamat : Jl.Raya Barat No.1112 Telp (0281) 513008 Wangon Banyumas

MUMPUNI BASA JAWI

MATERI PEMBELAJARAN BAHASA JAWA KLAS IX SEMESTER GASAL

Penulis : Sukardiyono,S.Pd
NIP : 19620825198903117

KATA PENGANTAR

Puji syukur kami panjatkan kehadirat Allah SWT,dimana
yang sudah memberikan rahmat serta karunia-Nya kepada
saya sehingga saya dapat menyelesaikan E-book ini tepat pada
waktunya. Saya menyadari jika E-book ini masih jauh dari
kata sempurna.Oleh karenanya,kritik dan saran dari seluruh
pihak yang bersifat membangun selalu saya harapkan demi
kesempurnaan E-book ini.Semoga Allah SWT senantiasa
meridhoi segala bentuk usaha saya,Aamiin.

TEMA : CERITA RAMAYANA ( ANOMAN DHUTA )

A. KOMPETENSI INTI
1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya.
2. Menunjukkan perilaku jujur, disiplin, tanggungjawab, peduli (toleransi, gotong
royong), santun, dan percaya diri dalam berinteraksi secara efektif dengan
lingkungan sosial dan alam dalam jangkauan pergaulandan keberadaannya
3. Memahami pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa
ingintahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait fenomena
dan kejadian tampak mata.
4. Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai,
merangkai, memodifikasi, danmembuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca,
menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah
dan sumber lain yang sama dalam sudut pandang/teori.

B. KOMPETENSI DASAR DAN INDIKATOR PENCAPAIAN KOMPETENSI

Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian

3.1 Memahami isi teks narasi tentang 3.1.1 Menjelaskan makna kata/istilah pada teks
peristiwa atau kejadian. cerita Ramayana (Anoman Duta).

3.1.2 Menjawab pertanyaan isi

pada teks cerita Ramayana (Anoman
Duta).

3.1.3 Menyusun pernyataan berdasarkan isi teks
cerita Ramayana (Anoman Duta).

4.1 Meringkas isi teks narasi tentang 4.1.1 Menentukan unsur intrinsik cerita
peristiwa atau kejadian dengan Ramayana (Anoman Duta).
ragam krama.
4.1.2 Menimbang unsur intrinsik cerita
Ramayana (Anoman Duta) sesuai dengan
pernyataan yang terdapat pada cerita.

* Nilai/Fokus Karakter: religius, jujur, tanggungjawab, santun

C. TUJUAN PEMBELAJARAN

Pertemuan Pertama

Setelah mengikuti pembelajaran tentang teks cerita Ramayana (Anoman Duta) siswa
dapat;

a. Menjelaskan makna kata/istilah pada teks cerita Ramayana (Anoman Duta).

b. Menjawab pertanyaan isi pada teks cerita Ramayana (Anoman Duta).

c. Menyusun pernyataan berdasarkan isi teks cerita Ramayana (Anoman Duta).

d. Bersikap jujur, tanggung jawab, dan santun.

1. Teks cerita Ramayana

Crita Ramayana Anoman Duta

Prabu Rama lagi duka merga Dewi Shinta, garwane, didustha nang
Rahwana. Anoman banjur diutus mangkat maring Ngalengka kanggo
mapag lan nggawa bali Dewi Shinta ningen katekan wanara liya sing
jenenge Anggada. Anggada kepengin dadi utusane Rama kanggo mapag
Dewi Shinta, sekloron padu padha pamer kekuwatan. Minangka solusine,
Prabu Rama banjur aweh sayembara kanggo Anoman lan Anggada.
Nalika ditakoni sapira suwene wektu kang dibutuhna dienggo maring
Ngalengka Anoman mangsuli butuh wektu sepuluh dina, ningen Anggada
bisa nempuh mung pitung dina bae. Anoman ngudhunna dadi limang dina
lan Anggada mangsuli telung dina. Pungkasane Anoman menang
sayembara merga dheweke sangguh teka ing Ngalengka kanthi wektu
sedina. Anoman banjur mangkat dikancani nang Semar, Petruk, Gareng
lan Bagong.

Anoman kepengin cepet-cepet tekan Ngalengka, banjur punakawan
dilebokna neng kancing gelung Anoman. Wiwitane Anoman mangkat
maring kahyangan kanggo nemoni Bathara Surya lan matur supaya
srengengene diendheg. Kanthi cara kaya kuwe dinane bakal awan terus
lan Anoman bisa teka nang Ngalengka sedina bae kaya janjine. Sewetara
suwe mikir, Bathara Surya pungkasane gelem ngendheg lakune
srengenge, kuwe bae merga Semar sing nyuwun maring Bathara Surya.
Sewise kuwe Anoman mudhun maning ningen nembe bae ngidek lemah,
dheweke kesedhot segara. Jebule sing nyedhot Anoman kuwe Ditya Wil
Kataksini sing njaga segara Ngalengka banjur diuntal maring jero
wetenge. Anoman ngupaya metu sekang jero wetenge Wil Kataksini
kanthi mbedhah wetenge nganggo kuku Wajane. Wil Kataksini mati lan
Anoman nerusna lakune.

