The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Geguritan salah sawijining seni utawi sastra puisi kang diserat ngginakaken basa jawa, lan biasanipun dipun waca kanthi tembang ingkang endah

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by fatahbintoro212, 2022-10-19 03:03:44

Geguritan Jawa

Geguritan salah sawijining seni utawi sastra puisi kang diserat ngginakaken basa jawa, lan biasanipun dipun waca kanthi tembang ingkang endah

Keywords: Geguritan_jawa

MEDIA AJAR GEGURITAN
Dening : Adeng Fatah Bintoro, S.Pd,. M.Pd

designed by tinyPPT.com

Manut asal-usule tembung, geguritan asale saka tembung gurit kang tegese kidung,
tembang, utawa tulisan kang wujude ukiran utawa tatahan.geguritan uga diarani guritan
yaiku puisi Jawa. Geguritan ora ditembangake, nanging diwaca nganggo wirama, wirasa,

lan wiraga manut surasane.
Geguritan saka tembung lingga ‘guritan’ yaiku owah-owahan saka tembung ‘gerita’.
Dene tembung ‘gerita’ iku saka tembung lingga ‘gita’ kang nduweni teges tembang utawa
syair. Ana uga kang nduweni panemu yen geguritan iku saka tembung lingga ‘gurit’ kang
nduweni teges tulisan. Miturut kamus, geguritan yaiku tembang uran-uran utawa karangan
kang pinathok kayadene tembang, nanging guru gatra, guru lagu, lan guru wilangane ora
ajeg. Miturut Raminah Baribin (2005) geguritan iku iketaning basa kaya dene syair. Mula

saperangan pawongan ana kang ngarani utawa nyebut syair Jawa gagrag anyar.
Saka maneka teges geguritan ing dhuwur bisa kajupuk dudutane (kesimpulane),
Geguritan yaiku wohing kasusastran Jawa anyar awujud syair kang tanpa nganggo

paugeran/pathokan tartamtu (guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu).

designed by tinyPPT.com

Geguritan duweni titikan, dene titikan geguritan yaiku :

A B C D E

OPTION OPTION OPTION OPTION OPTION

01 02 03 04 05
Migunakake
Ora kawengku ing Dudu basa tembung kang Cacahe larik ora Isine mentes
pathokan padinan pinilih katemtokake

designed by tinyPPT.com

Geguritan uga nduweni struktur. Kang diarani struktur geguritan yaiku kahanan apa
wae kang bisa dideleng utawa digoleki ing tembung-tembung kang rinakit ana sajroning
geguritan. Dene kang klebu struktur geguritan yaiku :
1. Pinilihing tembung/ diksi
Tembung ing geguritan biasane duwe teges konotatif, asipat polisemi, lan nnduweni
teges abstrak
2. Majas
Majas utawa gaya bahasa ing basa Jawa diarani lelewaning basa kkang bisa nambahi
grengsenge geguritan.
Majas utawa gaya bahasa ing basa Jawa diarani lelewaning basa kkang bisa nambahi
grengsenge geguritan

Jenis-jenis lelewaning basa
a. Asimilasi yaiku luluhing utawa sudaning pakecapan (garban = sandhi).
Tuladha
Jaya + ing = jayeng
Nara +pati = narpati
Maha+asri =mahasri
Prapta+ing =prapteng

designed by tinyPPT.com

b. Metafora yaiku unen – unen nganggo pepindhan (diupamakake).
Tuladha
R. Setyaki sapukuwating praja Dwarawati.
Rr. Anggun dadi kembanging desa in sidomukti
Arjuno punika lelancuring jagad
Angluberna samudraning pangaksami
c. Alegori yaiku metafora kang ditulis nganggo ukara dawa banget. metafora ingkang
dipunjlentrehaken ngangge ukara kang radi panjang lan ugi saged lambang,
Tuladha:
• Gesangipun manungsa punika palwa upaminipun, dipun ombang –ambingaken
alun ing samudra, katempuh ing sindhung Ali wawar. Yen boten wegig juru
mudhinipun tuwin boten waspada, saged kelem pun baita utawa sumyur ing
padhas karang.
• Rukun agawe sentosa, crah agawe bubrah, manawi kadamel alegori makate
sapu yen disuhi gebangane kuwatane nggumunake. Nanging yen diudhari sarta
sadane wis manut gampang banget coklek-coklekane ingkang lambing,
d. Personifikasi yaiku pepindhan janma ( Manungsa )
Tuladha
• Sumpahe disekseni bumi langit.
• Bengawan Solo lakune ngalor menggak – menggok nrajang gunung Kendheng.
• Gunung Merapi yen gelem watuk nggegirisi

