Bahan Ajar
Undha-usuk Pawicantenan tiyang sepuh lan putra
ing Kulawarga
[
BAHAN AJAR
Institusi : SMK Ma’arif Salam
Mata Pelajaran : Muatan Lokal Bahasa Jawa
Tahun Pelajaran : 2022/2023
Jenjang sekolah : SMK
Fase : E
Kelas/Semester : X / Ganjil
Alokasi waktu : 2 x 45 menit (2JP)
CP : Peserta didik mampu menggunakan Bahasa Jawa sesuai dengan kaidah kebahasaan
(paramasastra) dan unggah- ungguh basa untuk menyampaikan informasi berupa gagasan,
pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan yang akurat dari teks nonsastra
(misalnya: pawarta/reportase/lainnya)
Fase E Berdasarkan Elemen Membaca dan berbicara
1. Membaca
Peserta didik mampu mengidentifikasi penggunaan Bahasa Jawa sesuai
dengan kaidah kebahasaan (paramasastra) dan unggah-ungguh basa untuk
berbagai tujuan secara logis, kritis dan kreatif.
2. Berbicara
Peserta didik mampu menggunakan Bahasa Jawa sesuai dengan kaidah kebahasaan
(paramasastra) dan unggah-ungguh basa untuk menyampaikan informasi berupa gagasan,
pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan yang akurat dari teks nonsastra (misalnya:
pawarta/reportase/lainnya).
Tujuan Pembelajaran
1. Melalui pembelajaran PBL (Problem Based learning), setelah membaca teks
pawicantenan undha-usuk basa Jawa, peserta didik dapat menganalisis ragam
undha-usuk basa Jawa dalam teks pawicantenan yang disajikan dengan berdiskusi
secara kelompok dengan bernalar kritis.(C4)
2. Melalui pembelajaran PBL (Problem Based learning), setelah memahami pemakaian
undha-usuk Jawa dalam teks pawicantenan, peserta didik dapat memproduksi teks
pawicantenan dengan menggunakan ragam undha-usuk basa Jawa dalam kehidupan
sehari-hari secara berkelompok dengan kreatif dan bergotong-royong. (C6)
3. Melalui pembelajaran PBL (Problem Based learning), setelah memahami pemakaian
undha-usuk Jawa dalam teks pawicantenan, peserta didik dapat mengkritisi teks
pawicantenan karya teman dengan mandiri. (P4)
1. IDENTIFIKASI MASALAH
Materi Faktual
Para siswa mangga dipunsemak pawicantenan ing ngandhap menika, kangge madosi
tembung-tembung ingkang angel saha mangertosi isining geguritan. Para siswa ugi saged
ningali vidio saking link ingkang dipunsamektakaken.
Unggah-ungguh pawicantenan putra dening tiyang sepuh.
beneKr aKyreaonlwiakonanrgtoiytwauownngagskteuupdwuuahhikokerumdkaauhtd.kuUhkkuaurrrmamaiaktti..wIKnisugdkluuamnngrgaedhritpdiiuuuncnwagpgaaaskthae-nudinegtnigyinuaghn.wgDosenengpeutuhswin:ag. Mula pancen
tu1w.aBiakpua: biyung kandung kalebu wong
1.2B. aBpaapbaikyulanng ikbaundguunrgu
234...34BBK.. aaaBKppkaaaaapknklaagalnanllganainnblibauimunbmbugmaaumkrbrayuaatukuraywusaep(uyhen( winigs knaiknaghs)ampun nikah )
5.5S. eSdeudlhuerrteukwsaempuehrgsaaksainkga uurruutt--uurruuttaannuuttaawwai ssiillssilialahh
6.6W. Poinygansitnugnuimngukraenpganycuesnwlaunwipihutnuwlaan.gkung sepuh.
Ing babagan menika ngginakakaen bahasa Jawi ragam krama.
2. MENGORGANISASI PESERTA DIDIK
Materi Konseptual
Para Siswa mangga dipunsinau sesarengan kanthi kelompok materi ing ngandhap menika
Peta konsep
1. Pangertosan Unggah-Ungguh Basa
Unggah-ungguh inggih menika tata-pranataning basa miturut lenggahing tata krama
(Poerwadarminta, 1939:443). Andharan kasebut gadhah makna bilih tiyang ingkang
ngginakaken unggah-ungguh basa, menawi wicanten utawi sesambetan kaliyan tiyang
sanes, basanipun temtu badhe dipunarah-arah, dipuntata kanthi netepi pranataning
subasita, paugeraning tata susila murih saged damel reseping manah lan minangka tandha
ngajeni dhateng tiyang sanes. Awit saking menika unggah-ungguh basa raket sanget
gegayutanipun kaliyan tata krama. Kejawi saking menika, unggah-ungguh basa ugi saged
dipunwastani undha usuking basa (tingkataning basa adhedhasar anggenipun
ngginakaken).
