The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

MODUL LENGKAP KLS 2 KD. 3.1-3.4

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by ariepn85, 2021-12-12 10:55:24

modul bahasa jawa

MODUL LENGKAP KLS 2 KD. 3.1-3.4

Ringkesan Materi

Unsur-unsur Wacan Narasi

A. Mengerteni unsur-unsur wacan narasi
Wacan narasi biasane mbabarake (Njlentrehake) kedadeyan.
Wacan narasi iku migunakake urutan wektu.

B. Unsur-unsur wacan narasi iku ana papat :
1. Paraga
Paraga iku wong sing ngalami kedadeyan.
2. Watak paraga
Watak iku geguyatan karo sipat umpamane becik, ala, sabar.
3. Latar
Latar biyasane ngrembuk wektu lan kedadeyan.
Wektu : Esuk, awan, sore, lan bengi, jam, dhek jaman.
4. Panggonan kedadeyan : omah, sekolah, pasar.
Latar uga bisa ngrembung bab swasana. Kayata : seneng, sedih,
wedi.

C. Nentokake isine Unsur-unsur wacan narasi
Nentokake isine wacan narasi :
- Nggatekake unsur-unsure
1. Maca wacan narasi kanthi cetha
2. Mangerteni unsur-unsur wacan narasi
3. Gawe andharan wacan nganggo basane dhewe
4. Andaran sing digawe mau prasaja lan cekak.

Tes Formatif

Isenana titik-titik ing ukara ngisor iki nganggo tembung sing mathuk lan
bener !

Pilihen tembung-tembung sing cumawis

1. Banu sekolah …SD Negeri sekar Arum ?
2. Sekolahane Banu…jembar.
3. Hawane dina iki … ora panas.
4. Tanduran cedhak sekolahan ijo….
5. Murid-murid ….buku ing taman
6. Wayah murid-murid tuku jajan.
7. Warung sekolah kudu dodol panganan sing resik lan ….
8. Aku mau ngiyup ing…jalaran udan
9. Warung sekolah nyediyani…kanggo ngombe.
10. Uwuh kudu diguwang ing…..

a. Banyu f. Gasebo
b. Sehat g. Adem
c. Papane h. maca
d. Ing i. Royo-royo
e. Latare j. Ngaso

TIM PENYUSUN MODUL BAHASA JAWA KELAS II SEMESTER I
DINAS PENDIDIKAN KABUPATEN PROBOLINGGO
TAHUN PELAJARAN 2021 – 2022

NO. NAMA ASAL SD KECAMATAN
1 ARIE PRASADTYA NINGROEM , S. Pd.SD SDN POHSANGIT LOR 2 WONOMERTO
2 DWI YITNANINGRUM,S.Pd.SD SDN TEMENGGUNGAN KREJENGAN
3 RATNA WICESA,S.Pd.SD SDN KARANG ANYAR II BANTARAN
4 SYAIFUL IHSAN, S.Pd SDN KROPAK I BANTARAN
5 NANIK SUWARNI, S. Pd SDN GADING WETAN GADING
6 INDAH RATNASARI, S. Pd.SD SDN MUNENG LERES II SUMBERASIH
7 HANANIK SDN KARANGGEGER I PAJARAKAN
8 SRINTI ARI WAHYUNI,S.Pd SDN NGEPOH DRINGU
9 KETUT BAYU ANGGA, S.Pd. SD SDN WONOREJO 2 MARON

WULANGAN 3
BUKU

CATHETAN
PADINAN

Peta Konsep Modul Wulangan 3

Pawulangan 1 1. Ngematne gambar kegiatan saben ndina
r
2. Nyebutne ukara sing cocok karo gambar
Pawulangan 2
3. Njelasake ukara miturut gambar
tentang kegiatan sehari – hari

