BAHAN AJAR
KANGGE KELAS XI SEMESTER GASAL
dening: Amalia Desi Roheni, S.Pd.
A.Identitas
Kelas : XI/ Gasal
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Materi : Empat paragraf aksara Jawa menggunakan aksara rekan
Pertemuan : 1 x 2 jam pelajaran
B.Kompetensi Dasar
3.5 Mengidentifiksi kaidah penulisan aksara Jawa empat paragraph menggunakan
aksara rekan
C. Indikator
3.5.1 Menguraikan penulisan aksara Jawa empat paragraf yang menggunakan
aksara rekan menjadi aksara latin (C4)
3.5.2 Menelaah penulisan aksara Jawa empat paragraf yang menggunakan aksara
rekan.(C4)
D. Tujuan Pembelajaran
Melalui kegiatan pembelajaran dengan menggunakan pendekatan scientific, model
pembelajaran Problem Based Learning, metode teams games tournament, diskusi,
tanya jawab, dan penugasan peserta didik dapat menguraikan penulisan aksara
Jawa empat paragraf yang menggunakan aksara rekan menjadi aksara latin dan
menelaah penulisan aksara Jawa empat paragraf yang menggunakan aksara rekan
dengan penuh tanggung jawab (C4, Hots)
E.Dimensi Pengetahuan
1. Faktual : gambar kang ginakake aksara jawa
2. Konseptual : aksara Jawa, pasangan, sandhangan, aksara rekan, tata
cara menulis aksara rekan
3. Prosedural : langkah-langkah menelaah dan menulis aksara rekan
4. Metakognitif : menulis aksara Jawa menggunakan aksara rekan
FASE 1: IDENTIFIKASI MASALAH
MATERI FAKTUAL
Aksara Jawa menika asli kabudayan Jawa ingkang adiluhing. Jaman samenika
kathah sanged panyeratan ingkang ginakaken aksara Jawa, tuladanipun nama margi,
nametag tiyang, rasukan batik ingkang ginakake aksara Jawa. Mula kuwi ayo para
siswa saged sinau sesarengan babagan akasara Jawa supados menawi wonten
panyeratan aksara Jawa ing pundi kemawon, kita sadeg maos. Wonten ing pasinaon
menika para siswa nyinauni bab aksara Jawa. Gladhen nyerat aksara Jawa kedah
dipun tindakaken supados enggal apal lan paham caranipun nyerat.
Mangga para siswa dipuntiti tuldha ingkang ginakaken aksara Jawa:
Nama margi kathah
ingkang ginakaken
aksara Jawa
Rasukan ingkang
ginakaken aksara Jawa
Nametag ingkang
ginakaken aksara Jawa
FASE 2: MENGORGANISASIKAN
PESERTA DIDIK
MATERI KONSEPTUAL
AksaraLegena
Aksara legena inggih menika aksara Jawa ingkang dereng angsal sandhangan
lan pasangan. Aksara legena menika cacahipun wonten 20 (kalih dasa).
Pasangan
Aksara Jawa ingkang cacahipun wonten 20 (kalih dasa) menika kagungan
pasangan piyambak-piyambak.
Sandhangan
a. Sandhangan Swara
Sandhangan kangge nyerat swanten i, u, e, lan o. Caranipun nyerat
sandhangan swara inggih menika aksara ingkang dipunparingi sandhangan
swara mapane wonten ing tandha titik kados ing njero kothak ing nginggil.
Caranipun mbedakake sandhangan pepet lan tarung inggih menika
dipuntiteni saking swantenipun.
b. Sandhangan panyigeg wanda
Inggih menika sandhangan ingkang dipunginakaken kangge gantosi aksara
sigeg (huruf mati). Aksara sigeg ingkang dipungantos ngangge sandhangan
menika wonten tiga inggih menika h, r, ng lan pangkon
c. Sandhangan Wyanjana
Cacahipun wonten tiga
d. Sandhangan Pangku/ Pangkon
Dipunginakakne kangge tigang prakawis nalika nyerat, inggih menika kangge
mateni tembung utawi mungkasi ukara, kangge gantos tandha pada lingsa
(koma), lan supados boten nyerat pasangan kanthi tumpuk-tumpuk.
