The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Ari Susanti, 2021-01-16 02:35:24

MATERI SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA

MODUL PEMBELAJARAN BAHASA JAWA ARI

MODUL
PEMBELAJARAN
BAHASA JAWA
KELAS XII

SMK SEMESTER GENAP (6)

SMK MA’ARIF NU 1 AJIBARANG

BAHASA JAWA

Disusun Oleh : Ari
Susanti, S.Pd

2|bahasa jawa XII

Kanjeng gusti pangeran adipati arya Mangkunegara IV (KGPAA
MANGKUNEGARA IV)

Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi

3|bahasa jawa XII

3.1. Menelaah teks serat 3.1.1 Mengidentifikasi struktur Serat
Tripama Pupuh 3.1.2 Tripama Pupuh Dhadhanggula
Dhandhanggula. 3.1.3
Menganalisis isi Serat Tripama Pupuh
4.1. Menanggapi isi Serat Dhadhanggula
Tripama pupuh
Dhandhanggula dan Menjelaskan pitutur luhur dari Serat
menulis, serta Tripama Pupuh Dhadhanggula
menyajikan syair
tembang 4.1.1. Menanggapi tentang pitutur luhur
Dhandhanggula yang ada dalam Serat Tripama pupuh
karangan sendiri. Dhadhanggula

4.1.2. Menulis Tembang Dhandhanggula

4.1.3. Menampilkan Tembang
Dhandhanggula

4|bahasa jawa XII

SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA

Serat Tripama saking 3 tembung yaiku :
a. Tri tegese telu
b. Pa tegese patuladhan
c. Ma tegese utama

Serat Tripama iku dianggit dening KGPAA Sri Mangkunegara IV ing tahun (1809 - 1881 M) wonten
Surakarta. Serat Tripama iku ditulis ing Tembang Dhandanggula kang nduweni 7 pada, kang
nggambarake katuladanan Patih Suwanda (Bambang Sumantri), Kumbakarna dan Suryaputra (Adipati
Karna).

Dhandanggula iku kalebu serat tripama. Dhandanggula iku saking 2 tembang yaiku:
d. Dhandang tegese cewe utawa seneng omong ing ngendi papan
e. Gula tegese samubarang kang legi

Serat Tripama Pupuh Dhandhanggula
Anggitan : KGPAA Mangkunagara IV
Dhandhanggula.

1. Yogyanira kang para prajurit,

lamun bisa samya anuladha,
kadya nguni caritane,
andelira sang Prabu,
Sasrabau ing Maespati,
aran Patih Suwanda,
lalabuhanipun,
kang ginelung tri prakara,
guna kaya purune kang den antepi,
nuhoni trah utama.

5|bahasa jawa XII

Terjemahan tembang Dhandhanggula :

(Yogyane (becike) para prajurit, kabeh bisa niru (nyonto) kaya dongengan jaman kuna, andel-

andele sang Prabu Sasrabau ing negara Maespati, sing asmane Patih Suwanda. Lelabuhane

(jasa) kang diantepi dening patih Suwanda marang negara digelung (diringkes, dipadukan) dadi

siji yaiku: guna, kaya, purun, nuhoni (ngantepi) trahing wong utama.

 Paugerane tembang Dhandhanggula:

Guru gatra : 10 gatra

Guru wilangan : 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7

Guru lagu : i, a, e, u, i, a, u, a, i, a

 Watak tembang Dhandanggula
Manis, Luwes, Kesengsem

TEMBANG MACAPAT

Tembang Jawa tegese reriptan kanthi paugeran tertemtu kang pamacane kudu dilagokake, lan bisa
diiringi wiramaning gendhing. Gendhing yaiku suwara lelagoning gamelan. Manut peprincene, tembang
Jawa bisa kaperang dadi 3 golongan :
1. Tembang gedhé utawa sekar ageng, tuladhane :

a. Kusumastuti
b. Citramengeng
c. Tepi Kawuri
d. Kumudasmara
e. Pamularsih
2. Tembang tengahan utawa sekar tengahan utawa sekar dhagelan, tuladhane :
a. Wirangrong
b. Pranasmara
c. Balabak
d. Palugon
e. Juru Demung
f. Pangajabsih

Macapat kedadeyan sekang tembung maca sing tegese maca/nglagokaken lan tembung pat
tegese papat, macapat tegese maca/nglagokaken papat-papat.

