BAHASA JAWA
KELAS 6
SEMESTER GANJIL
PIWULANG 2
GATHOTKACA GUGUR
• Perang Baratayudha Binangun njaluk tumbal nyawa prajurit
pirang-pirang. Gugure para prajurit ninggal rasa sedhih lan getun.
Ora mung golongane Pandhawa lan kurawa, nanging uga
nyempyok prajurit negara telukane Pandhawa lan kurawa.
• Arya Burisrawa putrane Prabu Salya saka Mandakara katut dadi
kurbane perang kasebut. Patine Burisrawa ndadekake Prabu Salya
duka yayah sinipi. Dukane disuntake marang mantune yaiku
Adipati Karna. Krungu tembunge maratuwa kang natoni ati,
Adipati Karna sanalika muntab.
• Wektune isih wengi Adipati Karna nglumpukake prajurit raseksa
saka negara telukane. Kanthi ngurubake obor maewu-ewu nrajang
papan palereman prajurit Pandhawa ing Randuwatangan.
• Gegere perang wengi kuwi nganti keprungu para
Pandhawa. Saka pekabaran sing ditampa manawa
kang madeg senapati Adipai Karna, sanalika
Janaka keslomot atine.
• Manut dhawuhe Prabu Kresna, Raden Gathotkaca
sing pantes maju dadi senapati perang, amarga
duwe panyawang luwih ing wanci wengi. Raden
Gathotkaca sing kawit bayi wis digladhi
minangka prajurit uga bungah atine bisa
winisudha minangka senapati.
• Kacarita perang wengi iku prajurit raseksa
mungsuh raseksa. Kekarone nggawa pepati kang
sapirang-pirang. Sudane prajurit njalari
adipati Karna kena kanggo ngadepi Gathotkaca
ijen-ijen.
• Adipati Karna nggunakake aji-aji Kalalupa kang dayane ngetokake tiron
raseksa kembar sapirang-pirang saka epek-epeke. Gathotkaca nandingi aji-
aji Narantaka kang saka epek-epeke ngetokake geni ngalad-alad ngobong
raseksa daden-daden. Swara buta pating glereng kaya singa rebutan kidang
ing wana.
• Sang Adipati keseser perange banjur ganti tata gelar perang kanthi numpak
kreta perang Jatisura kang dikusiri Patih Hadimanggala. Bebarengan
swaraning peperangan, Adipati Karna mburu dununge Gathotkaca, enggal
ngunus pusaka Kuntadruwasa. Sang Gathotkaca ngedap weruh pusaka
Kuntadruwasa kang dadi pengepesane. Enggal mabur munggah ndelik ing
mega malang supaya ora katon.
• Nanging karana agemane Raden Gathotkaca kotang antrakusuma njalari
ngatonake sorot sanajan wengi peteng ndedhet mula adipati Karna ngerti
pandhelikane. Kuntadruwasa sigra dilepasake saka gendhewa ngener
dhadane Gathotkaca
• Kocap pusaka mau ora bisa tumeka pandhelikane
Gathotkaca. Nanging perang iki, wis tumeka
titiwancine Gathotkaca manjing kasuwargan, pusaka
kang ora tekan mau disaut sukmane Paman
Kalabendana.
• Pamane Gathotkaca iku ora manjing swarga yen ora
bebarengan Gathotkaca. Kaget Gathotkaca weruh
tekane Kalabendana nggawa pusaka Kuntadruwasa.
Kaget Gathotkaca weruh tekane Kalabendana nggawa
pusaka Kuntadruwasa.
• “Ayo, anakku ngger, sliramu wis titiwancine, manuta
tak kanthi tumuku kasuwargan. Wis suwe olehku
ngenteni wektu iki,” tembunge Kalabendana
• “Iya, Paman aku ora cidra ing janji, nanging
sakdurunge aku duwe panyuwunan.” wangsulane
Gathotkaca kelingan lelakone nalika sedane
Kalabendana biyene
• “Apa, Ngger panyuwunmu, gage matura?” alus tembunge
Kalabendana.
• “Patiku mengko, tibane ragaku nyirnakake prajurite
mungsuh kang akeh,” panjaluke Gathotkaca
• “Yoh, bakal keturutan penjalukmu, wis ayo
dakgandheng menyang suwarga loka bareng-bareng pun
Paman.”
• Pusaka Kuntadruwasa banjur diarahke pusere Raden
Gathotkaca kang ditampa mesem nampa pesthine wengi
kuwi. Sukma pisah saka ragane. Jumlegur magenturan
swara ing antariksa mbarengi sedane Gathotkaca. Raga
kemleyang mlesat kaya thatit lan ngetokake hawa panas
satengahe Tegal Kurusetra.
• Raga tiba ngener kreta Jatisura pecah sewalang-walang,
kusir Patih Hadimanggala tiwas ing peperangan. Putrane
adipati Karna yaiku Warsakusuma uga pralaya. Apa bae
kang kena sawabe Gathotkaca kobar ngetokake geni ,
lebur dadi awu. Ora kepetung cacahe barisane mungsuh
kang ngemasi.
• Kuwandhane Raden Gathotkaca ngaglag ngebaki Tegal Kuru.
Wengi iku Pandhawa kelangan prajurit kang peng-pengan
yaiku Raden Gathotkaca, tumungkul kabeh kang nguntabake
sedane para tumbaling negara, minangka kusumaning
bangsa.
TEGESE TEMBUNG ANGEL
TUMBAL TELUKANE DUKA YAYAH SINIPI
KURBAN JAJAHANE NESU BANGET
NATONI ATI MUNTAB KESLOMOT ATINE
GAWE SERIK NESU KEPANCING NESUNE
NERAK DIADANI PALEMEREMAN
NGLANGGAR DIANAKAKE PAPAN LEREN
TEGESE TEMBUNG ANGEL
MADEG SENAPATI DIGLADHI AJI-AJI
DADI PIMPINAN DILATIH KASEKTEN
PERANG WANA NGUNUS
ALAS,HUTAN NDUDUT
EPEK-EPEK
TELAPAK TANGAN PENGAPESANE SIGRA
SEBAB KALAHE ENGGAL-ENGGAL
NGEDHAP
ILANG GREGETE
TEGESE TEMBUNG ANGEL
GENDHEWA SUKMA MANJING
BUSUR PANAH ROH MLEBU
CIDRA GAGE MAGENTURAN
NGAPUSI SIGRA/ENGGAL- BENTURAN
THATHIT ENGGAL KEPETUNG
KILAT DIETUNG
PRALAYA
MATI
NGEMASI
MATI
PENG-PENGAN KUWANDHANE
SEKTI BADANE
KUSUMANING BANGSA
PAHLAWAN
PARAGA WAYANG
GATHOTKACA WERKUDARA PRABU KRESNA
PARAGA WAYANG
ADIPATI KARNA JANAKA/ARJUNA KALABENDANA
PIWULANG BECIK SAKA LAKON
GATHOTKACA GUGUR
❑BELA BEBENER
Gathotkaca gugur oa muspra. Jejering satriya mbelani
pihak sing bener sanajan nyawa sing dadi tebusane
❑BAWA LEKSANA
Yaiku netepi janjine
❑ORA MINGKUH ING KEWUH
Yaiku ora semaya nampa dhawuh