Antologi Guritan
Shinta Rusalina, S.Pd
OMAH
2021
Antologi Guritan Shinta Rusalina, S.Pd
OMAH
Penulis : Shinta Rusalina, S.Pd
Penyunting : Agung Bahroni, S.Pd.,M.Hum
Gambar Sampul: Ahmad Hafid Lutfian
Perancang Sampul & Penata Letak: Ahmad Hafid Lutfian
Cetakan Pertama November 2021
i
LEMBAR PENGESAHAN
ANTOLOGI GEGURITAN OMAH
Disusun oleh :
SHINTA RUSALINA, S.Pd
Disetujui pada, 2 November 2021
Kepala Sekolah,
Drs.MOH. MUJIB B.,M.PdI
Pembina Tk. I
NIP. 19630210 199501 1 001
ii
ATUR PANGIRING
Puji syukur mugi konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti
Kang Murbeng Dumadi, amargi kanthi rahmat sarta hidayahipun
panulis saged ngrampungaken anggenipun nyerat antologi
geguritan kanthi irah-irahan Omah. Antologi geguritan kanthi
irah – irahan Omah, minangka antologi sepisan kang bisa terbit.
Antologi geguritan punika mujudaken satunggale literatur basa
Jawa kang bisa ngrembaka ing pawiyatan. Panulis ugi ngaturaken
agunging panuwun, amargi anggenipun nyerat antologi geguritan
saged rampung.
Bilih anggen kula nyerat skripsi punika taksih kathah
kekiranganipun. Wusananing atur kula nyuwun agunging
samudra pangaksami, mbok bilih wonten lepating anggen kula
nyerat. Pramila kula nyuwun pambiyantu ugi kritik ingkang
asipat nyengkuyung saking para maos, supados tulisan punika
saged langkung sae ugi maedahi.
Rengel, 02 November 2021
Panulis
iii
ATUR PISUNGSUNG
Puji sukur Alhamdulillah, konjuk ngarsanipun Gusti Allah S.W.T
saha Kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang sampun paring
kalancaran, kanugrahan, ugi paring rahmad lan hidayahipun,
saengga kula bisa ngrampungake antologi geguritan punika.
Antologi Geguritan punika kula aturaken dhumateng :
Garwa kang kinasih, Akmal Jadhug Mubarok minangka putra
kang daktresnani, lan kulawarga.
iv
KATRANGAN ISINE ANTOLOGI IKI
Lembar Pangesahan......................................................ii
Atur Pangiring..............................................................III
Atur Pisungsung..........................................................iv
Katrangan Isine Antologi............................................v
1. OMAH ............................................................................. 1
2.HEE LADALAH ............................................................... 2
3.CARITA ............................................................................ 3
4.ORA RUMANGSA ......................................................... 4
5.DHIK ................................................................................. 5
6.SI MBOK.......................................................................... 6
7.IJAB................................................................................... 7
8.MITRA .............................................................................. 8
9.APA KOWE NOM – NOMAN ? ...................................... 10
10.PURABAYA ................................................................... 12
11.TAN KAWEDHAR ........................................................ 13
12.SAMUDRAKU...................................................14
13.KIDUNG MLEMBUNG .....................................15
14.ROKOKKU .............................................................. 17
15.KAPIRANGU........................................................... 18
16.GEGURITANKU ........................................................... 20
v
17.MUNG SALARIK .............................................21
18.SAMPUR ABANGMU ......................................................... 22
19.DALAN ANYAR............................................................ 23
20.GONTOKING ATI ......................................................... 24
21.KELAWAN ENDAH ..................................................... 25
22.AMBAL WARSA..........................................................26
23.SANJA TRESNA ................................................................. 27
24.GANDRUNG ........................................................................ 29
25.KAGUBET ............................................................................ 30
26.AMANAH ............................................................................. 32
27.BEBAS ...............................................................33
28.TANDURANKU: Dhug !...................................34
vi
OMAH
Panjangkahku saya antep
Sukuku mancep
Nyatane pundhak sing jembar katon kuwat
Ning uga bisa ambrug, ambyar, nganti kliwat
Wis pengin leren saka kahanan
Wis pengin mandhegi pepenginan
Wis ora pengin nggayuh kekarepan
Mung pengin mulih ana omah
Mung pengin bisa gojegan ngilangi sakabehing susah
Pengin mulih ana omah
Papan sing paling gawe ati bungah
Papan sing bisa nampa kahanan wayah
Ora mung bungah ning uga susah
1
HEE LADALAH...
