The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by amaliaroheni42, 2022-09-19 21:45:38

BAHAN AJAR SASTRA

BAHAN AJAR SASTRA

BAHAN AJAR

Tembang Macapat

Serat Wedhatama Pupuh Pocung

Kangge Kelas XI
Semester Ganjil

dening:
Amalia Desi Roheni, S.Pd.

BAHAN AJAR
SERAT WEDHATAMA PUPUH POCUNG

A. Identitas : XI/ Gasal
Kelas : Bahasa Jawa
Mata Pelajran : Tembang Macapat
Materi

B. Kompetensi Dasar

3.1 Menelaah teks Serat Wedhatama pupuh Pocung.

4.1 Menanggapi isi Serat Wedhatama pupuh Pocung dan menulis serta menyajikan
syair Serat Wedhatama pupuh Pocung.

C. Indikator

3.1.1 Menganalisis guru gatra, guru wilangan, dan guru lagu Serat Wedhatama pupuh
Pocung (C4)

3.1.2 Menguraikan amanat yang terkandung di dalam Serat Wedhatama pupuh Pocung
(C4)

4.1.1 Menguraikan isi serat Wedhatama pupuh Pocung (C4)
4.1.2 Mencipta syair tembang Pocung dengan bahasa sendiri (P4)
4.1.3 Melakukan pembacaan hasil syair yang ditulis sendiri secara lisan (P5).

D. Tujuan Pembelajaran
1. Melalui kegiatan pembelajaran dengan menggunakan pendekatan scientific, model
pembelajaran problem based learning, diskusi dan presentasi peserta didik dapat
mengidentifikasi guru gatra, guru wilangan, dan guru lagu Serat Wedhatama pupuh
Pocung, menguraikan nilai-nilai dan menguraikan isi serat Wedhatama pupuh
Pocung dengan mengembangakan sikap jujur, peduli, dan bertanggungjawab (C4,
Hots)
2. Melalui kegiatan pembelajaran dengan menggunakan pendekatan scientific, model
pembelajaran kooperatif tipe talking chips, diskusi dan presentasi peserta didik
dapat mencipta syair tembang pocung dengan bahsa sendiri dan melakukan
pembacaan hasil syair tembang macapat Pocung dengan bahasa sendiri dengan
percaya diri (P4, P5, Hots)

E. Materi Pembelajaran

1. Faktual : tembang Macapat

2. Konseptual : pengertian tembang Macapat, paugeran tembang Macapat,

watak tembang Macapat, sasmitane tembang macapat

3. Prosedural : amanat tembang macapat, isi tembang Macapat Pocung,

langkah-langkah menciptakan tembang Macapat Pocung

4. Metakognitif : menciptakan tembang Macapat pocung dengan tema tertentu.

FASE 1: IDENTIFIKASI MASALAH

Materi Faktual

Mangga para siswa dipun mirengaken tembang macapat Pocung kangge damel pitakenan
amrih paham bab tembang macapat pupuh pocung.
Nembang pocung:
https://www.youtube.com/watch?v=DcPOflyt7Ik
Tuladha cakepan tembang macapat Pocung

FASE 2: MENGORGANISASI PESERTA DIDIK
Materi Konseptual

A. Pangertene Tembang Macapat

Tembung macapat dumadi saka tembung “maca” tegese maca utawa nglagokake; lan
tembung “pat” kang owah dadi “mat” (proses asililasi tunggal ditikulasi) wancahan
saka tembung “nikmat”, maknane: enak utawa krasa banget (Poerwadarminta, 1939:
298). Dadi macapat tegese seneng maca kanthi kebak rasa endah lan nikmat.

B. Paugerane tembang macapat

1. Guru gatra: cacahe gatra/ larik saben sapada.

2. Guru wilangan: cacahe wanda saben sagatra.

3. Guru lagu: tibaning swara ing saben pungkasan gatra (dhong-dhing).

C. Watak Tembang Macapat

Cacahe tembang macapat ana 11, yaiku mijil, maskumambang, sinom,

asmarandana, gambuh, kinanthi, dhandhanggula, durma, pangkur, megatruh, pocung.

Saben tembang macapat duweni watak uga kanggo medhar rasa kang beda-beda.

No. Tembang Watak Kanggo medhar

macapat

1. Mijil prihatin rasa sedhih, suka pitutur melas,

gandrung

2. Maskumambang nelangsa, ngeres- rasa sedhih, kelara-lara nelangsa

ngeresi

3. Sinom canthas, ether gandrung, suka pitutur prenes,
4. Asmarandana
5. Gambuh sigrak

sedhih, prihatin ing carita sedhih lan asmara

asmara

sumanak, sumandulur Pitutur

6. Kinanthi seneng, tresna, grapyak suka pitutur rasa tresna

7. Dhandhanggula ngresepake, nggambarna rasa apa bae

8. Durma sereng, nepsu rasa sereng, paprangan, tantangan
9. Pangkur sereng, nepsu pitutur sereng, carita perang

10. Megatruh trenyuh, melas carita susah
11. Pocung gregeten, kendho carita sakepenake

D. Sasmitane Tembang Macapat

a. Pocung : mucung, pinucung, kluwak, lan tembung-tembung kang nduweni
wanda “cung”.
b. Gambuh :
tambuh, embuh, kambuh, jumboh; lan tembung-tembung kang awanda
c. Maskumambang : “mbuh”.

