The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by novirohayatun81, 2022-09-15 08:27:43

DESKRIPSI BUSANA ADAT

BUSANA ADAT JAWA

BUSANA ADAT JAWA

Dening : Novi Rohayatun, S.Pd.





















Busana Adat Jawa

Kompetensi Dasar Indikator
• Memahami isi teks deskriptif • Menemukan pokok-pokok isi

tentang pakaian adat Jawa teks deskriptif tentang
pakaian adat Jawa.
• Menganalisis nilai-nilai yang
terkandung dalam teks
deskriptif tentangt pakaian
adat Jawa.
• Membuat deskripsi tentang
busana adat Jawa.
• Memberi argumentasi isi teks
deskriptif tentang pakaian
adat Jawa.
• Menceritakan kembali isi teks
deskriptif tentang pakaian
adat Jawa.

TEKS DESKRIPSI

• Teks deskripsi yaiku sawijining teks utawa tulisan sing
nggambarake sawijining objek.

• Objek sing dikarepake bisa wujud piranti, panggonan, makhluk
hidup, lan liya-liyane.

• Teks deskripsi iki anggone nggambarake objek kang dikarepake
kanthi rinci supaya wong sing maca tulisan mau kaya-kaya
ndeleng dhewe objek kang digambarake senajan dheweke ora
weruh langsung.

Titikane Paragraf Deskripsi

a.Njlentrehake objek kanthi langsung miturut panemune sing
weruh.

b.Adhedhasar observasi utawa pengamatan.
c. Pamaca bisa mangerteni kang dikarepake panulis.
d.Nduweni sipat imajinasi nanging adhedhasar fakta utawa

panggambaran.
e.Nduweni ancas nyiptakaken imajinasi sing maca, saengga sing

maca kaya-kaya weruh dhewe bab sing dideskripsikake kuwi
mau.

Urut-urutane Paragraf Deskripsi

a.Nemtokake tema kang arep ditulis.
b.Tujuan panulisan sing arep diandharake marang pamaca.
c. Ngumpulake materi.
d.Materi ditaliti, dirungokake, lan dirasakake.
e.Nggawe cengkorongan deskripsi kang adhedhasar materi

kasebut.
f. Nulis karangan kanthi jangkep lan ora ana sing kececer.

WACANA DESKRIPSI

• Wacana deskripsi ing bab iki ngrembug busana adat Jawa.
Wong Jawa jaman mbiyen isih nglestarikake budaya adat-
istiadat para leluhur. Saka babagan kang cilik nganthi babagan
kang gedhe isih dirumati lan dilestarikake kanthi nguri-uri
saben piwulang lan keyakinane kanthi apik saha titi ngati-ati..
Kabeh babagan kasebut nduweni makna lan simbol-simbol
kang wigati. Salah sawijining yaiku busana. Para jaler lan estri
nganggo ageman kanthi becik lan busana kejawen kang
prasaja.

BUSANA ADAT JAWA

1.Kebaya
2.Ungkel utawa sanggul
3.Setagen
4.Sabuk
5.Kemben
6.Jarik
7.Cunduk Jungkat
8.Cunduk Mentul
9.Selop
10.Beskap
11.Udheng

Kebaya

Kebaya

Kebaya minangka pralambang wanita Jawa kang alus tumindake
uga manut marang dhawuh tiyang sepuh lan uga garwane.
Kebaya saking tembung abaya kang ateges ageman.

Ungkel utawa Sanggul

Ungkel utawa Sanggul

Ungkel utawa sanggul yaiku rambut palsu ugi rambut asli kang
digawe wujud oval lan ditempel ing mburi utawa sirah.

Setagen

Setagen

• Setagen yaiku kain tenunan dhawane 4x12 m kanggo ngiket
yen gunaake kain bathik fungsine padha karo sabuk. Nanging
saka bentuke sing dawa kuwi ana nilai-nilai filosofi kang luhur,
ngurapkne simbol supaya sabar lan dawa ususe.

• Setagen ingkang sampun nyingseti sinjang supados sampun
ngantos mlorot lajeng katutup kaliyan sabuk menika.

• Patrapipun ngagem kanthi kaubedaken badan kawiwitan
saking nginggil ubedipun mangiwa.

• Ubedipun kawiwitan saking nginggil lajeng mangandhap
supados mangkenipun saged dipunangge nyengkelitaken
dhuwung ing sisih wingking.

