Kangge Kelas XI Semester Gasal
Dening :Novi Sriwjayati
SMK Ma’arif Salam
BAHAN AJAR GEGURITAN
Kangge Kelas XI Semester Genap
Dening : Novi sriwijayati
SMK Ma’arif Salam Magelang
Kompetensi Inti (KI)
KI.3 Memahami, menerapkan, menganalisis pengetahuan faktual, konseptual, prosedural dan
metakognitif berdasarkan rasa ingintahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni,
budaya, dan humaniora dengan wawasan kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan, dan
peradaban terkait penyebab fenomena dan kejadian, serta menerapkan pengetahuan
prosedural pada bidang kajian yang spesifik sesuai dengan bakat dan minatnya untuk
memecahkan masalah.
KI.4 Mengolah, menalar, dan menyaji dalam ranah konkret dan ranah abstrak terkait dengan
pengembangan dari yang dipelajarinya di sekolah secara mandiri, bertindak secara
efektif dan kreatif, serta mampu menggunakan metoda sesuai kaidah keilmuan.
KOMPETENSI DASAR DAN INDIKATOR PENCAPAIAN KOMPETENSI
KOMPETENSI DASAR INDIKATOR PENCAPAIAN KOMPETENSI
3.2 Menganalisis isi teks 3.2.1 Membuat parafrase/ gancaran geguritan menggunakan
geguritan. basa Jawa ragam Krama (C6)
3.2.2 Menganalisis relevansi nilai moral dalam geguritan
dengan kehidupan sehari-hari (C6)
4.2 Membaca indah teks 4.2.1 Menyajikan geguritan karya sendiri (P4)
geguritan. 4.2.2 Mengkritisi penyajian geguritan(P5)
1. IDENTIFIKASI MASALAH
Materi Faktual
Para siswa mangga dipunsemak geguritan ing ngandhap menika, kangge madosi
tembung-tembung ingkang angel saha mangertosi isining geguritan. Para siswa ugi saged
ningali vidio saking link ingkang dipunsamektakaken. https://youtube.be/EZZrCybEsEo
IBU
Ibu …
Lumantaring asihmu
Kadya cahya lintang ing angkasa
Gumebyar gawe padhanging tyasmu…
Tan kendhat pudyamu,pepujimu kanggo aku
Lir pradipta rumeksa ing wengi,
Rinenggo pupusing rembulan
Ibu...
Kang kinasih ...
Sih kawelasanmu nyirnakake sadhaya luputku
Luputku marang laku kadarman kang pinerak
Ibu…
Sewu atur ora bakal cukup,bandha donya ora bakal nutup,katresnanmu marang aku
Ibu…
Aku bakal sregep lelaku,ngudi laku utoma,nyebar tresna marang sapadha,kanggo
esemmu kang ngebaki kalbuku
Sumber: Geguritantgr.blogpot.com
2. MENGORGANISASI PESERTA DIDIK
Materi Konseptual
Para Siswa mangga dipunsinau sesarengan kanthi kelompok materi ing ngandhap menika
Peta konsep
Pangertening Geguritan Jenis geguritan
Geguritan Teknik parafrase Geguritan
Tata cara membaca indah geguritan
RINGKESAN PIWUCALAN
A. PANGERTENINNG GEGURITAN
Geguritan utawi guritan aslinipun saking tembung lingga gurit, tegesipun :
1. Tulisan ingkang awujud tatahan
2. Kidung utawi tembang
Nggurit tegesipun :
1. Ngarang tembang utawi kidung, utawi rerepan
2. Nglakokaken tembang utawi kidung
Miturut kamus utawi bausatra, geguritan menika uran-uran utawi karangan kang
pinathok kados tembang, nanging guru gatra, guru wilangan, lan guru lagunipun boten
ajeg. Menawi miturut Sadlidinata (1994:45), geguritan inggih menika iketaning basa
ingkang memper syair (syair jawi gagrag enggal).
Samenika wujud wohing kasusatran piisi warni-warni wujud dhapukanipun. Adhedasar
dhapukanipun ukara lan pangrakiting tembung, warni-warni araning geguritan kados
wonten ngandap menika:
1. Syair kalih gatra sapadan aran gita dwigatra
2. Syair tigang gatra sapadan aran gita trigatra
3. Syair sekawan gatra sapadan aran gita caturgatra
4. Syair gangsal gatra sapadan aran gita pancagatra
5. Syair enem gatra sapadan aran gita sadgatra
6. Syair pitu gatra sapadan aran gita saptogatra
7. Syair wolu gatra sapadan aran gita hastagatra
8. Syair sanga gatra sapadan aran gita nawagatra
9. Syair-syair dhapur sonata
10. Syair bebas
B. JINISIPUN GEGURITAN
Geguritan jinisipun wonten kalih :
1. Geguritan gagrak lawas
Geguritan menika ngginakaken basa jawa kina lan kapérang wonten ing pupuh–pupuh
tembang, kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Geguritan menika ugi
kalebet golonganipun tembang utawi lelagon kang ngangge Purwakanti guru-swara.