Dhasare wong wadon
Senengane rungon-rungon
Lambene ora ngalor ora ngidul
Dibumbung malah mumbul
Panggaweane mampir salon
Mesam – mesem nata rambut karo ngilon
Gawe rok mung nganti tekan dhengkul
Heladalah bojo mlarat dheweke ucul
2
CARITA
Iki dudu carita Mahabharata
Ngrebutke sing jenenge kuwasa
Pandawa klawan kurawa
Sing sejatine isih sakulawarga
Maju ing palagan perang sunjata
Ing kana kene ana abang-abange ludira
Akeh sing padha kelangan nyawa
Wis, iku mung carita Mahabharata
Yen iki carita kekanca
Pancen kaya kaya Mahabharata
Antarane kanca padha perang nala
Lur, ngertia tatune atiku matumpa-tumpa
Kupingku abang krungu pasemon sing ana
Mandhega , lerena !
Yen aku isih kok pitaya
Ayo jumangkah ana palagan kana
3
ORA RUMANGSA
Abang ora katon abange
Yen ireng ora katon irenge
Nggawe tatune manah
dirasa lumrah
Aja mung mesem wae
Sawangen kancamu kelara-lara dhewe
Apa bisa kowe nrima rasa bungah
nanging kancamu susah?
Ora krasa tumindak ala
Yen ora dielingna
Ora krasa yen ana sing kelangan waspa
Yen ora keprungu nganti keranta-ranta
Jare kanca....
Sing bebarengan kudu ngrasakna
Gegandhengan raket nganti tuwa
Urip bungah susah ing alam donya
Nanging kenapa?
Kowe isih mentala
nunjem dhadhane kanca
Ana mburine mata
4
DHIK
Dhik, apa sampeyan bisa?
Njaga kinurmatan wong tuwa
Anak lanang sing bakal ngganteni bapa
Eling aku ki wanita
Aku pancen gak duwe daya
Sampeyan dhik, sing bakal nerusna
Njaga kasampurnane kaluwarga
Ayo uripe ditata
Cethane ra pengin sengsara
Aku percaya sampeyan bisa
Aku yakin sampeyan bakal ngupaya
Dhik, aja lali nyuwuna pitulungan Gusti Kang Maha
Kuwasa
5
SI MBOK
Bungah nyawang netramu
Kebak sumunare candra
Ayem yen ngrungokake swaramu
Ngombak banyu nentremke rasa
Mbok... ing endi dedegmu
Ndika nandang apa?
Sing tak weruhi ndika mung tura-turu
Apa pancene lara?
Aku ora kuwawa nyawang si Mbokku
Nyawane kaya wis sirna
Awakke katon kuru
Wis ora rupa manungsa
Wutah tangis jalaran ngelu
Pegel urip ing alam donya
Nganti nyuwun pati ing wanci dalu
Aku trenyuh mati raga
6
IJAB
Wengi saya atis
Dibarengi udan rimis-rimis
Atiku saya nggegiris
Kelingan esemmu kang manis
Ing papan iki
Aku lan kowe nyawiji
Bungahku dadi bungahmu
Laramu dadi laraku
Iki lelakon sing dakimpi
Priyagung nyandhing ing telenging ati
Ing sasi Mei ijabmu mugi diijabahi
Krana gusti kang murba ing dumadi
7
MITRA
Mitra .... mitraku !!!!
