S K E N A R I O BERCERITA SURABAYA (Sebuah Pementasan Lakon Adaptasi Buku Ensiklopedia Sejarah dan Budaya Surabaya)
Narator (Protokoler): Alkisah, diceritakan seorang pak de yang tinggal di kampung Kedung Tarukan. pak de Heri namanya. Suatu hari beliau kedatangan keponakannya yang bernama Nitnit. Hubungan kedua manusia ini cukup unik. Samasama suka berbicara, senangane ilok-ilokan, ngeyelan, ceplas ceplos. Nah, apa yang akan terjadi jika mereka berdua sedang bertemu? N (Nitnit): Pak De, aku wingi numpak feeder wira wiri. Onok arek-arek SMA nguobrol cik seriuse. Lha ngomonge banter. Aku pole krungu. Nguawur pol Pak De. Mosok jarene Bung Karno iku arek Suroboyo. Polahe lahire nang Suroboyo. Sak ngertiku Bung Karno iku wong Blitar. Mangkane dimakamno nang Blitar. H (Pak de Heri): Kon iku, wis banter salah. Yo kon iku sing ngawur. Bung Karno itu pancen lahir nang Surabaya. Nang jalan Pandean, daerah Peneleh. N: Lho ... Wis diganti ta? H: Pancene arek kok uangel dikandani. Sik tak telpono kancaku sing ngerti poll tentang rumah kelahiran Bung Karno. Pak de Heri telpon-telponan
H: Halo … Bu Camat Wonokromo. Nuwun sewu Bu, kulo bade nyuwun tulung. Sampeyan tulung jelasaken teng ponakan kulo bab tempat kelahiran Bung Karno. Sakniki saget nggih, Bu? Matur sembah nuwun Bu Camat. —---Finalis 1—--- N: Oalah … Iki ta omah kelahirane Bung Karno. Tibake nang Suroboyo. H: Nah mumpung teko Peneleh. Peno takon apa maneh? Makam Peneleh ta? N: Lha lapo, nang makam. Medeni Pak De. H: Arek lek kakean ndelok film horor yo ngene Iki. Nang makam Peneleh iki akeh wong gedhe sing dimakamno nang kene. N: Wong gedhe? Butho ta? H: Hush ... Kok Butho. Tak kandani yo, nang makam Peneleh iku akeh pemimpin zaman biyen sing dimakamno nang kunu. Gak wong Londo thok, Ono wong Jepang, Perancis, dll.
H & N ndelok sosok nang pojokan. N : Pak De iku sopo? H : Koyok' e iku dr.Billy. N : Opo penjaga makam yo. Takon ae yuk. —------- Finalis 2 —----- Pakde Heri nggetu ndelok HP N: Lapo Pak De cik nggetune? Ngguyu-ngguyu dewe. Ketempelan demit ta sampeyan? H: Iki lho ndelok TikTok. Hiburan. Cik enggak ruwet mikiri utang ae. N: Sampeyan iku jare wong asli Suroboyo, hiburan kok ndelok TikTok. H: Lha ndelok opo? Ludruk? Wis buyar. Wis gak onok saiki. Ndisik cilikanku sering ndelok aku. Seneng. Saiki wis gak onok. N: Wah … Pakde iki gak gaul. Gak eruh nek saiki sik onok ludruk. H: Iyo ta? Mosok?
N: Heeeh … Iki rungokno informasine. —Finalis 3— H: Iyo yo. Tibak e sik onok. N: Pak De, biasane ‘kan nang ludruk iku yo onok sing koyok nyanyi iku lho. Sing lucu-lucu. Opo arane? H: Jula Juli ta maksudmu? N: Iyo Pak De. Sampeyan iso ta? H: Yo iso lah. Tapi aku wedi. Nek aku Jula Juli, terus dadi viral yo opo. (ambek ngguyu) N: Iso ae Pak De Iki. H: Rino kepengen isok Jula Juli ta? Ya opo, lek awakmu saiki ngeterno Pak De nang omahe Pak Muslich. Mengko rino isok belajar karo koncone Pak De. —- Finalis 4 —--
N: Tibake keren yo Pak De H: Yo iyo lah. Suroboyo iki pancen gudange seniman. Salah sijine iki. Kon ngerti sopo sing nyiptakno lagu Kebyar-Kebyar? Sing ben tujuh belasan disetel sak Indonesia? N: Aku eruh Pak De. Sing nyiptakno group band Coklat. Sing nyanyi jenenge Kikan. H: Nguawur kon iki. Coklat iku mek cover lagu. Duduk sing nyiptakno. Tak kandani yo sing nyiptakno lagu Kebyar-Kebyar, terus sing nyanyekno pertama kali iku jenenge Gombloh. Seniman teko Suroboyo yoan. N: Sopo iku Pak De? H: Hadeh arek kok. Ngakune arek Suroboyo, Gombloh ae gak eruh. N: Pak De ... Pak De ... iku sapa? H: Endi ? N: Iku lho Pak De .... H: Lho … iku kok koyok almarhum Gombloh.