Anoman sing diuntalna Wil Kataksani tiba nang gunung lan
semaput. Punakawan banjur nggawa Anoman maring guwa Windu sing
nang kono ana wong wadon tapa jenenge Dewi Sayempraba. Dewi
Sayempraba banjur nulungi si Anoman lan punakawan, diwei panganan
lan nginum. Anoman ora mung waras sekang larane ningen uga kepranan
maring dewi kesebut. Sewise krasa cukup nggone seneng-seneng karo

Dewi Sayempraba, Anoman pamit mangkat nerusna laku maring
Ngalengka. Metu sekang gowa Anoman dadak ora bisa ndeleng, dheweke
dadi wuta. Anoman lan punakawan sedhih karo kahanan kaya kuwe
merga dianggep Anoman bakal gagal maring Ngalengka kanggo nggawa
bali Dewi Shinta kaya kang wis diutus Rama. Anoman dikancani
punakawan mbacutna lakune kanthi grayah-grayah nganti pungkasane
Anoman ketemu karo Garuda Sempati. Garuda Sempati kuwe kadange
Garuda Jatayu sing dipateni Prabu Dasamuka kanthi pedhang
Menthawane nalika nulungi Dewi Shinta. Garuda Sempati banjur nulungi
Anoman lan punakawan nggunakna idune lan ndonga maring Dewa.
Anoman lan punakawan kasil ndeleng maning sawise ditambani Garuda
Sempati. Sewise leren sewetara, Anoman atur panuwun maring Garuda
Sempati lan pamit nerusna laku.

Nang tengahe laku Anoman nglewati dalan sing alus banget kaya
babut utawa karpet ningen jebule kuwe ilate Ditya Ilatmeja utawa Wil
Kataksa. Anoman diuntal maning neng jero weteng ningen siki karo Wil
Kataksa. Kaya kang wis tau kedaden, Anoman mbedhah wetenge Wil
Kataksa nganggo kuku Wajane. Sewise kasil metu sekang jero wetenge
Wil Kataksa, Anoman mabur maring Ngalengka. Indrajid, putane Prabu
Dasamuka sing ngerteni tekane Anoman nggoleti dheweke neng
sakubenge praja. Anoman ora kasil ditemokna dening Indrajid merga
umpetan nang wit nagasari sing ana sejrone Taman Asoka. Banjur
Anoman nembang nganti keprungu swarane Dewi Trijatha (adhine Prabu
Dasamuka). Dewi Trijatha sing ngerteni bab kesebut kaget ana kethek
putih banjur kesengsem..

Kanthi pitulungan sekang Dewi Trijatha, Anoman kasil sowan
maring Dewi Shinta banjur ngewehna sesupe sekang Prabu Ramawijaya.
Angger ali-ali kesebut ora sesek lan bisa diagem nang Dewi Shinta kanthi
longgar nandhakna nek Dewi Shinta esih suci. Kebukten nek Dewi Shinta
esih suci banjur ngewehna uga maring Anoman kanggo diaturna Prabu
Rama susuk kondhe minangka pralambang nek Dewi Shinta ngenteni
banget tekane Ramawijaya. Nalika Anoman cecaturan karo Dewi Shinta
demadakan kepriksan para prajurit Ngalengka banjur dikepung Indrajid
lan prajurite. Anoman digujer tanpa bisa nglawan. Dheweke digawa
maring pasewakan. Prentahe Dasamuka sing ngreteni bab kesebut,
Anoman dicencang tangan lan sikile kanggo diobong. Tanpa diweruhi
liyane, Togong, jelmaan Sang Hyang Antaga aweh maring Anoman
banyu sacegukan kanthi kesepakatan nek umahe Togog dijaga sekang
anane bahaya.

Prabu Dasamuka sing mimpin pengobonge Anoman nyumet geni
ngobong kayu. Ora disangka-sangka dhuwure dahana kesebut ora kasil
mateni Anoman. Malah Anoman mabur kanthi nggawa geni neng awake.
Geni kang digawa banjur diawut-awut neng pojok-pojoke praja nganti

wewangunan senegara kobong kabeh. Akeh prajurit mati sekang
pangamuke Anoman. Sewise Ngalengka kobong Anoman banjur bali
seprelu sowan maring Prabu Ramawijaya nang Pancawati. Nang
pinggirane segara sing misahna Ngalengka lan Pancawati, Anoman
nemokna Raden Wibisana (adhine Prabu Dasamuka) sing semaput merga
dikepruk kangmase dhewek banjur diusadani nang Anoman. Minangka
rasa panuwune, Anoman diterna bali maring Pancawati dening Raden
Wibisana. Sabanjure teka nang Pancawati Raden Wibisana diangkat dulur
enom dening Ramawijaya lan didadekna penasihat raja. Mengkone
sekang Raden Wibisana kasebut Prabu Ramawijaya bisa ngreteni
pengapesane para senopati Ngalengka. Anoman sing slamet bali maning
maring Pancawati banjur crita ngenani lakune maring Ngalengka lan
nuduhna susuk kondhene Dewi Shinta sing mratandhakna gelem baline
Dewi Shinta angger dipapag Prabu Ramawijaya.