Coba mandheg anggonmu jumangkah
Heeee, sawangen sedhela para dwija kang lenggah kuwi
Coba kok pandeng
Cumlorote sumunar, kang mijil ana ing socane
Iyaaa.... iyaa, dheweke para dwija bangsa
Tumetese banyu
Dadi trenyuhe atiku
Tata tuture dadi patuladhanku
Bapa... ibu guru
Tansaya ngerti anggonku lumaku
Tansaya eling mring pituturmu
Bapa ibu guru, ngulungake astane
Nuntun jumangkah
Sethitik... sethithik.... mbaka sethithik
Nganti nggayuh tumindak
Ancasing kauripan kang asipat becik
Mitra...
Mitraku, wis rampung..
Aku lan sliramu ngupadi kasampurnaning elmu
8
Ayo, ngangkat sluku
Jumangkah mawi manah
Kanthi ngucap bismillah
Mugiya aku, sliramu, bapa lan ibu guru
Pikantuk sedaya berkah lan anugrah....
9
APA KOWE NOM – NOMAN ?
Hehhhh
Iya kowe!
Apa kowe nom-noman?
Apa ora krasa
Karo sejatine kahanan?
Delengennnn..
Gunung kang nedheng kumendheng
Nyauti mega-mega ngumbara dina-dina
Klawan pundhak prakosa
Apa kowe nom-noman?
Tuking daya makarya lan tresna
Kang santer satengahing mangsa
Campuh lumawan rante-rante waja
Rante kunjaraning bebener lan keadilan
Rante pepalaning kemajuan
Uga rante apusing kamardikan lan kamanungsan
Hehh.. nom-noman
Tudhuhna tekadmu
Sing bisa nyampurnake laku, ya mung elmu
Elmu kang becik
10
Nyirnakake angkara murka
Sing ana ing alam donya.
11
PURABAYA
Nedya lan usaha
Wis dak pendhem jroning ati lan raga
Ora kudu noleh ngiwa
Ora kudu ngeling-eling nala
Ing terminal Purabaya
Kowe ngadeg ana ngarep mata
Sesandhingan karo wanodya liya
Apa iki jawaban saben pandonga?
Tirta medal saka raga
uga uwal ana ing puciking netra
Ludira tan mili mandheg sanalika
He, hla iya...!!!
Kanggo nggayuh sejatining tresna
Aku ora bisa
Pancen bener aku wanodya tanpa daya
Sing kudu nrima
lan lila tansah legawa
12
TAN KAWEDHAR
Saka mandhese tulisanku kang ana ing dluwang iki
Pengin dak suntak sakabehe mongkog ing ati
Pengin dak umbar, ning ora bisa kawedhar
Isih ngenteni liya dina
Isih ngenteni rasa narima
Kamangka dina tansaya ngumbara
Ning, lakuku kandheg
Mandheg jegreg
Niyatku dak urug, krasa mangu – mangu
Ana rasa kuwatir
Wedi yen saya adoh, saya ora rumaket
Njur wis ora kaiket
Ora ana talining paseduluran
Uga wis ora ateges kekancan
Dak pendhem niyatku, dak urungke lakuku
Menawa, sing bisa mangsuli kahanan iki ya mung wektu
Menawa, sing bisa ngowahi rasa ya mung uga wektu
Tan bisa kawedhar
Yen ora mbesuk?
Banjur arep kapan?
13
SAMUDRAKU
Tetalen gulunge ombak
Uga tali katresnan ing awak
Banyu kang lumaku
Agawe rancage suku
Nadyan akeh lincipe watu
Bantala kang nyekseni
Amung bisa nywara tanpa uni
Nyata tresnaku iki
Yekti sajroning ati
Udhare ombak ing ngarepku
Werdine mung nuduhake aku
Ati kang wus gumathuk
Nora bisa kapisah suluk
Gathuke ati iki
Isa lumampah kanthi tulusing ati
14
KIDUNG MLEMBUNG
Sumitra…
Coba mirengna..!