Cak-cakanipun tiyang ingkang badhe wicantenan supados saged trep kaliyan unggah-
ungguh, kedah nggatosaken perkawis ngandhap menika.
a. Sinten ingkang gineman (ngrumaosi pribadinipun ingkang gineman)
b. Sinten ingkang dipunajak gineman.
c. Sinten uatawi menapa ingkang dipunginemaken.
d. Wekdalipun rikala gineman
e. Papanipun rikala gineman
f. Swasana rikala gineman.
2. Ragam Undha-usuk Basa Jawa
Miturut Harjawiyana (2021) mratelakaken bilih nalika jaman kejawen undha usuk
basa Jawi gesang ngrembaka, ngantos wonten mawarni-warni jinisipun. Liripun basa
ngoko lan krama taksih dipunwijang-wijang lan menawi kagarba dados 6 (enem) jinis
inggih menika basa ngoko, madya, krama desa, krama, krama inggil, lan basa kedhaton.
Dene basa ngoko, madya, lan krama taksih dipunprinci-princi malih.
Salajengipun tumrap masarakat Jawi ing jaman samenika undha usuk basa kasebut
dipunraosaken sampun boten cocog, boten lumampah malih, lan lajeng boten
dipunginakaken. Dening sagung warga masarakat Jawi, sesarengan kaliyan para ahli tuwin
para sutresna basa Jawi, undha usuk basa menika lajeng dipungarap lan dipuncundhukaken
kaliyan swasana lan kawontenan ing jaman samenika. Pramila undha usuk basa ing jaman
samenika dipunprinci dados 4 (sekawan) inggih menika ngoko lugu, ngoko alus, krama
lugu lan krama alus/inggil. Dene ngengrenganipun kados ngandhap menika
Supados para siswa mangertos cara ngecaaken unggah-ungguh basa, samenika
badhe dipunaturaken pranatan panganggenipun undha-usuk basa saged dipunwaos
ngandhap menika.
1. Basa Ngoko Lugu
Basa ingkang dipunginakaken kangge wicantenan utawi gineman menika sedaya basa
ngoko.
Ginanipun kangge gineman:
a. Tiyang sepuh dhateng putra, wayah, menapa dene dhateng lare anem sanesipun.
b. Dhateng sesaminipun, kanca sepantaran, tuladhanipun lare kaliyan kancanipun.
c. Pangageng dhateng tiyang sangandhapipun, tuladhanipun juragan dhateng
baturipun.
d. Panguda rasa (gineman kaliyan pribadinipun piyambak).
Tuladhanipun Ngoko Lugu:
Ginemanipun lare kaliyan kancanipun.
Sekar : “Don, kowe wis mangan durung? Yen durung, ayo tuku panganan ning
kantin!”
Doni : “ya ayo, Kar. Aku durung mangan esuk mau, saiki wetengku ya wis krasa
ngelih.”
2. Basa Ngoko Alus
Basa ingkang dipunginakaken ngoko nanging wonten perangan ingkang ngginakaken
krama. Ginanipun kangge gineman:
a. Tiyang ingkang sampun raket supeket nanging taksih gadhah raos ngurmati dhateng
ingkang dipunajak gineman. Umpaminipun antawis sesaminipun kanca nyambut
damel, sesaminipun kanca sekolah, lsp.
b. Tiyang ingkang sampun raket supeket nanging ingkang dipunginem menika tiyang
ingkang perlu dipunurmati.
Tuladhanipun Ngoko Alus :
Ginemanipun satunggaling tiyang kaliyan kanca sakantor.
Pak Sastra: Pak Jaya, nuwun sewu. Panjenengan arep kondur kapan? Wis sore lho iki.
Pak Jaya : Aku ta, lha yen aku ya sedhela maneh. Panjenengan yen arep kondur
sikik,mangga....