designed by tinyPPT.com

e. Metonimia yaiku lira – lirune jeneng.
Tuladha
• Le, aku tukokna gudang garam.
• Nduk amu tukokno jarum isi rolas
• Wingi ana Ramayana tubrukan karo Arjuna
• Apik Nasional tinimbang Sanyo

f. Hiperbola yaiku pepindhan sing kliwat
Tuladha
• Swarane kaya bledheg.
• Surake kaya mbelah – mbelahna bumi.
• Lakune kaya kilat.
• Mlayune koyo gajahPanase koyo mletekne sirah

3. Rima
Rima utawa sajak utawa persamaan bunyi kanggo nyiptakakekaendahan lan
kekuwatan saawijing geguritan

4. Tiprografi
Larik-larik utawa gatraning geguritan kang tinulis mawa pada utawa bait.

designed by tinyPPT.com

Geguritan uga nduweni unsur. Unsur kang kinandhut sajroning geguritan yaiku :
1. Tema
Tuladhane tema geguritan : sosial, moral agama, lan kepahlawanan

2. rasa pangrasa
Tembung ing geguritan bisa kanggo nitisake rasa pangrasa. Tembung-tembung iku diarani gaya bahasa utawa lelewaning basa.
Tuladhane : sedhih, seneng, kangen,
gumun, lan simpati

3. Nada utawa lagu
Tegese patrap kang digunakake ana ing sajroning geguritan.Tuladhane : ngguroni,
Swasana

4. Tegese kahanan batin utawa jiwa pamaos sawise maca geguritan. Geguritan nduweni
tujuan kanggo mbangun swasana batin pamaos geguritan
nuturi, ngenyek, muji, utawa nyemoni.

5. Amanat utawa Pitutur Luhur
Bab kanga rep diwedharake dening panganggit geguritan marang pamaos geguritan,
amanat bisa tarwaca, uga bisa sinandi ana ing pangrakiting geguritan

designed by tinyPPT.com

Nggancarake geguritan kudu mangerteni luwih dhisik tegese saben tembung ing
geguritan Sawise ngerti tegese kabeh tembung, kita bisa ngrakit tembung-tembung mau
dadi gancaran. Gancaran kuwi ing basa Indonesia diarani prosa. Nggancarake ateges
ngowahi tembang utawi geguritan dadi gancaran (prosa). Dadi nggancarake padha karo
"memprosakan" utawa tembunge liya "memparafrase". Sadurunge gawe gancaran kudu
mangerteni cara-carane ngancarake. Cara nggancarake geguritan:
1. Ukara-ukarane tembang utawa geguritan kang mawa tembung baliswara
kud diudhari, dhapukane ukara kawolak-walik.
2. Menawa ana tembung kawi (tembung Jawa kuna) kudu diowahi dadi
tembung Jawa anyar kang lumrah dianggo utawa dirungokake sabendinane.
3. Menawa ana tembung garba (tembung sandi) kudu diudhari.
4. Kanggo nglarasake ukara supaya ora kaku bisa mbuwang utawa ngilangi
tembung sawetara. Mangkana uga tumrap ater-ater lan panambang.
5. Pada/bait kang sakawit wujud bait-bait, kaewahana dadi paragraf kanthi
ejaan kang bener.
6. Nggatekake titik, koma, tandha pitakon, tandha prentah,
lan sapanunggalane

Tuladhane: Getih getih abang ngatirah, tumetes sajroning lemah, dhadha janggi tinembus mimis, bangke gumlethak nggandha amis

(Katon) getih( kang warna) abang (kaya godhong) ngatirah (kang) tumetes
(ing) sajroning lemah (negara Indonesia). (Ing prastawa iki) dhadha (lan)

designed by tinyPPT.com

Nulis geguritan menika salahsatunggaling katrampilan ingkang kedahipun dipungadahi dening para siswa, nyerat geguritan
menika benten kadosta nyerat seratan ing padhatanipun, ananging
nyerat geguritan menika nyerat kang endah, wondene cara kangge nyerat geguritan menika cak-cakanipun :
1. Nemtokake tema,
2. Milih tetembungan kang mentes
3. Endah lan cekak
4. Menehi irah-iarahan kang junbuh karo isine geguritan

