TEKS NARASI TENTANG PERISTIWA BUDAYA Farih Rizal Fathoni
GAMBAR APA IKI CAH? UPACARA GREBEG SAWAL KUWI ANA ING NGENDI? GUNUNGAN SING ANA ING GAMBAR KUWI JENENGE APA? STRUKTUR TEKS NARASI ANA PIRO? UNSUR TEKS NARASI KUWI ANA PIRO? 1. 2. 3. 4. 5. APERSEPSI PEMBELAJARAN
P E R T E M U A N K E 2 Peserta didik dapat mengidentifikasi unsur teks naratif. Peserta didik mampu menelaah isi yang terkandung dalam teks naratif. Peserta didik mampu menceritakan kembali teks naratif tentang peristiwa atau kejadian yang berkaitan dengan budaya ataupun tradisi Jawa. TUJUAN PEMBELAJARAN 1. 2. 3.
Y A N G A K A N A N D A L A K U K A N PERTANYAAN TEMANTIK GAMBAR APA IKI CAH? TRADISI APA SING ANA ING GAMBAR KUWI? ACARA TRADISI BUDAYA ANA ING NGENDI? 1. 2. 3.
TRADISI DUGDERAN ANA ING SEMARANG
Sabtu 13 Juni 2015-, Nalika yen arep kapethuk wulan Ramadhan utawi wulan pasa, para umat muslim mesthi bakal nyambut wulan kuwi kanthi rasa bungah tur seneng. Amarga ing wulan kuwi bakal ana babagan kang istimewa tur babagan kang endah, kang ora ana ing wulan liya-liyane. Biyasane ing pengetan kuwi, ana pirang-pirang acara kanggo nyambut wulan pasa Ramadhan utawi wulan kang istimewa kuwi, ana acara pengajian bareng, arak-arakan, nyadran, upacara penyambutan lan liya-liyane. Umpamane ana ing salah sawijining kutha ing Jawa tengah yakuwi Kutha Kudus lan Semarang. Kutha kuwi ana salah sawijining adicara pengetan taunan kang wajib di laksanaake kangge mertandhani yen wulan pasa Ramadhan kuwi sadela maneh arep kapethuk lan arep di lakoni ing kabeh umat muslim kanggo pasa sawulan. Adicara pengetan kuwi ing Kudus jenenge tradhisi Dandangan lan ing Kutha Semarang jenenge tradhisi Dugderan. TRADHISI DUGDERAN ING SEMARANG
Salah sawijine rangkaikan adicara Dugderan kuwi dijenengi Pasar Dugderan, pasar kuwi dilaksanaake suwene sawulan , awit wayah awan tekan wayah bengi, nanging rame pengunjunge wektu wayah bengi, para pengunjunge biyasane saka masarakat Semarang sekitare, lan uga pengunjung saka kutha liyane, kang arep nonton Adicara Tradhisi Dandangan kuwi lan arep ngrameake adicara kuwi. Adicara Pasar Dugderan kuwi panggonane ing Pasar Johar, Masjid Besar Kauman lan sekitare. Sadawane dalan kuwi, akeh warga kang mbuka lapak-lapak dagangane kang awujud dagangan cinderamata, dolanan bocah, sandangan, lan liya-liyane. Sakwise dilaksanaake PasarDugderan kang suwene sawulan, dilanjutake pesta rakyat kang isine pagelaran tari-tarian tradisional. Lomba-lomba tradisional, lan liyaliyane, proses ritual pengumuman awal pasa wulan Ramadhan kang dilaksanaake ing Masjid besar Kauman lan Kirab dugderan kang dadi puncak ing adicara tradhisi Dugderan kuwi.
Nalikane dilaksanaake kirabDugderan, kang paling nonjol kuwi anane Warak Ngendok, warak Ngendog kuwi didadeake simbol lan maskot ing ritual lan kirab Dugderan kuwi. Warak Ngendog kuwi awake awujud naga kang merlambangake Cina, burok kang merlambangake Arab, lan wedhus kang merlambangake Jawa, lan ndadeake warak ngendog kuwi lambang kanggo nyatuake kabeh ethnis ing Semarang. Warak ngendog kuwi wujude endhas lan gulune kang warnane abang, kang duweni teges kewan kang rakus lan brengangas, didadeake simbol nepsu para menungsa, sebab kuwi warak Ngendog esih ana lan sansaya sumrambah tekan saiki. Kabeh masarakat Semarang lan sekitare padha antusias ngrameake Kirab Dugderan kuwi, kirab kuwi dilaksanaake keliling lan arak-arakan ing sadawane dalan pemuda, tekan Pasar Johar. Kang meluni kirab kuwi para warga masarakat Semarang lan para masarakat ing luar kutha Semarang. http://parkrisung.blogspot.com/2015/10/makalah-bahasa-jawa-kebudayaan-jawa.html
GOLEKANA UNSUR TEKS NARASI PRASTAWA DUGDERAN ING SEMARANG?