6|bahasa jawa XII

Katrangan bab tembang macapat, bisa dipriksani kaya neng ngisor kiye :
a. Tandha-tandhane tembang macapat.

1) Nganggo pathokan (paugeran) : guru wilangan, guru lagu, dhong-dhing, guru gatra, pada
utawa pupuh.

2) Basane basa jawa anyar.
3) Bisa ngadheg dhewe tanpa iringan gendhing

7|bahasa jawa XII

b. Gunane tembang macapat.

1) Kanggo kasusastran jaman saiki.

2) Kanggo mbawani utawa nggerongi gendhing.

3) Kanggo ngarang kapustakaan jawi.

4) Kanggo lagu-lagu kethoprak lan wayang wong.

5) Kanggo parikan lan dhagelan

c. Tembang-tembang sing kagolong macapat ana 11 warna , yakuwe :

1) Pocung. 7). Megatruh.

2) Maskumambang. 8). Kinanthi.

3) Gambuh. 9). Asmaradana.

4) Mijil. 10). Sinom.

5) Pangkur. 11). Dhandhanggula.

6) Durma.

d. Kasusastran sing tinemu neng tembang macapat.

1) Pada : Yakuwe cacahing tembang macapat saben selagu, sekang wiwitan tekan

pungkasan.

2) Guru gatra : Jenenge larikan neng tembang macapat, neng tembang gedhe diarani

pada dirga, yakuwe cacahing gatra/larik saben sepada/selagu.

3) Guru wilangan : Yakuwe cacahing wanda (suku kata) saben sagatra.

4) Guru lagu : Tibaning swara saben pungkasaning gatra

5) Dhong-dhing : a) padha karo guru lagu.

b) Guru lagu sing tiba swara “U” utawa “I” (aksara swara).

e. Pathokan tembang macapat, bisa dipriksani ing tabel ngisor kiye :
Guru Lagu lan Guru Wilangan ing Tembang Macapat

No Tembang Guru Gatra
I II III IV V VI VII VIII
IX X
1. Pocung 12u 6a 8i 12a - - - - - -
- -
2. Maskumambang 12i 6a 8i 8a - - - - - -
- -
3. Gambuh 7u 10u 12i 8u 8o - - -

4. Megatruh 12u 8i 8u 8i 8o - - -

8|bahasa jawa XII

5. Kinanthi 8u 8i 8a 8i 8a 8i - - - -
6. Asmaradana
7. Mijil 8i 8a 8e 8a 7a 8u 8a - - -
8. Pangkur
9. Durma 10i 6o 10e 10i 6i 6u - - - -
10 Sinom
11 Dhandhanggula 8a 11i 8u 7a 12u 8a 8i - - -

12a 7i 6a 7a 8i 5a 7a - - -

8a 8i 8a 8i 7i 8u 7a 8i 12a -

10i 10a 8e 7u 9i 7a 6u 8a 12i 7a

Makna Luhur Tembang Dhandhanggula
Lelabuhan telung prakara ing tembang dhandhanggula ing dhuwur yaiku :
1. Guna, bisa mrantasi gawe supaya dadi unggul
2. Kaya : nalika paprangan negara Manggada, bisa mboyong putri dhomas, diaturake marang ratu,
3. Purun : kekendale wis nyata nalika perang tandhing karo Dasamuka, ratu negara Ngalengka, patih

Suwanda gugur ing madyaning paprangan.)

Watak-watake tembang Macapat

Tembang macapat ndhuweni watak sing bisa kanggo nggambaraken manungsa. Watak tembang
macapat kasebut, yakuwe:
1) Kinanthi, awatak : seneng, asih, tresna. Matuke kanggo medharake piwulang, cerita sing ngemu

surasa asih tresna lan asmara, gandrung-gandrung.
2) Pocung, awatak : kendo, tanpa greget saut. Matuke kanggo neng cerita sing sajak mung sakepenake

tanpa kemempengan.
3) Asmaradana, awatak : sengsem, sedih, prihatin. Nanging sedih utawa prihatin sing merga ketaman

neng lara asmara. Matuke kanggo neng cerita sing isi surasa nawung asmara.
4) Mijil, awatak : wedaring rasa. Matuke kanggo neng cerita sing isi pitutur, nanging uga kena tumrap

sing cerita gandrungan.
5) Maskumambang, awatak : nelangsa keranta-ranta. Matuke kanggo medaarake rasa – pangrasa sing

nggereges, nelangsa keranta-ranta.
6) Pangkur, awatak : sereng. Kanggo neng cerita sing ngemu surasa sereng, sajak gregetan. Yen

pitutur, ya pitutur sing serem semu srengen, yen gandrung, ya gandrung sing serem, gandrung-
gandrung kapirangu. Lumrah uga kanggo neng cerita perang.

