The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Bahan Ajar menika dipundamel kangge materi cariyos Wayang Fase E Kelas X

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Candra Suci Ika Hapsari, 2023-12-05 00:52:54

Bahan Ajar_Cariyos Wayang Kelas X

Bahan Ajar menika dipundamel kangge materi cariyos Wayang Fase E Kelas X

Keywords: Cariyos wayang

CARIYOS WAYANG CARIYOS WAYANG Candra Suci Ika Hapsari, S.Pd SMA N 2 PEMALANG BAHAN AJAR FASE E KELAS X - SEMESTER GASAL Mahabarata


ELEMEN MENYIMAK TUJUAN PEMBELAJARAN CAPAIAN PEMBELAJARAN CARIYOS WAYANG INDIKATOR KETERCAPAIAN TUJUAN PEMBELAJARAN Peserta didik mampu mengapresiasi dan memahami informasi berupa arahan atau pesan yang akurat dari menyimak teks sastra dalam bentuk cerita wayang Mahabarata. Peserta didik dapat menganalisis unsurunsur pembangun cerita wayang Mahabarata “Werkudara lan Tirtapawitra” (C4) Peserta didik dapat membuat sinopsis cerita wayang Mahabarata “Werkudara lan Tirtapawitra” (P5) Melalui model pembelajaran Problem Based Learning (PBL) dengan metode Galery Walk, ceramah, tanya jawab, diskusi, penugasan, dan presentasi dengan mengembangkan kemampuan bernalar kritis, bergotong royong, kreatif, peserta didik dapat: Menganalisis unsur-unsur pembangun cerita wayang dengan benar (C4) Membuat ringkasan/sinopsis cerita wayang dengan tepat (P5)


P E T A K O N S E P CARIYOS WAYANG Tegesipun Cariyos wayang Jenising Wayang Pitutur Luhur Unsur Cariyos Wayang Nilai salebeting Cariyos Wayang SINOPSIS


Fase 1 Orientasi Peserta Didik terhadap Masalah Ayoo nyemak carios wayang Mulai Dari Diri Sumangga peserta didik nyemak cariyos wayang “Werkudara lan Tirtapawitra” https://youtu.be/fjOmWBb3WUU


Fase 1 Orientasi Peserta Didik terhadap Masalah EksplorasiKonsep Tegesipun Wayang Wayang menika asalipun saking tembung Ma-Hyang ingkang tegesipun tumuju dhateng Dewa utawi Gusti kang Maha Tunggal. Tembung wayang ugi wonten ingkang ngandharaken saking tembung wewayangan ingkang tegesipun bayangan utawi ayang-ayang. bab menika kanthi lelandhesan wayang menika iku gegambaran uriping manungsa. Wayang menika kalebet seni pagelaran kang awujud drama ingkang khas. Carios wayang mujudaken salah satunggaling karya sastra ingkang asipat fiktif utawi rekaan. sanadyan namung fiktif, nanging karya sastra wayang mujudaken karya masterpiece tilaran leluhur ingkang nggadahi unsur nilai saha estetika ingkang inggil. Wayang nggadahi kagunan kangge hiburan, tontonan, ugi tuntunan ingkang migunani tumpraping gesang. Piwulang luhur ingkang wonten ing salebeting cariyos wayang saged kangge piweling ugi kangge nuwuhaken katresnan dhumateng kabudayan Jawa.


Wayang ingkang saniki taksih dipungandrungi inggih menika wayang purwa. Wayang purwa menika dipunpundhut sumber cariyosipun saking Epos Hindu saking India ingkang misuwur kanthi Epos Ramayana saha Mahabarata. Banjur dening pujangga Jawa inggih menika Empu Sedah saha Empu Panuluh cariyos Epos wau dipunowahi saha dipunjumbuhaken kaliyan adat saha pranatan masyarat Jawi. Jinising Wayang Sri Mangkunegara IV (jroning Achmadi 2004:36) mbagi wayang dados 3 jinis, inggih menika: Wayang purwa inggih menika wayang ingkang nyariyosaken duginipun Prabu Yudhayana dumugi sedanipun Prabu Yudhayana ing Ngastina. Wayang madya inggih menika wayang ingkang nyariyosaken wiwit sedanipun Prabu Yudhayana dumugi Prabu Jayalengka dados Raja. Wayang Wasana inggih menika wayang ingkang nyariyosaken pamarentahan Prabu Jayalengka dumugi mlebetipun ajaran agama Islam. Adhedhasar wujudipun minangka kasenian rakyat jenisipun wayang wonten: Wayang kulit wayang golek wayang wong wayang klithik wayang beber


Unsur-unsur salebeting cariyos wayang sami kaliyan cariyoscariyos sanesipun, inggih menika wonten unsur intrinsik saha unsur ekstrinsik. Unsur intrinsik inggih menika unsur ingkang wonten ing salebeting cariyos menika piyambak. Ingkang kalebet unsur intrinsik: Tema inggih menika satunggaling ide/gagasan ingkang saged makili wosipun cariyos (punjering cariyos). Alur (Plot) inggih menika reroncening kadadosan wonten ing salebeting cariyos. Setting inggih menika katrangan ingkang nedahaken panggenan, wekdal, swasana wonten ing salebeting cariyos. Paraga inggih menika tokoh ingkang wonten ing salebeting cariyos. Adhedhasar watakipun, paraga dipunpantha dados 3 inggih menika: (1) Protagonis, inggih menika paraga ingkang gadhahi watak becik. (2) Antagonis, inggih menika paraga ingkang gadhahi watak antagonis, (3) Tirtagonis, inggih menika paraga panengahantarane paraga protagonis saha antagonis. Watak inggih menika gegambaran sipat utawi karakter paragaparaga ingkang wonten ing salebeting cariyos. Piwulang (amanat) inggih menika piweling ingkang badhe kaaturaken dening pangripta wonten ing salebeting cariyos. Unsur Ekstrinsik inggih menika unsur ingkang kadhapuk saking njawi cariyos, antawisipun: Latar belakang cariyos dipunciptakaken. Kahanan masyarakat nalika cariyos dipunserat. Latar belakang utawi kahanan pangripta. Unsur-unsur Cariyos Wayang