designed by tinyPPT.com

Geguritan bisa kanggo medharake utawa ngandharake isine ati lan aweh piwulang,
pepeling, sarta pitutur marang wong sing maca. Sawijining geguritan bakal luwih gampang
olehe nggoleki amanat utawa piwulang kang ana sajroning geguritan kanthi cara
diparafrasekake luwih dhisik. Parafrase geguritan tegese proses owah-owahan saka wujud
geguritan didadekake wujud gancaran utawa paragraf, kanthi ancas supaya maknane/tegese
geguritan luwih cetha lan gamblang.
Geguritan iku bisa dirasakake kanthi maca utawa ngrungokake, satemah bisa:
1. Nemokake pesen (amanat/piwulang) kang kamot ing sajroning geguritan,
2. Nemtokake sebab kang ndadekake endahing geguritan,
3. Gawe gambaran tumrap geguritan kang diwaca utawa dirungokake

designed by tinyPPT.com

Kanggo ngelingake maneh apa wae sing kudu digatekake nalika maca geguritan, ing ngisor
iki perangan-perangan sing kudu disemak lan
diugemi,yaiku:

1. Wirama (irama/lagu)
Irama kudu digatekake nalika maca geguritan, umpamane banter, alon, cetha utawa
samar, lan sapanunggalane. Nalika maca geguritan sing surasane semangat kudu
nyuwara sora, beda nalika maca geguritan sing surasane ngemu kasusahan, kudu
alon, alus, lan melas.

2. Wirasa (rasaning swasana ati)
Surasane utawa isine geguritan kudu dimangerteni tegese utawa karepe. Nuli
anggone maca ngetrepake utawa nyelarasake karo isining geguritan, yaiku susah,
seneng,wibawa, getun, nesu lan sapanunggalane.

3. Wiraga (obahing awak)
Obahing awak yaiku aja kaku, luwes wae, mlaku uga prayoga, ngobahake
peranganing awak kanggo mbangun swasana. Pasemon, praenan kudu selaras karo
isining geguritan nanging aja banget-banget.

4. Wicara (pocapan)
Pocapan sing cetha nalika ngucapake aksara swara, wanda, lan tembung

designed by tinyPPT.com

Bab-bab kang kudu digatekake Manawa nemtokake isine sarta piwulang ing jero geguritan.
1. maca geguritan bola-bali
2. pamacane geguritan kudu urut sapada-pada
3. nemtokake gagasan kang kinandhut ing saben pada
4. nyawijekake gagasan ing saben pada kanggo nemtokake gagasan geuritan supaya dadi
wutuh.

designed by tinyPPT.com

APA IKU GEGURITAN ?

designed by tinyPPT.com

Geguritan saka tembung lingga ‘guritan’ yaiku owah-owahan saka
tembung ‘gerita’.

Dene tembung ‘gerita’ iku saka tembung lingga ‘gita’ kang nduweni teges
tembang utawa

syair. Ana uga kang nduweni panemu yen geguritan iku saka tembung
lingga ‘gurit’ kang

nduweni teges tulisan

designed by tinyPPT.com

Geguritan duweni titikan, yaiku
:

1. Ora kawengku ing pathokan
2. Dudu basa padinan

3. Migunakake tembung-
tembung kang pinilih

4. Cacahe larikan ora
kamtetokake

5. Isine mentes
6. Arang-arang nggunakake

tembung-tembung pangiket

designed by tinyPPT.com

AYO SINAU BAB MAJAS (LELEWANING BASA)

Majas utawa gaya Bahasa, ing Bahasa jawa diarani lelewaning
basa yaiku saka tembung lewa kang oleh awalan le- lan akhiran –
ing. Miturut Purwadi (2006:188), lewa teges gaya lan basa tegese
bahasa. Sahingga lelewaning basa yaiku gaya utawa ungkapan
penyampaian pesen ing sakjroning Bahasa kang gunakake
tembung tembung kiasan. .

designed by tinyPPT.com

MANEKA WARNA MAJAS (LELEWANING BASA)

1

MAJAS
METAFORA

5 MAJAS 2MAJAS
ASIMILASI
HIPERBOLA

ALEGORI PERSONIFIKASI

MAJAS MAJAS

4 3

designed by tinyPPT.com

MAJAS METAFORA

Metafora inggih punika ugel-ugelipun mawi pepindahan
(diumpamakake), limrahipun ingkang kapendhet sipatipun
ingkang kangge pepindhan wau, umpaminipun:

a. Angluberna samodraning pangaksami.
b. Arjuna punika lelancuring jagad.
c. R. Setyaki sapukawating praja Dwarawati.
d. Rr. Sumi dadi kembang ing desa Gondosari.