9|bahasa jawa XII

7) Sinom, awatak : grapyak, renyah, cocok karo jenenge sinom, sekang garbane tembung “si + enom”.
Matuk kanggo sesorah, cerita sing isi pitutur.

8) Dandanggula, awatak : luwes, resep. Tumrap neng cerita sing ngemu surasa kepriwe bae bisa
mlebu/pas, pancen luwesan. Kanggo neng bebuka prayoga, kanggo medharake piwulang ya kena,
kanggo cerita sing isi gandrung-gandrungan uga kena, kanggo penutuping karangan ya lumrah.

9) Durma, awatak : galak, muntab. Mathuk kanggo medharake rasaning ati nepsu, ati kedereng sereng,
utawa kanggo neng cerita perang.

10) Gambuh, awatak : rumaket, kulina, wanuh wani. Matuk kanggo medarake pitutur sing rada sereng
merga wis keduga lan lumrahe nganggo basa ngoko, ya basane wong sing wis kulina raket
sesrawungane.

11) Megatruh, awatak : sedih, kingkin kaworan nglokro (putus asa), kanggo medharake rasa gegetun
pungun-pungun, nelangsa keranta-ranta.

10 | b a h a s a j a w a X I I

Tegese tembung :
yogyanira = becike, sebaiknya.
prajurit = bala, tantra, saradhadhu, bala koswa, tentara.
kadya = lir, pindha, kaya, seperti.
nguni = jaman biyen, dahulu kala.
andelira = andel-andele , andalan.
lelabuhanipun = jasane, jasa.
ginelung = diringkes, dipadukan.
guna = kapinteran, kepandaian.
kaya = bandha donya, kekayaan.
purun = wani, gelem, keberanian.
nuhoni = netepi, menepati.
trah = turun, tedhak, keturunan
utama = becik, apik, terbaik.
lir = kaya, teges, makna, arti.
saneskareng = saneskara + ing = samubarang, sakabehe, sembarang.
karya = gawe, kardi, pekerjaan.
binudi = budi + in = diupayakake, diusahakan.
sayekti = sayektos, temene, sesungguhnya.
duk = nalika, ketika.
dhomas = 800. samas = 400.
tetela = cetha, terang, jelas.
aprang tandhing = perang ijen lawan ijen, perang satu lawan satu.
ditya = buta, raseksa, diyu, wil, danawa, raksasa.
ngrana = ing paprangan, palagan, pabaratan, medan perang.
suprandene = parandene, sanajan mangkono, walaupun demikian.
darbe = duwe, mempunyai.
raka = kakang, kakak.
raharja = slamet, wilujeng, rahayu, rahajeng, selamat, sejahtera.
de mung = dene mung , jalaran mung, hanya karena.
wanara = kethek, kapi, rewanda, kera.
kinen = ken + in = dikongkon, diutus, diperintah.
mangsah jurit = maju perang, menuju ke medan laga.
sira = dheweke, piyambakipun, panjenenganipun, dia.
lenggana = nolak, mbantah, menolak.
datan = tan, ora, tidak.

