sesorah
sinau bahasa Jawa
Bahan Ajar dan LKPD
Kelas XI MIPA - IPS
SMA N 3 MAGELANG
Fery Yanto Yudhi Saputro, S. Pd.
sesorah
KOMPETENSI MATERI SESORAH
KOMPETENSI DASAR ·TEKS SESORAH/PIDHATO .
INDIKATOR
TUJUAN PEMBELAJARAN • JINIS-JINISING SESORAH
CENGKORONGAN /
KERANGKA SESORAH
METODE-METODE SESORAH
BAB-BAB KANG DIGATEKAKE
NALIKA SESORAH
TULADHA PERANGAN TEKS
SESORAH
LEMBAR KERJA
PESERTA DIDIK
KOMPETENSI
PEMBELAJARAN
SESORAH
INDIKATOR KOMPETENSI DASAR
3.3.1 Menjelaskan isi yang 3.3. Menelaah teks sesorah.
terkandung dalam teks sesorah 4.3 Menanggapi, menulis,
3.3.2 Menjelaskan jenis-jenis menyajikan teks sesorah
metode sesorah
4.3.2 Sesorah dengan TUJUAN PEMBELAJARAN
memperhatikan intonasi, lafal dan
struktur sesorah 3.3.1 Menjelaskan isi yang terkandung
dalam teks sesorah
3.3.2 Menjelaskan jenis-jenis metode
sesorah
4.3.1 Peserta didik mampu berpidato
dengan memperhatikan intonasi, lafal dan
keruntutan struktur sesorah
SESORAH
Pangertene sesorah/pidhato
Sesorah yaiku rembugan ana ing sangarepe
wong akeh kanthi ngandharake sawijining
gagasan, panemu, pamikir, lan
sapanunggalane Tujuwan baku medhar
pangandikan yaiku kanggo ngaturake
panguneg-uneg utawa mratelakake informasi
kanthi medhar pangandikan ana ing
sangarepe wong akeh supaya padha
mangreteni sing diedharake.
Peprincening medhar pangandikan iku
kaperang ddadi pirang-pirang perangan.
a. Hamedhar pangandikan kang asipat
mratelakaken informasi.
b. Hamedhar pangandikan kang asipat
hiburan.
c. Hamedhar pangandikan ingkang asipat
hamemilut marang para pamyarsa.
Jenis Pidhato/Sesorah
a. Miturut gunane, sesorah kabagi dadi pirang-pirang
jinis, yaiku : sabdatama (sesorah tunggal),
pambagyaharja(mahargya rawuhe tamu),tanggap
wacana (sesorah kang kudu antuk tanggapan).
b. Miturut ancase pidato
1) atur pambagya : sesorah kangge nampi rawuhipun
para tamu, wonten ing acara menapa
kemawon,umpaminipun ing pahargyan (pesta),
sukuran, lsp
2) atur kabar,pawarta utawi informasi,Informasi
saget arupi palapuran utawi nyariosaken satunggale
bab dhateng pamiarsa, pramila bab ingkang
kawedharaken kedah gamblang/cetha.
Tuladha:sesorah ing rapat,promosi barang,lan sak
panunggalane.
3) atur panglipur/hiburan (ancasipun supadoa
ingkang mirengaken remen penggalihipun) Tuladha:
ing layatan, atut saking pambela sungkawa.
4) Pangajak Ancasipun supados ingkang mirengake
pitados. Kapilut manahipun saengga purun
nindakaken menapa ingkang dipunwedharaken.
Tuladha: Panyuluhan Kesehatan
Perangan
sesorah/pidhato
Perangan sesorah/pidhato ing antarane
yaiku :
a. Salam pambuka
b. Purwaka/pambuka
1) Atur pakurmatan
2) Atur puji syukur
3) Mbagekake kang padha rawuh
c. Surasa/isi Perangan iki ngemot
andharan wigatining sesorah.
d. Wasana/Panutup Ing babagan iki
diandharake wos wigatining sesorah lan
dudutane. Sabanjure ngaturake pangajak
marang kabecikan, banjur dipungkasi
ngaturake kaluputan anggone
ngandharake lan salam panutup.
e. Salam panutup
Metode-metode
sesorah
1. Metode maca
Yaiku sesorah kang ditindakake kanthi
maca teks.