Pasinaon sastra lumantar cariyos wayang saged dados sarana ingkang efektif kangge nandur saha nuwuhaken watak lan karakter budi pekerti becik tumrap siswa. Lumantar pasinaon sastra pewayangan wonten ing kelas, maneka warna watak kadosta jujur, tanggung jawab, cinta tanah air, ramah sosial, seneng tetulung lsp. Pendhidhikan karakter ing saklebeting cariyos wayang saged kaaturaken lumantar cariyos ingkang kaserat ing cariyos wayang. Kanthi menika, pendhidhikan karakter saged ditampi lan dimangertosi dening para siswa nalika nyemak cariyos wayang. Pitutur Luhur Cariyos Wayang


JUJUR NASIONALISME ADIL MAD SINAMADAN TANGGAP TANGGUNG JAWAB Nilai kang kamot salebeting Cariyos Wayang Manungsa ingkang becik inggih menika ingkang saged nuwuhaken rasa juju dhumateng dhiri pribadhi saha bebrayan agung Sikep loyal dhateng negara Adil menika sikep kangge mbela kang pener sanadyan ingkang dipunadhepi menika kathah pepalang sikep saling ngregani dhateng sasami, sikep menika ingkang saged dadosaken wonten ing masyarakat rukun. sikep empati dhateng sasami. manungsa gesang wonten ing donya menika nggadhahi tanggung jawab kang ageng.


Pangertosan Sinopsis Sinopsis inggih menika ringkesan cariyos saking alur ingkang dawa dados cekak nanging saged njlentrehaken cariyos sedayanipun. bab-bab ingkang kedah dipungatosaken nalika damel sinopsis inggih menika: Tema Latar Alur Penokohan TUuladha Judul Cariyos Wayang (Mahabarata) Wonten ing Fase E menika peserta didik sinau cariyos Wayang Mahabarata. Ing ngandhap menika tuladha judul cariyos Wayang ingkang wonten ing Epos Mahabarata, antawisipun: Bima Bungkus Asal-usul Pandhawa Pandhu Jumeneng Nata ing Astinapura Dewa Ruci Abimanyu Kerem Perang Barathayudha Parikesit Jumeneng Nata Gathotkaca Lahir Gathutkaca gugur Lsp.


Peserta didik damel klompok, wonten 6 peserta didik saben klompok. Fase 2 Mengorganisasi Peserta Didik untuk Belajar RuangKolaborasi Damel Klompok Peserta didik wawan pirembagan kaliyan klompokipun kangge nganalisis saha damel sinopsis cariyos wayang “Werkudara lan Tirtapawitra” Cara anggenipun damel sinopsis saking nyemak cariyos wayang inggih menika: Mirengaken cariyosipun Nyerat gagasan utama Nyerat prastawa ingkang wigati Nyusun gagasan lan prastawa wigati ing wujud karangan ringkes


Peserta didik saged nambah informasi babagan cariyos wayang “Werkudara lan Tirtapawitra” kanthi scan barcode anyflip ing ngandhap menika: Peserta didik ugi saged negesi tetembungan ingkang wonten ing cariyos wayang “Werkudara lan Tirtapawitra” kanthi ngginakaken kamus online basa Jawi: sastra.org/leksikon


Peserta diidk angsal bimbingan saking guru salebeting proses diskusi. Fase 3 Membimbing Penyelidikan Individu maupun Kelompok Refleksi Terbimbing Perwakilan peserta didik ngunjungi klompok sanesipun kangge madosi informasi tumprap asil Galery Wayang klompok sanesipun (Gallery Walk).


Fase 4 Mengembangkan dan menyajikan hasil karya DomonstrasiKontekstual Peserta didik salebeting klompok mresentasikaken asil galeri wayang, Klompok sanesipun paring tanggepan. Elaborasi Pemahaman Peserta didik nyuwun pirsa dhateng guru tumprap materi cariyos wayang ingkang dereng dipunpahami.


Fase 5 Menganalisis dan Mengevaluasi Pemecahan Masalah Koneksi Antar Materi Dudutan: Tembung wayang ing basa Jawi asalipun saking tembung wewayangan ingkang tegesipun bayangan utawi ayang-ayang. 1. Wayang nggadahi kagunan kangge hiburan, tontonan, ugi tuntunan ingkang migunani tumpraping gesang. Piwulang luhur ingkang wonten ing salebeting cariyos wayang saged kangge piweling ugi kangge nuwuhaken katresnan dhumateng kabudayan Jawa. 2. Sri Mangkunegara IV (jroning Achmadi 2004:36) mbagi wayang dados 3 jinis, inggih menika: Wayang purwa, wayang madya, wayang Wasana . 3. Unsur intrinsik inggih menika unsur ingkang wonten ing salebeting cariyos menika piyambak. Ingkang kalebet unsur intrinsik: tema, latar, alur, paraga, watak, piwulang. 4. Sinopsis inggih menika ringkesan cariyos saking alur ingkang dawa dados cekak nanging saged njlentrehaken cariyos sedayanipun. 5. Aksi Nyata Peserta didik nggarap posttest kanthi scan barcode ing ngandhap menika!


Kapustakan Maturnuwun


Click to View FlipBook Version