BAB I
SERAT WEDHATAMA
SERAT WEDHATAMA PUPUH PANGKUR
Serat wedhatama iku seni sastra tembang utawa kekidungan Jawa anggitane
Mangkunegara IV.
Wedhatama ateges serat (tulisan/karya), wedha (ajaran), tama (kautaman/utama).
Wedhatama minangka ajaran luhur kanggo mbangun budi pekerti lan olah spiritual
tumrap kalangan raja-raja Mataram, nanging uga diajarake kanggo sapa wae sing kepengen
nganggo.
1. Pengertene Tembang Pangkur
Miturut maknane tembang pangkur iku nggambarake mangsa nalika wis keliwat umur kang
wus ngungkurake babagan kadonyan.
Watake semangat, perwira : tegese kanthi temen anggone ngedohi hawa nepsu ing kadonyan,
supaya ora nganggu anggone urip. Artine wis menep, resik, ora grusa grusu.
2. Pathokan Tembang Pangkur
Guru Wilangan Guru Lagu Guru Gatra
8 a 7
11 i
8 u
7 a
12 u
8 a
8 i
3. Watak Tembang pangkur
Watake tembang pangkur iku madhep manteb, banter, nesu. Cocok kanggo ngandharake
pitutur, katresnan, crita kang nyata, lan liyane.
4. Makna Tembang Pangkur
Pangkur saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Pangkur
iku maksude buntut. Karangane Kanjeng Sunan Muryapada.
5. Wos kang kamot ing tembang Pangkur
· Serat wedhatama ngajarake tuntunan moral ing babagan etika pribadi minangka pamangun
karakter dhiri pribadi.
· Ngajarake tuntunan moral minangka perangan saka pendidikan karakter ing babagan etika
sosial.
· Serat wedhatama ngajarake supaya aja tumindak kaya dene tumindake wong bodho, kang
omongane ora karu-karuan lan ora tinemu nalar.
· Serat wedhatama uga ngajarake tuntunan moraling babagan nembah mring Kang Maha Kuasa.
GURU GATRA GURU LAGU GURU WILANGAN
GURU GATRA, GURU LAGU LAN GURU WILANGAN
v GURU GATRA
Yaiku paugeran cacahing larik ana ing tembang saben sapadane (bait).
Tuladha :
1. Mingkar-mingkuring angkara
2. Akarana karenan mardi siwi
3. Sinawung resmining kidung
4. Sinuba sinukarta
5. Mrih kretarta pakartining ilmu luhung
6. Kang tumrap ing tanah Jawa
7. Agama ageming aji
(Tembang Pangkur, Guru Gatra = 7)
v GURU WILANGAN
Yaiku wewaton cacahing wanda saben sagatraning tembang. Wanda iku suku kata.
Tuladha :
Gatra 1. Ming kar ming ku ring ang ka ra
Gr. Wilangan (ana 8) = 1 2 3 4 5 6 7 8
Gatra 4. Si nu ba si nu kar ta
Gr. Wilangan (ana 7) = 1 2 3 4 5 6 7
Gatra 5. Mrih kre tar ta pa kar ti ning il mu lu hung
Gr. Wilangan (ana 12) = 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12
v GURU LAGU
Yaiku paugeran dhong-dhinging swara ing saben akhir gatrane tembang
Tuladha :
Tembang Pangkur Guru Lagu
Mingkar-mingkuring angkara a
Akarana karenan mardi siwi i
Sinawung resmining kidung u
Sinuba sinukarta a
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung u
Kang tumrap ing tanah Jawa a
Agama ageming aji i
Tuladha tembang : https://youtu.be/lZn56zgWd2Y
BAB II
TEKS CERITA CEKAK (CERKAK)
WULANGAN 2
TEKS CERITA CEKAK (CERKAK)
Ing wulangan iki bakal disinaui patuladhan kang becik lumantar karya sastra awujud
cerita cekak (cerkak).