4. Nganalisis ukara sing cocok karo
Gambar

5 Nulis ukara sing cocok karo gambar
tentang kegiatan sehari – hari

1. Nyetitekne wacan crita KegIyatan Sabendina Ing
Ngomah

2. Nyebutne isi wacan crita kegiyatan sabendina
ing ngomah

3. Njelasake isi wacan crita kegiyatan sabendina
ing ngomah
Ngomah

4 Maca Wacan crita KegIyatan Sabendina
Ing Ngomah

5. Nulis Isi Crita Wacan Kegiyatan Sabendina Ing
Ngomah

Pawulangan 3 1. Nyetitekne wacan crita KegIyatan Sabendina Ing
Sekolahane

2. Nyebutne wacan crita KegIyatan Sabendina Ing
Sekolahane

3. Njelasake Isi Wacan crita KegIyatan Sabendina
Ing Sekolahane

4. Maca Wacan crita KegIyatan Sabendina
Ing Sekolahane

5. Nulis Isi Crita Wacan Kegiyatan Sabendina Ing
Sekolahane

Pawulangan 4 1. Ngidentifikasi buku Cathetan Padinan
Kanthi taliiti

2. Nyebutno pengertian buku Cathetaan
padinan kanthi bener

3.Njelasake isi teks buku padinan kanthi
taliti

4. Nganalisis teks buku padianan kanthi
bener
5. Maca buku padinan kanthi bener

6. Nulis teks buku Padinan kanthi bener

Pawulangan 5 1.Ngidentifikasi unsur bahasa buku padinan

2. nyebutno unsur kebahasaan buku
padinan
3. jelasno unsur kebahasaan buku padinan

4. Ngevaluasi unsur bahasa buku padinan

5.Moco teks buku padinan

6. Nulis isi Struktur buku Padinan kanthi
bener

Pawulangan 6 1.Ngematake isi buku pedinan kanthi teliti
2.Nyebutno isi buku pedinan kanthi bener

3.Jelasake isi buku Pedinan kanthi bener

4.ngevaluasi isi buku Pedinan kanti teliti

5.Moco Struktur buku Pedinan kanthi
bener
6.Nulis isi buku Pedinan kanthi bener

Tujuan Pawulangan 1

Sakwise ngematake gambar murid bisa :
1. Nyebutake ukara sing cocok karo gambar kanthi taliti
2. Njelasake ukara miturut gambar kanthi bener
3. Maca ukara miturut gambar kanthi lancar
4. Nulis ukara miturut gambar kanthi bener

Pawulangan 1

Ayo Ngematake Gambar !

Gambar ing ngisor iki tuladha kagiyatan saben ndina .

Tangi turu Sarapan karo keluargane

Pamit marang bapak ibune Budhal sekolah

Ayo Gegladen
Wangsulana pitakon ing ngisor iki !
1. Sebutna Ukara sing cocok karo gambar ing ngisor iki !

2. Jelasna Ukara sing cocok karo gambar ing ngisor iki!

3.Tulisen Ukara sing bener miturut gambar ing nduwur !

Ringkesan Materi
Saben ndina Wildan tangi jam 05.00 esuk.
Sawise tangi langsung adus banjur nglaksanake sholat subuh.
Dheweke sarapan bebarengan karo keluargane.
Wildan karo mbake pamit budhal sekolah marang bapak lan ibune.
Wildan karo mbake budhal bareng menyang sekolah.

Tes Formatif
Pasangna Ukara kang bener karo gambar sing wis cumawis !

Wildan mbukak cendela

Wildan pamit budhal sekolah marang ibune

Tujuan Pawulangan 2

Sakwise Ngematake Teks wacan kagiyatan saben ndina ing ngomah
murid bisa :
1. Nyebutake isi teks wacan kagiyatan padinan kanthi bener
2. Njelasake isi teks wacan kagiyatan padinan kanthi bener
3. Maca isi teks wacan kagiyatan padinan kanthi patitis

Pawulangan 2

Ayo maca crita

Ayo maca crita kegiatane Wildan ing dina Minggu !

