The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by dwinovita.tkj, 2024-05-19 23:59:56

Bahan Ajar Tembang Macapat

Bahan Ajar Ukin

Disusun oleh: Dwi Novita Sari Bahasa Jawa asa Jawa Modul Ajar Tembang Macapat


Capaian Pembelajaran a. Elemen Membaca Peserta didik mampu mengevaluasi, menginterpretasi informasi berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan dari berbagai teks dalam bentuk visual untuk menemukan makna tersurat dan tersirat dari tembang macapat Asmaradana. b. Elemen Berbicara Peserta didik mampu menggunakan Bahasa Jawa sesuai kaidah kebahasaan dan unggah-ungguh untuk menyampaikan informasi secara lisan berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan dari tembang macapat Asmaradana. TEMBANG MACAPAT ASMARADANA Nama Sekolah : SMK Negeri 2 Yogyakarta Fase/ Kelas : E / X Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Pokok Materi : Tembang Macapat Asmaradana Tujuan Pembelajaran Setelah membaca teks tembang macapat, peserta didik dapat menganalisis paugeran tembang macapat Asmaradana dengan tepat. (C4) 1. Setelah menganalisis paugeran tembang macapat, peserta didik dapat membuat karangan cakepan tembang macapat Asmaradana sesuai paugeran-nya dengan tepat. (P5) 2. Setelah memahami paugeran tembang macapat Asmaradana, peserta didik dapat menganalisis katakata sukar yang terdapat dalam teks tembang macapat Asmaradana dengan benar. (C4) 3. Setelah menganalisis kata-kata sukar tembang macapat Asmaradana, peserta didik dapat memparafrasekan cakepan yang terdapat dalam teks tembang macapat Asmaradana dengan benar. (C5) 4. Setelah memparafasekan tembang macapat Asmaradana, peserta didik dapat menganalisis pesan moral yang terdapat dalam teks tembang macapat Asmaradana yang telah diparafrasekan dengan benar. (C4) 5. Setelah memhami materi tembang macapat, peserta didik dapat melagukan tembang macapat Asmaradana sesuai dengan notasi. (P3) 6. Profil Pelajar Pancasila Bernalar kritis: Peserta didik bisa memproses informasi tentang tembang macapat Asmaradanadari pendidik dan referensi lain sehingga dapat mengambil keputusan dalam menyelesaikan tugas. 1. Bergotong royong : Peserta didik dapat bekerja sama, berkomunikasi, saling ketergantungan positif, dan berkoordinasi sosial untuk membahas materi maupun soal diskusi tembang macapat Asmaradana. 2. Kreatif : Peserta didik dapat menghasilkan karya yang orisinal berupa cakepan tembang macapat Asmaradana sesuai dengan paugerannya. 3. Pemahaman Bermakna 1.Pentingnya melestarikan tembang macapat sebagai warisan budaya adi luhung. Pentingnya menggali nilai moral yang terkandung dalam tembang macapat dan dapat mengaplikasikan pesan moral tersebut dalam kehidupan sehari-hari. 2.


Pangertosan Paugeran Jinising Tembang Tembang Asmaradana Tembang Macapat Ngripta Tembang Nembang Macapat Peta Kompetensi Ingkang badhe dipunsinau inggih menika: 1.Pangertosan, jinising, saha paugeran tembang macapat 2.Damel/ngripta cakepan tembang macapat Asmaradana


Saderengipun mlebet ing pasinaon, sumangga peserta didik nggarap asesmen diagnostik (pretest) rumiyin kanthi scan QR code utawi link ing ngandhap menika: https://forms.gle/nr39YdKxnMdLmCqh9 Asemen Diagnostik


Orientasi Terhadap Masalah Materi Faktual Sumangga peserta didik sami maos tuladha cakepan tembang ing ngandhap menika. Peserta didik langkung remen pundi, tuladha 1 menapa 2? Kenging menapa? Tuladha 1 Tuladha 2 Salajengipun para peserta diidk nyemak video tembang macapat Asmaradana lumantar scand QR Code ing ngandhap menika. https://www.youtube.com/watch?v=pLCPbb8ikwo


Materi Konseptual Mengorganisasi Peserta Didik Para peserta didik ing pasinaon menika diskusi kelompok sinau kadospundi paugeran tembang macapat Asmaradana saha ndamel cakepan tembang macapat Asmaradana. Saben kelompok gunggungipun 5-6 peserta didik. Saderengipun diskusi, sumangga para peserta didik maos materi ing ngandhap menika. Pangertosan Paugeran Jinising Tembang Tembang Macapat Asmaradana Cara Ndamel Cakepan