1. Pengertene Cerkak
Cerkak utawa cerita cekak yaiku crita sing cekak. Crita cekak diwaca mung sedhela terus
rampung.
Crita cekak iku kang dumadi saka alur siji. Tegese paraga siji lan sijine nduwe masalah
utawa konflik.
Crita iku dumadi adhedasar saka urutan sawijining kedadeyan utawa prastawa. Sajroning
kedadeyan iku ana paraga (pirang-pirang paraga) lan paraga iku nglakoni sawijine utawa
rerangkening konflik utawa cecongkrahan. Cerkak iku tuturan kang ngandharake sawijining
prastawa utawa kedadeyan.
2. Unsur Crita Cekak
Bab intrinsik ing cerkak (tema, latar/setting, penokohan, alur, pesen, punjering crita/sudut
pandang lan konflik), wos surasane crita lan gawe ringkesan.
a. Tema
Tema iku minangka ide pokok utawa masalah sing utama kang ndhasari lakuning crita.
b. Latar belakang/Setting
Setting iku minangka latar belakang sing mbantu cethaning laku crita. Setting iku
ngemot wektu, papan/panggonan, sosial budaya
c. Punjering crita (sudut pandang)
Punjering crita dibagi dadi 3, yaiku :
· Pangrakite (penulis/pengarang) nggunakake sudut pandang paraga utama lan tembung
sesulih wong kapisan (kata ganti orang pertama), nyritakake apa kang dilakoni, lan
ngetokake rasa pangrasane dhewe kanthi tembung-tembung dhewe.
· Pangrakite nggunakake sudut pandang paraga bawahan, dheweke luwih akeh ngamati
saka sanjabane crita tinimbang sajroning crita. Pangrakite biyasane nggunakake
tembung sesulih wong katelu (kata ganti orang ketiga).
· Pangrakite nggunakake sudut pandang impersonal, dheweke sanyatane dumunung ing
sanjabane crita, mung sarwa nyawang, ngrungokake lan ngerti.
d. Alur/Plot
Yaiku rerangkening kedadeyan ing crita. Alur dibagi dadi 2 yaiku alur maju lan alur
mundur. Alur maju yaiku yen prastawa iku lumaku kanthi trap-trapan adhedasar
kronologi tumuju ing alur crita. Alur mundur yaiku dumadi kang ana sesambunge karo
prastawa kang lagi dumadi.
e. Penokohan
Yaiku nggambarake karakter kanggo paraga/pelaku
f. Konflik
Yaiku perkara kang dadi punjere crita
NILAI-NILAI CERKAK
NILAI-NILAI CERKAK
3. Nilai-nilai kang kamot sajroning cerkak
· Nilai budaya iku ana sesambungan karo pamikir, pakulinan, lan asil karya cipta
· Nilai sosial iku ana sesambungan karo tata laku pasrawungan ing antarane pawongan siji
lan liyane.
· Nilai moral iku ana sesambungane karo tumindak becik lan ala kang minangka dhasar
panguripan manungsa lan masarakat
· Nilai religius/keagamaan iku ana sesambungane karo tuntunan agama lan kapercayan.
· Nilai pendidikan/edukasi iku ana sesambungan karo owah-owahan tingkah laku saka ala
dadi becik.
· Nilai estetis/keindahan iku ana sesambungane karo bab-bab kang narik kawigaten,
kaendahan, seni utawa nyenengake
· Nilai etika iku ana sesambungane karo sopan santun lan subasita ing bebrayan
· Nilai politis iku ana sesambungane karo pamarentah
· Nilai kemanusiaan iku ana sesambungane karo sipat-sipat manungsa, lan sapiturute.
4. Sinopsis
Sinopsis yaiku ringkesan cerita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake
crita sakabehe. Nalika bakal nulis sinopsis, bab-bab kang kudu digatekake yaiku :
· Tema = gagasan pokok, pokok crita
· Latar = papan lan wektu dumadine prastawa
· Alur = lakuning crita
· Penokohan = paraga crita
Saka karangan kasebut banjur bisa digawe sinopsis.