Dina Minggu
Saben dina Minggu Wildan lan keluargane
tansah kerja bakti ngresiki pekarangane.
Wildan tansah seneng amarga bisa kumpul
bareng bapak,ibu lan Zafira mbake. Kabeh
nindakake tugase dewe – dewe. Penggawean yen ditandangi
bebarengan bisa cepet rampung. Sawise rampung Wildan, Zafira,
bapak lan ibune istirahat ana ing taman ngarep omahe , taman kang
resik katon endah lan asri. Wildan dolanan plembungan . Zafirah
mirengake nasehat saka bapak lan ibune. Wildan lan keluargane
katon guyup rukun.

Ayo Gegladen

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1. Sapa wae keluargane Wildan ?
2. Kapan Wildan lan keluargane kerja bakti ngresiki pekarangan ?
3. Jelasna kepriye penggawean yen ditandangi bebarengan ?

Ringkasan Materi

Urip rukun bisa nyiptakake rasa persatuan
Rukun agawe santosa : rukun ndadekake santosa / kekuatan.
Crah agawe bubrah : congkrah ndadekake bubrah / karusakan.
Penggawean yen ditindakake bebarengan krasa entheng lan cepet
rampung.Formatif

Tes Formatif

A. Pilihen wangsulan kang bener kanthi menehi tandha silang
( x ) ing huruf A, B, utawa C !
1. Penggawean yen ditandangi bebarengan bisa ...
A. cepet rampung
B. ora rampung
C. suwe rampung
2. Taman kang resik katon ...
A. lusuh lan asri
B. gersang lan asri
C. endah lan asri
3. Crah agawe ...
A. kuat
B. santosa
C. bubrah
4. Rukun agawe ...
A. rusak
B. santosa
C. bubrah
5. Yen kepingin urip mulya kudu ...
A. guyup rukun marang liyan
B. congkrah marang liyan
C. sombong marang liyan

Tujuan Pawulangan 3

Sakwise Ngematake Teks wacan kagiyatan saben ndina ing
sekolahane murid bisa :
1. Nyebutake isi teks wacan kagiyatan padinan kanthi bener
2. Njelasake isi teks wacan kagiyatan padinan kanthi bener
3. Maca isi teks wacan kagiyatan padinan kanthi patitis

Pawulangan 3

Ayo maca crita

Ayo maca crita “Piket Kelas” !

Piket Kelas
Ing dina Rebu Zafira budhal sekolah luwih
esuk tinimbang saka dina biasane.
Zafira wektune piket kelas. Saben dina
bocah sekolah giliran piket ngresiki kelase .
Kelas sing resik lan endah ndadekake panggonan sing nyaman
kanggo sinau . Zafirah bagian nyapu jogan.Reni nyulaki kaca, Rosi
ngresiki blabag,Josse lan Edo ngangkat meja bebarengan.
Bocah – bocah ora ana sing ngresula kabeh nindakake tugase
dewe – dewe kanthi rasa tanggung jawab kang gedhe.

Ayo Gegladen

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1. Sapa wae kancane piket Zafira ?
2. Kapan Zafira piket kelas ?
3. Jelasna kepriye panggonan sing nyaman kanggo sinau ?
4. Sapa sing saben dina giliran ngresiki kelas ?

Ringkasan Materi

Piket kelas kudu ditindakake kanthi tanggung jawab ora pareng ngresula.
ngresula tegese : sambat.
Yen kelase resik sinau luwih krasan lan nyaman .

Tes Formatif

A. Pilihen wangsulan kang bener kanthi menehi tandha silang
( x ) ing huruf A, B, utawa C !
1. ngresiki kelas kuwajibane para ...

A. murid
B. guru
C. penjaga
2. Piket kelas kudu ditindakake kanthi rasa ...
A. males - malesan
B. tanggung jawab
C. ngresula
3. Yen kepingin kelase nyaman kanggo sinau kudu ...
A. sregep ngresiki
B. sregep nyoreti
C. sregep ngregeti
4. Murid – murid ora pareng ngresula yen nindakake piket kelas.
ngresula tegese ...
A. ikhlas
B. sambat
C. seneng
5. Yen kelase resik sinau luwih ...
A. krasan
B. males
C. bosen

Tujuan Pawulangan 4

Sakwise maca geguritan siswa bisa...
 Ngidentifikasi buku padinan kanthi taliti
 Nyebutno pengertian buku padinan kanthi bener
 Jelasno isi teks buku padinan kanthi bener
 Nganalisis teks buku padianan kanti taliti
 Moco buku padinan kanti bener
 Nulis teks buku padinan kanthi apik

Pawulangan 4

Ayo Maca

Gatekno wacan buku padinan ing ngisor iki!