2. Metode hafalan
Yaiku sesorah sing ditindakake kanthi
apalan saka teks sing wis digawe
sadurunge.
3. Metode pandom lajer
Yaiku sesorah sing ditindakake kanthi
nggawa cathetan cilik (lajering
sesorah).
4. Metode impromptu (dadakan)
Yaiku sesorah sing ditindakake kanthi
dadakan utawi ora ana persiapan
sadurunge.
Teknik maca
sesorah/pidhato
Nalika nindakake sesorah saliyane perangane
kudu ganep, uga kudu nggatekake:
a. Sikep nalika sesorah.
Yen nalika sesorah kudu ngadeg jejeg, ora
mingsat-mingset lan anteng. Dene yen sesorah
kanthi lungguh kudu dhag dhadhane dijokake,
aja mbungkuk utawa miring (mengkleng). Ing
pahargyan adat Jawa nalika ngadeg luwih
becik ngapurancang.
b. Basa kang digunakake gampang dingreteni,
tembunge saiki komuikatif.
c. Swara kudu ngarah-arah.
Upama ana ing njero klas aja seru-seru,
watone ngarep ora kebrebegen sing ana mburi
krungu. Beda maneh nalika ana ing lapangan
utawa papan kang amba lan rame, kudu
nyuwara kang seru, isa uga nggunakake
panyora swara (sound system).
d. Nggatekake tema kang jumbuh karo
swasana.
Tema iku baku banget dingreteni, amarga
anggone ngandharake mengaruhi swara, nada,
lan ekspresi. Upamane sesorah temane
kamardikan beda karo tema bela sungkawa
LANJUTANE TEKNIK MACA
e. Swasana utawa kahanan.
Ing babagan iki sesorah kudu nulat wektu kahanan
kang ana lan kang dibutuhake. Yen wektu kang
disedhiyakake ora suwe anggone sesorah kudu cekak
aos. Yen sesorah nalika usum udan ing papan kang
tanpa payon kudu anut kahanane.
f. Wayah.
Wayah iki uga kudu digatekake, sesorah ing wayah
awan kudu beda karo ing wayah bengi. Senajan kanthi
tema kang padha, upamane sesorah pengetan dina
kamardikan wayah awan lan bengi kudu dibedakake.
Anggone nyuwara anut wayah, yen bengi aja seru-seru.
g. Papan.
Sesorah ing njero klas mesthi beda nalika sesorah ana
ing papan ngibadah. Slaga lan tata carane kudu
njumbuhake papane. Yen ing njero klas iku papan
pendhidhikan dadi nalika sesorah ngara-arah babagan
pendhidhikan. Beda nalika sesorah ing papan ngibadah,
kang diandharake mesthine babagan kapitayan lan
ibadah.
h. Audience utawa pamireng.
Nalika sesorah, pamicara uga kudu nggatekake sapa
kang mirengake. Babagan iki gegayutan karo basal an
sastrane sesorah. Yen ing sangarepe warga masyarakat
iku isa nggunakake basa kang gampang ditampa,
tembunge liya komunikatif kang ngaggo waton. Beda
maneh nalika sesorah ing madyaning pawiyatan inggil,
upamane ing lingkungan kampus prayogane
nggunakake basa kang baku lan ilmiah
BAB SING PERLU DIGATEKAKE NALIKA SESORAH
a. Wicara inggih menika ing bab rumpaking
basa kudu ngerti keadaan papan saha
swasana. Basa kang digunakake kudu
cocok/jumbuh/gathuk karo swasana sing
lagi diadhepi
b. Wiraga inggih menika nalika sesorah
becike nggunakake busana kang sopan
lan kudu selaras karo tujuan sesorah lan
kahananipun, sumringah, raos seneng,
lan konsentrasi.
c. Wirama inggih menika wanggone
ngucapke sesorah kudu jelas, wirama
sesorah nalika ing manton bedo karo
sesorah ing kesripahan. Anggone
ngucapke ora kecepeten supaya
gampang dipahami.
d. Wirasa inggih menika wong kang
sesorah kudu duweni rasa mantep lan
teteg, madhep marang pamirsa dan
konsentrasi.
