The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by amaliaroheni42, 2022-09-24 07:18:43

LKPD TEMBANG MACAPAT

LKPD TEMBANG MACAPAT

Lembar Kerja Peserta Didik
Tembang Macapat Pocung

Kangge kelas XI Semester Gasal

dening:
Amalia Desi Roheni, S.Pd.

LKPD
TEMBANG

IDENTITAS : XI/ Gasal
: Bahasa Jawa
Kelas : Tembang Macapat
Mata Pelajran
Materi

KD Pengetahuan KD Keterampilan

3.1 Menelaah teks Serat 4.1 Menanggapi isi Serat Wedhatama pupuh
Wedhatama pupuh Pocung. Pocung dan menulis serta menyajikan syair
Serat Wedhatama pupuh Pocung.

INDIKATOR PENCAPAIAN
KOMPETENSI

3.1.1 Menganalisis guru gatra, guru 4.1.1 Menentukan isi serat
wilangan, dan guru lagu Serat Wedhatama pupuh Pocung (P5)
Wedhatama pupuh Pocung (C4)
4.1.2 Mencipta syair tembang

Pocung dengan bahasa sendiri (P4)

4.1.3 Melakukan pembacaan hasil
syair yang ditulis sendiri secara lisan
(P5).




TUJUAN PEMBELAJARAN

1.Melalui kegiatan pembelajaran dengan menggunakan pendekatan scientific, model
pembelajaran problem based learning, diskusi dan presentasi peserta didik dapat
menganalisis guru gatra, guru wilangan, dan guru lagu Serat Wedhatama pupuh Pocung
dengan mengembangakan sikap jujur, peduli, dan bertanggungjawab (C4, Hots)
2.Melalui kegiatan pembelajaran dengan menggunakan pendekatan scientific, model
pembelajaran problem based learning, diskusi dan presentasi peserta didik dapat mencipta
syair tembang pocung dengan bahsa sendiri dengan percaya diri (P4, P5, Hots)

PETA KONSEP

MATERI TEMBANG MACAPAT

01 PANGERTEN 02 PAUGERAN

03 WATAK 04 SASMITA

05 WOS 06 LANGKAH

FASE 1: IDENTIFIKASI MASALAH TEMBANG MACAPAT

MATERI FAKTUAL

Mangga para siswa dipun mirengaken tembang macapat Pocung kangge damel
pitakenan amrih paham bab tembang macapat pupuh pocung.






https://www.youtube.com/watch?v=DcPOflyt7Ik

TULADHA

TEMBANG POCUNG

FASE 2: MENGORGANISASI
PESERTA DIDIK

Sesampunipun nyemak video tembang
macapat, samenika cobi para siswa damel
kelompok saben kelompok 4 siswa diskusi
kangge mangsuli soal babagan bab ing
ngandhap menika:

1.Analisis paugeran tembang macapat
pocung

2.Nemtokake wos serat Wedhatama
pupuh pocung

3.Nyerat syair tembang macapat pocung

Materi jangkep wonten ing bahan ajar link

MATERI KONSEPTUAL TEMBANG MACAPAT

A. Pangertene Tembang Macapat
Tembung macapat dumadi saka tembung “maca” tegese maca utawa nglagokake;

lan tembung “pat” kang owah dadi “mat” (proses asililasi tunggal ditikulasi) wancahan
saka tembung “nikmat”, maknane: enak utawa krasa banget (Poerwadarminta, 1939:
298). Dadi macapat tegese seneng maca kanthi kebak rasa endah lan nikmat.

B. Paugerane tembang macapat
1.Guru gatra: cacahe gatra/ larik saben sapada.
2.Guru wilangan: cacahe wanda saben sagatra.
3.Guru lagu: tibaning swara ing saben pungkasan gatra (dhong-dhing).

C. Watak Tembang Macapat
Cacahe tembang macapat ana 11, yaiku mijil, maskumambang, sinom,

asmarandana, gambuh, kinanthi, dhandhanggula, durma, pangkur, megatruh, pocung.
Saben tembang macapat duweni watak uga kanggo medhar rasa kang beda-beda.

MATERI KONSEPTUAL TEMBANG MACAPAT

D. Sasmitane Tembang Macapat











E. Wos serat Wedahtama pupuh Pocung
Serat Wedhatama wosipun piwulang babagan budipekerti utawa tumindak becik. Serat
wedhatama ngajarake tuntunan moral ing babagan etika pribadi minangka pambangun karakter
dhiri pribadi.

