BAHASA JAWA
BAHAN AJAR
SANDIWARA
JAWA
KELAS IX
SEMESTER GENAP
DENING :
DWI NURFITA
A. KOMPETENSI INTI
Memahami dan menerapkan pengetahuan
(faktual, konseptual, dan prosedural)
berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu
pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait
dengan fenomena dan kejadian nyata
B. KOMPETENSI DASAR
3.4 Menganalisis sandiwara tradisional jawa
4.4 Mengkritik isi teks cerita kethoprak
C. INDIKATOR PENCAPAIAN
KOMPETENSI
3.4.1 Menelaah isi cerita sandiwara jawa
/kethoprak (C4)
4.4.1 Menilai cerita sandiwara
jawa/kethoprak
D. ANCAS PASINAON
1. Sawise maca teks wacan sandiwara
jawa ing pdf, siswa bisa nelaah isi carita
sandiwara jawa/kethoprak
2. Sawise nyemak video sandiwara
jawa/kethoprak, siswa bisa menilai
cerita sandiwara jawa/kethoprak
sandiwara jawa/kethoprak.
E. PANDOM PASINAON
Sadurunge mlebu ing materi pasinaon, luwih
becik para siswa mangerti pandom pasinaon
iki. Ing ngisor iki bab-bab kang kudu
digatekake :
1. Para siswa maca pandom pasinaon ing
materi iki. Upamane arupa kompetensi dasar,
indikator pencapaian kompetensi, lan ancas
pasinaon
2. Menawa anggone sinau ana kang ora
dimangerti bisa nyuwun pirsa marang guru
3. Para siswa bisa gladhen soal ing bagean
gladhen. KKMipun menika 70
4. Menawa bijine isih kurang saka KKM, coba
gladhen maneh materi iki
MATERI AJAR
Masyarakat Jawa kondhang kaloka ing babagan seni
budayane kang adiluhung. Kesenian Jawa kang
sumebar ing masyarakat iku maneka warna, kaya ta
ludruk, kethoprak, wayang wong, lan maneka warna
jinis tarian.Nah saiki, apa sih kang diarani kethoprak
iku? Ayo sinau bareng-bareng ana ing materi ajar iki.
TEGESE SANDIWARA JAWA/KETHOPRAK
Sandiwara Jawa utawa kang biasa dikenal
Kethoprak yaiku salah sijine jinis pagelaran kang
asale saka Jawa. Jroning pagelaran kethoprak,
sandiwara kang diselingi tembang-tembang Jawa
kanthi iringan gamelan kasuguhake. Kesenian iki
sanajan wis ninggal jaman kencana rukmine,
nanging isih bisa kita temoni ing satengahe
masyarakat. Diarani seni tradhisional amarga
nggelar crita jaman biyen, kairing musik
tradhisional wujud gamelan sarta tetembangan,
migunakake basa Jawa lan busana klasik nut jaman
kelakone carita sing digelar.
SUJARAH SANDIWARA
JAWA/KETHOPRAK
Kethoprak lahir watara tahun 1920 ing Solo. Ngalami
jaman kencana rukmi watara tahun 1950 ing
Ngayogyakarta Hadiningrat. Kawitane mung dadi
lelipur rakyat sanjabane kraton, nanging wusanane
uga narik kawigaten lan disenengi dening kulawarga
kraton. Crita kang diangkat maneka warna
panguripan ing bebrayan, wiwit crita ngenani
panguripan padinane warga biasa, nganti
panguripane kulawarga kraton. Ana sing macak dadi
ratu, pangeran, putri, punggawa kraton, lan sapa bae
miturut peran kang diparagakake.
BENTUK SANDIWARA
JAWA/KETHOPRAK
Crita pagelaran kethoprak akeh banget upamane :
a. Crita rakyat
b. Dongeng
c. Babad
d. Legendha
e. Sejarah
f. Adhaptasi saka nagara manca kang diowahi
nggunakake swasana Jawa lan Indonesia. Tuladhane
karya Shakespeare, Pangeran Hamlet, utawa Sampek
Eng Tay.
g. Bisa crita-crita baku,
kayata : Darma-Darmi, Warsa-Warsi, Gendana-Gendini,
Abdul Semararupi (crita Menak), Panji Asmarabangun,
Klana Sewandana (crita Panji), Andhe-andhe Lumut,
Angling Darma, Ranggalawe, Jaka Bodho, lan isih akeh
liyane.
h. Crita klangenan masyarakat
bisa arupa crita pahlawanan, paprangan, lan crita kang
nglempengake bebener. Biasane ing pungkasan crita
sing gawe bebener, tumindak jujur, lan apik antuk
kamenangan.
STRUKTUR SANDIWARA JAWA/KETHOPRAK
Struktur naskah kethoprak bisa disumurupi liwat
unsur instrinsik kang ana ing naskah. Unsur mau
dumadi saka :
1. Tema,
yaiku gagasan pokok kang dikembangake dadi crita
kang digelar ing pementasan kethoprak.
2. Alur
yaiku tata urutan lumakune crita ing naskah/
pagelaran kethoprak. Kawiwitan saka pengenalan
tokoh utamane, tuwuhing masalah kang dialami
tokoh utama, ngrembakane masalah kang saya
ngambra-ambra ndadekake critane saya muyeg,
nganti mbledhose prakara/ masalah mau minangka
klimaks-e. Wusana lagi tinemu dalan kanggo
mungkasi crita, gumantung marang urutan critane.
Sabanjure alur bisa digolongake dadi alur maju, alur
mundur, lan alur campuran.
3. Setting/ latar
yaiku gegambaran swasana lumakuning crita kang
ginelar. Dumadi saka gegambaraning panggonan,
gegambaran waktu, lan gegambaran swasana nalika
prastawa dumadi. Mula sabanjure setting kabedakake
dadi telu, yaiku: setting waktu, setting panggonan,
lan setting swasana.
4. Penokohan
yaiku nggambarake sapa sing dadi rol utawa paraga
utama, paraga panyengkuyung, sarta nggambarake
kepriye watak, lan sipate saben tokoh.
5. Amanat
yaiku pesan moral kang kinandhut ing crita utawa
pementasan kethoprak. Pesan moral iki kang
sabanjure bisa dadi tuntunan tumrap sapa bae kang
nonton.
Supaya luwih paham maneh
ngenani sandiwara
jawa/kethoprak. Ayo padha
nyemak video kang ana ing
tautan link ngisor iki
https://www.youtube.com/watc
h?v=fJN9uNDS3Lo
Kanggo mbukak wawasanmu, wacanen pethikan naskah
kethoprak ing ngisor iki!
ANDHE-ANDHE LUMUT
Dening: Ki Nano Pramudyo
Mbok Randha : Aku kok nganti bingung, jenenge
lungguh aneng panggungan seprana-seprene, saka
etungku meh ndungkap 40 dina. Aku kok ora ngerti sing
dikarepke Andhe-Andhe Lumut.
Kleting Abang : Kula nuwun!
Mbok Randha : Mangga!
Kleting Abang : Mbok napa leres mriki desa Dhadhapan
panggenanipun Baguse Andhe-Andhe Lumut?
Mbok Randha : Nggih leres kula mboke! Kersane napa?
Kleting Biru : Mbok kula ajeng nggunggah-unggahi
anak sampeyan
Mbok Randha : Semanten kathahe ajeng ngunggah-
unggahi anak kula Andhe-Andhe Lumut? Lha sampeyan
jenenge sinten?
Kleting Abang : Nami kula Kleting Abang.
Para Kleting : Ngomong jenenge dhewe-dhewe!
Mbok Randha : Sak niki sampeyan kabeh kendel rumiyin,
kula tarine anak kula.
Sabanjure Mbok Randha Dhadhapan ngadhepake siji
baka siji para kleting kanthi ura-ura: ”Putraku si Andhe-
Andhe Lumut, Tumuruna ana putri kang ngunggah-
unggahi. Putrine kang ayu rupane. Kleting ............. iku
kang dadi asmane.’’ Sawise para kleting diadhepake
marang Andhe-Andhe Lumut, pranyata kabeh ditolak
kanthi aris, mula sabanjure padha bali. Ora watara suwe
Kleting Kuning lan Kleting Ganyong thothok-thothok
lawange Mbok Randha Dhadhapan.
Kleting Kuning : Kula nuwun!
Mbok Randha : Iki ki ambune apa kok ora enak. E e e
dadi kowe sing mara nggawa bathang. Kowe ngapa
mrene ambumu ora enak! Rada adoh!
Kleting Kuning : Nami kula Kleting Kuning, Mbok!
Mbok Randha : Kowe mrene arep ngapa?
Kleting Kuning : Kula ajeng ngunggah unggahi Baguse
Andhe-Andhe Lumut.
Mbok Randha : Wong sing ayu-ayu wae padha ditampik
apa maneh kowe rupamu elek, ambumu ora enak, wis
kana bali wae!
Kleting Kuning : Kula mboten bali yen anak sampeyan
mboten ditari dhisik.
Mbok Randha : Yo daktarine anakku, muga-muga aja
gelem!
Mbok Randha marani panggonane Andha-Andhe Lumut,
banjur nembang: ”Putraku si Andhe-Andhe Lumut.