TULADHA TEKS SESORAH
Assalammu’alaikum Wr. Wb.
Para bapak, para ibu guru ingkang dahat kinurmatan lan kanca-kanca
ingkang kawula tresnani. Langkung rumiyin sumangga sesarengan
ngujukaken puji syukur wonten ngarsanipun gusti ingkang murbeng dumadi,
ingkang sampun paring rahmat lan hidayah, saengga kita saged makempal
ing mriki. Ing dinten punika kawula badhe ngaturaken sesorah babagan “Njagi
Lingkungan Sekolah”.
Kanca-kanca, mengertoso yen lingkungan punika papan gesang kagem
sedaya titah gesang. Mila saking punika, kita kedhah njagi lestari lingkungan
kita supados kita saged gesang kanthi tentrem. Salah satunggalipun cara njagi
lestari lingkungan inggih punika karesikan, njagi karesikan lingkungan saged
diwiwiti saking perkawis-perkawis ingkang alit. Ananging katinggal awrat
sanget dipun lampahi. Umpaminipun mbucal runtah ing panggenanipun. Sak
punika kesadaran kagem njagi karesikan ing lingkungan kita minangka murid
taksih kirang sanget.
Dipun tingali saking lingkungan sekolah kita ingkang taksih wonten runtah-
runtah ingkang sumebar, duka punika runtah plastik daharan lan plastik
unjukan utawi kertas. Kamangka panggenan runtah ingkang dipun cawisaken
sekolah sampun nyekapi. Ing saben-saben pojok sekolah wonten panggenan
runtah. Nanging mboten wonten panggenanipun saking kita kangge mbucal
runtah wonten panggenanipun minagka wujud njagi karesikan lingkungan
sekolah kita.
Kejawi mbucal runtah ing panggenanipun, kita ugi saged nglampahi piket
kelas minangka lelaku njagi kareksikan. Mekaten sesorah ingkang saged
kawula haturaken. Nyuwun pangapunten menawi wonten klenta-klentu nipun
atur kawula. Saking kawigatosanipun kawula ngaturaken matur sembah
nuwun.
Wassalammu’alaikum Wr. Wb.
SESORAH
lembar kerja
peserta didik
Kelas XI MIPA - IPS
sma n 3 magelang
NAMA:
KELAS NO SKOR:
Gladhen Sesorah
Paugeran:
1. Wacanen teks sesorah ing ngisor iki!
Teks sesorah karya Siti Marjani SS
Assalamualaikum, Wr. Wb. Nuwun.
Dhumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang winantu ing pakurmatan. Bapak/Ibu
guru ingkang tansah kinabekten. Ingkang winantu ing pakurmatan bapak/ibu staff
karyawan-karyawati, dalasan kanca-kanca siswa-siswi ingkang winantu ing
kabagyan.
Puji syukur konjuk ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun
kepareng paring rohmad dhateng panjenengan sami, satemah saged pinanggih
ing papan ngriki kanthi wilujeng. Mugi kasarasan, kawilujengan, miwah kabagyan
katumrapan dhumateng panjenengan dalasan kula.
Ing kalodhangan punika kangge mahargya dinten Bebas Narkoba, kula Andhini
Restiyan sakin kelas XI BKP angajak dhateng para rawuh, mliginipun kanca siswa-
siswi, sumangga sesarengan sami nyuksesaken program pamarentah ingkang
gadhah pangajab Bebas Narkoba. Awit saking kathahing kedadosan ingkang
sampun kaetang sampun makaping- kaping kurban ingkang ngginakake narkoba
tansaya mindhak. Langkung- langkung saking gunggung jiwa ingkang sampun
kacathet 80% kurban menika saking para mudha. Pramila wonten andharan
punika, sakedhik badhe kula aturaken sesambtena kaliyan pirembagan ing
ngajeng.
