BAHAN AJAR
TEMBANG MACAPAT
POCUNG
KANGGE KELAS XI SEMESTER GASAL
dening: Amalia Desi Roheni, S.Pd.
TEMBANG
MACAPAT POCUNG
IDENTITAS : XI/ Gasal
: Bahasa Jawa
Kelas : Tembang Macapat
Mata Pelajran
Materi
KD Pengetahuan KD Keterampilan
3.1 Menelaah teks Serat 4.1 Menanggapi isi Serat Wedhatama pupuh
Wedhatama pupuh Pocung. Pocung dan menulis serta menyajikan syair
Serat Wedhatama pupuh Pocung.
INDIKATOR PENCAPAIAN
KOMPETENSI
3.1.1 Menganalisis guru gatra, guru 4.1.2 Mencipta syair tembang
wilangan, dan guru lagu Serat Pocung dengan bahasa sendiri (P4)
Wedhatama pupuh Pocung (C4)
TUJUAN PEMBELAJARAN
1.Melalui kegiatan pembelajaran dengan menggunakan pendekatan scientific, model
pembelajaran problem based learning, ceramah, diskusi, tanya jawab dan penugasan
peserta didik dapat menganalisis guru gatra, guru wilangan, dan guru lagu Serat Wedhatama
pupuh Pocung dengan mengembangakan sikap jujur, peduli, dan bertanggungjawab (C4,
Hots)
2.Melalui kegiatan pembelajaran dengan menggunakan pendekatan scientific, model
pembelajaran problem based learning, ceramah, diskusi, tanya jawab dan penugasan
peserta didik dapat mencipta syair tembang pocung dengan bahsa sendiri dengan percaya
diri (P4, Hots)
PETA KONSEP
MATERI TEMBANG MACAPAT
01 PANGERTEN 02 PAUGERAN
03 WATAK 04 SASMITA
05 WOS 06 LANGKAH
FASE 1: IDENTIFIKASI MASALAH
Materi Faktual
Mangga para siswa dipun tingali tembang macapat Pocung kangge damel pitakenan amrih paham bab tembang
macapat pupuh pocung.
Tuladha cakepan tembang macapat Pocung
FASE 2: MENGORGANISASI PESERTA DIDIK
Materi Konseptual
A. Pangertene Tembang Macapat
Tembung macapat dumadi saka tembung “maca” tegese maca utawa nglagokake; lan tembung “pat”
kang owah dadi “mat” (proses asililasi tunggal ditikulasi) wancahan saka tembung “nikmat”, maknane:
enak utawa krasa banget (Poerwadarminta, 1939: 298). Dadi macapat tegese seneng maca kanthi kebak rasa
endah lan nikmat.
B. Paugerane tembang macapat
1. Guru gatra: cacahe gatra/ larik saben sapada.
2. Guru wilangan: cacahe wanda saben sagatra.
3. Guru lagu: tibaning swara ing saben pungkasan gatra (dhong-dhing).
C. Watak Tembang Macapat
Cacahe tembang macapat ana 11, yaiku mijil, maskumambang, sinom, asmarandana, gambuh,
kinanthi, dhandhanggula, durma, pangkur, megatruh, pocung.
Saben tembang macapat duweni watak uga kanggo medhar rasa kang beda-beda.
No. Tembang macapat Watak Kanggo medhar
1. Mijil prihatin rasa sedhih, suka pitutur melas, gandrung
2. Maskumambang nelangsa, ngeres-ngeresi rasa sedhih, kelara-lara nelangsa
3. Sinom canthas, ether gandrung, suka pitutur prenes, sigrak
4. Asmarandana
sedhih, prihatin ing asmara carita sedhih lan asmara
5. Gambuh sumanak, sumandulur Pitutur
6. Kinanthi seneng, tresna, grapyak suka pitutur rasa tresna
7. Dhandhanggula ngresepake, nggambarna rasa apa bae
8. Durma sereng, nepsu rasa sereng, paprangan, tantangan
9. Pangkur sereng, nepsu pitutur sereng, carita perang
10. Megatruh trenyuh, melas carita susah
11. Pocung gregeten, kendho carita sakepenake
D. Sasmitane Tembang Macapat
a. Pocung : mucung, pinucung, kluwak, lan tembung-tembung kang nduweni
wanda “cung”.
b. Gambuh :
tambuh, embuh, kambuh, jumboh; lan tembung-tembung kang awanda
c. Maskumambang : “mbuh”.
d. Megatruh : kambang, kentir, kencana timbul ing warih.
duduk, dudukwuluh, pegat, megat, ruh, aruh.
g. Kinanthi : kanthi, kekanthen, gandheng.
wiyos, winiraos, rarasati, metu.
h. Mijil : mingkur, mungkur, kukur-kukur, yuda kenaka.
asmara, kasmaran ing driya, branta, kingkin, sedhih.
i. Pangkur : mundur, udur, durcara, duraka.
anom, taruna, srinata, roning kamal, pangrawit, weni, logondhang.
j. Asmaradana :
manis, legi, sarkara, hartati, madu, dhandhang, guladrawa.
k. Durma :
n. Sinom :
o. Dhandhanggula :
E. Wos serat Wedahtama pupuh Pocung
Serat Wedhatama wosipun piwulang babagan budipekerti utawa tumindak becik. Serat wedhatama
ngajarake tuntunan moral ing babagan etika pribadi minangka pambangun karakter dhiri pribadi.
