BAHAN AJAR
TEKS DESKRIPSI DHAHARAN TRADISIONAL JAWI
Dening:
Niwang Jati Kusumo, S.Pd.
NAMA SEKOLAH : SMA NEGERI 1 ANDONG
NAMA MAPEL : BAHASA JAWA
TAHUN PENYUSUN : 2022/2023
FASE :E
KATA KUNCI : PANGANAN TRADISIONAL
Elemen Capaian Pembelajaran
Peserta didik mampu mengevaluasi informasi berupa gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau
pesan dari berbagai jenis teks nonsastra tentang makanan
tradisional(misalnya:deskripsi/narasi/eksposisi/argumentasi atau lainnya) untuk menemukan makna
yang tersurat dan tersirat.
Kompetensi Awal
1 Memahami Teks Deskripsi Nonsastra Makanan Tradisional
Indikator Tujuan Pembelajaran
1 Peserta didik menelaah teks deskripsi makanan tradisional untuk menemukan
makna yang tersurat dan tersirat.( (C5)
2 Peserta didik membuat teks deskripsi tentang makanan tradisional (P5)
PETA KONSEP
1. Orientasi Peserta Didik
S akderengipun mlebet pamulangan,cobi
gatekana gambar ing ngandhap menika!
https://www.briliofood.net/resep/5-resep-dan-cara- membuat-
tempe- mendoan-enak-dan-gurih-191029y.html
1. DHAHARAN TRADHISIONAL PUNAPA
KEMAWON INGKANG SAMI PARA SISWA
MANGERTOSI?
2. WONTEN PUNDI NATE MANGERTOS
DHAHARAN TRADHISIONAL?
Dhaharan tradhisional menika salah satunggaling wujud
kabudayan. Kabudayan saged awujud kesenian tradhisional,
wayang, adat-isitiadat, dhaharan tradhisional lan
sapanunggalanipun. kabudayan tansah gayut kaliyan manungsa
amargi kabudayan sapunika asiling budi daya manungsa.
Kabudayan sapunika tuwuh lan ngrembaka tanpa kendhat nut
majenging jaman.
Punapa ta Teks Deskripsi punika?
Teks Deskripsi adatipun dipuntegesi
gambaran. Teks deskripsi inggih menika teks
ingkang kaginanipun kangge nggambaraken
utawi ngandharaken kagem punapa
kemawon ingkang saged dipun tingali, dipun
raos, dipun miring, saha dipun ganda
kadosta barang utawi aran, panggenan, saha
tiyang utawi tokoh.
Titikan Teks Deskripsi
1. Nggambaraken samubarang, umpaminipun kahanan,
papan, utawa manungsa.
2. Ngginakaken panca indra (pandeleng, pangraos,
pamireng, lan pengecap)
3. Ndadosaken pamaos kados saged mirsani piyambak,
ngraos piyambak, miring piyambak, ngambu atau
ngganda piyambak, lan ngecap piyambak.
TULADHA TEKS DESKRIPSI
TUMPENG
"Tumpeng" sapunika cara nyuguhakenipun sekul kaliyan lawuh ing sajroning
wangun bucu, amargi saking sapunika lajeng dipun sebat sekul tumpeng. Olahan
sekul ingkang dipun agem padatanipun arupi sekul kuning, ugi wonten sekul pethak
utawi sekul uduk.
Tumpeng wujudipun kerucut, wangun kerucut ngadhahi filosofi pangajeng-
ajeng supados gesang sapunika saged nggayuh kasampurnan lan saged langkung
caket marang Gusti.
Ing acara ritual, tumpeng padatan dipun hias kaliyan sayuran lan ulam kang
nggadhahi ancas ingkang sakral ugi gadhah pralambang gesangipun manungsa
wonten alam Donya, kasuguhaken wonten tampah kang linambaran ron gedhang.
Tumpeng dipun tata ing tampah manggenipun ing tengah lan dipun ubengi lawuh lan
sayur. Tumpeng dipun hidangaken ing tampah kang arupi nampan ageng, bunder,
saking anyaman pring. Tumpeng padatanipun dipun ginakkaken ing upacara
tradisional.