Tumuruna ana putri kang ngunggah-ungahi putrine
kang ala rupane. Kleting Kuning iku kang dadi arane.”
Andhe-Andhe Lumut : Kula tampa mbok, kula
dakmudhun, nemoni calon garwaku.
Mbok Randha : Piye to le, le! Sing ayu-ayu padha
koktampik bareng sing elek rupane isih mambu telek
malah ditampa. Simbok gela le...!
Andhe-Andhe Lumut : Mbok sakniki kula dakngomong
mbok. Sampeyan dereng ngerti, satenane kula niki
putra saking kraton Jenggala. Dene nami kula Panji
Asmara Bangun.
Mbok Randha : Allah Gustiii.... nyuwun
ngapunten. Den..., kula mboten ngertos Den!
Andhe-Andhe Lumut : Mbok, niki sejatosipun garwa kula
naminipun Dewi Sekartaji
Mbok Randha : Punika Den Ayu Sekartaji....?
Nyuwun ngapunten Den Ayu, kala wau kula degsiya
kaliyan penjenengan!
Kleting Kuning : Nggih mbok, mboten dados
punapa mbok.
Tanpa sangkan, ujug-ujug wis teka Klana Mudha
Asmara.
Klana Mudha Asmara : Kowe Andhe-Andhe Lumut, kabeh
mau aku wis ngerti!
Andhe-Andhe Lumut : Njur saiki karepmu piye?
Klana Mudha Asmara : Sekartaji tetep dakjaluk!
Andhe-Andhe Lumut : Ora bisa! Dewi Sekartaji kuwi
garwaku, yen sira nekat bebasan ngilani dhadhane Panji
Asmara Bangun!
Klana arep njotos Panji Asmara Bangun, ditamani sada
lanang dening Dewi Sekartaji, sakala Klana Mudha
Asmara kontal tiba ndhepani bumi.
Panji Asmara Bangun : Dhiajeng Sekartaji gandheng wus
rampung, Mbok
Randha dakkersakake kaboyong ing Jenggala saiki
uga, kondur ana ing Tambak Baya.
Dewi Sekartaji : Sumangga kula dherekaken!
.................
GLADHEN
Saka wacan ing nduwur, wangsulana pitakon-pitakon
ing ngisor iki!
1) Sapa paraga utama naskah kethoprak ing dhuwur?
2) Kepriye sipate paraga utama crita kasebut?
3) Sapa bae kang dadi paraga panyengkuyung ing crita?
4) Apa tujuane para kleting menyang desa Dhadhapan?
5) Apa sebab panglamare Kleting Kuning ditampa
Andhe-Andhe Lumut?
6) Sapa sejatine Klana Mudha Asmara iku?
7) Apa sebabe Klana Mudha Asmara seda?
8) Apa pitutur/ pesan moral kang bisa kita tuladhani
saka isine crita
kethoprak?
9) Sapa sejatine Andhe-Andhe Lumut lan Kleting Kuning
kuwi?
10)Kepriye pungkasane nasibe Mbok Randha
Dhadhapan?
PENILAIAN
Sawise mangerteni materi ngenani sandiwara
jawa/kethoprak, semak link video youtube ing ngisor
iki, banjur tulisen struktur sandiwara jawa/kethoprak
kanthi bener!
https://youtu.be/2DhasnHUrbs
REFLEKSI
Sawise maca materi ing dhuwur, apa kang durung
dimangerteni? Ayo materi kang during dimangerteni bisa
ditakonake marang guru. Saiki apa wae bentuk sandiwara
jawa/kethoprak?
RINGKASAN
Kethoprak yaiku salah sijine jinis pagelaran kang asaleaka
Jawa. Jroning pagelaran kethoprak, sandiwara kang
diselingi tembang-tembang Jawa kanthi iringan gamelan
kasuguhake. Kethoprak lahir watara tahun 1920 ing Solo.
Ngalami jaman kencana rukmi watara tahun 1950 ing
Ngayogyakarta Hadiningrat. Kawitane mung dadi lelipur
rakyat sanjabane kraton, nanging wusanane uga narik
kawigaten lan disenengi dening kulawarga kraton. Bentuke
sandiwara jawa akeh banget, kayata Crita rakyat, Dongeng,
Babad, Legendha. Sejarah, Adhaptasi saka nagara manca
kang diowahi nggunakake swasana Jawa lan Indonesia, Bisa
crita-crita baku. Struktur sandiwara jawa/kethoprak iku ana
Tema, Alur, Setting/Latar, Penokohan/Amanat.
KAPUSTAKAAN
Hadi, Samsul, dkk. 2015. Kirtya Basa. Jawa Timur : Dinas
Pendidikan Provinsi Jawa Timur