The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Bahan Ajar Geguritan oleh Candra Suci Ika Hapsari

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Candra Suci Ika Hapsari, 2024-01-10 21:58:25

Geguritan

Bahan Ajar Geguritan oleh Candra Suci Ika Hapsari

Keywords: Geguritan

AYO SINAU GEGURITAN Candra Suci Ika Hapsari, S.Pd. SMAN 2 PEMALANG


Peserta Didik dapat menganalisis unsur-unsur yang terkandung di dalam geguritan Peserta Didik dapat membaca indah geguritan yang dibuat Membaca Peserta Didik dapat membuat geguritan Menulis TUJUAN PEMBELAJARAN Ayoo nguri-uri Budaya Jawa


GEGURITAN Peta Konsep 1 2 4 3 5 Tegesipun Geguritan Unsur-unsur Geguritan Geguritan Modern Geguritan Klasik Titikanipun Geguritan Jenis Geguritan


Tegesipun Geguritan Geguritan yaiku Wohing susastra kang basane cekak, lan endah. Geguritan asale saka tembung “ gurit” kang ateges kidung utawa tulisan awujud basa rinengga sastra, kang duweni sipat konotatif, simbolis, lan lambang jalaran nggambarake imajinasi panyerate. Geguritan iku kalebu puisi Jawa modern, amarga ora kawengku/kaiket dening patokan tinamtu kaya dene tembang macapat. Ana pemanggiih manawa geguritan iku puisi bebas kang awujud tetembungan, ukara, unen-unen, kang ora nganggo paugeran baku, naning sing dipentingake endahe basa lan susatrane.


Unsur-unsur Geguritan Unsur-unsur kang kinandhut sajroning geguritan ana unsur bathin lan unsur lair. Unsur Bathin Unsur Lair Tema Rasa Pangrasa Nada/ lagu Suasana Amanat Diksi Majas Tipografi Rima


Tema, tegese pujeraning bab kang ndadekake geguritankuwi dumadi. Utawa gagasan pokok kang dikarepake panulis/penyair. Tuladha tema: sosial, moral, politik, agama, individu, lsp. Rasa-Pangrasa, Tembung-tembung kang dianggo ana sajroning geguritan nduweni teges lan nduweni fungsi kanggo manjlimakake rasa-pangrasa kayadene simpati, empati, antipati sedhih, susah, seneng, kangen, gumun lan sapiturute. Nada/lagu, tegese patrap (sikap) sing digunakake ana sajroning geguritan. Tuladha: ngguroni, nuturi, ngenyek, muji, nyemoni, utawa patrap liyane.


Suasana, tegese kahanane batin/jiwa pamaos sawise maca geguritan. Dadi geguritan duweni ancas/tujuan kanggo mbangun suasana batin pamaos. Amanat kang dumunung ana geguritan, tegese bab kang diwedharake penyair/penulis marang pamaos. Amanat kui ora tinulis kanthi terang kawaca ananging sinandhi ana pangrakiting tembung-tembung.


Diksi tegese pilihane tembung kang biasane duwe teges konotatif, kang bisa ngasilake imajinasi. Majas, tegese gaya bahsa utawa lelawaning basa Tipografi, tegese larik-larik utawa gatraning geguritan kang tinulis mawa bait. Rima, tegese persamaan bunyi kanggo nyiptakake kaendahan.


Geguritan Tradisional/Klasik yaiku susastra Jawa kang awujud tembang. Kaya dene tembang macapat, tembang tengahan dan tembang gedhe. Geguritan Modheren/Anyar yaiku susastra Jawa kang ora kaiket dening paugeran kaya dene geguritan tradisioal. Wondene geguritan modheren utawa geguritan gagrag anyar mujudake ekspresi jiwa panyerate sajrone nanggepi prastawa kang dialami, diweruhi, kahanan sakiwa tengene, panguneg-uneg, gegayuhan, wawasan, lan liya-liyane.


Titikan Geguritan Ora diwiwiti sun gegurit Cacahing wandha saben gatra ora digatekake Tibaning swara ing pungkasaning gatra uga ora digatekake Luwih mentingake pemilihan tembung kang mentes. Diwiwiti sun gegurit Cacahing wandha saben gatra padha Tibaning swara ing pungkasaning gatra ajeg Geguritan Tradisional/Klasik Geguritan Modern/Anyar


Tuladha Geguritan Sun gegurit Tur kabeh padha ngemuti Wong kang miskine kepati Supaya padha mangerti Bungah susah amartani Geguritan Tradisional/Klasik Geguritan Modern/Anyar Jaman Akik Jaman ndhisik Sadurunge akik...duwe kelik Jamane wong cilik ongklak-angklik Lungguhane yoa mung dhingklik Mripate direwangi mendelik Kulite katon busem busik Asile yo mung sethitihik Nadyan wus golek ancik-ancik Lakune sarwa ungkik Ungkike wong duwe melik


MATURNUWUN


Click to View FlipBook Version