GEGURITAN
Tegese geguritan
Geguritan saka tembung lingga „gurita‟ yaiku owah-owahan saka tembung „gerita‟. Dene
tembung „gerita‟ iku saka tembung lingga „gita‟ kang nduweni teges tembang utawa syair.
Geguritan iku saka tembung lingga „gurit‟ kang nduweni teges tembang, kidung, syair.
Miturut kamus, geguritan yaiku tembang uran-uran utawa karangan kang pinathok kayadene
tembang, nanging guru gatra, guru lagu, lan guru wilangane ora ajeg.
Miturut Raminah Baribin (2005) geguritan iku iketaning basa kaya dene syair. Mula saperangan
pawongan ana kang ngarani utawa nyebut syair Jawa gagrag anyar.
Saka maneka teges geguritan ing dhuwur bisa kajupuk dudutane (kesimpulane), geguritan yaiku wohing
kasusastran Jawa anyar awujud syair kang tanpa nganggo paugeran/pathokan tartamtu. Geguritan kuwi
ora ditembangake nanging diwaca nganggo wirama, wirasa lan wiraga manut surasane.
Geguritan kaperang dadi loro:
1. Geguritan tradisional kuwi geguritan nganggo paugeran-paugeran tartamtu kayata cacahing larik
saben pada (bait), cacahing wanda saben larik uga dhongdhinge swara (persajakan). Kang kagolong
geguritan tradisional antara liya yaiku parikan, wangsalan, tembang macapat, tembang tengahan lan
tembang gedhe. Puisi Jawa Tradisional, sing umume arupa tembang. Puisi iki ditembangake miturut
lagu-lagu khusus, nganggo piranti gamelan utawa tanpa gamelan. Puisi Jawa Tradisional ora bisa
dipisahake kalawan tembang.
Puisi tradhisional kang awujud tembang jawa akeh banget jinisi lan kaperang dadi telung perangan
gedhe :
a. Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik) : Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil,
Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dandhanggula.
b. Puisi tembang tengahan (tembang dhagelan) : Megatruh (Dudukwuluh), Gambuh, Wirangrong,
Balabak, lan Juru Demung.
c. Puisi tembang gedhe (kawi) : Girisa
2. Geguritan modern ora diwatesi pathokan-pathokan lan paugeran kaya kang ana ing geguritan
tradisional. Tegese saben pada (bait) ora ditemtokake cacahe larik. Saben larik ora ditemtokake
cacahe wanda lan dhongdhinge swara (persajakan). Pangripta mardika (bebas) anggone medharake
karep. Mula geguritan modern uga diarani geguritan bebas utawa kang saiki lumrah diarani
geguritan.
Geguritan kuna Geguritan modern
1. Diwiwiti nganggo tembung sun 1. Ora ana paugeran kang gumathok
2. Cacahing gatra ora ajeg, nanging sithike 2. Barisane endah
papat
3. Cacahing wanda ing gatra siji lan sijine kudu 3. Basane dudu basa padinan
padha akehe
4. Tibaning guru lagu kudu runtut 4. Ana rima, irama, lan intonasi
Titikane geguritan 1
Titikane geguritan yaiku:
Ora kawengku ing pathokan metrum/ paugeran kayadene macapat
Dudu basa padinan
Migunakake tembung-tembung kang pinilih
Cacahe larikan ora katemtokake
Isine mentes
Arang-arang nggunakake tembung-tembung pangiket
Tembung-tembunge singkat, mentes, padhet
Bisa nggunakake purwakanthi
BASA JAWA --- GEGURITAN
Jinise geguritan
1. Geguritan Kuna
Geguritan kuna nduweni pathokan/paugeran:
1. Cacahe gatra (larikan) ora ajeg, nanging sithik-sithike papat.
2. Cacahing wanda (suku kata) ing saben gatra utawa larik kudu padha akehe
3. Tibaning swara (guru lagu) kudu runtut
4. Sangarepe guritan diwiwiti tembung “Sun nggurit”, utawa “Sun Ngegurit”
Conto geguritan Kuna:
Sun nggegurit:
Kahanan jaman saiki
Sipat pemudha-pemudhi
Srawunge saya ndandi
Raket wewekaning sepi
Tan kadi jaman nguni
Srawung sarwa ngati-ati
2. Geguritan Anyar
Guritan anyar (geguritan) tegese rumpakan kang ora kaiket ing paugeran dene edi penine rumpakan
ngendelake tembung kang mentes lan pilihan.