Paugeranipun geguritan gagrak lawas ingkang sampurno inggih punika:
a. Cacahipun gatra mboten ajeg, nanging lumrahipun sakedhikipun wonten sekawan
gatra.
b. Cacah wandanipun gatra satunggal lan satunggalipun tetep sami
c. Dong-ding utawi guru lagunipun sedaya manggen wonten wekasipun gatra runtut
inggih punika ngangge purwakanti guru swara.
d. Sangajengipun ukara (gatra) ingkang kawiwitan ngangge bebuka “sun
gegurit” nanging mboten ateges saben pada/bait wonten tembungipun “sun gegurit”.
Tembungipun “sun gegurit” naming wonten nginggil piyambak.
Tuladha:
Sun gegurit,
Wateke wong kampung jati
Bekti marang yayah wibi
Setya marang sakeh janji
2. Geguritan gagrak anyar
Geguritan gagrag anyar ngginakakén basa Jawa jaman samenika lan dipunserat ngangge
aksara latin, lan sampun ngginakakén kertas/ dluwang. Geguritan gagrag anyar mboten
kapérang wonten ing pupuh–pupuh tembang lan mboten ngangge tembung “sun gegurit”,
sampun mboten kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan, pramila jinising
geguritan gagrag anyar menika saged dipunwastani puisi Jawa bebas.
C. MAOS GEGURITAN
Maca geguritan iku satemene duweni supaya wong kang krungu, ngrungakake kanthi ati
kang wning supaya bisa mangerteni makane gegurtian kasebut. Mula sapa wae kang arep
maca geguritan wes samestine maknani geguritan luwih dhisik.
Amarga maca geguritan tanpa mangerteni isine anggone maca bakal sasar susur ora
karuan.
Bab cak-cakane maca geguritan kang paling becik iku kanthi solah bawa/patrape dhewe-
dhewe, ora niru utawa nyonto solah bawa lan patrape wong loya. Awit menawa maca
kanthi tiru-tiru wong liya bisa ngilangi konsentrasi.
Kanggo luwih nggampangake anggone mahami lan ngrasakake isine geguritan, yaiku
kanthi cara menehi tanda mandheg:
a. Tanda ( / ) kanggo ngganti tanda koma, karepe mandheg sadhela.
b.Tanda ( // ) kanggo ngganti tandha titik, karepe mandheg.
c. Tanda ( = ) karepe larik siji lan sijine isih ana sesambungane utawa ora mandhek.
D. NGGANCARAKEN GEGURITAN (MEMPARAFRASE GEGURITAN)
Nggancarake geguritan tegese nyalin geguritan kang rupa basa pinathok (puisi) dadi basa
gancaran (prosa). Murih bisa nggancarake geguritan mula kudu nindakake kaya ngisor iki:
a. Negesi tetembungan sing katulis ing geguritan kasebut, yen kangelan negesi tembung-
tembung kawi, bisa digoleksi ing bausastra/kamus.
b. Nggathukake maknane ing antarane gatra siji lan gatra liyane sing wis tinulis ing ukara.
c. Nggoleksi dudutan/kesimpulan saka pokok pikiran sing kinandhut ing sawijine
pada/bait.
d. Nulis ukara sing dadi gagasan baku (ide pokok) ing sawijining pada
e. Sawise bisa nemtotake gagasan baku (ide pokok) ing saben-saben pada/bait, banjur
nggathukake ing antarane gagasan baku pada siji karo pada liyane.
f. Saka gagasan-gagasan baku mau bisa disimpulake gagasan baku sing paling wigati
kang mujudake pesen utawa amanat sing kinandhut ing gegurtian kasebut.
E. CARA MACA GEGURITAN KANG ENDAH
Carane maca geguritan kang becik lan endah sakurang - kurange ana 4, yaiku Wicara,
Wirama, Wirasa, lan Wiraga.
Penjelasane yaiku :
1. Wicara (cara ucap), tegese pocapane kudu cetha, mantep ora keno ragu - ragu, pocapan
lafal (a, i, o, e, tha, ta, dha, da lan sak piturute) sing bener lan jelas.
2., Wirama (lagu lan intonasi) tegese banter alone pocapan lan munggah mudune intonasi
kudu dilarasake karo isine sesorah.
3. Wirasa (njiwai), tegese pedhotan tembung / ukara kudu cocog karo karepe (prentah,
nesu, seneng, ngenyek, getun lan liyo liyane).
4. Wiraga (ekspresi mimik), tegese polah obahing tangan, awak, polatan, rasa kudu luwes
ora kaku ora ketok digawe - gawe.