F. Langkah-langkah Nyerat Cakepan Tembang Pocung
1.Nemtokna tema

Tema menika gagasan utawi ide pokok ingkang dados dhasar nyerat cakepan tembang. Tema
ingkang dipunpilih tuladhanipun bab Pendhidhikan, Tresna, Budi Pakerti, lan sapanunggalanipun.

2.Nggatekna paugeran
Paugeran utawa pathokane tembang:

a.Guru gatrane : cacahing gatra saben sapada
b.Guru wilangane : cacahing wanda saben sagatra
c.Guru lagune : tibaning swara ing pungkaning gatra
3.Pamilihing tembung (diksi) kang trep
Tembung ingkang badhr dipingunakaken nalika nyerat cakepan tembang boten kedah basa
Jawa kuna ananging saged milih tembung basa padinan, tembung ngoko, krama, krama inggil,
utawi tembung serapan saking basa Indonesia utawi basa sanesipun.
4.Nggatekna tata tulis tembung
Tata tulis utawa ejaan ugi perlu dipungatekake panyeratanipun. sakumpami, nalika nyerat
tembung ingkang migunanakake swara a utawa o, nganggo aksara t utawa th, nganggo aksara d
utawa dh.
Tuladha: tembung saged kaserat ngangge “a” (isa), boten dipuntulis ngangggo “o” (iso).
Panyeratan tembung: ojo” ingkang leres dipunserat “aja”.

FASE 3: MEMBIMBING
PENYELIDIK

MATERI PROSEDURAL

Sesampunipun maos materi ing nginggil,
gayut kaliyan ancasipun pasinaon
sumangga para siswa samenika nganalisis
paugeran tembang macapat Pocung,
nemtokake wos tembang macapat Pocung
lan nyerat syair tembang macapat Pocung
karangan piyambak.

GLADHEN 1

1

Cobi analisis paugeran tembang
macapat ing ngandhap menika!

Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur
angkara

WANGSULAN:

2

Temtokake wos tembang
macapat

FASE 4: MENGEMBANGKAN DAN MENYAJIKAN HASIL KARYA

MATERI KOGNITIF TEMBANG MACAPAT

Materi Kognitif:


Langkah-langkah Nyerat Cakepan Tembang Pocung
1.Nemtokna tema
2.Nggatekna paugeran
3.Pamilihing tembung (diksi) kang trep
4.Nggatekna tata tulis tembung

GLADHEN 2

Seraten tembang
macapat Pocung
kanthi tema tartamtu
(pendidikan,
katresnan, lsp)

Sasampunipun dipun serat, lajeng para siswa kadhawuhan
damel tembang macapat menika dipun desain wonten ing
canva supados langkung menarik kangge presentasi
wonten kelas.

FASE 5: MENGANALISIS DAN MENGEVALUASI

TEMBANG MACAPAT

Guru paring bimbingan dhateng siswa kangge damel dudutan saking
sedaya materi ingkang dipunsinauni dinten menika.




ASILING DISKUSI:

REFLEKSI

Sesampuniun para siswa nglampahi pasinaon dinten menika,
wangsulana pitakenan wonten ing ngandhap menika kangge
nyiapaken pasinaon benjing!

1.Kados pundi miturut pamanggih para siswa sabibaripun nyianuni
bab tembang macapat Pocung, seserepan menapa ingakang
sampun saged dipuntampi?

2.Menapa ingkang para siswa remeni nalika piwucalan babagan
tembang macapat?

3.Menapa ingkang para siswa boten remeni nalika piwucalan
babagan tembang macapat?

4.Menapa para siswa sampun saged nyerat tembang macapat
pocung ngangge basa ingkang leres lan sampun trep kaliyan
paugeranipun?

UMPAN BALIK

1.Siswa ingkangg rumaos menawi wangsulanipun beda
sanged kaliyan ing kunci jawaban, dipunwenehi kasempatan
kangge ngleresaken kanthi wangsulan ingkang langking
trep.

2. Siswa ingkang rumaos menawi wangsulanipun leres kalihan
wangsulan wonten ing kunci jawaban, mila saged
nglajengaken wonten ing pengayaan.

KAPUSTAKAN

Poerwadarminta, W.J.S, dkk. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters
Uitgevers

Sai, Dewi Pangestu. 2022. Sastra Klasil lan Modern. Jakarta: Kememntrian
Pendidikan, Kabudayaan, Riset dan Teknologi
Putri, Rilita Damameita, Slamet Mulyana. 2015. Trampil Basa. Surakarta: Mediatama


Click to View FlipBook Version