FASE 3: MEMBIMBING PENYELIDIK
Materi Prosedural
Sesampunipun maos materi ing nginggil, gayut kaliyan ancasipun pasinaon sumangga para siswa samenika
nganalisis paugeran utawi pathokanipun tembang macapat pocung
F. Nganalisis Paugeran utawi Pathokan Tembang Macapat Pocung
Pada 33. Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
Analisis: Guru gatra: 4
Ngel -mu i- ku ka- la- ko- ne ka- thi la- ku Guru wilangan: 12, 6, 8, 12
1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12
Guru lagu : u, a, i, a
Le -ka -se la -wan kas
1 2 34 5 6
Te –ge -se kas nyan- to -sa -ni
1 234 5 6 78
Se –tya bu -dya pa –nge –ke- se dur ang- ka -ra
1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12
G. Langkah-langkah Nyerat Cakepan Tembang Pocung
1. Nemtokna tema
Tema menika gagasan utawi ide pokok ingkang dados dhasar nyerat cakepan tembang. Tema ingkang
dipunpilih tuladhanipun bab Pendhidhikan, Tresna, Budi Pakerti, lan sapanunggalanipun.
2. Nggatekna paugeran
Paugeran utawa pathokane tembang:
a. Guru gatrane : cacahing gatra saben sapada
b. Guru wilangane : cacahing wanda saben sagatra
c. Guru lagune : tibaning swara ing pungkaning gatra
3. Pamilihing tembung (diksi) kang trep
Tembung ingkang badhr dipingunakaken nalika nyerat cakepan tembang boten kedah basa Jawa kuna
ananging saged milih tembung basa padinan, tembung ngoko, krama, krama inggil, utawi tembung
serapan saking basa Indonesia utawi basa sanesipun.
4. Nggatekna tata tulis tembung
Tata tulis utawa ejaan ugi perlu dipungatekake panyeratanipun. sakumpami, nalika nyerat tembung
ingkang migunanakake swara a utawa o, nganggo aksara t utawa th, nganggo aksara d utawa dh.
Tuladha: tembung saged kaserat ngangge “a” (isa), boten dipuntulis ngangggo “o” (iso). Panyeratan
tembung: ojo” ingkang leres dipunserat “aja”.
FASE 4: MENGEMBANGKAN DAN MENYAJIKAN HASIL KARYA
Materi Metakognitif
Saksampunipun nyinauni langkah-langkah damel syair tembang macapat, wonten mriki dipunparingi tuladha syair
tembang macapat Pocung kanthi wosipun babagan pendhidhikan.
Tuladha syair tembang macapat Pocung tema pendhidhikan
Murid iku wajib bekti lan mituhu (12u) guru gatra :4
Pituturing dwija (6a)
Sabarang reh ngati ati (8i) guru lagu : u, a, i, a
Tata krama empan papan katindakno (12a) guru wilangan : 12, 6, 8, 12
FASEF5AS:EM5:EMNEGNGAANNAALLISISISIDSADNAENVALUASI
EVALUASI
DUDUTAN:
1. Tembang macapat inggih menika karya sastra kang awujud geguritan mawa paugeran utawa aturan
tartamtu.
2. Paugeran tembang macapat wonten 3 inggih menika guru gatra, guru lagu lan guru wilangan.
3. Watakipun tembang macapat pocung inggih menika gregeten, kendho.
4. Sasmitanipun tembang macapat pocung inggih menika mucung, pinucung, kluwak, lan tembung-
tembung kang nduweni wanda “cung”.
5. Nyerat tembang macapat pocung kedah mirsani paugeran kang trep lan gatekaken temanipun. Guru gatra
4, guru wiangan 12, 6, 8, 12 lan guru lagu u, a, i, a
RELEVANSI:
1. Kathah piwulang ingkang sae wonten ing salebetipun tembang macapat
2. Kita dados generasi muda kedah nguri-uri tembang macapat supados mbten ical lan kagerus dening lagu
manca
KAPUSTAKAN
Agustina, Yunika Tri. 2022. Bahasa Jawa. Surakarta: Putra Nugraha
Poerwadarminta, W.J.S, dkk. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters Uitgevers
Putri, Rilita Damameita, Slamet Mulyana. 2015. Trampil Basa. Surakarta: Mediatama
Sai, Dewi Pangestu. 2022. Sastra Klasil lan Modern. Jakarta: Kememntrian Pendidikan, Kabudayaan, Riset dan
Teknologi