MATERI KOMPETENSI 1 SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA
Serat Tripama dipun anggit dening KGPAA Mangkunegara IV.
Tripama saka tembung Tri (telu) lan Pama (patuladhan).
Isine serat Tripama yaiku babagan piwulang kaprawiran/kaprajuritan pangentha-enthane ing
pawayangan yaiku Suwanda, Kumbakarna, lan Basukarna.
Serat Tripama awujud Dhandanggula cacahe 7 pada.
Dhandhang Gula saka tembung Dhandang (pengarep) lan Gula (kabecikan).
Tembang Dhandanggula anduweni watak luwes, ngresepake, lan rasa kasraman.
Isi Serat Tripama
KGPAA MANGKUNEGARA IV
1. yogyanira kang para prajurit,
lamun bisa samya anulada,
kadya nguni caritane,
andelira sang Prabu,
sasrabau ng Maespati,
aran Patih Suwanda,
lalabuhanipun,
kang ginelung triperkara,
guna kaya purunne kang denantepi,
nuhoni trah utama.
becike para prajurit kabeh,
bisa niru (nyontoa),
kaya dongengan jaman kuna,
andel-andele sang Prabu
Sasrabau ing Maespati,
asmane Patih Suwanda,
lelabuhane (jasane),
kang digelung ing 3 perkara,
yaiku guna kaya purun kang diantepi,
netepi trah wong utama.
2. lire lalabuhan tri prakawis,
guna bisa saniskareng karya,
binudi dadi unggule,
kaya sayektinipun,
duk bantu prang Manggada nagri,
amboyong putri dhomas,
katur ratunipun,
purunne sampun tetela,
aprang tandhing lan aditya Ngalengka aji,
suwanda mati ngrana.
Tegese lelabuhan telung prakara,
yaiku guna bisa mrantasi,
gawe supaya dadi unggul,
kaya
nalika paprangan negara Manggada,
bisa mboyong putri dhomas,
diaturake marang ratu,
purun kekendale wis nyata,
nalika perang tandhing karo Dasamuka ratu negara Ngalengka,
patih Suwanda gugur ing madyaning paprangan.
3. wonten malih tuladan prayogi,
satriya gung nagari ngalengka,
sang Kumbakarna namane,
tur iku warna diyu,
suprandene nggayuh utami,
duk awit prang Ngalengka,
dennya darbe atur,
mring raka amrih raharja,
dasamuka tan keguh ing atur yekti,
de mung mungsuh wanara.
Ana maneh conto sing prayoga (becik),
yaiku satriya agung ing negara Ngalengka,
sing asmane Kumbakarna,
Sanadyan wujude buta,
parandene kepengin nggayuh kautaman,
Nalika wiwit perang Ngalengka,
dheweke nduwe atur,
marang ingkang raka supaya Ngalengka tetep slamet (raharja),
Dasamuka ora nggugu guneme Kumbakarna,
jalaran mung mungsuh bala kethek.
4. Kumbakarna kinen mangsah jurit,
mring kang raka sira tan lenggana,
nglungguhi kasatriyane,
ing tekad datan purun,
anung cipta labih nagari,
lan nolih yayahrena,
myang leluhuripun,
wus mukti aneng Ngalengka,
mangke arsa rinusak ing bala kapi,
punagi mati ngrana.
Kumbakarna didhawuhi maju perang,
ora mbantah jalaran nglungguhi,
netepi watak satriyane,
tekade ora gelem,
mung mikir labuh negara,
lan ngelingi bapak ibune,
sarta leluhure,
sing wis mukti ana ing Ngalengka,
saiki arep dirusak bala kethek,
luwih becik gugur ing paprangan.
5. wonten malih kinarya palupi,
suryaputra Narpati Ngawangga,
lan Pandhawa tur kadange,
len yayah tunggil ibu,
suwita mring Sri Kurupati,
aneng nagri Ngastina,
kinarya gul-agul,
manggala golonganing prang,
bratayuda ingadegken senapati,
ngalaga ing Korawa.
Ana maneh sing kena digawe patuladhan,
yaiku R. Suryaputra ratu ing negara Ngawangga,
karo Pandhawa isih sadulur,
pada bapa tunggal ibu,
ngabdi marang Prabu Kurupati,
ing negara Ngastina,
dadi kesayangan,
didadekake manggalaning (panglima ) prajurit Ngastina,
nalika ing perang Bratayuda,
mbela ing Kurawa.
6. minungsuhken kadange pribadi,
aprang tandhing lang sang Dananjaya,
Sri karna suka manahe,
dene sira pikantuk,
marga dennya arsa males-sih,
ira sang Duryudana,
marmanta kalangkung,
dennya ngetog kasudiran,
aprang rame Karna mati jinemparing,
sumbaga wiratama.
Dimungsuhake karo sedulure dhewe,
yaiku R. Arjuna (Dananjaya),
Prabu Karna seneng banget atine,
jalaran oleh dalan kanggo males,
kabecikane Prabu Duryudana,
tekade temenanan banget,
anggone ngetog kekendelan,
wusanane Karna gugur kena panah,
kondhang minangka prajurit kang utama.
7. katri mangka sudarsaning Jawi,
pantes lamun sagung pra prawira,
amirita sakadare,
ing lalabuhanipun,
aja kongsi mbuwang palupi,
manawa tibeng nistha,
ina esthinipun,
sanadyan tekading buta,
tan prabeda budi panduming dumadi,
marsudi ing kotaman.
Conto telu-telune mau minangka patuladhan tanah Jawa,
Becik (pantes) yen sakabehe para perwira,
nuladha sakadare (sakuwasane),
ing lelabuhanipun,
aja nganti mbuwang conto,
jalaran yen tibaning apes dadi ina,
sanadyan tekade buta,
ora beda kalawan titah liya,
nggolek kautaman