5. CONTOH CERKAK
BALAPAN MOTOR
Ing jaman saiki akeh bocak ciliki seng wes pada iso numpak motor. Salah
sijine Aji. Aji ingkang umure sawelas tahun lan lungguh ning kelas lima SD.
Amergo wes tau ngrasakke kepenake numpak motor, saiki dadi kebiasaane Aji
yen dolan-dolan mesti nganggo motor.
Nanging miturut Negara, sing olih numpak motor iku tiyang ingkang wis
duweni SIM utowo “Surat Ijin Mengemudi”. Ing wayah sore, kancane Aji seng
jenenge Fatih marani ning omahe .
“ Ji, Aji…. Aji ….” Fatih nyeluk karo bengak bengok ning ngarep omah.
“ Woi,,, sedilut “ kandhane Aji saka njero omah.
Let sadelo, ana suara pating gadebuk kaya ana lindu teko dirasake Fatih.
“Wah,,,, nembe teko, ngopo ae Ji kok suwe banget ?” pitakone Fatih marang
Aji kang lagi wae mlayu marani Fatih.
“He.. he.. he… lagi wae madang wenak, Alhamdulillah wareg !!” jawabe Aji.
“ Awak wae sing digedheke, sekolah yo kudu didhisike!! tugas PR sekolah wes
mbok rampungke durung Ji ? “ pitakone Fatih.
“Uwes rampung ,, aman. Ana apa kowe dolan rene sore – sore Tih ?” pituture
Aji.
“Mergo tugase wes mari, ayo mubeng-mubeng Ji nganggo motor. Engko balapan
wes, gelem ora ?” jawabe Fatih karo cengar cengir.
“Ayo,, sopo seng wedi !! paling koe seng kalah”
‘Wehh, ojo sombong Ji. Ayo dibuktekake bareng-bareng.” Ngajake Fatih
Sak banjure Aji melbu ing garasi, nyiapke lan ngetoake motore. “Trengg….
Teng,,, tengg… tenggg” suarane motore Aji lan Fatih sing rame banget.
“Siap rung Tih ?” pitakone Aji sing wes siap arep balapan.
“Siap ji.” Jawabe Fatih
“Siji…. Loro….. telu….”
Treng,,,,,,, trengg…. Trengg….. tengg Aji lan Fatih pada banter-
banteran numpak montor mubengi dalan desa. Wong loro iku pada salip-salipan
kaya balapan motor tenanan.
Ing dalan pertelon, Aji lali ora ngurupake klakson. Ora nyongko ana bakul
pentol ing lawan arah. Aji kaget sak nalika, dheweke bingung lan gugup. “Lik…
lik … lik awas minggir.”
Grubyukkkkk,,,,, klontang,…. Tlepok … tlepok…. Pentol seng ana ing
rombong pada kuthak kabeh ing lemah. Praupane Aji lan Fatih mbalek sak
untara, dadi gugup lan pucet.
“Kepiye tha le le …. ? Nek numpak motor ki aja banter-banter. Daganganku
khutah kabeh, terus piye lek ngeneki ?” pituture bakul pentol karo nesu.
“Kulo nyuwun ngapunten Pak, sak estu kula mboten sengaja” jawabe Aji ingkang
kaweden.
“Saiki daganganku uwis ora iso di adol maneh, amerga wes kuthah kabeh. Kowe
kudu ngijoli duit”
“Enggeh Pak, kula bakale tanggung jawab. Kula pamit mantuk rumiyin mendet
arta nggeh Pak,” panyuwune Aji.
