ANALISIS
GEGURITAN
DONYA WIS LUNGSE
Rini T Puspohardini
Muyeg saemba pasar Prasasat nglari susuhe angin
Ala becik mapan digelar Esuk sore lan wengi
Lamun luput nintingi Dadi liturgi kang dilakoni
Ora mokal ati keplantrang Tanpa ati
Kaya ngoyak playune ayang- Lan rasa ……….
ayang Sansaya kangelan maca tandha-
Ndeder kang bisa dibayangake tandha jaman
Luwih ndeder kanyatane Segara wedhi
Kekitrang Sajake padha kelalen
Kaya prau kelangan layar Donya wis watara lungse
Wuta wektu, wuta dunung Kari ngenteni
Lumaku tanpa papan katuju
Apa sejatine ngaurip Tancep kayone
Yen ta sakeh daya
STRUKTUR BATIN
Tema Rasa/pangrasa Nada Suasana amanat
Moral Medharake rasa Penyair/ Kudune Aja
manungsa ngumbar
sedhih lan panulis insyaf hawa nepsu
utawa
bingung uga nyindir sadhar
gumun nyawang manungsa
kahanane kang saya
ndonya ora
nggenah
STRUKTUR LAHIR
Tembung Majas/ Rima Tipografi
kang lelewaning
Pinilih/diksi tembung
Tembunge 1.personifikasi: Purwakanthi Katata pada
konotatif Wuta wektu guru swara : kang cacahe
Tuladha: wuta dunung Lumaku tanpa papat
Tancep 2. Simile: papan katuju
kayone Kaya prau
kelangan layar
1. Apa tegese geguritan?
Geguritan yaiku wohing kasusastran
Jawa anyar awujud syair kang tanpa
nganggo paugeran/pathokan tartamtu
kang diwaca nganggo wirama, wirasa
lan wiraga manut surasane.
2.Apa bae jinis geguritan miturut waktune?
Geguritan kuna Geguritan modern
1. Diwiwiti nganggo tembung sun 1. Ora ana paugeran kang
gumathok
2. Cacahing gatra ora ajeg, 2. Barisane endah
nanging paling sithik papat
3. Cacahing wanda ing gatra siji 3. Basane dudu basa padinan
lan sijine kudu padha akehe
4. Tibaning guru lagu kudu runtut 4. Ana rima, irama, lan intonasi
Tuladha: B
A Udan sawengi natas
Nyirep hawa panas
Sun nggegurit Banyu terus mili ngebaki kali-kali
Kahanan jaman saiki Ora ana sing bisa nyegah
Sipat pemudha-pemudhi Tanggul-tanggul padha bedhah
Srawunge saya ndandi Banyu wiwit mlebu omah
Raket wewekaning sepi
Tan kadi jaman nguni
Srawung sarwa ngati-ati
Tuladha geguritan kuna:
Parikan
Wangsalan
Tembang macapat : Kinanthi, Pocung, Asmaradana,
Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan
Dandhanggula
Tembang tengahan : Megatruh (Dudukwuluh), Gambuh,
Wirangrong, Balabak, lan Juru Demung.
Tembang gedhe : Girisa
Miturut pandhapuke ukara lan pangiketing tembung, arane
geguritan iku warna-warna, kayata:
1. Gita dwigatra (distikon)
2. Gita trigatra (terzina)
3. Gita caturgatra (kuatrain)
4. Gita pancagatra (kuin)
5. Gita sadgatra (sekstet)
6. Gita saptagatra (saptima)
7. Gita hastagatra (oktavo)
8. Gita nawagatra
9. Dhapur soneta
10. Gita mardika (puisi bebas)
Miturut surasane, arane geguritan
iku warna-warna, kayata:
1. Ode : surasane pangalembana marang wong liya, negara kang
dianggep luhur.
2. Himne : surasane pangalembana marang Gusti Kang Maha
kuwaos.
3. Elegi : surasane njlentrehake sawijining bab kang nelangsa lan
ngrujit ati.
4. Epigram: surasane babagan piwulang moral, pitutur kang becik.
5. Satire : surasane ngenyek kanthi kasar (sarkasme) tumrap
sawijining bab kang ora adil kang ana ing madyaning bebrayan.
6. Romansa: surasane bab katresnan.
7. Balada : surasane babagan crita utawa lakon kang nyata utawa
imajinasine pujangga.
Struktur Batin Geguritan
yaiku unsur-unsur kang kinandhut ana sajroning geguritan:
•1. Tema, tegese gagasan pokok kang dikarepake panulis/penyair.
•Tuladha tema: sosial, moral, politik, agama, individu, lan
sapiturute.
•2. Rasa-Pangrasa
•Tembung-tembung kang dianggo ana sajroning geguritan
nduweni teges lan nduweni fungsi kanggo manjilmakake rasa-
pangrasa, kayadene: simpati, empati, antipati, sedhih, susah,
seneng, kangen, gumun, lan sapiturute.
Struktur Batin Geguritan
•3. Nada/lagu
•Tegese patrap (sikap) panganggit sing digunakake ana sajroning
geguritan. Tuladha: ngguroni, nuturi, ngenyek, muji, nyemoni,
kuciwa, meri, panyaruwe, utawa patrap liyane.
•4. Swasana
•Tegese kahanane batin/jiwa pamaos sawise maca geguritan.
•5. Amanat
•Tegese pitutur kang pengen diwedharake penyair/panulis
marang pamaos.
Struktur Lahir Geguritan
yaiku bab-bab kang bisa digoleki saka tembung-
tembung kang rinakit ana sajroning geguritan:
•1. Pinilihing tembung/diksi
•Pamilihan tembung arupa tembung-tembung kang nduweni teges:
•Konotatif (duwe teges kiasan)
•Denotatif (duwe teges lugu)
•Polisemi (duwe teges akeh)
•Teges rowa/ abstrak.
•Dasanama
•2. Majas/lelewaning basa
•Leléwaning basa yaiku basa kias kang digunakake kanggo ngrakit
tembung-tembung supaya pikanthuk efek tartamtu lan menehi
kesan imajinatif lan nengsemake.
Struktur Lahir Geguritan
•3. Rima
•Rima utawa sajak utawa persamaan bunyi kanggo
nyiptakake kaendahan lan kekuatan sawijining geguritan.
Tuladha : purwakanthi guru swara, sastra, lan basa.
•4. Tipografi
•Tipografi kuwi larik-larik utawa gatraning geguritan kang
tinulis mawa pada (bait). Bab kuwi kang mbedakake
antaraning geguritan lan gancaran.
4W kang kudu digatekake nalika maca
geguritan yaiku:
•1. Wirama (irama/lagu)
•Umpamane banter, alon, cetha utawa samar, lan sapanunggalane.
•2. Wirasa (rasaning swasana ati/penjiwaan)
•Surasane utawa isine geguritan kudu dimangerteni tegese utawa
karepe. Nuli anggone maca ngetrepake utawa nyelarasake karo
isining geguritan, yaiku susah, seneng,wibawa, getun, nesu lan
sapanunggalane.
4W kang kudu digatekake :
•3. Wiraga (solah/obahing awak, pasemon/raut muka)
•Obahing awak yaiku aja kaku, kudu luwes, ngobahake
peranganing awak kanggo mbangun swasana. Pasemon,
praenan kudu selaras karo isining geguritan.
•4. Wicara ( basa, pocapan/ lafal)
•Pocapan sing cetha nalika ngucapake aksara swara,
wanda, lan tembung.
Pahlawanku
(R. Tantiningsih)
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdeka