The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by atik.yuliatinwardani, 2021-11-05 04:57:19

PPT 2

PPT 2

KD : 4.3 Menulis dan membaca Teks Berita Aktual

Indikator :
4.3.1 Siswa dapat mengkarakteristikkan jenis Berita. (C4)
4.3.2 Siswa dapat mendokumentasikan berita yang terdapat di
media cetak ataupun elektronik. (C6)
4.3.3 Siswa dapat menyimpulkan isi berita. (C5)
4.3.4 Siswa dapat menyusun berita aktual elektronik menggunakan
unsur 5W+1H (C6)

DENING ATIK YULIATIN W., S.Pd.

NULIS PAWARTA

Nulis pawarta mujudake pambudidaya
kanggo ngandharake warta utawa
informasi sawijining kedadean kanthi
basa tulis. Isi pawarta kang becik kudu
mratelakake 5W+1H yaiku apa, sapa,
kapan, kenapa, lan kepriye.Saliyane
kuwi, kudu mangerteni ngenani struktur
pawarta, jinis-jinise pawarta uga perlu
nggatekake teknik utawa tata carane
nulis pawarta.

Unsur pawarta

Unsur utawa perangan-perangan pokok pawar
ta ana enem (6) kang diarani 5 W + 1 H. Cekakan
iki saka basa Inggris yaiku
• what (apa)
• who (sapa)
• when (kapan)
• where (ing ngendi)
• why (kena apa, apa sebabe).
• how (kepriye lumakune crita, pawarta).
Ing pasinanon sadurunge wis dijelasake luwih c

etha.

Struktur pawarta

Teks pawarta nduwe struktur utawa cengkorongankang beda
karo teks-teks liyane, kayata teks wara-wara, teks sesorah,
teks narasi lan teks-teks liyane. Andharan saka struktur
pawarta bakal kajlentrehake luwih jangkep ana ing andharan
ngisor iki:

a.Irah-irahan ( judul ) Pawarta utawa Headline
Headline yaiku irah-irahan kang gunane kanggo :

1. Nggampangake pamaca ngerteni pawarta kang bakal diwaca

2. pawarta kang dianggep penting kanthi variasi aksara utawa gambar.

b.Deadline
Ancas deadline yaiku nuduhake papan kedadeyan lan jeneng media massa. Mul
a perangan ing media massa, tanggal lan papan kedadeyan.

c.Teras pawarta utawa lead/ intro
Lead biasane katulis ing wiwitan pawarta utawa ing paragraf kapisan. Bab iku tin
ulis minangka perangan kang wigati saka pawarta, kang nemtokake saripati paw
arta lan nggambarake sakabehe pawarta.

d.Awak berita utawa Body
Isine penjelasan ngenani pokok-pokok pawarta kang wis disebutna ing paragrap
h kapisan.

Jinis – jinis pawarta

a.Pawarta langsung
Pawarta langsung yaiku pawarta kang dijupuk saka ke
dadeyan utawa prastawa langsung, asifat anyar lan p
enting.

b.Pawarta entheng ( ringan )
Pawarta entheng iki ora mentingake anyare pawarta,
nanging ngutamakake aspek kamanungsan ing pawar
ta.

c.Pawarta kisah
Pawarta kisah yaiku pawarta ngenani kedadeyan utaw
a prastawa kang bisa nyenggol perasaan utawa namb
ah wawasan kang maca utawa pamiyarsa.

Teknik nulis pawarta

a.Ngumpulake fakta/ data.
Data bisa awujud wawancara ( wawan rembug ), kedadeyan
langsung utawa data- data tinulis).

b.Gawe kerangka pawarta adhedhasar struktur pawarta.

c.Milih tembung-tembung kang jumbuh karo pawarta, nggunakake
alur kang runtut aja molak-malik utawa dilumpati supaya ora
mbingungake pamiyarsa.

d.Miwiti nulis kanthi jenjem lan temenan.

MACA PAWARTA

Kagyatan maca pawarta yaiku ngandharake informasi supaya bisa
dimangerteni wong akeh sing lagi nyemak utawa ngrungokake pawarta.
Mula nalika maca teks pawarta dibutuhake teknik sing bener antarane
nggunakake lafal, intonasi lan sikap sing bener. Wondene bab-bab kang
kudu digatekake nalika maca pawarta, ing antarane :
a. Pangucap kang trep
b. Pamedhot frasa kang trep
c. Intonasi, nada lan tekanan kang trep
d. Ngerteni tandha wacan
e. Swara cetha
f. Ekspresi kang trep
g. Ngatur alon cepete maca
h. Ngolah maca
i. Mahami kang diwaca
j. Percaya dhiri.

Matur nuwun

SUGENG SINAU


Click to View FlipBook Version