designed by tinyPPT.com

MAJAS HIPERBOLA

Hiperbola inggih punika ugel-ugelan mawi pepindhan
ingkang keladuk (ngluwih-ngluwihake), umpaminipun::

a. Swarane kaya mbelahna bumi.
b. Ngendikane sora kaya bledeg.
c. Lakune kaya kilat.

designed by tinyPPT.com

MAJAS PERSONIFIKASI

Personifikasi inggih punika sami kaliyan pepindhan
janma jawa, tuladhanipun:::

a. Sumpahe sineksenan bumi langit
b. Begawan solo lampahipun manger, menggak-menggok marang parenden.
c. Gunung Merapi yen gelem watuk ngegirisi.

designed by tinyPPT.com

MAJAS ALEGORI Alegori inggih punika metafora ingkang dipunjlentrehaken

ngangge ukara kang radi panjang lan ugi saged lambang,

umpaminipun::

a. Gesang manungsa punika palwa umpaminipun, dipunombang-ambingaken alun ing samudra,
katempuhnipun tuwin boten waspada, saged kalempun baita utawa sumyur ing padrus karang
jawa.
b. Rukun agawe sentosa, crah agawe bubrah, manawi kadamel alegori makate sapu yen disuhi
gebangane kuwatane nggumunake. Nanging yen diudhari sarta sadane wis manut gampang
banget coklek-coklekane ingkang lambing, umpaminipun:
– Lintang : pangabekti mring gusti allah
– Rente : keadilan sosial
– Rambu-rambu lalulintas lsp.

designed by tinyPPT.com

MAJAS ASIMILASI

Asimilasi inggih punika luluhing swara
utawi gorba, umpaminipun

jayeng (jaya + ing)
narpati (nara + pati)
mahasri (maha + asri)
prapteng (prapta + ing)

designed by tinyPPT.com

1 TEMA

PERANGANE 2 RASA
PANGRASA
GEGURITAN
3 NADA / LAGU

4 SWASANA &
PITUTUR
designed by tinyPPT.com

Cara Nggancarake Geguritan

1. Ukara-ukarane kang ana ing sakjroning geguritan kang mawa
tembung baliswara kudu diudhari, dhapukane ukara kawolak walik

2. Menawa ana tembung kawi (tembung jawa kuna) kudu diowahi
dadi tembung Jawa anyar kang lumrah dianggo utawa dirungokake
sabendinane

3. Menawa ana tembung garba (tembung sandi) kudu diudari
4. Kanggo nglarasake ukara supaya ora kaku bisa mbuwang utawa

ngilangi
5. Pada/bait kang sakawit wujud bait-bait, kawehana dadi paragraph

kanthi ejaan kang bener
6. Nggatekake titik, koma, tanda pitakon, tandha parentah lan

sakpanunggalane

designed by tinyPPT.com

NULIS GEGURITAN

Nemtokake tema
Milih tetembungan kang mentes
Endah lan cekak
Menehi irah-irahan kang jumbuh karo
isisne geguritan

designed by tinyPPT.com

MACA GEGURITAN
Nemtokake pesen )amanat/piwulang) kang
kamot ing sakjroning geguritan
Nemtokake sebab kang ndadekake
endahing geguritan
gawe gambaran tumrap geguritan kang
diwaca

designed by tinyPPT.com

KANG KUDU DIWIGATOSAKEN NALIKA
MACA GEGURITAN

Wirama(Irama / lagu)
Wirasa ((Rasaning swasana ati)
Wiraga ( Obahing awak)
Wicara (pocapan)

designed by tinyPPT.com

NEMTOKAKE ISI GEGURITAN

Maca geguritan bola-bali
Pamacane geguritan kudu urut sapada-sapada
Nemtokake gagasan kang kinandhut ing saben
padha
Nyawijikake gagasan ing saben pada kanggo
nemtokake gagasan geguritan supaya dadi wutuh

designed by tinyPPT.com

Matur Nuwun
Materi Geguritan Jawa

Dening Adeng Fatah Bintoro, S.Pd,. M.Pd

designed by tinyPPT.com


Click to View FlipBook Version