Sabtu , 5 Januari 2021
Dina iki aku (Susi) seneng banget. Resik-resik sekolahanku
bareng konco-konco ku lan Ibu Bapak guru. Aku tangi
luwih esuk supaya ora telat teko sekolahan. Aku bagian
nyirami kembang lan mbuwangi godhong sing tuwa.
Konco-konco enek seng bagian nyapu jogan, ngresiki kaca,
ngangkati mejo lan kusrsi. Ibu. Kabeh padha guyub rukun.
Sawise resik-resik, kabeh siswa-siswa diajak mlaku-mlaku
ing Banyu Mili. Atiku seneng banget.

Ayo Gegladhen

Wangsulana pitakon ing ngisor iki!
1. Apa isine cathetan ing dhuwur ?
2. Apa kowe tahu nulis cathetan kaya ing dhuwur ?
3. Apa jenenge cathetan kuwi ?

Ringkesan Materi

Cathetan ana dhuwur iku diarani buku harian ( buku
padinan). Isine apa bae sing dialami lan dilakoni saben
dinane. Buku harian utawa cathetan padinan
nggambarake kegiyatan apa wae sing dilakoni saben
dina. Ing jerone buku padinan dicathet prastawa sing
paling wigati. Bisa prastawa kang nyenengake utawa
nyedihake. Uga ditulis dina, lan kepriye kedadeane .

Tes Formatif

Wangsulana !
1. Kapan cathetan padinan ing duwur ditulis?
2. Sapa sing nulis cathetan Padinan?
3. Apa sing di tindakake Susi?
4. Susi mlaku-mlaku menyang endi ?
5. Apa sing nyebabake atine Susi seneng ?

Tujuan Pembelajaran Pawulangan 5

Sakwise maca buku padinan, siswa bisa...
1. Ngidentifikasi unsur bahasa buku cathetan

padinan
2. Nyebutake unsur kebahasaan buku cathetan

padinan kanthi bener
3. NJelasake unsur kebahasaan buku cathetan

padinan kaanthi bener
4. Nganalisis unsur bahasa buku cathetan padinan
5. Maca Teks buku cathetan padinan kanthi bener
6. Nulis isi buku cathetan Pedinan kanthi bener

Pawulangan 5

Ayo ngematne gambar

Ayo Gegladhen

 Nggawea crita kegiyatan padinan miturut gambar ing dhuwur !

Tes formatif

Wangsulana pitakon ing ngisor iki !
1. Apa sing ditindakake bocah sing ana gambar ing nduwur sakwise
tangi turu ?
2. Kapan wayahe bocah – bocah budhal sekolah ?
3. Jelasna apa sing ditindakake bocah - bocah sawise mulih sekolah ?
4. Kapan wayahe nyirami kembang?
5. Jelasna jam 9 bengi tumraping murid becike kanggo apa ?

Tujuan pembelajaran wulangan 6

Sakwise maca buku padinan, siswa bisa...
1. Ngematake isi buku padinan kanti teliti
2. Nyebutno isi buku pedinan kanthi bener
3. Jelasake isi buku Pedinan kanthi bener
4. ngevaluasi isi buku Pedinan kanti teliti
5. Moco Struktur buku Pedinan kanthi bener
6. Nulis isi buku Pedinan kanthi bener

Pawulangan 6

Ayo Maca

Gatekno wacan buku padinan ing ngisor iki !

Saiki Rabu , 8 Desember2021.
Susi tangi luwih esuk.
Amarga wayahe piket kelas.
Susi janjian karo Siti budhal sekolah bareng.
Sawise tekan sekolahan. Endah lan kanca-kancane
ngedum tugas piket.
Susi kebagiyan nata meja guru. Siti nyulaki cendhela.
Adi ngresiki sawang . Roni nyulaki buku.
Kabeh padha nindhakake tugase kanthi tanggung
jawab. Kelas katon resik lan rapi

Kelas katonresik lan rapi.