Tangise bayi ing wanci dalu
Kang ora bisa turu
Nanging…
Kasirep sanalika
Merga krungu
Krungu rumengenge sibu
Dhandhanggula pocung pangkur
Kang nyritakake satriya linuhur
Saiki wanci wus gumanti
Wayah wus owah
Saya rame tangise bocah
Merga tembange sibu wus ilang
Kaya beluke rokokku iki
Ngilang tanpa paran
Mlayu tanpa ambu
Mijil gambuh asmarandana
15
Saiki wus ora ana
Apa tembangi sibu bisa bali?
Apa cuwilaning budaya jawa kuwi bisa bali?
Kang bisa mangsuli yam bung sliramu mitraku…
16
ROKOKKU
Nalika dak sawang badanira sajroning busana
Wus gawe owahe batiningwang
Ya among sira kang wus lila anggandheng marang
ingsun
Datan anggape rinten klawan dalu
Tumungkule tekad jroning manah
Dene disengkuyung para kadang
Tekad ingsun kadya arga
Nalika sira wus dak aras
Ndadekake agni katresnan mangalat-alat
Kang bis nungkulake tresna klawan sira
17
KAPIRANGU
Kemul mega lelimengan
Owah lingsir anebah kartika
Wanci sun nganthi ndika ing supena
Eman-eman wong ayu
Sira kang ayu
Ing warna tan pegating ngimpi
Nalika sun ulat wadana reki
Gambuh rasaning wardayaningwang
Tan nglegawa nimas
Andulu rika jejer lan priya
Kejba ing ngong
Galebar megane miyak
Anguningani tyasing ulun
Nimas….
Dalah ingsun pindha kunjana
Rikala nyawang esemmu
18
Urung suwe sun hamendhem rasa
Nanging iki sejainging tresna
Gulangen ing kalbu nimas, tresnaningsun sundhuling
suralaya
19
GEGURITANKU
Daktulis geguritan iki,
Mawa mawute paramasastra,
Tan nggugu pakeme sastra,
Daktulis geguritan iki,
Kanthi aluse tembung lan ukara,
Nanging ora mung kanggo medharake tresna,
Daktulis geguritan iki,
Mung kanggo medharake apa sing dakrasa,
Medharake apa sing dakuninga,
Daktulis geguritan iki,
Dudu wacan kang apik kanggomu,
Iki mung dakgawe ngudhari gembolane rasaku,
Daktulis geguritan iki,
Uga kanggo ngonjukake rasa sukurku marang Sang
Hyang Tunggal.
20
MUNG SALARIK
Nalika nyawang endahe rembulan
Dak anggit gurit nadyan mung salarik
Ora arep crita, apa maneh ngudarasa
Merga wis ora ana
Wis ora ana kang gelem krungu critaku
Wis ora ana kang gelem nampa pangudarasaku
Kabeh padha mbudheg
Kabeh padha miceg
Elinga yayi,
Sanadyan guritku mung salarik
Nanging tresnanku ora kaya guritku.
21
SAMPUR ABANGMU
Sampurmu mung minangka pepeling kanggoku,
Pepeling yen isih ana Gusti kang Maha Agung,
Pepeling yen isih ana manungsa sakupengku,
Pepeling yen isih ana katresnan kanggoku,
Lumantar pepelingmu kuwi,
Aku eling nalika koksampirake gurit tresnamu,
Koksampirake neng pundhak tengenku,
Nanging eling-elingen yen iki dudu gurit katresnan.
Awit sampur abangmu kuwi,
Aku lali marang reruwete donya iki,
Aku lali marang abote urip iki,
Yayi...