Aksara Rekan
Paugeran ginakake aksara rekan
Ginakake aksara rekan menika wonten paugeranipun inggih menika:
Aksara rekan kangge nyerat tembung manca ingkang dipuncethakake,
utamane tembung ingkang saking basa Arab;
Tuladha:
Menawi aksara rekan karaketake kaliyan sandhangan pepet, cecake tiga
dumunung ing salebetipun pepet;
Tuladha: (vendor)
Menawi aksara rekan karaketake kaliyan sandhangan wulu, layar, utawi
cecak, cecake tiga dumunung wonten ing sisih kiwa, sandhangan wulu,
layar, utawi cecak wonten ing sisih tengen;
Tuladha:
Aksara rekan boten saged dados pasangan, kejaba aksara p ingkang wujud
pasanganipun P; Tambahkan sedikit teks isi
Tuladha: (zakat fitrah)
Menawi aksara rekan dumunung wonten ing sawingkingipun wanda sigeg,
sigeging wanda menika kedah dipunpangku.
Tuladha: (khatib arep khutbah)
Tuladha nyerat ginakake aksara rekan
FASE 3: MEMBIMBING
PENYELIDIK
MATERI PROSEDURAL
Caranipun nelaah panyeratan aksara Jawa sekawan
paragraf ingkang ginakake aksara rekan
1.Para siswa kedah maos utawi ngartiake utawi alih akasara
ngangge aksara latin
2.Para siswa kedah pados tembung ingkang ginakaken aksara
rekan
FASE 4: MENGEMBANGKAN
DAN MENYAJIKAN
MATERI METAKOGNITIF
Tuladha:
1.Jlentrehake aksara Jawa dados aksara latin
2. Telaah ingkang ginakake aksara Jawa
FASE 5: MENGANALISIS DAN
MENGEVALUASI
DUDUTAN
1.Aksara rekan cacahipun wonten 5 inggih menika kha, fa/va, dza, za, gha.
2. Aksara rekan kanggo nulis tembung manca kang dicethakake, utamane
tembung kang saka basa Arab.
3.Menawa aksara rekan karaketake karo sandhangan pepet, cecake telu
dumunung ing sajrone pepet.
4.Menawa aksara rekan karaketake karo sandhangan wulu, layar, utawa
cecak, cecake telu dumunung ing sisih kiwa, sandhangan wulu, layar,
utawa cecak ing sisih tengen.
5.Aksara rekan ora kena dadi pasangan, kejaba aksara p kang wujud
pasangane P.
6.Menawa aksara rekan dumunung ing saburine wanda sigeg, sigeging
wanda iku kudu dipangku.
RELEVANSI
Materi aksara Jawa menika siswa kedah saged maos utawi nyerat
amargi kita lair ing tanah Jawa kedah nguri-nguri kabudayan.
Aksara Jawa menika asli kabudayan Jawa ingkang adiluhung.
Jaman samenika sampun kathah panganggening aksara jawa ing
pagesangan. Tuladhanipu ing papan nama margi, nama sekolah,
ing busana saha sanes-sanesipun.
KAPUSTAKAN
Agustina, Yunika Tri. 2022. Bahasa Jawa. Surakarta: Putra Nugraha.
https://id.wikipedia.org/wiki/Alih_aksara
https://kumparan.com/pandangan-jogja/di-jantung-jawa-yogyakarta-kongres-aksara-
jawa-menjawab-nasib-bahasa-jawa-1vPVpSKlD3V
Putri, Rulita Damameita, Slamet Mulyana. 2015. Trampil Basa. Surakarta: Mediatama
Wijayanti, Kenfitriana Diah. 2022. Aksara Jawa. Jakarta: Kementrian Pendidikan,
Kebudayaan, Riset, dan Teknologi