3. MEMBIMBING PENYELIDIKAN
Materi Prosedural
Para siswa sasampunipun mahami materi bab geguritan, sumangga dipunsinau sesarengan
kanthi kelompok materi ing ngandhap menika bab caranipun mangertosi isi geguritan,
saha nggancaraken geguritan
a. Mangertosi Isining geguritan
Ing salebetipun teks Geguritan tamtu kemawon ngandhut makna utawi wosing
pirembagan ingkang dipunandharaken dening panganggitipun. Anggenipun mangertosi
wosing/
isi geguritan kadhang kala boten saged dipunlampahi kanthi langsung (ateges
sasampunipun
mirengaken syairipun utawi maos syairipun lajeng mangertos isinipun) ananging kedah
mawi
langkah-langkah tartamtu. Dene langkah-langkahipun mangertosi geguritan kados ing
ngandhap
menika:
a. negesi tetembungan angel → tetembungan ingkang angel ing salebetipun teks
geguritan dipunpadosi rumiyin tegesipun, supados gampil anggenipun mangertosi
gegambaran wosing geguritan (ngandharaken bab menapa);
b. damel parafrase → parafrase inggih menika ngewahi struktur puisi dados struktur
gancaran/ prosa. Teks mawi dhapukan puisi menika basanipun mentes saha rinengga,
dados kedah dipunudhari rumiyin supados gampil manggihaken isinipun geguritan;
c. manggihaken isi/ wosing geguritan → sasampunipun teks dipundadosaken parafrase
menika gampil anggenipun manggihaken isinipun amargi arupi teks prosa;
d. manggihaken nilai moral → sasampunipun mangertosi isinipun bab menapa tamtu
gampil anggenipun manggihaken nilai moral ing salebeting teks geguritan
4. MENGEMBANGKAN DAN MENYAJIKAN HASIL KARYA
Materi Metakognitif
Para siswa sasampunipun maos lan mangertosi caranipun madosi isi/ wosing geguritan,
sumangga dipuncakaken langkah-langkahipun kangge madosi isi wosing geguritan
menika!
a. Negesi Tetembungan
Anggenipun negesi tetembungan ingkang angel menika kanthi adhedhasar Bausastra
Jawa ingkang awujud cithak utawi online. Bausastra cithak ingkang asring
dipunginakaken angggitanipun Powrwadarminta, dene ingkang online saged mawi
alamat https://www.sastra.org/leksikon
b. Damel Parafrase
Parafrase inggih menika ngewahi struktur puisi dados struktur gancaran. Anggenipun
parafrase menika kanthi nambahi tetembungan satemah gampil dipunmangertosi
isinipun, saha kanthi ngewahi strukturipun dados struktur ukara (Jejer- Wasesa-Lesan-
Katrangan).
c. Manggihaken isi/ wosing geguritan
Sasampunipun damel parafrase, wosipun geguritan sampun langkung ketingal saha
gampil dipunmangertosi tinimbang nalika taksih awujud struktur puisi.
d. Nyerat geguritan
Nyerat geguritan karya pribadhi kanthi basa ingkng leres.
e. Maos endah geguritan
Maosaken gehuritan kanthi jeda, intonasi ingkang sampun dipunjumbuhaken kalian
tatacara maos endah geguritan
5. MENGANALISIS DAN MENGAEVALUASI PEMECAHAN MASALAH
Para siswa sasampunipun manggihaken tetembungan ingkang angel, damel parafrase
kangge mangertosi isi, saha manggihaken nilai moral saking geguritan, pramila mangga
sami dipunanalisis & dipunevalusi proses anggenipun manggihaken sedaya unsur
kalawau!
Ing pungkasan siswa saget maosaken geguritan kanthi maca endah.
Bab angel menapa saking proses negesi tetembungan dumugi manggihaken nilai moral
saking geguritan Menika?
1. Anggenipun madosi tembung kedah tliti;
2. Anggenipun madosi tembung kedah milih teges ingkang jumbuh kaliyan konteksipun;
3. Anggenipun damel parafrase kedah jumbuh kaliyan konteksipun;
4. Anggenipun madosi isi/ wosing geguritan kedah jumbuh kaliyan konteksipun;
5. Anggenipun manggihaken nilai moral kedah dipunjuumbuhaken kaliyan ing kasunyatan
gesang ing zaman samenika.
Daftar Pustaka
Dr. Sudi Yatmana. 2005. Kabeh Seneng Basa Jawa 2. Semarang: PT. Ghalia Indonesia
Printing
Mulyana. 2005. Kajian Wacana. Yogyakarta. Tiara wacana
Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters. Nuharini, Dewi
dan Tri,
Raja Usman.2013. Penggunaan Metode Parafrase untuk Meningkatkan
Kemampuan Menulis Parafrase Puisi ke Prosa terhadap Hasil Belajar Siswa
Kelas II SMP Al-Ittihat Pekanbaru
https://sorot.ejournal.unri.ac.id/index.php/JS/article/view/3213
Waluyo (1995:25) ing Kiki Andriyani. 2018. Geguritan pilihan untuk
pembelajaran bahasa jawa Siswa kelas ix di smp cepogo. FBS UNNES
https://www.google.com/search?q=skripsi+literasi+geguritan+bahasa+jawa&ei
Widaryatmo, Gandung dkk. 2013. Prigel Basa Jawa Jilid 1. Jakarta. Erlangga.
https://sastrajawa.org/leksikon
https://id.scribd.com/document/514460222/Parafrase-geguritan
https://www.kurotasanry.com/2020/12/geguritan-ing-basa-jawa-lengkap.html
https://brainly.co.id/tugas/6190924
https://www.pintarnesia.com/geguritan/