Tansah dakantu beksane sampur abangmu,
Ora merga endahe sampur abangmu,
Ora merga larange sampur abangmu,
Ya mung beksane jiwamu,
22
DALAN ANYAR
Dak antu, endahe permata
Aneng samudra katresnan
Lelumban kanthi baita kabungan
Anggadhang papan kang dununge kamulyan
Nadyan akeh sumliwere pacoban
Ananging sira kok cidra
Nyulayani janji katresnan
Yekti ngilang tanpa paran
Arane katresnan
Rancage suku tanpa kadigdayan
23
GONTOKING ATI
Keprungu warta kang nggawe ati lara
Pengin dakcandet lakune dina
Tansaya mubal alane pangrasa
Ora bisa ngempet mbesesege dhadha
Meruhi kahanan ing njaba
Iki dhadhaku, endi dhadhamu
Maju tatu mundur ajur
Kaya-kaya kabeh dadi dhadhu
Salah tafsir ajur mumur
Adigang, adigung, adiguna terus kemaki
Lali apa nglali marang pangestuti
Kaya mbesuk ora bakal mati
Iki kabeh kudu dipungkasi
Kanthi cara demokrasi lan toleransi
24
KELAWAN ENDAH
Perih kang dakrasa
Kamangka kaya ana kang nunjem ing dhadha
Nalika kelingan marang esemmu
Tansah sliweran ing paturonku
Anggonku setya tuhu
Ngenteni kang mecaki ratri iki, sliramu
Pawongan kang ndukani pangrasa
Kang mblenja ing prasetya
Nanging, tresna iki tan bisa owah
Bakale tetep krasa endah
Senajan tresnamu urung konjuk nyuwara
Ing sajroning ati lan jiwa
Nanging aku percaya
Ana wayah kang wus tinata
Ing ngendi aku bakal antuk bebungah
Tresnaku kang mandheg jejeg dhuwur ing manah
25
AMBAL WARSA
Rina ganti wengi
Surya ganti bulan
Sabin kang ana wohing pari
Nguning saya nundhuk
Tambahing pakarti
Dina iki tetep dadi dina
Wulan iki kaya wulan biyasane
Warsa uga ora ganti kaya apa anane
Nanging ikidina beda
Kaya ta wohing pari kang saya nundhuk
Muga apa kang dipengin bisa antuk
Tambah apike sedaya
Ing dina ambal warsa
26
SANJA TRESNA
Tengah wengi kuwi,
Daksawang maneh mripat bundermu,
Senajan ora nepaki purnama,
Endahe mripatmu wis madhangi wengiku.
Ya ing tengah wengi kuwi,
Dak baleni maneh lungguh bareng sliramu,
Lan kaya padatan,
Kinancan kopi ing ngarepku,
Lan susu anget ing ngarepmu.
Pancen ing tengah wengi kuwi,
Atiku rumangsa wedi,
Nalika mecaki dalan kutha iki bareng sliramu,
Mbaleni lakon saben wengi bareng sliramu.
Jeng,
Aku wedi rasa kang wis sirna,
Dumadakan mbalik tumata,
Kaya limang taun kepungkur,
Senajan sliramu mung apen-apen mungkur.
27
Jeng,
Matur nuwun wis gelem eling,
Senajan saiki sliramu wis ana sing nyandhing.
28
GANDRUNG
Kemul mega lelimengan
Owah lingsir anebah kartika
Wanci sun nganti ndika ing supena
Eman-eman wong ayu
Sira kang ayu
Ing warna tan pegating ngimpi
Nalika sun uat wadana reki
Gambuh rasane wardayaningwang
Tan nglegawa nimas
Andulu rika jejer lan priya
Kejaba ing ngong
Galebar megane miyak
Anguningani tyasing ulun
Nimas…
Dalah ingsun pindha kujana
Rikala nyawang esemmu
Urung suwe sun hamendhem rasa
Nanging iki sejatine tresna
Gulangen ing kalbu nimas, tresnaku sundhul suralaya
29
KAGUBET
Wayah dalu
Boncengan numpak pid
Miyak angin sadawane dalan Bojonegoro
Hawa kang atis tan bisa nglurug karepe ati
Seneng ngrungokake critamu
Ayem krungu renyahe swara gojegmu
Ing spion sisih kiwa,
Katon esemmu kang pahit madu
Ora bisa selak, senajan katon ngguyu
Nang ing pucuking mripatmu nuli waspa tan bisa kabendhung
Mbesuk apa isih kaya mangkene?