Menawi dipungatosaken saking kedadosan ingkang sampun kalampah, miturut
saking kasunyatan ignkang cetha, kanca-kanca ingkang ngginakaken narkoba
punika wiwitanipun namung nyobi-nyobi. Ningali kanca ingkang ngangge punika
sajak remen kawontenanipun. Kabithung saking kawontenan kanca ingkang
mekaten lajeng boten kiyat imanipun, mlajengipun ketut tumindak awon.
Kejawi saking punika, kanca-kanca ingkang ngginakaken narkoba punika kajawi
kaglithuk dening lingkungan, wingkingipun ugi kathah saking kulawarga ingkang
risak. Awit salebetipun kulawarga boten wonten raos njagi setunggal tumrap
setunggalipun. Sedaya anggota kulawarga boten wonten raos ngreksa setunggal
tumrap setunggalipun. Sedaya anggota kulawarga namung nuruti hardaning
kanepson, namung menggalihaken karemenan piyambak. Antawisipun tiyang
sepuh kaliyan putra boten wonten raos tresna saha asihipun.
Bapak/ibu ingkang kula kurmati dalasan kanca-kanca ingkang kula tresnani,
Pramila saking punika, Panjenengan ugi kula kedah saged nebuhutumindak awon
ingkang kados mekaten. Mliginiun tumrap kanca-kanca siswa- siswi sedayanipun,
lare ingkang smaoun kecanduan narkoba punika risak nalaripun. Titikanipun
sedaya ingkang dipuntidakaken tansah sulaya. Gampil kesenggol raosipun,
nganggep tiyang sanes punika mengsahipun. Boten purun manunggal kaliyan
kanca sanesipun. Sampun ketingal nglokro, gampil kesel, sakit-sakiten,
Lanjutan teks sesorah
tansah uring-uringan, lan sanes- sanesipun. Malah ingkang
sampun mlebet dhateng tataran kecanduan, ramos remen
menawi saged milara dhateng dhiri pribadinipun piyambak.
Ngengeti kawontenan ingkang kados mekaten, menapa boten
miris menawi dipunraosaken. Ningali kemawon sajak boten
mentala. Pramila mangga nebihi tumindak ingkang
ngginakaken narkoba jenis menapa kemawon. Awit menapa
kemawon wujudipun narkoba punika boten prayogi tumrap
diri pribadi. Langkung prayogi ingkang dereng kenging
narkoba, ampun ngantos
nyobi-nyobi ngangge. Ingkang sampun kalajeng, saged nebihi
kanthi cara :tansah emut dhateng Gusti Ingkang Maha Agung
a. mungkasi sedaya tumindak ingkang ngonsumsi narkoba
b. menawi boten saged ngendhaleni piyambakan, saged
pasrah dhateng dokter, supados mangke saged dipundandosi
c. tumrapipun kulawarga kedah asged maringin
panyengkuyung ingkang awujud materi punapa dene spiritual.
Kanthi nindakaken tatacara kados mekaten, mugi-mugi saged
minangka setunggaling pambudidaya kangge nebihi sarta
ngusadani lare ingkang kenging narkoba. Pramila kula
ngemutaken dhateng diri pribadi kula piyambak sarta kanca-
kanca ampun ngantos dados setunggaling pengguna narkoba,
awit narkoba punika pancen nrisak panjangka lan sedaya
kekajengan ingkang badhe dipungayuh.
Bapak/ibu ingkang kula kurmati, dalasan kanca-kanca siswa
ingkang winantu ing suka basuki. Cekap semanten atur kula.
Sakathahing atur kula nglenggana kathah kekirangan kula,
pramila sedaya kekirangan kala wau nyuwun pangapunten.
Nuwun Wassalamualaikum wr.wb.
Nama: Kelas:
2. Golekana tembung-tembung kang kokanggep angel,
banjur golekana tegese bareng-bareng karo kancamu
ana ing bausastra/ aplikasi bausastra kang ana ing HP!
NO Tembung Angel Tegese
Nama: Kelas
3. Andharna perangan ( bagian bagian)
saka sesorah ing dhuwur !
Nama: Kelas
4 Andharna isi teks sesorah ing dhuwur !