Ayo Gegladhen

 Jangkepana ukara ing ngisor iki miturut wacana ing dhuwur !
Saiki dina........................................................., 8 Desember
2021. Susi tangi luwih........................................................
amarga ................................ piket kelas. Susi janjian karo
Siti.........................................bareng . sawise tekan sekolahan,
Endah lan kanca-kancane ............................ tugas piket. Susi
kebagiyan .................. siti nyulaki ........................... Adi
........................... Roni .......................... buku. Kabeh padha
nindakake tugase kanthi.......................... kelas
katon............................

Ringkesan Materi

Cathetan ana dhuwur iku diarani buku harian ( buku
padinan). Isine apa bae sing dialami lan dilakoni saben
dinane. Buku harian utawa cathetan padinan
nggambarake kegiatan apa wae sing dilakoni saben dina.
Ing njerone buku padinan dicathet prastawa sing paling
wigati. Bisa prastawa kang nyenengake utawa nyedihake.
Uga ditulis dina, lan kepriye kedadeane

Tes formatif

Ayo nulis cathetan padinan ing kothak sing cumawis banjur wacanen
ing ngarep kelas !

.........................................................................................................................
.........................................................................................................................
.........................................................................................................................
.........................................................................................................................
.........................................................................................................................
.........................................................................................................................

........................................................................................................................

Tes Sumatif Pawulangan 3

A. Pilihen wangsulan kang bener kanthi menehi tandha silang
( x ) ing huruf A, B, utawa C !

1. Gambar iku nyritakake ....
A . Bocah – bocah lagi ngresiki kelas

B. Bocah – bocah lagi ngresiki latar

C. Bocah – bocah lagi ngresiki pekarangan

2.
Ukara sing cocok karo gambar iku ....
A . Wildan lagi dolanan
B. Wildan lagi sinau
C. Wildan lagi ngresiki kaca

3. Perangane buku cathetan padinan iku kudu ana ...
A. dina lan tanggal kedadeyan , sing nulis .prastawa kang wigati.
B. gambar lan crita kepriye kedadeyane , sing nulis
C. waktu kedadeyane, sing nulis

4. Buku cathetan padinan iku isine ...
A. prastawa sing paling wigati
B. prastawa sing biasa – biasa wae
C. prastawa sing nrenyuhake

5. Yen nglaksanakake kewajiban iku kudu ....
A. ngresula
B. sedih
C. tanggung jawab

6. Yen nulis buku cathetan padinan nganggo basa sing ...
A. kasar
B. sopan
C. saru

7. Penggawean yen ditandangi bebarengan bisa ...
A. cepet rampung
B. ora rampung
C. suwe rampung

8. Taman kang resik katon ...
A. lusuh lan asri
B. gersang lan asri
C. endah lan asri

9. Rukun agawe...
A. rusak
B. santosa
C. bubrah

10 . Crah agawe ...
A. kuat
B. santosa
C. bubrah

WULANGAN 4
TEMBANG
DOLANAN

Peta Konsep Modul Wulangan 4

Pawulangan 1 1. Ngematake gambar kegiatan sabendina
2. Nyebutake piranti sing ono ing gambar
3. Nerangake isi gambar
4. Nyimpulake isi gambar
5. Ngerembugake isine gambar

Pawulangan 2 4. Ngamatake isi wacana ’’Ngopeni kewan lan
tanduran’’

2. Nyebutake tembung-tembung angel sing ana ing
wacana”Ngopeni Kewan lan Tanduran”

3. Nerangake tegesipun tembung-tembung angel sing
ana in wacanadalam teks ”Ngopeni Kewan lan
Tanduran”

4. Maca banter wacana ”Ngopeni Kewan lan Tanduran ”

5.Dicritakake isi wacana nganggo basane dewe

Pawulangan 3 1. Ngamatake isi tembang dolananGajah-gajah,
tikus buntung

2.Nyebutake tembung-tembung angel sing ana
ing tembang dolanan “Gajah-gajah lan tikus
buntung”