Sumber : http://wisnuprasetyobekti.blogspot.co.id/2016/11/anoman-
dhuta-bahasa jawa.

2. Kosakata enggal saking teks cerita Ramayana Anoman Duta
a. Sang hyang diwangkara : srengenge

b. Arga : gunung
c. Wanodya : wanita
d. Kisma : lemah
e. Karuna : nangis
f. Dununge : panggonane
g. Pulunane : anake adhine
h. Swarsa :setaun
i. Manjing : mlebu
j. Mijil waspanira : metu uluhe

3. Pitakenan gegayutan isi teks cerita Ramayana Anoman Duta

a. Sinten mawon paraga wonten carios Anoman Duta?
b. Sayembara napa ingkang dipunwedharaken kagem Anoman kaliyan Anggada

wonten carios Anoman Duta?
c. Sinten ingkang menangaken sayembara wonten carios Anoman Duta?
d. Anoman wonten carios Anoman Duta sajatosipun sinten?
e. Tindakipun Anoman dhateng Alngka wonten carios Anoman Duta

dipundherekaken sinten?
f. Napa ingkang dipunsuwun Anoman dhateng Batara Surya wonten carios Anoman

Duta?
g. Napa ingkang dipunparingaken Rama Wijaya dhateng anoman nalika badhe

manggihi dewi Shinta wonten carios Anoman Duta?
h. Nalika dumugi alengka papan pundi ingkang dipuntuju dening anoman wonten

carios Anoman Duta?
i. Napa ingkang dipuntindakaken Anoman nalika kepanggih Dewi Shinta wonten

carios Anoman Duta?
j. Saksampunipun Alengka kobaran, Anoman lajeng kondur dhateng pundi wonten

carios Anoman Duta?

4. Pernyataan utawa pratelan gegayutan teks cerita Ramayana Anoman Duta

a. Paraga wonten carios Anoman Duta nggih niku Rama Wijaya, Dewi Shinta,
Anoman, Dewi Sayeng Praba, Jatayu, Anggada, Dewi Trijatha, Batara Surya, Wil
kataksini, Dasamuka, Indrajit, Sang hyang Antaga, Ditya Ilatmeja, Semar, Gareng,
Petruk, Bagong.

b. Sayembara ingkang dipunwedharaken kagem Anoman kaliyan Anggada wonten
carios Anoman Duta nggih niku sinten ingkang paling cepet saged dugi dhateng
Alengka, bakal dados utusan methuk Dewi Shinta.

c. Ingkang menangaken sayembara wonten carios Anoman Duta nggih niku
Anoman.

d. Anoman wonten carios Anoman Duta sajatosipun putranipun Dewi Anjani kaliyan
Bathara Guru.

e. Tindakipun Anoman dhateng Alngka wonten carios Anoman Duta
dipundherekaken Semar, Gareng, Petruk ugi Bagong.

f. Anoman dhateng Batara Surya wonten carios Anoman Duta nyuwun supados
srengengenipun dipun endheg muteripun.

g. Rama Wijaya maringaken sesupe kagunganipun dhateng Anoman nalika badhe
manggihi dewi Shinta wonten carios Anoman Duta.

h. Nalika dumugi alengka papan ingkang dipuntuju dening Anoman wonten carios
Anoman Duta nggih niku taman Asoka.

i. Anoman nalika kepanggih Dewi Shinta wonten carios Anoman Duta langsung
maringaken sesupe titipanipun Rama Wijaya.

j. Saksampunipun Alengka kobaran, Anoman lajeng kondur dhateng ngarsanipun
Ramawijaya wonten Pancawati.

SILAHKAN ANAK-ANAK CATAT / RANGKUM DI BUKU CATATAN HAL –
HAL PENTING KHUSUSNYA DI NO 4 ( Pernyataan utawa pratelan gegayutan
teks cerita Ramayana Anoman Duta )

PENUTUP

Demikianlah E-book tentang Anoman Dhuta. Tak lupa
saya mengucapkan terimakasih karena kesediaanya
untuk membaca E-book yang telah saya buat untuk
memenuhi tugas membuat E-book. Tentunya masih
banyak kekurangan karena berbagai keterbatasan saya
baik itu berupa pengetahuan maupun bahan
referensi,oleh karena itu masukan berupa saran dan
kritik sangat kami harapkan.


Click to View FlipBook Version