Akhire Aji lan Fatih urunan dhuwit kanggo ngijoli dagangane tukang pentol
kang uwis ditabrak mau. Sakwise kejadian kasebut, Aji lan Fatih uwis ora wani
numpak motor banter-banter maneh
BAB III
TEKS PAWARTA
WULANGAN 3 TEKS PAWARTA
1. PENGERTENE PAWARTA
Pawarta yaiku informasi anyar utawa informasi ngenani sawijining prastawa kang
dumadi, diwartakake lumantar wujud cetak, siaran, internet utawa saka pirembugan
marang wong liya utawa pamireng.
Warta ing kamus Basa Jawa(2001) tegese kabar. Wong kang golek warta kasebut
wartawan.
Pawarta iku bisa kagiyarake lumantar medhia cithak, umpamane koran, uga ing
medhia elektronik umpamane radhio lan televisi.
Sawijining informasi kang karacik sajroning pawarta padatan ngandhut informasi
kang wigati (penting). Informasi sing wigati mau sinebut pokok informasi.
Ukara-ukara sajroning informasi dibedakake dadi rong jenis yaiku fakta lan opini.
Fakta yaiku andharan kang asipat nyata kaya gambar, photo, tabel lan grafik. Opini yaiku
andharan kang anyar winates panemu, pamikir lan panjangka kang durung kelakon.
Opini = pendapat.
Pawarta duwe titenan (ciri-ciri) kaya kasebut ing ngisor iki :
· Tinemu ing akal (penalaran logis)
· Informasi pepak kang jumbuh karo rumus 5W + 1H
· Struktur basa trep
· Diksi trep ora ambigu
· Narik kawigaten
· Basa kang nengsemake
Pawarta sing sipate nonformal (non berita) bisa ditegesi minangka informasi kang
asipat panglipur, nanging ngandhut kawruh.
Perangan Pawarta
2. Perangan Pawarta
Perangan pawarta ing antarane yaiku :
a. Headline (judul/irah-irahan)
Headline yaiku irah-irahan kang gunane kanggo :
· Nggampangake pamaca ngreteni pawarta kang bakal diwaca
· Nuduhake pawarta kang dianggep wigati kanthi werna-werna aksara utawa gambar
b. Deadline (batas wektu)
Deadline yaiku nuduhake papan kedadeyan lan jeneng media massa.
c. Lead (teras pawarta)
Lead biasane katulis ing wiwitan pawarta/ing paragraf kapbisan. Bab iku tinulis amarga
minangka perangan kang wigati saka pawarta, kang nemtokake saripati pawarta lan
nggambarake sekabehane pawarta.
d. Body Language (surasane pawarta, bahasa tubuh)
Surasane nyritakake prastawa kang diwartakake kanthi basa kang cekak, aos lan cetha.
3. Unsur-unsur Pawarta
· What : kadadeyan apa sing diwartakake utawa kabarake
· Who : sapa sing terlibat ing kadadeyan iku
· When : kapan kadadeyan ing warta iku
· Where : ing ngendi kadadeyan
· Why : ganeya bisa kadadeyan kaya mengkono
· How : kepriye kadadeyane
4. Sifat Pawarta
a. Aktual (anyar)
Bab-bab kang anyar luwih becik tinimbang pawarta lawas
b. Jarak (adoh-cedak)
Pamaos luwih nggatekake tumrap prastawa kang dumadi ing sakiwa tengene tinimbang
pawarta saka papan liyane.
c. Penting
Sawijining bab bakal dadi pawarta yen dianggep perangan kang penting amarga bisa
ngendhaleni panguripan ing bebrayan agung
d. Akibat
Sawijining bab dadi pawarta yen ndadekake ngowahi kahanan
e. Congkrah/konflik
Pamaos luwih seneng nyetitekake pawarta kang surasane cecongkrahan
f. Trintim (ketegangan)
Tuladhane : nalika nulungi wong ing kacilakan
g. Kemajuane inovasi utawa owah-owahan teknologi
Pawarta kang kekinian luwih narik kawigaten pamaose
h. Emosi
Sawenehe pawarta yen diwartakake bisa ndadekake nesu, susah, tangis, gela
i. Humor
Gawe sengsem, mesem lan guyu
NILAI PAWARTA
5. Nilai Pawarta
Ngenani nilai pawarta, ana pengerten kang ngandharake 4 nilai pawarta (Syamsul M.