11 | b a h a s a j a w a X I I

labuh = berjuang.
yayah rena = bapak ibu, ayah dan ibu.
myang = lan, dan
arsa = arep, ayun, apti, akan.
punagi = sumpah.
palupi = conto, sudarsana, tuladha, contoh.
narpati = ratu, raja, katong, narapati, naradipati, narendra, raja.
kadang = sedulur, saudara.
suwita = ngabdi, menghamba.
kinarya = karya + in = digawe, dipakai.
agul-agul = andel-andel, andalan.
manggala = panglima
senapati = pangedhene prajurit, pemimpin perang, panglima perang.
manahe = atine, hatinya.
pikantuk = oleh, mendapat.
marmanta = marma + anta = sebabe, sebabnya.
kasudiran = kekendelan, kasekten, kesaktian.
jinemparing = jemparing + in = dipanah.
sumbaga = kondhang, kaloka, kajanapriya, terkenal.
wirotama = wira + utama = prajurit pinunjul, prajurit yang hebat.
katri = katelu, ketiga.
sudarsaneng = sudarsana + ing = conto.
amirita = nirua, ikutilah.
kongsi = nganti, sampai.
dumadi = titah, makhluk.
marsudi = ngupaya, nggoleki, berusaha.
kotaman = ka+ utama+ an = keutamaan.

12 | b a h a s a j a w a X I I

Tata carane nulis tembang macapat

Tata carane gawe tembang macapat supaya gampang kudu ngertos urut-urutane.yaiku:

1. Temtokna lan tulisen ngegani gagasan apa sing arek inggawe tembang.
2. Temtokna tembang apa sing arep kogawe
3. Tulisen guru gatra, guru wilangan lan guru lagune
4. Gawea ukara-ukara (kalimat) kang salaras karo paugerane tembang macapat.
5. Titinen maneh tembung-tembunge lan ukara-ukara kang kogawe mau, kudu cocok karo paugerane

tembang sing kogawe.

Tuladhane:

Paugerane tembang Dhandhanggula:

Guru gatra : 10 gatra

(10i) ………………………….

(10a) ………………………….

(8e) ………………………….

(7u) ………………………….

(9i) ………………………….

(7a) ………………………….

(6u) ………………………….

(8a) ………………………….

(12i) ………………………….

(7a) ………………………….

Cara nembangke tembang macapat

Cara nembangake tembang macapat diarani dhendha kerata , tegese anggone nembangake kudu
cetha sambungane, lugu lan bares, prasaja (ora kakehan luk, cengkok lan wilet kaya tembang gedhe),
amarga kudu inget teges lan wose tembang kang diwaca.

Babagan kang kudu dimangerteni lan dipahami kayata :

1. Pedhotan
Pedhotan yaiku asone napas nalika nembangaake macapat, bisa mapan ana ing saben wanda ana
ing tembung kang diarani pedhotan kendho, uga bisa ing pungkasane wanda kang diarani pedhotan
kenceng

13 | b a h a s a j a w a X I I

2. Andhegan

Andhegan yaiku medhot anggone nembang, bedane yen pedhotan iku medhot ana ing tembung,

manawa andhegan iku mandheging tembang ana pungkasaning ukara. Manawa mandhek ing

pungkasaning ukara nanging tegese tembang during rampung diarani andhegan wantah (

medhot/mandheg ukara tekan koma). Andegan alit medhot ukara wus rampung tegese (titik) dene

andhegan ageng yaiku mandhek ukara nanging tegese tembang sapada uwis rampung.

3. Wirama

Wirama ing sajronie nembang macapat kudu ajeg, tegese anggone nembangake macapat bebas lan

mardika anggone miramakake waton jumbuh karo kaendahane, trep karo titi laras, pedhotan lan

sapanunggalane

Babagan olah wirama diperang dadi 6 yaiku :

a. Wilet : variasi utawa kembangane ing babagan pangolahan cengkok

b. Cengkok : rerengkaning titilaras uga gaya lagune/tembangane

c. Laras : yaiku nadha utawa endhek dhuwur dawa lan cendhake swara kang jumbuh

karo titi larase

d. Luk : nglimput andhah swara lan anung swara

e. Gregel : variasi luk kang dicepetake (fibrasi)

f. Sliring : yaiku nyimpange swara saka laras (falsetto)

14 | b a h a s a j a w a X I I

GLADHEN

Tuladha Tembang Dhandhanggula

Lire lalabuhan tri prakawis,
guna bisa saneskareng karya,

binudi dadi unggule,
kaya sayektinipun,
duk bantu prang Manggada nagri,
amboyong putri domas,

katur ratunipun,
purune sampun tetela,
aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,
Suwanda mati ngrana.

Saka tembang macapat Dhandhanggula ing dhuwur identifkasi paugeran lan pitutur luhur tembang
kasebut!


Click to View FlipBook Version