Sabuk

Sabuk

• Sabuk minangka peranganipun busana adat Jawa kakung
ingkang dipunangge nutupi setagen.

• Sabuk menika jenis pakaian adat Jawa ingkang dipunangge
minangka pelengkap busana adat.

• Cara nganggone sabuk dililitake nang pinggang.
• Sabuk nduweni makna manungsa sing nganggo gole nyambut

gawe sing temen, lan nyambut gawene bisa ngasilaken.

Kemben

Kemben

Kemben yaiku klamben kang digunakake para estri kanggo nutupi
weteng, utawa dada, lan gunane supaya weteng luwih singset.
Kemben digunakake dadi gantine klambi.

Jarik

Jarik

Jarik utawa sinjang yaiku kain sing digunakake kanggo nutupi
awak saka bangkekan tekan sikil. Jarik mengku teges aja gampang
serik, yen ngadepi prekara kudu ngati-ati aja grusa-grusu.

Cunduk Jungkat

Cunduk Jungkat

Cunduk jungkat yaiku aksesoris kang dipasang saka arah dhuwur
unyeng-unyeng. Cundhuk jungkat nduweni nilai pendhidhikan
gambaran saka suci, saengga yen penganten wanita nganggo
busana basahan karo cunduk jungkat ing sirahe, mula penganten
kuwi mau isih kenya (gadhis) kang suci. Cunduk jungkat uga
nduweni teges tumata. Penganten wanita dikarepake bisa nata
kulawargane supaya bisa urip bebrayan kanthi becik.

Cunduk Mentul

Cunduk Mentul

Cunduk mentul yaiku paesan kang manggone ngadeg ing sirah.
Cunduk mentul padatan cacahe 5 nganti 9, nanging sajane bisa
uga cacahe 1, 3, 5, utawa 9. Cunduk mentul kang cacahe 1
nduweni simbol trimurti. Dene kang cacahe 5 kuwi pralambang
rukun Islam. Yen cacahe 7 diarani simbol pitulungan. Kang paling
akeh yaiku 9 nduweni simbol Wali Sanga. Cunduk mentul padatan
dipasang madhep mburi, mengku teges menawa wanita kuwi
kudu ayu kadi ngarep uga mburi.

Selop

Selop

• Sandhal selop yaiku sandhal kang digawe saka bahan kulit
kewan kang diolah lan wujude nutupi bagian driji. Geger sikil
lan bageyan tungkak kebukak.

• Selop mengku teges nyembah marang Gusti Alloh, supaya lair
nganthi bathin. Ing njero ati mung sumeleh.

Beskap

Beskap

• Beskap kalebu rasukan, beskap wujude kaya jas, gulune
katutup karo kancing ing sisih tengah. Dhadha sakmangisor
katutup tangkepan mangiwa, miring mangisor. Kancinge kiwa
sakmangisor ana telu. Dene sisih tengen dhadha dipasangi
kancing (benik) kang cacahe loro.

• Beskap dadi tandha minangka wong Jawa kudu paham lan
ngibadha maring Gusti Kang Maha Agung kanthi nglakoni apa
bae kang dadi dhawuhe lan ninggalake kang dilarang.

Udheng

Udheng

• Udheng basa ngokone yaiku iket utawa diarani blangkon kang
wis siap dienggo. Dene basa kramane yaiku dhastar. Dhastar
arupa panggonan kang dienggo kanggo nutupi mustaka/sirah.

• Udheng lumrahe digawe saka kaein bathik awujud persegi,
kang kalempit, katata, lan kawangun kanthi njlimet supaya
rerenggane kiwa tengen padha, banjur dijait miturut ukuran
sirah/mustaka. Ing wektu saiki wis akeh toko-toko kang ngedol
udheng kanthi ukuran kang bedha-bedha.

• Jaman biyen isih lumrah udheng nduweni ukuran sekacu
(taplak meja) banjur diubed-ubedke kanthi tata cara kang
umum, ananging kaya saiki wis ora dienggo maneh.

Keris

Keris

• Keris menika senjata sing kawentar sekti tumrape
wong Jawa. Mila nang pakaian adat wong Jawa mesthi
dianggo, keris kasebut diprecaya minangka lambang
“ kejantanan “ piyayi kakung saengga pengantin kakung
nduweni kejantanan sing ora bisa dikalahna.

MATURNUWUN



WIRU JARIT


Click to View FlipBook Version