A. Pangertosan Tembang Macapat Padmosoekotjo wonten ing Triwik Damarjati (2017: 31) ngandharaken bilih tembang macapat inggih punika reriptan utawi dhapukaning basa mawi paugeran tartamtu (gumathok) ingkang pamaosipun kedah dipunlagokaken ngangge kagunan swanten. Wondene panggertosan tembang macapat miturut Suwarna (2008: 4- 7) inggih menika anggenipun maca sekawan-sekawan wanda. Menawi boten jangkep sekawan wanda, urut saking wiwitan gatra kawaos sekawan wanda kalajengaken tirahanipun wanda. Upaminipun: Tembang Pocung Bapak pocung / dudu watu/ dudu gunung = 4-4-4 Asal saka/ plembang/ = 4-2 Ngon-ingone/ sang bupati/ = 4-4 Yen lumampah/ si pocung lam/ beyan grana = 4-4-4


B. Jinising Tembang Macapat Tembang macapat menika cacahipun wonten 11. Wondene urutanipun sekar macapat menika sami kaliyan lampahing manungsa saking jabang bayi abang dumugi tumekaning pejah antawisipun (Damarjati, Triwik: 2017). Maskumambang, gambaranipun jabang bayi ingkang taksih wonten ing kandhutan ibunipun, dèrèng kawruhan jaler utawi èstri. Mas tegesipun dèrèng ningali kakung utawi èstri, kumambang tegesipun gesang ngambang wonten ing kandhutan ibunipun. 1. 2.Mijil, tegesipun sampun miyos saha cetha kakung utawi èstri. Sinom, tegesipun kanoman, minangka kalodhangan ingkang paling wigatos kanggénipun tiyang anom supados saged ngangsu kawruh sakathah-kathahipun. 3. Kinanthi, saking tembung kanthi utawi tuntun ingkang tegesipun dipuntuntun supados saged mlampah ngambah panguripan ing alam donya. 4. Asmaradana, ateges rasa tresna, tresna marang liyan (jaler saha estri saha kosok wangsulipun) ingkang sedaya wau sampun dados kodrat Illahi. 5. Gambuh, saking tembung jumbuh/ sarujuk ingkang ateges bilih sampun jumbuh/ sarujuk lajeng dipungathukaken antawisipun kakung saha èstri ingkang sami-sami gadhah raos tresna kala wau, ing pangangkah supados sageda gesang bebrayan. 6.


7. Dhandhanggula, nggambaraken gesangipun tiyang ingkang saweg remen, punapa ingkang dipungayuh saged kasembadan. Kelakon gadhah sisihan/kulawarga, gadhah putra, gesang cekap kangge sakulawarga. 8. Durma, saking tembung darma/weweh. Tiyang bilih sampun rumaos kacukupan gesangipun, banjur tuwuh raos welas asih marang kadang mitra sanesipun ingkang saweg nandhang katresnan, pramila banjur tuwuh raos kekarepan darma/weweh marang sapadha-padha. Sedaya wau dipunsengkuyung ugi saking piwulangipun agami saha watak sosialipun manungsa. 9. Pangkur, saking tembung mungkur ingkang tegesipun nyingkiri hawa nepsu angkara murka, ingkang dipunpénggalih kekarepan tansah wèwèh marang sapadha-padha. 10. Megatruh, saking tembung megat ruh utawi pegat ruhipun/nyawanipun, awit sampun titi wancinipun katimbalan marak sowan mring Sang Maha Kawasa. 11. Pocung, bilih sampun dados layon/ mayit banjur dipunwungkus mori putih utawi dipocong sadèrèngipun kasarekaken.


C. Paugeran Tembang Macapat Tembang macapat menika wonten paugeranipun utawi aturanipun. Konvensi (aturan) metrum inggih menika guru gatra, guru lagu saha guru wilangan. Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik/baris saben sapada (bait) tembang. 1. Guru lagu inggih menika tibaning swara (huruf vokal) ing pungkasaning gatra. 2. Guru wilangan inggih menika cacahing wanda (suku kata) saben sagatra. 3. Supados gampil anggenipun ngapalaken paugeran tembang macapat saged dipuncekak Guru Ga LaW (guru gatra, guru lagu, saha guru wilangan).


D. Tembang Macapat Asmaradana Paugeran: Guru gatra wonten 7 gatra Guru wilangan saha guru lagunipun: 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a Watak: awatak sedhih, sengsem, prihatin (kapethik saking Triwik, 2017: 38) Sasmita: kasmaran, asmara, brangti, brangta, kingkin, wuyung (kapethik saking Triwik, 2017: 39) Filofofis: Asmaradana mengku teges asmara saha dahana ingkang tegesipun api asmara. Tembang menika nggambaraken kahanan tiyang anem ingkang nandang asmara. Kapethik saking Roni Han Wasisto (2020: 87)


Gatra 1: a-ja tu-ru so-re ka-ki Gatra 2: a-na de-wa ngang-lang ja-gad Gatra 3: nya-king bo-kor ken-ca-na-ne Gatra 4: i-si-ne do-nga te-tu-lak Gatra 5: san-dhang ka-la-wan pa-ngan Gatra 6: ya-i-ku ba-ge-a-ni-pun Gatra 7: wong me-lek sa-bar na-ri-ma Guru wilangan 8, guru lagu i Guru wilangan 8, guru lagu a Guru wilangan 8, guru lagu e Guru wilangan 8, guru lagu a Guru wilangan 7, guru lagu a Guru wilangan 8, guru lagu u Guru wilangan 8, guru lagu a Analisis Paugeran Tembang Macapat Asmaradana