3. Geguritan mawa dhapukan tartamtu
Miturut pandhapuke ukara lan pangiketing tembung, arane geguritan iku warna-warna, kayata:
1. Rong gatra sapada, diarani gita dwigatra (distikon)
2. Telung gatra sapada, diarani gita trigatra (terzina)
3. Patang gatra sapada, diarani gita caturgatra (kuatrain)
4. Limang gatra sapada, diarani pancagatra (kuin)
5. Nem gatra sapada, diarani gita sadgatra (sekstet)
6. Pitung gatra sapada, diarani saptagatra (saptima)
7. Wolung gatra sapada, diarani gita hastagatra (oktavo)
8. Sangang gatra sapada, diarani gita nawagatra
9. Dhapur soneta
10. Tanpa tinamtu diarani gita mardika (puisi bebas)
4. Geguritan miturut surasane
Miturut surasane, arane geguritan iku warna-warna, kayata:
1. Ode : surasane ngemot pangalembana marang wong liya, Negara kang dianggep luhur.
2. Himne : surasane pangalembana marang Gusti Kang Maha kuwaos.
3. Elegi : surasane panalangsa, njlentrehake sawijining bab kang nelangsa lan ngrujit ati.
4. Epigram: surasane babagan piwulang moral, pitutur kang becik kang tinulis kanthi ringkes.
5. Satire : surasane ngenyek kanthi kasar (sarkasme) tumrap sawijining bab kang ora adil kang
ana ing madyaning bebrayan.
6. Romansa: surasane bab katresnan.
7. Balada : surasane babagan crita utawa lakon kang nyata utawa imajinasine pujangga.
Unsur-Unsur Batin Geguritan
Unsur-unsur kang kinandhut ana sajroning geguritan diarani unsur batin. Ing ngisor iki bab-bab kang
kalebu unsur batin geguritan.
1. Tema, tegese punjeraning bab kang ndadekake geguritan kuwi dumadi. Utawa gagasan pokok
kang dikarepake panulis/penyair.
Tuladha tema: sosial, moral, politik, agama, individu, lan sapiturute.
2. Rasa-Pangrasa
BASA JAWA --- GEGURITAN 2
Tembung-tembung kang dianggo ana sajroning geguritan nduweni teges lan nduweni fungsi
kanggo manjilmakake rasa-pangrasa. Rasa-pangrasa kuwi nduwe sipat rowa lan kompleks. Sing
kalebu rasa-pangrasa kayadene: simpati, empati, antipati sedhih, susah, seneng, kangen, gumun,
lan sapiturute.
3. Nada/lagu
Tegese patrap (sikap) sing digunakake ana sajroning geguritan. Tuladha: ngguroni, nuturi,
ngenyek, muji, nyemoni, utawa patrap liyane.
4. Swasana
Tegese kahanane batin/jiwa pamaos sawise maca geguritan. Dadi, geguritan nduweni tujuan
kanggo mbangun suasana batin pamaos geguritan.
5. Amanat kang dumunung ana geguritan
Tegese bab kang pengen diwedharake penyair/panulis marang pamaos. Amanat kuwi ora tinulis
kanthi terang trawaca ananging sinandhi ana pangrakiting tembung-tembung.
Struktur Lahir Geguritan
Kang sinebut struktur lahir geguritan kuwi kahanan bab apa wae kang bisa dideleng utawa digoleki ana
ing tembung-tembung kang rinakit ana sajroning geguritan. Ing ngisor iki bab-bab kang kalebu struktur
lahir geguritan.
1. Pinilihing tembung
Pinilihing tembung uga diarani diksi. Tembung-tembung kang ana sajroning geguritan biasane
nduweni teges konotatif, asipat polisemi, lan nduweni teges rowa (abstrak). Pinilihing tembung
kang trep bisa ngasilake imajinasi kang manjila.
2. Majas
Majas utawa gaya bahasa dening Prof. Teguh (dosen UNES) diarani lelewaning basa. Majas
utawa lelewaning basa iki kanggo nambahi grengsenge geguritan.
3. Rima
Rima utawa sajak utawa persamaan bunyi kanggo nyiptakake kaendahan lan kekuatan sawijining
geguritan.
4. tipografi
Tipografi kuwi larik-larik utawa gatraning geguritan kang tinulis mawa pada utawa bait. Bab
kuwi kang mbedakake antaraning geguritan lan gancaran.
Maca Geguritan
Geguritan bisa kanggo medharake utawa ngandharake isine ati lan aweh piwulang, pepeling, sarta pitutur
marang wong sing maca. Sawijining geguritan bakal luwih gampang olehe nggoleki amanat utawa
piwulang kang ana sajroning geguritan kanthi cara diparafrasekake luwih dhisik. Parafrase geguritan
tegese proses owah-owahan saka wujud geguritan didadekake wujud gancaran utawa paragraf, kanthi
ancas supaya maknane/tegese geguritan luwih cetha lan gamblang. Geguritan iku bisa dirasakake kanthi
maca utawa ngrungokake, satemah bisa:
1. Nemokake pesen (amanat/piwulang) kang kamot ing sajroning geguritan,
2. Nemtokake sebab kang ndadekake endahing geguritan,
3. Gawe gambaran tumrap geguritan kang diwaca utawa dirungokake.
Kang perlu digatekake jroning nyulih wedharaning geguritan yaiku:
1. Maca tulisan (naskah) kanthi setiti
2. Ngira-ira tetembungan kang diilangi, nuli mbalekake
3. Njingglengi ten ana pasemon utawa pralambang sing dienggo
4. Njarwani (menafsirkan makna) pasemon utawa pralambange
5. Ngupakara (merangkaikan) ukara-ukara saka panaliten dadi sawijining gancaran
Kanggo ngelingake maneh apa wae sing kudu digatekake nalika maca geguritan, ing ngisor iki perangan-
perangan sing kudu disemak lan diugemi,yaiku:
1. Wirama (irama/lagu)
BASA JAWA --- GEGURITAN 3
Irama kudu digatekake nalika maca geguritan, umpamane banter, alon, cetha utawa samar, lan
sapanunggalane. Nalika maca geguritan sing surasane semangat kudu nyuwara sora, beda nalika maca
geguritan sing surasane ngemu kasusahan, kudu alon, alus, lan melas.