3. Nerangake tegesipun tembung-tembung angel
sing ana ing tembang dolanan “gajah-gajahlan
tikus buntung”

4. Maca banter wacana in tembang dolanan
“Gajah-gajahlan tikus buntung”

5. Menirukan tembang dolananGajah-gajah,
tikus buntung.

6. Nembangake tembang dolanan “lan tikus
buntung”

Pawulangan 4 1. Ngematke isi tembang dolanan “Gajah Belang


d25.o. lNayneabnu‘t’kGeaujakharBaeslianngga‘n’ gel ing tembang

3. Jelaske ukara sing angel ing tembang dolanan
‘’ Gajah Belang ‘’

4. Maca nyaring tembang dolanan ‘’ Gajah Belang
‘’
2. Jelaske geguritan
5. Nirukake tembang dolanan ‘’ Gajah Belang ‘’

6. Ngelafalke tembang dolanan ‘’ Gajah Belang ‘’
kanthi bener .

Pawulangan 5 1. Ngematke isi tembang dolanan “Kucingku
Telu,dan Jago Kluruk,”

2.Nyebutke ukara sing angel ing tembang dolanan
“Kucingku Telu,dan Jago Kluruk,”

3. Jelaske ukara sing angel ing tembang dolanan
“Kucingku Telu,dan Jago Kluruk,”

4. Maca nyaring tembang dolanan “Kucingku
Telu,dan Jago Kluruk,”

5. Nirukake tembang dolanan “Kucingku Telu,dan
Jago Kluruk,”

6. Ngafalake tembang dolanan “Kucingku Telu,dan
Jago Kluruk,”

Pawulangan 6 1.Ngematke isi tembang dolanan “Ayo Kanca /
Gethuk”

2. Nyebutke isi tembang dolanan “Ayo Kanca /
Gethuk”

3. Jelaske isi tembang dolanan “Ayo Kanca /
Gethuk”

4. Maca nyaring tembang dolanan “Ayo Kanca /
Gethuk”

5. Nirukake tembang dolanan “Ayo Kanca / Gethuk”

6. Melafalkan tembang dolanan “Ayo Kanca /
Gethuk”.

Pawulangan 1

Ayo gatekna gambar

Ayo gegladhen !
1. Terangno isi gambar ing dhuwur !

Ringkesan Materi

Manungsa , tanduran, lan kewan iku asil ciptaane Gusti Kang Maha
Agung. Tanduran lan kewan diciptakake kanggo nyukupi kebutuhane
manungsa

Tes Formatif
1. Gambar apa kang ana ing dhuwur ?
2. Tanduran apa bae kang katon ana ing gambar ?
3. Sapa sing nyiptakake kabeh mau ?

Tujuan Pembelajaran

Sakwise ngamatakePwaawcuanlaan, gsiaswna2bisa :

1. Nyebutake tembung-tembung angel
2. Nerangake tegesipun tembung-tembung angel
3. Maca banter wacana
4. Nyritakake nganggo basane dewe

Ayo wacanen teks!

Ayo Gegladhen !
1. Tulisno tembung-tembung angel sing ana ing wacana dhuwur !
Open-open : memelihara
Lelagon : lagu
Gegayutan : tentang
Diribta : dibuat
Kejaba : kecuali

2. Ceritakake wacana ing dhuwur nganggo basamu dewe !

Ringkesan Materi

Tes Formatif
1. Sebutno contone lelagon sing ana gegayutane karo kesenengan

ngopeni kewan !

2. Sebutno contone lelagon sing ana gegayutane karo kesenengan
ngopeni tetuwuhan !

Tujuan Pembelajaran

Sakwise ngamatake tembang dolanan “kidang talun lan
tikus buntung”, siswa bisa :

1. Nyebutake tembung-tembung angel sing ana ing
tembang dolanan kidang talun, tikus buntung

2. Nerangake tegesipun tembung-tembung angel sing
ana ing tembang dolanan kidang talun, tikus buntung

3. Maca banter wacana tembang dolanan kidang talun,
tikus buntung

4. Menirukan tembang dolanan kidang talun, tikus
buntung

5. Nembangake tembang dolanan “kidang talun lan tikus
buntung”

Pawulangan 3

Ayo Ngamatake !