Kamangka pranyatan...
Ana ati liya kang kudu dak jaga
Ati kang kebacut mancep, ora bisa oncat.
Kacencang dening maneka werna kahanan.
Rasa wis kadhung tuwuh saya ngrembaka..
Ora bisa, kudune wengi iki wis dak rampungake lelakon tresna
kang nyulayani
Patemon kang pungkasan iki
Aku mandheg ana ing jembatan glendheng
Dheleg - dheleg nyumendhekke raga iki
Ngunjal ambegan landhung
30
Arep nyalahke kahanan iki marang Gusti?
Ning sapa kuwawa..
Ana ati kang kuciwa
Ana mripat kang kembeng sawijine waspa
Geneye Gusti isih aweh rasa tresna?
Geneye kok saya ngrembaka?
Priyagung, apuranen aku..
Crita antrane aku lan sliramu
Ana priya liya
Ana rasa liya
Ning dina iki wis dak pungkasi
Ning kaya ora pungkas..
31
AMANAH
Iki kahanan sing dadi pranyatan
Nalika pepenginan sing wis ginayuh wis dadi padatan
Aku wis ana ing pawiyatan
Mulang bocah - bocah
Jebule uga kadhang susah
Mbubarke lamunku, njur mlaku semplah - semplah
Ujare Ki Hadjar Dewantara
Ing ngarsa sung tuladha
Apa iya?
Aku wis bisa aweh tuladha marang muridku?
Digugu lan ditiru
Apa kang bisa digugu saka wanodya kaya aku?
Anane mung ala
becik kang sethithika kaya ngapa tan katon ana..
Apa bakal kaya mangkono Gusti?
Awit wektu saya suwe saya lumaku
Ora kudu ngenteni siyape pribadiku
Sinau iku ora ngerti umur lan wektu
Yen pengin kabeh owah manut pamikirku
Ya kudu gelem jumangkah, ora mung pasrah
Bisa yen ana niyat kang becik mapan ana ing lembah manah..
Merga dadi guru iku uga amanah.
32
BEBAS
Dak ongak ana lawang,
Amung gisike angin kang tumiyup nggawa adheme hawa
Dak ongak ana cendhela,
Mung padhange rembulan kang nyoroti pasuryan
Dakrasakne...
Saka ananing urip iki nganti apa sing jare wong diwasa,
Aku durung ngrasakke apa sing kaaran bebas
Bebas...
Nglakoni apa sing dadi pilihanku.
Nyatane kabeh kudu manut
Manut marang kahanan
Bebas...
Ngawiti urip nganggo caraku dhewe
Nyatane saben-saben caraku
Mung dianggep kurang diwasa
Kapan aku diwasa?
Yen nyatane kabeh pangangen-angenku
Dianggep remeh
Iki mono wis dadi dalan kodratku
Bebas kang dakanti-anti
Nyatane mung impen
33
TANDURANKU: Dhug !
Cung,
Dakpaculi lemahe
Amrih bisa kepenak
Anggonmu mancep oyotmu
Cung,
Daksemprot herbisida
Amrih ora ana suket
Yen wis tuwuh gedhe bakale nyandhung nyrimpet
Amrih lakumu ora kebulet
Cung,
Daklabur fungisida
Amrih ora tuwuh jamur
Kang ngrungkeb saka njaba lan njero
Minangka pepalang sliramu lan Gustimu
Cung,
Dakbuntel insektisida
Amrih ora ana kewan sing bakal ngridhu
Mekare kembang bakale wohmu
Cung,
Dakramut kanthi tenanan saiki
Ora mikir sun bakale panen apa ora
Waton kewajibanku ngramut tanduranku
34