GARA-GARA SMS
Dening Yanti Ifzal
“Gun, apa karepmu ngirim SMS kaya ngene!” karo nesu-nesu Ratih ngulungake Hp nudhuhake
SMS marang Guntur awan kuwi ing taman kampus sing biasa kanggo jagongan mahasiswa.
“Kowe aja kurang ajar ya! Kokkira aku ki cewek murahan po! Kaya bagus-bagusa dhewe!”
kandhane isih karo muring. Durung nganti diwangsuli, mak klepat Ratih ninggalake papan kono.
Kanca-kancane Guntur sing mau padha asyik gojeg sakala padha meneng klakep nyawang Ratih
sing uring-uringan.
“Ngapa to Gun, Ratih kok klebon bethara kala, nesu-nesu kaya arep nyaplok-nyaploka kowe,”
ujare Inggar. Kanca liyane padha pandeng-pandengan kebak pitakon. Guntur ngusek-usek sirahe
sing ora gatel sajak bingung.
“Aku ya ra ngreti. Rumangsaku, aku ora tau ngirim SMS nyang dheweke!” wangsulane Guntur
karo sajak ngeling-eling. Saka kadohan Willy mesam-mesem rumangsa kasil anggone ngerjai
Guntur. Wis suwe dheweke ngantu-antu bisa nyawang prastawa kaya awan kuwi. “Yes! Kasil
aku males Guntur,”mangkono sajroning ati. Sejatine Willy seneng marang Ratih, mahasiswi
sastra Jawa kembange angkatan setaun sangisore dheweke. Geneya Guntur sing dadi sasaran?
Ya, Guntur pantes diwirang-wirangna! Sasuwene iki tresnane marang Ratih ora ditanggepi
jalaran cewek kuwi luwih seneng marang Guntur. Bola-bali SMSe nyang Ratih diwangsuli
kanthi tetembungan sing nglarakake ati. “Wil, timbang nglanggati kowe mendhing aku milih
Guntur sing jelas ngganthenge tur jelas pintere,” SMS pungkasan saka Ratih isih durung ilang
saka pengeling-elinge.
Gage-gage Guntur mbukak hp. Siji mbaka siji SMS terkirime dijingglengi. Tekan SMS sing
terkirim tanggal 5 maret 2015 jam 15.15 Guntur maca kanthi premati “Tih, py nek ngko mbengi
ng htl Cindai? Byre mnt kowe wis. Sawengi njlk pr?” bola-bali Guntur mbaleni maca. Dheweke
ora rumangsa nulis apa maneh ngirim SMS kaya mangkono kuwi. “Pantes Ratih nesu-nesu. Ning
aku ora rumangsa nulis lan ngirim SMS. Apa maneh sing isine kaya ngono. Maca ukarane wae
wis nggilani. Sapa ya sing mitnah ngene iki?” pitakone Guntur karo awake dhewe.
Nutup Hp, Guntur mlayu nututi Ratih ing parkiran. “Tih, aku ora nulis SMS kuwi! Kowe aja
salah ndakwa!” kandhane karo nggondheli jok motore Ratih sing siap tancep gas nuli nyendhal
kuncine.
“Ngapa maneh?! Wis cetha to kuwi No Hpmu, sapa maneh sing nulis nek dudu kowe?!” swarane
Ratih rada dhuwur.
“Tih, yakin dudu aku sing nulis! Kudu piye aku mbukteke ben kowe percaya!”
“Terserah! Enggal balekna kuncine!” Ratih nyoba ngrebut kunci motor saka tangane Guntur
nganti meh kejlungup ning kalenan. Begjane cowok kuwi enggal nyandhak tangane Ratih
satemah ora sida tiba. Karo isih nyekeli tangane Ratih kanthi seret, Guntur kandha,” nek kowe
ora percaya karo kandhaku, kunci iki ora arep dakbaleke!”
Ratih nyawang Guntur kanthi tajem semono uga Guntur. Kalorone padha pandeng-pandengan.
“Tih, senajan meneng-meneng aku naksir kowe ning aku ora sembranan kaya kuwi. Aku ora
wani blaka merga sing nyenegi kowe akeh banget, aku wedi nek koktulak”.
“Nek dudu kowe njuk sapa sing nulis SMS kuwi?” pitakone Ratih.
“Sik, sik! SMS kuwi dikirim tanggal 5 wingi…sing dolan ning kostku nalika kuwi …Ardan,
Wily lan Topan. Ya cah telu kuwi, ning kira-kira sapa ya sing mbukak-mbukak HPku?” sajak
karo ngeling-ngeling Guntur takon karo awake dhewe.
“Wily?! Wily dolan ning kostmu? Ah, paling cah kuwi sing jail!” Ratih ngira-ira.
“Wily seneng karo kowe?” Guntur miterang. Ratih manthuk, celathune alon,”Ning aku ora
nglanggati”.
“Kurang ajar! Awas kowe Wil!” Guntur ngeculke tangane Ratih. Karo getem-getem dheweke
karep mlayu nggoleki Wily, ning saiki ganten Ratih sing nyandhak tangane Guntur menggah
cowok kuwi.
“Wis to ra sah didawa-dawa! Ngisin-ngisini nek nganti tukaran mung jalaran…,” Ratih ora
neruske tembunge. “Aku njaluk ngapura kadung ndakwa kowe Gun, saiki tulung kuncine baleke,
aku arep bali ning kost”.
“Ngapuramu taktampa, ning saiki kowe kudu gelem dakboncengke,” Guntur nancepke kunci ning
motore Ratih.
“Lha motormu mengko piye?”
“Aku mau nunut Ponco,” sumaure Guntur. Ratih manut banjur lungguh ning mburine Guntur.
Kalorone ninggalakke kampus kanthi nuwuhake bibit-bibit tresna ning atine dhewe-dhewe. Wily
sing saka kadohan ngetutake tindak-tanduke Ratih katon sluntrut meruhi kahanan kuwi.
Pengirim :
Yantilah, S.S.
SMP Negeri 2 Mojotengah
Jl.Candirejo, Mojotengah, wonosobo
Jawa Tengah