Cara Ndamel Cakepan Lampahipun ndamel cakepan tembang macapat Asmaradana inggih menika: 1.Nemtokaken tema ingkang badhe dipundamel Njumbuhaken cakepan/lirik tembang kaliyan paugeran tembang macapat Asmaradana. 2. Ndamel ukara jumbuh kaliyan paugeran guru gatra, guru wilangan, saha guru lagunipun. 3. 4.Larik sapisan saha larik salajengipun kedah jumbuh. 5.Ukara ingkang kadamel ngewrat piwulang/makna. Materi Prosedural Membimbing Penyeledikan Sasampunipun para peserta didik mangertosi pangretosan, watak, saha paugeranipun tembang macapat Asmaradana, sumangga dipunsinau sesarengan bab caranipun nganggit cakepan tembang macapat Asamaradana.


Salajengipun asiling pirembagan dipunandharaken wonten ing sangajengipun kelompok sanes. Kelompok sanes ngandharaken panyaruwe, pamrayogi, utawi pitakenan gayut kaliyan asiling pirembagan ngginakaken basa Jawi krama. Materi Metakognitif Mengembangkan dan Menyajikan Sasampunipun para peserta didik sinau/maos materi gayut kaliyan ancasipun pasinaon, sumangga ngrembag ing bab ing ngandhap menika: 1.Nganalisis paugeran tembang macapat Asmaradana 2.Ndamel cakepan tembang macapat Asmaradana


Menawi sampun sedaya dipunandharaken saha boten wonten pambengan saha pitakenan saking peserta didik, salajengipun nggarap posttest kanthi cara scan QR code utawi link ing ngandhap menika. Menganalisis dan Mengevaluasi Peserta didik sampun manggihaken paugeran tembang macapat Asmaradnan saha ndamel cakepan kanthi kreatif, pramila sumangga dipuanalisis saha dipunevaluasi proses anggenipun manggihaken sedaya unsur kalawau. https://wordwall.net/play/73526/013/448


DUDUTAN Tembang macapat minangka salah satunggaling karya sastra Jawi ingkang ngginakaken paugeran ingkang gumathok, ingkang awujud guru gatra, guru wilangan, saha guru gatra.Tembang macapat wonten 11 jinis, inggih menika: maskumambang, mijil, sinom, kinanthi, asmarandana, gambuh, dhandhanggula, durma, pangkur, megatruh saha pocung. Tembang macapat Asmaradana nggambaraken kahanan tiyang anem ingkang nandang asmara. Wonten ing salebeting cakepan menika ngewrat piwulang luhur kangge gesangipun manungsa. Nalika badhe ngripta tembang macapat, kedah nggatosaken paugeran tembang macapat inggih menika guru gatra, guru wilangan, saha guru lagunipun. RELEVANSI Saking andharan materi sekar macapat Asmaradana saha nafsiraken piwulang ing sekar,ingkang taksih relevan kaliyan kawontenan jaman menika: Tembang macapat menika dipunuri-uri wonten ing masarakat awit ngewrat piwulang luhur ingkang saged dipuncakaken saha dipuntuladha dening masarakat. 1. Piwulang tembang Asmaradana ngandharaken bilih manungsa kedah tansah ndedonga supados pikantuk pitulungan saking Gusti saha nrima tumprap sedaya cobaning Gusti. 2.


KAPUSTAKAN Damarjati, Triwik dan Sinar Indra Krisnawan. 2020. Wibawa Kelas X. Yogyakarta: Dinas Pendidikan, Pemuda, dan Olahraga DIY. Darsono (2016). Beberapa Pandangan Tentang Tembang Macapat. Jurnal Pengetahuan, Pemikiran, dan Kajian Tentang “Bunyi”, 16 (1), 27-37. Rahadini, Astiana Ajeng. 2019. Modul 4: Sastra Klasik lan Moderen. Surakarta: Kementrian Pendidikan dan Kebudayaan. Ratnasari, Desi dan Adiwijaya, Satria Nugraha (2023). Nilai Karakter dalam Tembang Macapat dan Pemanfaatannya sebagai Pengayaan Peserta Didik Sekolah Dasar, Jurnal Ilmiah Pendidikan Dasar, 9 (1), 1-15. Santosa, Sedya (2016). Nilai-nilai Pendidikan Moral dalam Tembang Macapat sebagai Penguatan Pendidikan Karakter dalam Kurikulum 2013, Al- Bidayah, 8 (1), 73-87. Suryanti, Heppy, dkk. Rinumpaka: Rinacik Ukara Pangandikan Kaweca. Klaten: Sinar Pengetahuan. Kamus Bahasa Jawa : WJS. Poerwadarminta, Baoesastra Djawa, Batavia. B. Wolters Uitgevers Maatschappij Groningen Kamus Bausastra Djawa. 1939 Kamus Bahasa Jawa online : https://www.sastra.org/leksikon dan https://budiarto.id/bausastra/


Click to View FlipBook Version