2. Wirasa (rasaning swasana ati/penjiwaan)
Surasane utawa isine geguritan kudu dimangerteni tegese utawa karepe. Nuli anggone maca ngetrepake
utawa nyelarasake karo isining geguritan, yaiku susah, seneng,wibawa, getun, nesu lan sapanunggalane.
3. Wiraga (solah/obahing awak, pasemon/raut muka)
Obahing awak yaiku aja kaku, luwes wae, mlaku uga prayoga, ngobahake peranganing awak kanggo
mbangun swasana. Pasemon, praenan kudu selaras karo isining geguritan nanging aja banget-banget.
4. Wicara ( basa, pocapan/ lafal)
Pocapan sing cetha nalika ngucapake aksara swara, wanda, lan tembung.
Nulis/nggawe geguritan
Jaman saiki panulise geguritan beda karo ing jaman biyen ora nganggo paugeran pinathok. Geguritan ing
jaman biyen diarani puisi Jawa Kuna utawa puisi Jawa gagrag lawas, jalaran kaiket dening guru gatra,
guru lagu, lan guru wilangan. Ing puisi Jawa Kuna mesthi kawiwitan tembung “Sun anggurit” utawa
“Sun Nggegurit”. Ing puisi Jawa anyar utawa geguritan, kabeh aturan mau ora ana. Cacahe gatra,
wilangan, lan lagune bebas.
Syarat menawi badhe damel geguritan:
1. Tema : yaiku idhe baku utawi pikiran baku ingkang dados dasare geguritan
2. Diksi : yaiku pamilihing tembung ingkang dienggo ing geguritan
3. Sarana Retorika : yaiku alat kangge ngungkapake menapa ingkang badhe dipunandharaken ing
geguritan
4. Amanat utawi pesen ing geguritan
Carane nulis geguritan yaiku:
1. Nemtokake tema
2. Tema mau gawea cengkorongane (kerangka)
3. Saben cengkorongan mau udhalen mawa tembung-tembung
4. Milih tetembungan kang mentes, endah lan cekak
5. Menehi irah-irahan kang jumbuh karo isine geguritan
6. Anggenipun nyerat kedah awujud larik-larik, saben setunggal irah-irahan saged dumadi 1 pada/
larik, ingkang baku maknanipun manunggal
7. Saged migunakaken purwakanthi, baliswara, pepindhan utawa tembung kawi kanthi cara golek
ing kamus.
8. Nggatekake paramasastra basane. Umpamane nganggo ukara sembawa, ukara camboran lan liya-
liyane. Kabeh mau duwe pangajab supaya weling utawa amanat saka pangripta bisa tekan
pamaose.
Tuladhane mengkene:
Bocah-bocah arep nggawe geguritan kanthi tema bencana alam. Bencana alam kuwi rupa-rupa, bisa
banjir, gunung mbledhos, lindhu. Pilih salah siji, ateges wis dadi tema sing spesifik. Umpamane
mengkene:
1. Apa sing nyebabake banjir
2. Kepriye kedadeane
3. Kepriye akibate
4. Apa hikmah kang bisa disinau saka kedadean banjir.
Cengkorongan banjur diwedharake, dijlentrehake sarana tembung-tembung kang ditata ing larik-
larik mangkene.
BASA JAWA --- GEGURITAN 4
Manungsa ora bisa nyegah kekarepane
Negor wit-witan sasenenge dhewe
Alas-alas entek wit-witane
Mung kari suket-suket sing dadi kanca lawase
Udan sawengi natas
Nyirep hawa panas
Banyu terus mili ngebaki kali-kali
Ora ana sing bisa nyegah
Tanggul-tanggul padha bedhah
Banyu wiwit mlebu omah
Wong-wong sing ora dosa
Kudu nandhang sengsara lan cilaka
Kelangan bandha donya
Kelangan raja brana
Uga nyawa
Manungsa padha elinga
Jagad iki kudu dijaga
Aja kokrusak, kokentekna
Marang anak putu ngengehna
Supaya bisa urip tentrem, mulya
BASA JAWA --- GEGURITAN 5
Tuladha geguritan: 6
Sambat Sebute Bantala
Dening Agus Artiningsih
Dhuh pra manungsa, titahing jawata
Sira tambuh, nglali apa ora krasa
Yen umurku mono, saya tambah tuwa
Mesthine kekuwatanku ya saya suda
Aku wis ora kuwawa
Nanging kena ngapa, sihing Binathara?
Sira malah saya seneng gawe mala
Bombong nambah dosa, lan dhemen tumindhak dursila
Sakehing amal padha ditinggal
Kang jujur disingkur, kang bener disengker
Sing becik padha disirik
Ala lan nistha malah dadi tuladha
Aku sayah, aku lungkrah lan aku wegah
Nyawang kahana kang saya bubrah
Manungsa kakehan polah
Kaya raseksa kang ngangah-anggah
Ngangsa bandha kang ora lumrah
Malah njarah, hake priyayi kathah
Sakehing prahara iki apa oar koknggo ngaca?
Jagade Gonjang-Ganjing
Dak sebut jagade gonjang-ganjing
Amarga akeh kang ora padha eling
Marang liyan, apa maneh marang sing gawe gesang
Wong gedhe padha jegal-jegalan
Rebutan panggonan lan panguwasan
Ewadene wong cilik padha gedhungsangan
Golek pangan panguripan
Sing ndhuwur saya mulur
Sing ngisor saya thekor
Pancen jagade lagi gonjang-ganjing
Akeh kang padha ngedan
Yen ora edan padha ora keduman
Padha ndugang-dinugang
Singkang-singkangan
Ilang rasa kamanungsan
Lumrahe wae gusti paring samubarang pepeling
Maneka bebendu: lindhu, petir, angin, udan, ora uwis-uwis
Supaya manungsa padha eling
Pahlawanku
(R. Tantiningsih)
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
BASA JAWA --- GEGURITAN
Karajang-rajang manahe 7
Karujit-rujit rasa pangrasane
Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika
==============================
Segara Ayu
(Hisyam Z)
Bener, pener, yekti
Sliramu dadi seksi
Seksi pahlawan sejati
Pahlawan mulih aran awit bekti
Awit mangku jejibahan
Tugas luhur, jujur ing palagan
Ngemban amanat Trikora ayahan
Segara Aru biru lugu blak-blakan
Ngemu madu
Maduning bangsa satuhu
Kang Asma Yos Sudarso iku
Korban jiwa raga ing Segara Aru
Ludira kang wekasan
Kanggo nebus Irian
Yos Sudarso gugur kalayan
Asmanya misuwur ing bebrayan
Sliramu Aru
Seksi lugu
Seksi bisu
Satuhu baku
======================
Merapi
(Puthu Aryana)
Merapi...
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
Kena sunare Hyang Bagaskara
Merapi...
Saumpama kowe bisa crita
Kabeh kadadean ing tanah Jawa
BASA JAWA --- GEGURITAN
Wiwit jaman Mataram Kuna 8
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta
Merapi...
Sliramu anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda
Jaman mardika jaman Soekarno
Nganti jaman Soeharto
Jaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo
Merapi dadi saksi
==========================
Kembang Mlathi
(R. Widiyati)
Daksebar kembang mlathi
Ing Taman Makam Pahlawan
Kusuma Bangsa kang sejati
Luhku tumetes... tes... netesi bumi
Aku rumangsa dosa
Durung bisa melu labuh negara
Amung sekar mlathi iki
Tandha setya lan janji
Bakal melu napak suci
Labuh nagri alelandhesan ati suci
Dadi pepenget Agustus iki dina mulya lan suci
==============================
Api Abadi Mrapen
(R. Tantiningsih)
Latu kuwi, tansah murub
Ora nggubris kiwa tengene
Nadyan digrujug tirta
Nadyan maruta padha teka
Nanging latu kuwi ora surut
Latu kuwi, tansah murub
Kaya latu kang ana jero ati
Angel dipateni lan angel diadhemake
Latu kuwi, tansah murub
Ing mrapen dununge
Ninggal sejarah
Kanggo anak putu
=================================
Kitir
(Sumono Sandy Asmon)
Kitir iki
Isi panantangku marang wengi
BASA JAWA --- GEGURITAN
Sing kebacut anggone nguja sepi 9
Dolanan swarane asu baung nggeririsi
Kitir iki
Wujud pangundhamanaku marang awang-awang
Sing kebacut brangasan
Ngrentengi lintang, nguntal rembulan
Kitir iki
Srana gugatku marang isen-isening jagad
Sing pijer royokan brekat
Tan keguh njaluk ruwat
================================
Koran
(Harum Sunya Iswara)
Taktunggu tekamu
Saben dina ing omahku
Kabar kang daktunggu
Saka awakmu
Nambahi wawasanku
Mosak-masike donya
Maju mundure negara
Minangka warta
Koran minangka alat komunikasi
Kang kudu diwerdi
Mula ora ketinggalan informasi
=====================================
Wutah Getihku
(Mahardono Wuryantoro)
Gumelar jembar bumi asri
Sumunar sumringah sunare bagaskara
Padhang sumilak hanelai jagad Nuswantara
Bumi pusaka wus kawentar
Ombak-ombak samodra, kencana kang ngrenggani
Wutah getihku daktresnani
Kawulamu....