Gajah- Gajah
Gajah – Gajah
Kowe tak kandhani jah
Mata kaya laron
Siyung loro kuping gedhe
Kathing nganggo tlale
Buntut cilik tansah kopat kapit
Sikil kaya bumbung
Awak kaya lesung
Yen lumaku megal-megol

Tikus Buntung
Tikus buntung
Nduwe anak buntung
Cicit cuwit cicit cuwit
Si tikus sopo neng lumbung

Ayo Gegladhen !

1. Wacanen lelagon dolanan ing dhuwur, banjur tulisno tembung-
tembung angel sing ana ing wacana dhuwur !

2. Gatekna lelagon dolanan ing dhuwur , banjur tembangno !

Tes fomatif

Terangna tegese tembung ing ngisor iki !

1. Tak kandhani = ..........................................................
2. Gedhe = .................................................................
3. Nganggo = ..................................................................
4. Megal-megol = ..................................................................

Pawulangan 4
Tembang dolanan

Sakwise ngematake teks tembang dolanan, siswa bisa :
1.Ngematake isi tembang dolanan “Gajah Belang “
2.Nyebutake ukara sing angel ing tembang dolanan ‘’ Gajah

Belang ‘’
3.Jelasake ukara sing angel ing tembang dolanan ‘’Gajah

Belang‘’
4. Maca nyaring tembang dolanan ‘’ Gajah Belang ‘’
5. Nirukake tembang dolanan ‘’ Gajah Belang ‘’
6. Ngelafalake tembang dolanan “Gajah Belang” kanthi bener

Ayo ngematake tembang
dolanan

Gajah Belang
Gajah belang
Duwe anak, belang
Nuk renggunuk, nuk renggunuk
Gedhene meh padha gunung.

Ayo Gegladhen!
Gatekno tembang dolanan ing nduwur! Jawaben pitakonan ing ngisor iki!
1. Tulisen ukara angel sing ana ing tembang dolanan “Gajah Belang”

2. Jelasake ukara angel sing ana ing tembang dolanan “Gajah Belang”
a. Belang =
b. Nuk-renggunuk =

Tes Formatif

Isenono tembung pitakon ing ngisor iki !
1. Tegese Belang ..............................................................
2. Gajah belang, duwe anak ............................... ............
3. Nuk renggunuk nuk renggunuk.......meh padha gunung
a. Belang
b. Gedhene
c. loreng

Pawulangan 5
Tembang Dolanan

Sakwise ngematake teks tembang dolanan, siswa bisa :
1. Ngematake isi tembang dolanan “Kucingku Telu “
2. Nyebutake ukara sing angel ing tembang dolanan
“Kucingku Telu”
3. Jelasake ukara sing angel ing tembang dolanan
“Kucingku Telu”
4. Maca nyaring tembang dolanan “Kucingku Telu”
5. Nirukake tembang dolanan “Kucingku Telu ”
6. Ngelafalake tembang dolanan “Kucingku Telu” kanthi
bener

Ayo ngematake tembang dolanan

Kucingku Telu
Kucingku telu
Kabeh lemu-lemu
Sing siji abang
Sing loro klawu
Meong-meong
Tak pakani lontong
Adhiku seneng
Kancaku dhomblong

Ayo Gegladhen !
Gatekno tembang dolanan ing nduwur! Jawaben pitakonan ing
ngisor iki!

1. Critake isi tembang dolanan “Kucingku Telu

Tes Formatif
Ceceg-ceceg ing ngisor iki rampungna manut teks tembang
dolananan sing wis kowaca!