Romli), yaiku :
a. Cepet, yaiku aktual lan pas wektune. Pawarta iku sabisa bisane ngandharake sawijining
bab/prastawa kang anyar.
b. Nyata, yaiku informasi babagan sawijining fakta kang dumadi saka kedadeyan nyata,
panemu, lan pratelan sumber pawarta
c. Penting, yaiku sesambungan karo wong akeh
d. Menarik, yaiku bisa narik kawigatene para pamiyarsane
6. Etika Nulis Pawarta
· Obyektif
Ing babagan iki panulis ora kena martakake pawarta dikantheni kepentingan pribadhi lan
sponsor. Pawarta kang tinulis kudu adhedasar fakta utawa data kang sanyatane dumadi.
· Cover Both Side
Pawarta iku kudu imbang aja abot sisih, luwih-luwih nyebutake pihak-pihak kang ana
sesambungan langsung karo pawarta kasebut
7. Teknik Nulis Pawarta (Tahap)
a. Pengorganisasian / nglompokake fakta utawa data. Data ing kene bisa awujud
wawancara, kedadeyan langsung, utawa data-data tinulis
b. Nemtokake teras berita (lead)
c. Milih tembung-tembung kang jumbuh karo pawarta, nggunakake alur kang runtut aja
molak malik utawa dienjah-enjah/dilompati supaya ora mbingukake pamiyarsane.
d. Ngawiti nulis kanthi jenjem lan temenan
Pawarta kang tinulis nganggo ragam ngoko lan krama.
· Ngoko Lugu
Tuladha :
1. Yen mung kaya ngono wae, aku mesthi ya bisa !
2. Kowe kulina turu awan?
3. Akeh wit aren kang ditegor
· Ngoko Alus
Tuladha :
1. Panjenengan sida tindak menyang kantor ora?
2. Dhik, koran iki tulung diaturke Pakdhe ya
3. Yen sida kondur dina iki aku ora isa ndereke, Dhi
· Krama Lugu
Tuladha :
1. Panjenengan nopo empun nate kesah dateng Purwokerto?
2. Yen purun, pundhutke sega gandhul saporsi mawon
· Krama Alus
Tuladha :
1. Para miyarsa, wonten ing giyaran punika badhe dipun aturaken Tari Lengger
2. Kula piyambak ugi kuwatos dipunwastani naming ngadang konang
3. Bapak sampun ngendika bilih kanisthan punika kawitan saking tumindak culika
Tuladha Maca Pawarta
Tuladha Maca Pawarta :
https://www.youtube.com/watch?v=kQ7_Z7Vd2rA&t=87s
BAB IV
Teks Deskriptif Omah Adat Jawa
Wulangan 4 Teks Deskriptif Omah Adat Jawa
v Omah Joglo
Wujud omah tradisional Jawa iku awujud joglo. Joglo iku kontruksi bangunan kang
khas ing omah tradisional Jawa kanthi piguna saben perangan kang beda siji lan liyane
ngemot unsure filosofi kang ana sambung rapete karo nilai-nilai religi, kapitayan, norma
lan nilai budaya.
Wewangunan omah joglo iku ana perangan-perangan kang wis gumathok, ing
antarane yaiku :
1. Teras utawa pendhapa
Dumunung ing ngarep dewe, piguna utamane kanggo nampa tamu
2. Pringgitan
Ruwangan iki kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit mula dijenengi
pringgitan saka tembung ringgit kang ateges wayang.
3. Dalem agung
Sering digunakake kanggo keluwarga mula asipat luwih tinutup (privasi).
4. Krobongan/senthong
Ruwangan istimewa kanggo nyimpen wujud pusaka lan piranti aji liyane.