Guyub rukun anambut kardi
Jeroning swasana tentrem lan mardika
Gilig ing tekad manunggal
Cumithak jeroning ati, bebarengan ambangun
Aku lila....
Korban jiwa raga kanggo bumiku
Nadyan awak ajur dadi sawur
Lan getihku mblabar mili, netes ing bumi pertiwi
Labet raharjaning nagara
Lumantar iki....
BASA JAWA --- GEGURITAN
Isining atiku ginurit 10
Prasetyaku thukul saka ati kang tulus
Njaga langgenging kamardikan
Donga pujiku kebak kaendahan, kanggo wutah getihku
======================
Lindhu
Lara ati nemu plataran kabar winedhar
Embuh endi sing marahi lara tanpa tamba
Dene batin isih adreng ngawruhi
Dene urip kepengin ngemonah pikir
layak-layak dene gegambaran sing den-ukir
Mujudake sesanggeman saka wirayat gumingsir
Lindhu netepake gumingsire urip
Iya sadawane nalar, iya sandhuwuring gelar
Natkala sampeyan crita prakara jamang kethiwar
Dene kraton tinilar putra-putrine sing tumabirang
Kari siji geganthan sing singgih
Kaya krikil emas isih sumebar neng taman garing
Iku lindhu sing nyathet puisi abang, kuning, ireng
Tegal lelateng jrone pararaton muni
Gelung-tekuk wis wudhar, pinjung kemben linukar
Serat-serat kuna pecah dluwange : kraton bedhah
Ambane pardah ing guyu sacamah pasar-pasar dhusun!
O, lindhu ing sukma suwung
O, lindhu kang ngrucat sakabehing pulung
Ing kene lawatan sajangkah wis kajamah ruyung!
================================
SEPI
iki sepine sopo?
kathik ono sepi sepo....
langit peteng kagubeng dening mendung....
tanpa angin tanpa wicara...
tanpa lagon tanpa gending...
yen sliramu isih rumongso tresno
gunemu bakal dak anti...
nadyan getir rasaning ati....
sepi....
iki sepine sopo
kathik ono sepi sepo...
===============================
Pamulangan
BASA JAWA --- GEGURITAN
Jare simbah aku kudu sekolah 11
Kareben dadi bocah genah mrenah ora nggladrah
Jare rama ibu aku kudu sregep mangkat
Kareben dadi wong pangkat urip ora kesrakat mlarat
Jare bapak ibu guru aku kudu sinau
Tambah ilmu
Kareben kelakon kabeh kang tinuju
Nanging
prakanca, ….
coba delengen kahanan nyata
apa isih bisa pamulangan kang ana dadekake urip tumata
pamulangan kang tanpa tuladha
pamulangan kang kasatan piwulang
pamulangan kang ngajarake angka-angka wuta
siji lan siji ana pira?
Jare anut kang duwe kersa
Jan ora weruh subasita, trapsila, apa maneh tata krama
lali dosa…
kabeh lurung binarung kumalungkung
pamrih pamuji siji
Pamulangan ora aweh pepadang
Simbah,
Nyuwun pangapunten
Kula mboten kepingin dados dokter
Jalaran duite bapak mboten wonten sakoper
Rama,
Nyadong duka
Kulo mboten kapilut drajat pangkat
Jalaran ajrih sumpahing rakyat
Kang panggah mlarat sekarat
Bapak ibu guru,
Nyuwun donga pangestu
Mugi-mugi sedaya ilmu saged dados sangu
=================================
Udan Wayah Sore
udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles
sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi
mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
BASA JAWA --- GEGURITAN
marakake gawe kekesing ati 12
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu
=====================
JAMAN KOMPUTER
jamane wis sarwa komputer
akeh wong padha keblinger
rodha becakmu tetep munyer
sarapan sega pecel
jamana wis sarwa mal plaza
uripmu panggah nguler kembang
gethuk tela pendhak rina
jamane wis sarwa supermarket
ing desamu pasar pendhak kliwon
dol tinuku nyang-nyangan kaya padudon
golek bati sarepis adus kringet
jamane wis sarwa satelit
pacul arit panggah nggegurit
nggo ngrabuki jagad alit
jamane wis sarwa edan
lanang ilang jalere
wadon ilang wanitane
=====================================
Dalan Ombak
Wus dakjaluk marang sliramu, tatkalane wektu isih watu
lan dalan kaya ombak segara, nanging penjalukku
kaya prenjak kang katombak swiwine, ilang unine
kaya lemah cengkar kang tawar, ilang sangar
sliramu uga isih lumaku ing gisik kang wus dadi ambalan
ngambali ati ing pangilon, ngambali pitakon
lan penjalukku, kanthi unthuk-unthuk kang sirna
tatkalane surya mencorong, pratanda dina wus rina
==================================
AMBEGAN SEGA KULUBAN
Ambengan sega kuluban dieler ing tampah
diladekake ing pasamunan
direncah bebarengan, kroyokan, rebutan
ambengan sega kuluban
oora ana sing ngerti duweke sapa
kejaba dadi pangane wayang , para dhalang
sing lagi lungguh methingkring
(kidang lan trewelu, kinjeng lan kupu mung bisa nyawang sinambi ngeleg idu)
BASA JAWA --- GEGURITAN
ambengan sega kuluban, wis gusis dienggo pesta 13
mung kari tampah ngganda amis, angganda amis
banjur kanggoo bal-balan para buta!