d. Megatruh : kambang, kentir, kencana timbul ing warih.
duduk, dudukwuluh, pegat, megat, ruh, aruh.
g. Kinanthi : kanthi, kekanthen, gandheng.
wiyos, winiraos, rarasati, metu.
h. Mijil : mingkur, mungkur, kukur-kukur, yuda kenaka.
asmara, kasmaran ing driya, branta, kingkin, sedhih.
i. Pangkur : mundur, udur, durcara, duraka.
anom, taruna, srinata, roning kamal, pangrawit, weni, logondhang.
j. Asmaradana : manis, legi, sarkara, hartati, madu, dhandhang, guladrawa.

k. Durma :

n. Sinom :

o. Dhandhanggula :

FASE 3: MEMBIMBING PENYELIDIK

Materi Prosedural

Sesampunipun maos materi ing nginggil, gayut kaliyan ancasipun pasinaon sumangga
para siswa samenika madosi wos lan pitutur luhur lan langkah-langkah nyerat tembang
macapat Pocung.
E. Wos lan pitutur luhur serat Wedhatama pupuh Pocung
Pada 33. Ngelmu iku kalakone kanthi laku

Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budaya pangekese dur angkara

Wos Pada 33
Ilmu menika dipun padosi kathi tumindak
Kawiwitan saking niat
Artosipun niat kang nyantosani
Ilmu menika saged nyingkiri tumindak ala

Pitututr Luhur Pada 33
Dados tiyang menika kedah pados ilmu supados saged bedakaken tumindak
becik lan tumindak ala

Pada 34. Angkara gung neng angga anggung gumulung
Gegolonganira
Triloka lekere kongsi
Yen den umbar ambabar dadi rubeda.

Wos Pada 34
Nafsu ingkang ageng wonten awak piyambak
Ngumpul dados setunggal
Dumugi ngantos tiga jaman
Menawi dipun umbar nyebar dadosaken pepelang

Pitutur Luhur Pada 34
Kita dados manungsa kedah saged ngendalikaken nafsu supados tebih saking
pepalang.

F. Langkah-langkah Nyerat Cakepan Tembang Pocung
Nulis utawa nganggit cakepan tembang Sinom iku ora angel. Saben siswa bisa

nggawe nganggo tetembungane dhewe. Carane kepiye? Ing ngisor iki sing kudu
digatekake nalika arep nulis utawa nganggit cakepan tembang Sinom:
1. Nemtokna tema

Tema iku minangka gagasan utawa ide pokok kang dadi dhasar nalika nulis cakepan
tembang. Tema kang dipilih umpamane bab Pendhidhikan, Tresna, Budi Pakerti, lan
sapanunggalane.
2. Nggatekna paugeran
Paugeran utawa pathokane tembang Sinom, yaiku:
a. Guru gatrane ana 4
b. Guru wilangane: 12, 6, 8, 12
c. Guru lagune: u, a, i, a
3. Pamilihing tembung (diksi) kang trep
Tembung kang arep digunakake nalika nulis cakepan tembang ora kudu tembung basa
Jawa kuna nanging bisa milih tembung basa padinan, tembung ngoko, krama, krama
inggil, utawa malah tembung serapan saka basa Indonesia utawa basa liyane.
4. Nggatekna tata tulis tembung

Tata tulis utawa ejaan uga perlu digatekna panulisane. Umpamane, nalika nulis
tembung kang nggunakake swara a utawa o, nganggo aksara t utawa th, nganggo aksara
d utawa dh.
Tuladha: tembung isa katulis nganggo “a” (isa), ora ditulis ngangggo “o” (iso).
Panulisan tembung: ojo” sabisa-bisane ditulis “aja”. Mula ayo padha dikulinakake
nulis tembung nganggo tata tulis kang bener.

FASE 4: MENGEMBANGKAN DAN MENYAJIKAN HASIL KARYA

Materi Metakognitif

Saksampunipun nyinauni langkah-langkah damel syair tembang macapat, wonten mriki

dipunparingi tuladha syair tembang macapat Pocung kanthi tema pendhidhikan.

Tuladha syair tembang macapat Pocung tema pendhidhikan

Murid iku wajib bekti lan mituhu (12u)

Pituturing dwija (6a) guru gatra : 4
guru lagu : u, a, i, a
Sabarang reh ngati ati (8i) guru wilangan : 12, 6, 8, 12

Tata krama empan papan katindakno (12a)

FFAASSEE 5::MMENEGNAGNAANLIASLISIDSAISNDEAVANLUASI
EVALUASI

DUDUTAN:
1. Tembang macapat inggih menika karya sastra kang awujud geguritan mawa paugeran
utawa aturan tartamtu.
2. Paugeran tembang macapat wonten 3 inggih menika guru gatra, guru lagu lan guru
wilangan.
3. Watakipun tembang macapat pocung inggih menika gregeten, kendho.
4. Sasmitanipun tembang macapat pocung inggih menika mucung, pinucung, kluwak,
lan tembung-tembung kang nduweni wanda “cung”.
5. Nyerat tembang macapat pocung kedah mirsani paugeran kang trep lan gatekaken temanipun.
Guru gatra 4, guru wiangan 12, 6, 8, 12 lan guru lagu u, a, i, a

RELEVANSI

1. Kathah piwulang ingkang sae wonten ing salebetipun tembang macapat
2. Kita dados generasi muda kedah nguri-uri tembang macapat supados mbten ical lan

kagerus dening lagu manca

KAPUSTAKAN
Poerwadarminta, W.J.S, dkk. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters

Uitgevers
Sai, Dewi Pangestu. 2022. Sastra Klasil lan Modern. Jakarta: Kememntrian Pendidikan,

Kabudayaan, Riset dan Teknologi


Click to View FlipBook Version