BAHAN AJAR GEGURITAN https://2.bp.blogspot.com/-w_7ErNrEols/UAdnGW4wuEI/AAAAAAAAAYw/etB0mHYugrQ/s1600/1302714000_xcvxcv.jpg KELAS X SEMESTER GASAL Dening: DWI VINA PRIMAENCI, S.Pd. MAHASISWA PPG DALJAB ANGKATAN 2 2023
BAHAN AJAR GEGURITAN A. Identitas Kelas : X Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Materi : Geguritan B. Capaian Pembelajaran Peserta didik mampu menulis gagasan, pikiran, pandangan, arahan dalam bentuk teks sastra geguritan. C. Elemen : Menulis D. Tujuan Pembelajaran Pertemuan ke-1 (PPL Siklus 2) Melalui model pembelajaran Problem Based Learning, peserta didik dapat: 1. Menemukan kata-kata sukar dan artinya dalam teks geguritan dengan tepat. (C3) 2. Menganalisis unsur pembangun geguritan dengan tepat. (C4) 3. Menulis teks geguritan dengan ejaan yang tepat. (P3) Pertemuan ke-2 (UKIN) 4. Menyimpulkan isi & pesan moral teks geguritan dengan tepat. (C5) 5. Membaca indah teks geguritan dengan penuh percaya diri. (P3) E. Dimensi Pengetahuan a. Faktual : tuladha geguritan. b. Konseptual : pengertian & jinis geguritan, unsur pembangun geguritan. c. Prosedural : cara nyerat geguritan. d. Metakognitif : nyecakaken langkah nyerat geguritan
Materi Faktual Lintang Wengi Dening: Wiwiek Panca Widyaningsih Ludira kaya kandheg, kapireng kekidunganmu endah rinasa Agawe pambangun sadawane gili Wasana. . . Den semu Geneya. . .? Panjeriting lintang wengi Dicelathu sajroning kalbu Smara jati kang kasiput mendhung . . . miris . . .jebul datan anyandhak Ing ngandhap menika wonten kalih tuladha geguritan. Sumangga para peserta didik saged nyetitekaken geguritan menika kanthi patitis! Salajengipun para peserta didik saged ngrantam pitakenan kangge mangretosi geguritan kasebut! Tuladha menika saged dipuntingali wonten ing link youtube https://youtu.be/q95q11FDFCw?si=EIjcChLRMXF7HeV-
Materi Konseptual Pangretosan Geguritan Geguritan inggih menika iketanipun basa ingkang memper kados syair. Geguritan kaperang dados kalih, inggih menika geguritan kuna/tradhisional saha geguritan modheren. Geguritan kuna utawi tradhisional. Geguritan tradhisional inggih menika geguritan ingkang ngginakaken paugeran tartamtu kados ta cacahipun larik saben pada (bait), cacahipun wanda saben larik, ugi dhongdhingipun swanten. Geguritan modheren inggih menika geguritan gagrag enggal ingkang boten kaiket dening paugeran tartamtu. Cacahipun larik saben pada (bait) bebas, cacahipun pada (bait) bebas, ugi cacahipun wanda saben larik bebas. Unsur Pembangun Geguritan 1. Irah-irahan geguritan : judul geguritan 2. Tema : ide pokok ingkang dipunandharaken dening pangripta. 3. Dhiksi : pamilihanipun tembung, ukara, ingkang mantes saha mentes. 4. Citraan : maringi gambaran ingkang saged dipunraba dening indra. 5. Lelewaning basa : basa/majas ingkang dipun-ginakaken pangripta. 6. Purwakanthi : tetembungan ingkang runtut kalihan tembung sangajengipun. 7. Amanat : pesen ingkang dipunandharaken pangripta kangge pamaos. Sumangga materi ing ngandhap menika dipunsinauni sesarengan kalihan klompokipun!
Materi Prosedural Nyerat Geguritan Urut-urutanipun nyerat geguritan inggih menika: 1. Nemtokaken tema Tema saged dipunpilih ingkang narik kawigatosan ing jaman samenika. 2. Nemtokaken irah-irahan (judul) Saderengipun nyerat, nemtokaken irah-irahan kang trep kalihan tema. 3. Milih tetembungan kang trep kalihan tema geguritan. Supados boten uwal saking temanipun, para peserta didik kedah milih tetembungan ingkang badhe dipundamel geguritan. 4. Ngginakaken basa rinengga (basa kang endah) Anggenipun damel tetembungan wonten ing geguritan, saged dipunsukani lelewaning basa, purwakanthi, lan sapanunggalanipun, supados langkung endah. 5. Ngrakit tetembungan dados geguritan Tetembungan ingkang sampun dipunpilih, lajeng dipunsusun supados dados ukara ing geguritan. 6. Naliti Teks geguritan ingkang sampun dados, lajeng dipuntliti malih. Sasampunipun mangretosi materi bab pangretosan geguritan, jinis geguritan, saha unsur pembangun geguritan, sumangga materi caranipun nyerat geguritan ing ngandhap menika dipunsinauni sesarengan kalihan klompokipun!
Materi Metakognitif Nyerat Geguritan Sasampunipun mangretosi caranipun nyerat geguritan, sumangga dipuncakaken langkah-langkahipun kangge nyerat geguritan kanthi klompok! Langkah 1 Peserta didik ngginakaken tema ingkang sampun dipunsamektakaken dening guru. Temanipun “Pendhidhikan” Langkah 2 Nemtokaken irah-irahan kang trep kalihan tema. Tuladha ingkang trep kalihan tema “Pendhidhikan” inggih menika: Teladhanipun Siswa Langkah 3 Nemtokaken tetembungan Tuladhanipun: guru, pamrih, asih, semangat, ilmu, eling, dhuwur. Langkah 4 Ngginakaken basa rinengga Tuladhanipun: endhek wiwitane, dhuwur wekasane. (paribasan) Guru… Wewarahmu tanpa pamrih Kebak welas asih Guru… Sliramu tansah semangat Maringi ilmu kang mumpangat Guru… Aku tansah eling mring welingmu “Senajan endhek wiwitane, mesthi bakal dhuwur wekasane.”
Dudutan Geguritan inggih menika salah satunggalipun karya sastra Jawa ingkang edi peni. Anggenipun damel ugi boten gampil. Betahaken daya imajinasi saha kreatifitas ingkang linangkung, amargi tetembungan ingkang rinakit ngginakaken basa endah supados saged narik kawigatosan. Struktur wonten ing paugeran menika saged dipundadosaken pandom nalika damel geguritan. Relevansi Geguritan menika saged dipunwastani ajang kreatifitas kangge ngasah katrampilan ngrakit tetembungan dados basa ingkang endah. Geguritan ugi saged dados sarana kangge ngaturaken rasa pangraos utawi luapan emosi saking panganggitipun. Relevansinipun, geguritan ing jaman samenika saged dados sarana kangge ngungkapaken kritik ing bebrayan umum. DAFTAR PUSTAKA Lucia Yuyun & Dwi Handayani. 2022. Waskitha Basa lan Sastra Jawa. Semarang: Erlangga. Faridhoh, Laela. 2019. Modul Pesisir Jawa MGMP Kabupaten Tegal. Slawi: Indra Prasta. Widaryatmo, Gandung dkk. 2011. Prigel Basa Jawa. Jakarta: Erlangga. Kamus online: https://www.sastra.org/leksikon