3. Basa Krama Lugu
Ginanipun kangge gineman:
a. Dhateng sesamining kanca ingkang dereng supeket.
b. Tiyang sepuh dhateng tiyang ingkang langkung enem, ananging ingkang dipunajak
gineman wau sinaosa enem nanging wajib kinurmatan.
c. Tiyang ingkang nggadhahi kalenggahan (drajat pangkat) inggil dhateng
andhahanipun, ananging andhahanipun wau yuswanipun langkung sepuh utawi wajib
kinurmatan.
d. Tiyang ingkang gineman priyayi luhur lan ingkang dipunajak gineman tiyang limrah
ingkang sampun sepuh yuswanipun utawi wajib kinurmatan.
Tuladhanipun Krama Lugu :
Ginemanipun Pak Ketua RT dhateng para pemudha ing parepatan (pepanggihan
pemuda) “Adhik-adhik sedaya kula ing ngriki ngaturake panuwun dhateng sampeyan
sedaya, dene sampun purun dugi ing pepanggihan menika.”
4. Basa Krama Inggil:
Basa krama inggil menika ngginaaken tembung krama alus/inggil. Ginanipun kangge
gineman:
a. Tiyang ingkang gineman dereng tepang kaliyan ingkang dipunajak gineman, lan
ingkang dipunajak gineman wau ketingal langkung sepuh utawi tiyang ingkang
kagungan pangkat inggil.
b. Tiyang ingkang gineman langkung enem yuswanipun tinimbang ingkang dipunajak
gineman, lan ingkang dipunajak gineman wajib kinurmatan.
c. Tiyang ingkang gineman langkung cendhek drajat pangkatipun tinimbang ingkang
dipunajak gineman, utawi ingkang dipunajak gineman wajib kinurmatan.
Tuladhanipun Basa Krama Inggil :
Ginemanipun wayah(putu) dhateng eyangipun:
Wisnu : “Kados pundi eyang gerahipun, sampun dhangan menapa dereng?” (Krama
Inggil)
Bapak : “Rasane kok durung iki. Kepriye ya le, supayane eyang cepet mari?”
(Ngoko Lugu)
Wisnu : “Makaten kemawon, ing mangke eyang kula dherekaken tindak dhateng
Puskesmas, kersanipun dipunpriksa dening Pak Dhokter.” (Krama Inggil)
3. MEMBIMBING PENYELIDIKAN
Materi Prosedural
Sasampunipun para siswa maos materi bab undha-usuk basa Jawi, Guru paring
dhawuh : sumangga dipunsinau sesarengan kanthi kelompok materi ing ngandhap
menika bab caranipun mangertosi isi geguritan, saha nggancaraken geguritan
a. Mangertosi Isining pawicantenan
Ing salebetipun teks Pawicantenan tamtu kemawon ngandhut amanatipun.
Saking salebeting teks pawicantenan ingkang sampun dipunsemak, para siswa
saget mangertosi isining pawicantenan, amanatipun, saha tembung-tembung
ingkang kalebt ing basa Jawi ngoko saha basa jawi krama.
Mangga dipunanalisis tembung ing pawicantenan miturut ragam
unggah-ungguh basa! Tembung utawa ukaraipun
No Ragam Unggah-ungguh Basa
1. Ngoko
2. Ngoko Alus
3. Krama
4. Krama Inggil
4. MENGEMBANGKAN DAN MENYAJIKAN HASIL KARYA
Materi Metakognitif
Para siswa sasampunipun maos lan mangertosi caranipun madosi isi/ wosing
pawicantnan, sumangga para siswa saget ngripta piyambak teks pawicantenan ing
sekolah, kaluwarga, utawi ing lingkungan kanthi migunakaken undha-usuk basa
ingkang leres.
a. Nulis teks pacelathon ngginakaken tata tulis ingkang leres
Babagan ingkang kedah dipugatosaken inggih menika ukara sing digunakake
cudu saur-sauran (gentenan ngomong). Tembung sing kerep digunakake ing
pacelathon: apa, sapa, kepriye, ing ngendi lan kapan.
b. Praktek pawicantenan
Nalika maragakake teks pacelathon sing kudu di gatekake antara liya yaiku:
Pocapan kudu jelas
1. Kudu genah lan cetha ngucapake endi swara jejeg lan endi sing swara miring
Genah ngucapake swara a jejeg, contone ing tembung: kara, dhadha,
ana, padha, warna. Uga kudu bisa swara a miring umpamane ing
tembung: panas, pangan, padhang.