=============================
Kembang Wengi s Kembang Bangah
Sliramu kuwi pancen ayu enom tur endah
Senengmu ngreridhu ngobral esem kanthi ulat sumringah
Eman, ayumu kuwi kena tinuku murah
Ing atising wengi sliramu ora wegah jumangkah
Sineksen abyoring kartika kedhep nrithil sajak bungah
Mbok gurit lelakon ireng ing sadhengah dhadhah
Soroh angga liniron redana sliramu pasrah
Mustika aji wis lawas oncat saka ragamu sing wantah
Ing buntasing wengi anggamu katon sayah…lungkrah…
He kembang bangah, pumpung durung kasep lerena
Tumindakmu sing nistha kuwi uwisana
Galo isih akeh pakaryan sing utama, golekana
Apa kowe ora krungu para sujana sarjana sadonya
Gumedher umyung gumregut arep padha bareng mbrastha
Pakaryamu kuwi sing dadi ngrembakaning kruma
Virus AID candhala sing durung ketemu tambane kanggo usada
Uga sumandhing ngaglah ing iringmu si raja singa
Yen wis tumanduk ing awakmu kowe ra bisa bangga
Oh esemmu sayah… eseme si kembang bangah
============================
Wayah Magrib
Wancine wis repet-repet peteng
Sang surya sayah sedina muput madhangi jagad raya
Angin sore kang biyasane midid sumilir sumene sawetara
Aweh kurmat nyang sang bagaskara kang lagi ngaso
Swarane bocah rame dolanan tan keprungu maneh
Mbarengi swara bedhug masjid tengara mahgriban
Ujug-ujug ana pawongan kang lakune setengah kesusu
Ngener nyang omahe bu bidhan
Jarene semahe arep babaran
Temenan ora watara suwe keprungu cengere jabang bayi
Amin… negarane tambah jiwa siji
Tegese kebutuhane pawongan mau tambah
Jarene iku titipane Gusti kang kudu dicukupi
Wiwit saka susu, kasarasan, panggulawenthah nganti diwasa
Wigatine maneh ing piyandele
Ing tembene dadiya wong kang sholeh
Bedhug Mahgrib wis ora ana suwarane
Umat lanang wadon tuwa enom
Padha sujud sangandhape pepadane Gusti
Bubar Mahgrib kendhuren-manten
Dening Pak Sastro wis diangen-angen
BASA JAWA --- GEGURITAN
Dianam ing batin sataun kepungkur 14
Jejere bapa kang wajib miwaha dhaupe putra
Kang kakudang-kudang ing tembene
Dadiya tiyang ingkang mawadah lan solekhah
Saged mikul dhuwur mendhem jero tiyang sepuh
Dumadakan keprungu swara tangise jejeritan
Mbah Soma kang wus yuswa sewidak
Katimbalan ing Gusti ingkang akarya jagad
Inna Lillahi Wainna Ilaihi Roji‟un
Katampia ngastane Gusti ingapura sedaya dosa lan kalepatane
Lelakone jantraning Bawana
Manungsa nora kuwagang ngendheg lakune takdir
Ing wayah Mahgrib
Ana kang lagi lahir kanggo ngiseni jagad raya
Ana kang lagi palakrama
Ana uga kang katimbalan ing ngarasane Gusti
Amin
=======================
SEDYAKU
Wis, Jeng…
Aku sumeleh
nyelehake pangarep-arepku
marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
yen nyatane amung semene
cunthele lelakonku…
Pepenginku tansah sumandhing
lan nresnani sliramu
kudu dakprunggel
sing luwih wigati, Jeng
donga lan pengestumu wae
tansah mili kanggo aku
Wis, Jeng
aku pamit
becik njembarake pikir
nggayuh kabegjan
mring ati lan katresnan satuhu
tan ora binagi ing liyan
sempurna ing guritan siji…
======================
CRITA SAKA MANCA
ing papan sarwa salju, aku
ngangen-angen lawang gubug binuka
ana bedhiyang lan lincak
nanging wis kebacut dadi salju
guritan apadene kekarepan
nglinthing bareng tumiyupe angin
BASA JAWA --- GEGURITAN
nunjem-nunjem dom periih 15
sadawane wengi
kangmangka ing ngisor salju pinendhem candhi
sing durung kober kababar unine prasasti
=========================
BABAD WEDHI PESISIR
Sorene sore jingga
wengine wengi biru
kembang pandhan mesem marang mbulan
tangane ngawe-awe sajak kemayu
apa hiya iki dayane layang atimu
sing jare bakal ditulis kalane ijen
lan sendhang mung amping-ampingann jendhela
sing wengi iki isih panggah binuka?
