MATERI AJAR CERITA LEGENDA MATERI AJAR
KELAS VIII SEMESTER 2
DENING:
S I N T A M I D.N
CERITA LEGENDA
A. KOMPETENSI DASAR
4.3 Meringkas isi teks legenda
B. INDIKATOR PENCAPAIAN KOMPTENSI
4.3.1 Menuliskan pokok isi bacaan teks legenda.
4.3.2 Menceritakan kembali teks legenda secara lisan.
C. ANCAS PASINAON
1.Lumantar kagiyatan maca cerita legenda, para
siswa bisa mangerteni wosing cerita legenda saha
bisa menehi pamanggih saha nyaritakake maneh
cerita legenda. Saengga para siswa bisa ngrembag
apa bae kang ana ing cerita legenda, uga bisa
nglatih menggalih kanthi kritis lan komunikasi.
2.Sawise nyemak video ana ing youtube bab cerita
legenda para siswa bisa mangerteni cerita ana ing
masyarakat.
D. PANDOM PASINAON
Sadurunge mlebu ing materi pasinaon, luwih becik para
siswa mengerti pandom pasinaon iki. Ing ngisor iki bab-
bab kang kudu digatekake :
1.Para siswa maca materi saka guru sakdurunge guru
mulang.
2.Para siswa nyimak video youtube sing uwis dishare
kaliyan guru.
3.Para siswa nyerat ringkasan materi sing uwis
diwaca lan tonton ing youtube.
4.Para siswa bisa nyuwun pirsa marang guru ngenani
bab kang ora dimangerteni.
5.Para siswa bisa nggarap gladhen kanggo nguji
pemahaman materi.
WIS SIAP SINAU
CERITA LEGENDA CAH?
MATERI AJAR
Sapa sing wis tau
maca utawa
nonton legenda?
apa sih legenda kuwi?
Legenda yaiku crita rakyat sing gegayutan karo dumadine
satunggaling papan utawa panggonan.
Jaman biyen para sepuh kuwi pancen pinter dedongeng
lan gawe dongeng. Dongeng kang dicritakake ana kang
awujud crita kewan, crita wayang, cerita bab-bab sing
ana hubungane marang kapercayan, asal-usul sawijining
panggonan, lsp. Crita-crita mau kabeh nduweni
kekarepan menehi tetuladhan, pitutur marang para
manungsa supaya padha nduweni budi pekerti kang
luhur, ora gumedhe, ora kuminter, sing lembah manah,
tansah andhap asor lan nduweni tata krama sarta ngajeni
mring sasama. Saliyane ngandhut bab pitutur lan budi
pakarti, dongeng iku uga ngemu hiburan kang
nyenengake minangka panglipur yen ati lagi sedhih,
sengkel lan kuciwa.
Cerita dongeng kasebut ing dhuwur bisa kagolongake
dadi:
1. Fabel yaiku cerita kang paragane para kewan kang
tindak-tanduke diupamake kaya dene manungsa kang
bisa ngomong.
2. Mithe yaiku dongeng kang ana gegayutane marang
bangsa alus, arwahe para leluhur, jin, syetan, lsp.
3. Legenda yaiku dongeng kang nyeritakake asal-usul
utawa kedadeyane sawijining papan utawa panggonan.
Unsur-unsur Pambangun Crita
a. Unsur Intrinsik, yaiku unsur crita kang ana ing
sajroning crita, kayata:
1.Irah-irahan yaiku judul crita
2.Tema, yaiku gagasan pokok sing dadi dhasaring
crita
3.Paraga(tokoh), yaiku uwong utawa tokoh kang
ngakoni crita.
4.Watak(sifat), yaiku watake/sifate para paraga.
5. Setting(latar),
latar ana 3 yaiku :
a. latar panggonan/papan kedadeyane ing crita.
b. latar wektu, kapan kedadeyane ing crita.
c. latar kahanan/swasana, kepiye kahanane ing crita.
6. amanat/pesen, yaiku pitutur/nasehat utawa pesen
saka pengarang penulis crita.
7.Alur/plot, yaiku: posisi pengarang ing crita.
b. Unsur Ekstrinsik, yaiku unsur crita kang ana ing
sanjabaning crita nanging nduwe pengarung ing dalane
crita, kayata ekonomi, sosial, budaya, agama, politik lan
liya-liyane.
piye cah? mudeng apa mubeng?
MEDIA PENDUKUNG
ayo cah bareng-bareng
nonton legenda ana ing link iki,
ayo tebak legenda apa
sing arep mbok tonton iki?
GLADHEN
Asal usul Sumur Blandhung
Sumur Blandhung digawe nalika jaman Hindhu-Budha kerajaan
Majapahit abad 13-14. Sumur Blandung pancen sengaja digawe
penduduk banyune kanggo kaperluan padinan.
Mula bukane Sumur Blandung kuwi, sawijining dina ana petani
jenenge Pak Pahing akon anake yaiku Kliwon supaya angon
wedhus, nanging ora gelem nunggoni wedhuse malah dolan
nonton. Pak Pahing weruh wedhuse ora ditunggoni Kliwon,
dheweke banjur nesu, wedhuse digawa mulih. Tekan omah
Kliwon diseneni nanging meneng wae, amarga ora direwes Pak
Pahing nesune saya muntap banjur Kliwon ditundhung saka
omah. Kliwon lunga mangalor tekan Gunung Lawu. Ing papan
kuwi ana pondok pesantren. Kliwon mapan lan maguru ing
pesantren kuwi.