TULADHA MAKNA FILOSOFI
TUMPENG
TUMPENG lan lawuh sajroning tumpeng sapunika ngandhut makna, inggih sapunika
sekul pethak kang wujudipun kados gunungan utawi kerucut iku pralambang tangan
kang nyembah mring Pangeran. sekul pethak ugi pralambang samubarang kalir kang
dipun dhahar, dados getih lan daging kedah dipun pilih saking sumber kang resik lan
halal. Wujud gunungan punika ugi saged dipun tegesi minangka pangajab supados
karaharjaning gesang manungsa sansaya minggah lan dhuwur.
Jroning gesanging manungsa ing donya punika wonten trap-trapanipun, kados ingkang
kagambar ing tumpeng. Sanajan wujudipun kerucut, tumpeng punika kaperan dados
tigang trap. Ingkang paling ngandhap, tengah lajeng pucuk utawi paling nginggil.
Sedaya ngandhut piwulang kagem pagesanganipun manungsa.
Perangan ingkang paling ngandhap kang dipun paringi gudhangan lan jajanan punika
dados gegambaraning donyane manungsa. Dene trap kaping kalih utawi tengah iku
punika gambaraning sarana meneping raos manungsa kangge nuju kasampurnan. Dene
paling pucuk sapunika dados pralambang pangajabing manungsa mring Gusti kangge
nggayuh kabagyan ingkang hakiki.
Struktur Deskriptif
Identifikasi
Deskripsi bagian
Dudutan
Idhentifikasi : obyek, panggenan, utawi barang kaandharaken kanthi umum.
Klasifikasi : ngandharaken perangan-perangan obyek.
Dheskripsi bagean : ngandharaken perangan-perangan kanthi rinci
MENELAAH TEKS
Cara nemtokaken makna tembung/ukara ing salebeting teks nonsastra inggih punika kanthi
cara mahami isi kaliyan konteks teks ingkang dipun waos.
Makna tembung inggih punika arti utawa pangerten ingkang dipun gadhahi satunggaling
wujud basa tembung/ukara.
Sapunika tatacara nemtokaken makna tembung/ukara ing salebeting teks
nonsastra:
1. Dipun waos teks kanthi satiti.
2. Dipun wenehi tandha tembung/ukara ingkang angel lajeng dipun padosi
makna tembung leksikalipun ing https://www.sastra.org/leksikon
3. Dipun maknani tembung/ukara gayut kaliyan konteks lan isi teks.
CARA NULIS TEKS DESKRIPSI
4. Nyusun katrangan kasebut
supayane dadi cengkorongan/
1. Nemtokake underaning perkara kerangka panulisan
(tema)
5. Njlentrehaken cengkorongan
2. Ngumpulake katrangan kanthi mau kanthi urut, cetha, urip, lan
njingglengi (mengamati) bab kang arep nggunakake tembung-tembung kang
ditulis trep
3. Nyathet peranganperangan bab 6. Naliti lan mbenerake ukara supaya
kanthi tliti dadi karangan teks deskripsi kang becik
Nyimak wacan kanthi patitis!
TUMPENG
http://bahasajawawarisanl
eluhur.blogspot.com/2018/
03/makanan-tradisional-
tumpeng.html
3. Membimbing
penyelidikan kelompok
1. Cobi dipun andharaken ngagem basanipun
piyambak babagan filosofi ingkang wonten ing
teks deskripsi dhaharan tradisional kasebut!
(LKPD)
4. Mengembangkan dan Nyerat Teks Deskripsi
Menyajikan Hasil Karya Pang anan Tradhisional
Kadamela teks deskripsi panganan
tradhisional ingkang sampun
kasamektaaken sapunika miturut
struktur teks deskriptif ingkang
sampun dipun mangertosi!
5. Menganalisis dan
Mengevaluasi
TES FORMATIF
Salajengipun, kangge mangertosi menapa para
siswa sampun nguwaosi materi menika, Pramila
garepen tes formatif ! ( lembar kerja)
MATURNUWUN