biyen aku nate apal gojegmu
kepiye nalika bingung ndhedher sagegem guritan
ing lemah suwung pinggire taman
ora ketang mbalang liring sambi mungkur
nyamudana wingkis sakehing kekarepan
nutup kudhuping kekembangan
iki babad wedhi pasir
pinaes ganda aruming mawar
rarasing riris dhadha kumesar
====================
LINTANG-LINTANG
lintang-lintang abyor ing tawang
cumlorot sliweran nalika alihan
kumleyang mencok ing socamu asihku
cahyane gumebyar sunare gilar-gilar
ing telenge atimu sliramu tansah dakantu
lintang-lintang alihan
cumlorot telu ana pundhakku
kawitan lintang abang lintang perang
kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan
pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan
=========================
WAYAH ESUK PEDUT ANGENDANU
rong puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kene
saklawase ora nate ketemu
saliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen nalika isih tak kanthi
gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk
wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur
wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih
ing dalan iki rong puluh tahun kepungkur
ana cerita rinajut endah
BASA JAWA --- GEGURITAN
dik, kala kala sliramu isih dadi impenku 16
pirsanana ana nduwur kae
ana teja manther ing sela-selaning gegodongan
lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhene
saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen
simpenen kangenmu ana impen
=======================
RON GARING
Wengi sansaya atis
nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
kang digawa dening angin
prasasat tan kendhat
anggonku kulak warta adol prungu
ananging isih mamring
aku wis pingin cecaketan
obormu kang makantar-kantar
madhangi jangkah lan jagatku
ana ngendi papanmu
lelana tapa brata
tanpa pawarta tanpa swara
aku kadya ron garing
kumleyang kabur kanginan
ing jagat peteng lelimengan
krasa luwih abot
anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
mlakuku ora mantep
kagubet ribet lan ruwet
adoh saka cahyamu
pedhut ing sakindering pandulu
panjenengan
guruku, sihku, oborku
kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.
Pengarang: Budhi setyawan
=========================
Rerenteng Aluring Pepundhen
Sunare srengenge esuk ngusap praupane bumi rengka
Tlatah kapang kang gumawang ing pangangen sepi
Nyawuk bumi-bumi esuk tengahing lembayung labuh
Kumriciking banyu kali Grindulu kang ngranuhi
Dadi tlatah srumbung isih tinunggon pangarep-arep
Wijiling paseksen kang ngantu-antu kaendahan
BASA JAWA --- GEGURITAN
Ing netra bening esem ngandhut panyuwun 17
Sedya nuntumake kasetyan kang pinarsudi
Mung eman sasuwenbe sesandhingan tan linair
Kang sinartan lungiting pangarep-arep
Obahing jantra ginawa angin ngulandara
Pangesthine ana pawitan ngupakara dalan lawas
Engga alam ngrayuk sunar srengenge esuk
Pecak jumangkah ngitapak.e rasa rudatin
Kang gimantha amung mekaring panggarjita
Ing kana bakal cinathet ubeng ingering lalakon
==========================
Suwung
Manuk emprit ilang swiwine
hamung menclok dhuwur wuwung
kang suwung
walang kayu jempalitan
ngerik ora karuwan
sajak ngece, sajak ngundhamana
“ sokur kowe, ora iso miber adoh,
nyepi panjangka, ilang dirgantara “
manuk emprit hamung meneng
klep ! klakep ........ ati nangis wutah miris
eluh kececeran nangis sesenggukan
nek emprit kelangan swiwi
ora isa miber, kelangan jagat dirgantarane
isane hamung menclok dhuwur wuwung
ndhepipis,ngenteni izrail,
sing bisa wae awujud tikus, apa kucing .......
walang kayu jempalitan, ngerik ora karuwan,
sajak ngece, sajak ngundhamana “ sokur kowe, ora isa miberadoh,
nyepi panjangka, ilang dirgantara “
======================
Ing Teluk Pang-Pang
Nawala ing dak tampa
Patang dina kepungkur
Isih wutuh tansah dak waca
Hanggawa rasa kingkin, Ing mangsa rendheng katelu
Ngepasi kartika ngancik patbelas dina
Silramu tak anti-anti ana ing pinggiran Gisik pang-pang kene
Rasaku wis memet
Nggremet-nggremet
Teka ing pikir kang amet
Tansah nunggu
Sliramu bali, masiya hamung sak kedhepe netra Dhiajeng
Mbok menawa sliramu pancen nduweni rasa kang padha
Karo rasa ing pangrasaku,
Mula, jeng .....Tak titipake kangen iki Marang gegulunge ombak
Sing tansah setya tuhu marang mangsa
Sing sok geseh, gusuh sing wola-wali iki
BASA JAWA --- GEGURITAN
Hamung siji panyuwunku 18
Muga sliramu tansah rahayu memuji gusti
Lan pinayung sih kanugrahaning pangeran
Sesuk tak tunggu sliramu inggisik pang-pangiki
======================
Cyberpunk
Ing grumbulan pring
Guritku netes
Dadi prenjak kang silih semaur
Mawerna rupa Lucifer manjing ing regol
Cacing lan tilas sejarah
Guritku .....