Genah ngucapake swara i jejeg, contone ing tembung: rugi, mudi, siji,
dadi. Uga kudu bisa swara i miring umpamane ing tembung: aking, becik,
bulik.
Genah ngucapake swara u jejeg, contone ing tembung: bayu, pitu,
sapu. Uga kudu bisa swara u miring umpamane ing tembung: luhur,
bubur, libur.
Genah ngucapake swara e jejeg, contone ing tembung: rene, sate,
sare. Uga kudu bisa swara e miring umpamane ing tembung: kethek, elek,
apem.
Genah ngucapake swara o jejeg, contone ing tembung: karo, sawo,
pindho. Uga kudu bisa swara o miring umpamane ing tembung: kathok,
pelok, wedhok.
2. Swara aksara t, th, d, lan dh kanthi bener
Bisa ngucapake aksara t kanthi nggathukake pucuk ilat ketemu pucuk ilat,
tuladhane: untu, pokat, kintir. Uga kudu bisa ngucapake
aksara th diucapake kanthi nggathukake pucuk ilat ketemu cethak ing alat
ucap, umpamane: bathuk menthok.
Bisa ngucapake aksara d kanthi nggathukake pucuk ilat ketemu pucuk
untu, tuladhane: duren, dodol, madu. Uga kudu bisa ngucapake
aksara dh diucapake kanthi nggathukake pucuk ilat ketemu cethak ing alat
ucap, umpamane: dhada, gerdhu lan wadhuk.
3.Intonasi
Intonasi tegese iramane ukara. Intonasi yaiku rendhet cepete lan aluse
pocapane tokoh nalika naturake tembung lan ukara sajerone pacelathon.
Pocapane intonasi kudu pas.
4.Polatan
Polatan uga diarani mimik wajah utawa ekspresi ing basa Indonesia. Polatan
(ekspresi wajah) kudu jumbuh karo isine pacelathon.
5.Gestur
Gestur mujudake tingkah polahe utawa solah bawane paraga kang jumbuh karo
isine pacelathon.
5. MENGANALISIS DAN MENGAEVALUASI PEMECAHAN MASALAH
Para siswa sasampunipun manggihaken tetembungan ingkang angel, nyemak
pacelathon kangge mangertosi isi, saha manggihaken ragam undha-usuk basa
Jawi, pramila mangga sami dipunanalisis & dipunevalusi proses anggenipun
manggihaken sedaya unsur kalawau!
Ing pungkasan siswa saget maosaken pawicantena ingkang sampun
dipunserat.
DUDUTAN
Bab angel saking proses nyemak dumugi nyerat pawicantenan.
1. Anggenipun madosi tembung ingkang kedah taliti;
2. Anggenipun madosi tembung kedah milih teges ingkang jumbuh kaliyan
konteksipun;
3. Anggenipun madosi tembung undha-usuk kedah taliti.
4. Anggenipun madosi isi/ wosing pawicantenan kedah jumbuh kaliyan konteksipun
5. Anggenipun nyambungaken ukara ing pawicanten kedah taliti
6. Anggenipun manggihaken nilai moral kedah dipunjuumbuhaken kaliyan ing
kasunyatan gesang ing zaman samenika.
RELEVANSI
Para siswa saget mangertosi ragam undha-usuk basa Jawi satemah saget mraktekaken
cak-cakan pangangening undha-usuk basa Jawi ing lingkunganipun.
Daftar Pustaka
Dr. Sudi Yatmana. 2005.Kabeh Seneng Basa Jawa 1. Semarang: PT. Ghalia
Indonesia Printing
Widaryatmo, Gandung dkk. 2013. Prigel Basa Jawa Jilid 1. Jakarta. Erlangga
Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters. Nuharini,
Dewi dan Tri,
Poedjosoedarmo (1977 : 11) Sutrina Wibawa. Agustus 1990. Faktor-Faktor
Sosiolinguistik Dalam Pengajaran Unggah- ungguh Bahasa Jawa. Cakrawala
Pendidikan Nomer 3 tahun IX.
https://media.neliti.com/media/publications/83558-
none-b84a6536.pdf
Poedjosoedarmo (2000:19)
https://lingua.soloclcs.org/index.php/lingua/article/view/1
81/175
Nurhayati, Endang dkk. 2006. Linguistik Bahasa Jawa. Yogyakarta. Bagaskara.