Kucingku ........
Kabeh lemu-lemu
Sing ...... abang

Sing loro klawu
Meong-meong
Tak ....... lontong

Pawulangan 6

Tembang Dolanan

Sakwise ngematake teks tembang dolanan, siswa bisa :
1. Ngematake isi tembang dolanan “Cublak-cublak
Suweng”
2. Nyebutake ukara sing angel ing tembang
dolanan “Cublak-cublak Suweng”
3. Jelasake ukara sing angel ing tembang dolanan
“Cublak-cublak Suweng”
4. Maca nyaring tembang dolanan “Cublak-cublak
Suweng”
5. Nirukake tembang dolanan “Cublak-cublak
Suweng”
6. Ngelafalake tembang dolanan “Cublak-cublak
Suweng”
7.

Ayo ngematake tembang dolanan

Cublak-cublak suweng

Cublak-cublak suweng

Suwenge ting gelenter

Mambu ketundung gudhel

Pa empong lerak-lerek

Sopo ngguyu ndelekake

Sir-sir pong dele kopong

Sir-sir pong dele kopong

Ringkasan Materi

Makna tembang dolanan Cublak-cublak suweng
Tembang iki ngajarake supaya aja nuruti hawa nafsu.

Aja nduwe ati ala supaya uripe ayem.
Contone hormat marang wong tua, lan rukun karo kanca.

Ayo Gegladhen !

1. Golekono ukara angel sing ana ing tembang dolanan Cublak-
cublak suweng !

Tes Formatif !
Apa tegese tembung ing ngisor iki ! banjur gawenen ukara !

a. Suweng = .............................................
b. Lera-lere = ...........................................

Tes Sumatif !

1. Sing kalebu lelagon dolanan sing ana gegayutane karo kewan

yaiku . . .

a. Gajah- Gajah b. Witing klapa c. Kembang jagung

2. Sing kalebu lelagon dolanan sing ana gegayutane karo tetuwuhan

yaiku . . .

a. Gajah- Gajah b. Witing klapa c. Tikus Buntung
3. Tegese tembung “ Tlale ‘’ yaiku . . .

a. Buntut b. Kaki c. Belalai

4. Kewan sing dicritakake ing Lagu “ Tikus Buntung” yaiku . . .

a. gajah b. Tikus c. Sapi

5. Lelagon dolanan kuwi lumrahe dilagokake dening bocah-bocah

sinambi . . .

a. dolanan b. Sinau c. Mangan

6. “ Kucingku Telu’’ iku kalebu salah sijine . . .

a. crita rakyat b. Dolanan c. Tembang

dolanan
7. Tembang dolanan “ Cublak – cublak suweng” kuwi isine pitutur

supaya bocah kuwi kudu . . .

a. hormat marang wong tuwa b. Golek dunyo c. Sombong

8. Tembang dolanan iku isine kebak . . .

a. larangan b. Dolanan c. Piwulang

9. Lelagon dolanan kuwi umume dilagokake dening . . .

a. wong tuwa b. Para mudha c. Bocah-bocah

10. Isine lelagon dolanan kuwi kena kanggo . . .

a. tuntunan b. Guyonan c. Lok-lokan

TIM PENYUSUN MODUL BAHASA JAWA KELAS II SEMESTER II
DINAS PENDIDIKAN KABUPATEN PROBOLINGGO
TAHUN PELAJARAN 2021 – 2022

1. SISARTI, S.Pd, M.Pd SDN TANJUNGREJO I TONGAS
2. DEWI WULANDARI, S.Pd
3. NOVIANA ANGGRAINI SDN BAYEMAN II TONGAS
4. HENI FITRIA HANDAYANI
5. FITRIYAH RAHMAWATI,S.Pd.SD SDN TUKUL II SUMBER
6. SUPIANI, S.Pd
7. AMBAR SUSANTI, S.Pd SDN LECES III LECES
8. SITI MAIMUNAH, S.Pd
9. DIAH MULTI ANJANI, S.Sn SDN WONOASRI III KURIPAN
10. NUNING WANDRININGSIH , S.Pd
SDN SUMBERBULU II TEGALSIWALAN

SDN LEMAH KEMBAR SUMBERASIH

SDN SUKODADI I PAITON

SDN KRUCIL I KRUCIL

SDN BANJARSARI I SUMBERASIH


Click to View FlipBook Version