Ayo … Nit, mlayu. —- Finalis 5 — N: Pak De aku ndelok status IG ne koncoku. Dek e foto nang koyok benteng kuno, terus teko kadohan ketok onok jembatan dowo. Tak takoni, dek e pas nang Amerika ta? Jarene nang Suroboyo. Prasaku, nang endi Suroboyo onok benteng? H: Lho yoopo kon iku. Onok lah. Lha nang Kedung Cowek iku. N: Onok ta? H: Arek kok. Mangkane ta. Dolen iku ojok ngemol tok. Sekali-kali nang tempat bersejarah ngono lho. N: Pakde, kenalno konco sampeyan sing iso njelasno bab Benteng Kedung Cowek. Iso ta? H: Lha iku wonge wis nang kunu. —- Finalis 6 —
(N minum Mixue) H: Kon mangan opo iku kok digelasi? N: Iki es grem teko Korea Pak De. Saiki lagi trend nang Surabaya. H: Kon iku arek Suroboyo kok malah seneng panganan luar negeri. Iki lho onok panganan khas Suroboyo. Malah sehat, polae teko godonggodongan. N: Opo iku Pak De? Keren gak? H: Lho yo opo. Panganan Iki arane Semanggi. Mek onok nang Suroboyo. Malah saiki wis onok nang restoran ambek cafe barang. Keren iki. N: Enak ta? H: Ayo, budhal. Melok Pak De tuku Semanggi. N: Saiki ta? H: Emben. — Finalis 7 —
N: Pak De, tak pikir-pikir sampeyan kok cik pintere. Sinau karo sopo? H: Sinau iku iso karo sopo ae. Termasuk karo guru. Nah nang Suroboyo iki onok uwong sing diarani guru bangsa. Bung Karno ae ndisik meguru nang dek e. Bung Karno ae pintere koyok ngunu. Ndah nio gurune. N: Sopo iku Pak De? H: Jenenge Tjokroaminoto. Tapi Pak De gak iso cerito dowo. Pak De duwe konco sing iso nyeritakno luwih becik. N: Iku ta koncone sampeyan? Iku sing angukanguk. — Finalis 8 — (N main Mobile Legend) H: Cik nggetune, lapo kon? N: Main Mobile Lagend Pak De. Sik ta. Ojok diriwuki ta. Lagi push rank iki lho.
H: Dolenan kok nang HP. Sing sehat yo mek jempolmu tok. Awakmu suwe-suwe yo legrek. N: Lha terus kudu lapo? Playon? Panas Pak De. Gak eruh ta sampeyan nek jarene ape onok El Nino. Jare koncoku howone Hot Potato Potato alias panas kentang-kentang. H: Yo gak kudu playon ngunu. Tapi yo kudu onok gerak badane. Dolenan engkle misale. N: Dolenan opo iku? H: Tak ajak nang omahe koncoku ae yo. Dek e duwe latare seng isok digawe dolenan engkle. — Finalis 9 — (H serius ndelok HP) N: Aku mau maen Mobile Lagend dilarui. Saiki pakde malah nggetu ndelok HP. Ndelok TikTok maneh yo? H: Sopo sing ndelok TikTok. Cike enake kon ngarani uwong. Iki lho pakde ndelok CCTV ne kampung. Pakde lak pengurus kampung. Dadi
duwe akses ndelok CCTV ne kampung. Bek e onok wong sing mencurigakan, dadi iso antisipasi. N: Pak De, ket mau awak dewe ngomong mesti nyangkutno karo sejarah Surabaya. Saiki bab CCTV. Teknologi modern. Mesti gak iso disangkutno karo sejarah. H: Jare sopo gak iso? Pancen CCTV sing nggawe camera, iku onoke mek jaman saiki. Tapi ket jaman Londo onok bangunan nang Suroboyo sing duwe sistem pengawasan sing fungsine koyok CCTV. Gak nggawe camera, tapi nggawe cermin. N: Lho onok ta? Cik pintere sing nggawe. Nang endi iku pakde? H: Lhoalah … Kon durung weruh ta? Iku lho nang gedung Javasche Bank. Nang ruangan bawah tanahe. N: Kok keren ngunu. Pole penasaran aku. —- Finalis 10 — N: Nah, wis jangkep Pak De. Wawasanku tambah jembar. Apa maneh sampeyan dudukno buku
Ensiklopedia Sejarah dan Budaya Surabaya. Wes tambah pinter aku. H: La terus saiki awak dewe lapo? N: Ngene ae Pak De, tik tok an ta mbareg Bu Mia. H: Budhallll