Sawijining bengi ing padhepokan kuwi ana guru nggawe tandha
kanthi cara sarung dibundheli pucuke. Ing kono cacahing sarung
akeh nanging sing dibundheli mung siji. Esuke sawise para santri
resik-resik, guru ndhawuhi para santri ing pesantren kuwi
supaya njupuk sarung ing tumpukan. Sawise kabeh padha
njupuk, pranyata sing njupuk sarung ana tandhane iku Kliwon.
Guru iku banjur ndhawuhi Kliwon supaya lunga menyang
Majapahit amarga Kliwon wis cukup ilmune lan kabeh ilmu sing
diduweni gurune wis diwenehake kabeh marang dheweke. Kliwon
banjur lunga menyang Majapahit. Ing Majapahit ana punggawa
kerajaan sing duwe anak wadon sing jenenge Mayasari rupane
ayu nanging lagi nandhang lelara lan durung ana sing bisa
nambani. Amarga nduweni ilmu sing cukup dhuwur Kliwon bisa
nambani putri mau saka larane. Amarga lelabuhane iku Kliwon
didhaupke karo Mayasari lan diwenehi kalungguhan.
Sawise dhaup karo Mayasari, Kliwon didhawuhi mulih menyang
panggonan asale lan nggawe kadipaten, papan iku saya suwe
saya rame dadi pasar. Pak Pahing bapake Kliwon uga dadi bakul
dhawet lan dodolane laris banget. Ing sawijining dina Kliwon
weruh bapake lagi dodolan banjur marani. Pak Pahing ora ngerti
yen sing marani iku Kliwon anake sing wis suwe lunga amarga
Kliwon saiki wis dadi bangsawan lan ganti jeneng. Kliwon
omong-omongan karo Pak Pahing takon ngenani kaluwargane.
Wusanane Kliwon omong nek dheweke iku anake Pak Pahing.
Pak Pahing kaget ora nduga yen anake dadi bangsawan.
Mangerteni bab iku Mayasari dadi isin, dheweke bali menyang
Majapahit. Nanging tekan Majapahit dheweke dikon bali meneh
menyang bojone. Mayasari banjur bali meneh menyang Kliwon.
Dheweke rumangsa sedhih banjur arep nglalu kanthi cara
nggantung utawa nggandhul, ananging ora mati.
Mula papan sing digunakake kanggo nglalu Mayasari iku
dijenengi Gandhulan. Mayasari banjur mlayu menyang sawijining
papan, ing kono dheweke lara nglebag-nglebag nganti tumekane
pati . Mula papan iku dijenengi Mlibak.
Mangerteni kahanan kuwi Kliwon sedhih banget, sawise
Mayasari mati kadipaten iku wargane padha nandhang lelara.
Amarga Kliwon ilmune dhuwur dheweke ngerti kepriye carane
nanggulangi kahanan iku. Dheweke banjur akon rakyate supaya
gawe sumur ing wadhas utawa watu-watu. Banyu sing metu saka
sumur iku manjur bisa kanggo ngobati wong-wong sing lara.
Sumur iku diarani Sumur Blandhung. Sumur Blandhung iku
mapan ing desa Tegowanuh, Kaloran, Temanggung.
Garapen soal-soal gladhen ing ngisor iki!i
1.Tembung menika kapadosna tegesipun kanthi
leres!
a. Mula bukane : …………………….
b. Maguru : …………………….
2. Sumur blandhung kadamel rikala jaman punapa?
3. Ing pundi papanipun Sumur Blandung menika?
4. Sinten asmane bapakipun Kliwon?
5. Kenging menapa bapakipun Kliwon duka?
PENILAIAN DHIRI
Ket :
TP : Tidak Paham
KP : Kurang Paham
P : Paham
SP : Sangat Paham
REFLEKSI
Sadbhdauinimwnjuaguarnrne,cgamdaeshpriatpuaceuwanknuimarinsn?aaggtkesadrAeiupsimrnoaugranatghew?riae
Ringkesan
Tambahkan sedikit Teks legenda yang termasuk prosa rakyat
adalah cerita yang berkembang di masyarakat tentang sebuah
kejadian atau peristiwa yang melatarbelakangi keberadaan
sesuatu atau sebuah tempat. Peristiwa yang ada pada legenda
ini dianggap suci oleh empunya atau oleh sebagian orang di
zaman dulu atau si zaman sekarang karena berisi ceritanya berisi
tentang keajaiban, kesaktian, anugerah, atau keistimewaan yang
melibatkan tokohtokoh yang terlibat di dalam cerita tersebut.
Namun, pada zaman sekarang legenda hanya bersifat rekreatif
atau dianggap hiburan semata. isi
KEPUSTAKAAN
Dhita Puspitasari.Edisi
2.Klasifikasi 418.Penerbit Duta.
Lantip Bahasa Jawa Kelas VIII.