5. Gandhok utawa pawon
Ana ing mburi dewek, digunakake kanggo masak lan kamar mandi.
v Teks Deskripsi
Deskripsi yaiku sawijiningwujud tulisan kang ana sesambungane karo pambudi
dayane panulis kanggo menehi pepincren-pepincren saka sawijining objek (panggonan,
manungsa, barang lan sapanunggalane).
Karangan deskripsi yaiku sawijining karangan kang maksude kanggo
nggambarake objek kang sanyatane.
Wacana deskripsi objektif yaiku salah sawijining jenis karangan deskripsi kang
anggone nggambarake objek mau ora dikantheni karo opini saka panulis.
Wacana deskripsi subjektif yaiku anggone nggambarake objek iku dikantheni
karo opini saka panulis.
Topik-topik kang bisa dikembangake dadi tulisan deskripsi yaiku :
1. Kahanan ruang
Tuladha : ruang sinauku, gerbong sepur klas ekonomi, pos ronda
2. Kahanan barang
Tuladha : wong-wong suku Dayak, warna kembang ing Taman Bunga, bis kuning
3. Proses
Tuladha : proses gawe klambi kebaya, budhal menyang sekolah
v Tembung-Tembung
1. Tembung Saroja
Yaiku tembung loro utawa luwih kang tegese padha utawa meh padha lan
digunakake bebarengan. Nanging ora nuwuhake teges anyar.
Tuladha : - Andhap-asor - sayuk-rukun
- Budi-pekerti - padhang-jingglang
- Japa-mantra - gayut-rayut
2. Tembung Garba
Yaiku rong tembung utawa luwih kang didadekake siji kanthi nyuda cacah wandane
kang ora ngowahi tegese tembung.
Tuladha : - Jalu + estri = jalwestri
- Panas + atis = panastis
- Karya + enak = karyenak
- Madya + ing = madyeng
3. Tembung Plutan
Yaiku tembung kang suda cacahe aksara utawa tembunge.
Tuladha : - Suwara = swara
- Karaton = kraton
- Parentah = prentah
- Pambiwara = pambwara
4. Saloka
Yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kasamun ing ukara, dadi ora wantah,
lumrahe saemper kahanane alam, kewan, utawa tetuwuhanlan kang ajeg
panggonane, ngemu surasa pepindhan tumrap pawongan
Tuladha :
- Bathok bolu isi madu (pawongan kang aor/kawula cilik, nanging sugih kapinteran)
- Kebo mulih menyang kandhange (pawongan kang bali menyang asale)
- Kriwikan dadi grojogan (prakara sepele dadi tenanan)
5. Bebasan
Yaiku tetembungan utawa unen-unen kang wantah wae ora ngemu teges pepindhan
dadi tegese wis cetha, ajeg panggonan lan panganggone.
Tuladha :
- Teteken tekun bakal tekan sedyane (pawongan kang ngudi apa wae kanthi tenanan
bakal kelakon)
- Becik ketitik ala ketara (sapa kang tumindak becik lan ala punkasane bakal ketok)
- Rukun agawe santosa crah agawe bubrah (rukun bakal gawe kuwat, dene padudon
ndadekake dredah)
BAB V AKSARA JAWA
PIWULANG 5 AKSARA JAWA
Aksara Jawa
Aksara Jawa wis entuk pranyatan resmi saka Unicode, lembaga ing sangisore UNESCO.
Pranyatan iki diwenehake nalika tanggal 2 Oktober 2009, bebarengan pranyatan ngenani
batik minangka warisan budaya asli Indonesia dening UNESCO.
Aksara Jawa lan pasangan
Contoh penulisan aksara jawa :
Aksara Swara
Aksara Swara yaiku jinis aksara kang digunakake kanggo nulis jinis huruf vokal kang
asale saka bentuk tembung serapan kang basa manca supados pelafalane dadi lewih
tegas.
Sandangan Aksara Swara
Aksara Mandaswara
Aksara mandaswara uga diaran aksara panyigeg wanda