Nalika april nyedhak sumur
Nimba ayang-ayang lan ilmu
Gunung mungkur, genah lungkah panyawangmu
Aja ninggal pitakonmu ing lawang
Awit Jibril wis budhal
Awit gunemmu mung nglairake siyung-siyung vampir
=========================
Janji Sepi
dawane rel sepur liwat tengah alas sawah apadene kutha
prasasat isih dawa janjimu
kang nggawa daya sumringah ing sajroning laku
nlusup ing balung sungsum
angin melu nggoleki playune rasa kang sliramu gawa
netramu yen lagi nyawang jagad
agawe donya njomplang kadya katrajang gara-gara
ora kuwat nyangga bumi
ora kuwat ngreksa budi
angin isih nggoleki aburing kupu
mangsa rendheng udane nggrejih
nanging kali durung akeh banyune
rasa aneh kaya kang wis nate daksasakke
ngebaki guwa pertapan asri
kekidungan dhewe tan kena dipenggak
kadya lali purwa duksina
angin njajah desa milang kori marsudi janjimu wingi
======================
Bethara Kala
dening: Sunardi K S
kama kang nglambrang nalika isih jenaka
saiki ndedel gedhe dadi bethara kala
uluk uluk jroning dadha winga winga
tanpa suwara
kang katon wicaksana kae jalaran
kokruket pinangka kanca
kang pinilih pinercaya
ngembani panguwasa
BASA JAWA --- GEGURITAN
wisa rasa gula 19
kama kang nglambrang saparan paran
dadi memala nuwuhake pageblug
ndedel mendhuwur comondhok dhada
keklambrangan sirah
mlebu metu mripat, irung saha kuping
ngawe awe nglancipake kuku
kama kang nglambrang saparan paran
ndedel dadi bethara kala
ang dadi memangsane
ora ateges diklethak saraga balunge
=======================
Mamring
dening: Budhi S
sepi mamring
sempah sumpeg peteng
kesel, ah embuh
ora weruh ngerti bisu
nangis sajroning ngguyu
ngguyu sajroning nangis
mlaku sajroning mandheg
mandheg sajroning mlaku
UDAN WAYAH SORE
udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles
sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi
mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu
DALAN OMBAK
Wus dakjaluk marang sliramu, tatkalane wektu isih watu
lan dalan kaya ombak segara, nanging penjalukku
kaya prenjak kang katombak swiwine, ilang unine
kaya lemah cengkar kang tawar, ilang sangar
sliramu uga isih lumaku ing gisik kang wus dadi ambalan
ngambali ati ing pangilon, ngambali pitakon
lan penjalukku, kanthi unthuk-unthuk kang sirna
tatkalane surya mencorong, pratanda dina wus rina
BASA JAWA --- GEGURITAN
SEDYAKU 20
Wis, Jeng…
Aku sumeleh
nyelehake pangarep-arepku
marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
yen nyatane amung semene
cunthele lelakonku…
Pepenginku tansah sumandhing
lan nresnani sliramu
kudu dakprunggel
sing luwih wigati, Jeng
donga lan pengestumu wae
tansah mili kanggo aku
Wis, Jeng
aku pamit
becik njembarake pikir
nggayuh kabegjan
mring ati lan katresnan satuhu
tan ora binagi ing liyan
sempurna ing guritan siji…
LINTANG-LINTANG
lintang-lintang abyor ing tawang
cumlorot sliweran nalika alihan
kumleyang mencok ing socamu asihku
cahyane gumebyar sunare gilar-gilar
ing telenge atimu sliramu tansah dakantu
lintang-lintang alihan
cumlorot telu ana pundhakku
kawitan lintang abang lintang perang
kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan
pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan
WAYAH ESUK PEDUT ANGENDANU
rong puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kene
saklawase ora nate ketemu
saliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen nalika isih tak kanthi
gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk
wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur
wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih
ing dalan iki rong puluh tahun kepungkur
ana cerita rinajut endah
dik, kala kala sliramu isih dadi impenku
pirsanana ana nduwur kae
ana teja manther ing sela-selaning gegodongan
lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhene
saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen
BASA JAWA --- GEGURITAN
simpenen kangenmu ana impen
RON GARING
Wengi sansaya atis
nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
kang digawa dening angin
prasasat tan kendhat
anggonku kulak warta adol prungu
ananging isih mamring
aku wis pingin cecaketan
obormu kang makantar-kantar
madhangi jangkah lan jagatku
ana ngendi papanmu
lelana tapa brata
tanpa pawarta tanpa swara
aku kadya ron garing
kumleyang kabur kanginan
ing jagat peteng lelimengan
krasa luwih abot
anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
mlakuku ora mantep
kagubet ribet lan ruwet
adoh saka cahyamu
pedhut ing sakindering pandulu
panjenengan
guruku, sihku, oborku
kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati
BASA JAWA --- GEGURITAN 21