PUJI ARFIANINGRUM, S.PD
BAHAN AJAR
BAHASA JAWA
TEKS EKSPOSISI
ADATMANTU
2A
Teks EKSPOSISI
adat MANTU jawa
KOMPETENSI DASAR
3.5 Memahami isi teks eksposisi tentang tradisi adat mantu
4.5 Menanggapi isi dan menulis teks eksposisi tentang adat tradisi mantu
INDIKATOR PENCAPAIAN KOMPETENSI
4.5.1 Peserta didik mampu mengevaluasi ejaan yang salah pada teks eksposisi adat tradisi
midodareni dengan benar.
4.5.2 Peserta didik mampu menyusun paragrap teks eksposisi tentang adat tradisi midodareni
dengan menerapkan ejaan yang benar
4.5.3 Peserta didik mampu membuat teks eksposisi tentang adat tradisi mantu dengan menerapkan
ejaan yang benar.
TUJUAN PEMBELAJARAN
1. Setelah peserta didik membaca teks eksposisi adat midodareni, peserta didik mampu
mengevaluasi ejaan yang salah pada teks eksposisi adat midodareni dengan benar
2. Setelah peserta didik mengkritik ejaan pada teks eksposisi, peserta didik mampu menyusun
paragraf teks eksposisi tentang adat midodareni dengan menerapkan ejaan yang benar.
3. Setelah peserta didik menyusun teks eksposisi tentang adat midodareni, peserta didik mampu
membuat teks eksposisi adat tradisi mantu dengan menerapkan ejaan yang benar.
Teks Eksposisi Adat Mantu
Wacana eksposisi yaiku salah sawijining wacana kang tujuane kanggo njabarake wawasan, kanthi
njlentrehake, menehi pangerten, nerangake sawijining bab, utawa menehi informasi kanggo sing maca supaya
pamaos bisa nampa utawa nrima.
Wacana eksposisi adate digunakake kanggo mbabarake pengetahuan/ ilmu, definisi, pengertian, langkah
- langkah sawijining kagiyatan, metode, cara, lan proses dumadine sawijining prastawa utawa bab. tuladhane
upamane carane gawe sabuk saka kulit, tas kulit, carane gawe tahu lan sapanunggalane.
Ciri-ciri wacana eksposisi:
1. Arupa wacana informasi
2. Migunakake pola pengembangan umum tumuju khusus utawa saka khusus tumuju umum.
3. Momot kalimat topik
4. Momot kalimat rincian utawa penjelas
Struktur teks eksposisi:
1. Pranyatan Panyaruwe (tesis)
Babagan iki ngemot gagasan utama/ide pokok arupa gegambaran penulis ngenani sawijining prekara
2. Argumentasi
Ngandharake kanthi jlimet tesis kang dipercaya bener dening penulis kanthi cara njlentrehake fakta-fakta
minangka panjlentrehane argument saka penulis
3. Penegasan ulang
Ngemot dudutan minangka penguat saka ide kang wis dijlentrehake dening fakta-fakta ing bagian
argumentasi.
Pola pengembangan lan jenising pengembangan eksposisi ana telu yaiku:
1. Pola proses, yaiku sawijining urutan saka tumindak-tumindak kanggo nyipta utawa ngasilake asil saka
kedadeyan utawa peristiwa.
2. Pola sebab akibat, sebab tumundak pinangka gagasan utama lan akibat pinangka rincian pengembangane.
3. Pola ilustrasi, kanggo eksposisi ilustrasi iya mung kanggo ngandarake karepe penulis. Pengalaman-
pengalaman pribadi bisa dadi bahan ilustrasi kang paling efektif kanggo njlentrehake gagasan-gagasan
umum kasebut.
Urut-urutane nulis wacana eksposisi:
1. Nemtokake underaning perkara (tema)
2. Nemtokake tujuan
3. Ngumpulake data saka sumber
4. Nyusun cengkorongan (kerangka) sing cocok karo underan sing dipilih
5. Ngrembakake (mengembangkan) cengkorongan dados wacana eksposisi.
Sing kudu digatekake nalika gawe karangan eksposisi yaiku:
1. Nemtokake tema
2. Milih irah-irahan, iraha-irahan becike nganggo tembung sing becik, cekak, aos, lan narikkawigaten
sing maca
3. Basane sing becik
4. Kudu runtut (urut trep lakuning crita), yen ora runtut bisa gawe sing maca bingung, ora ngreti karep lan
isine kurang
5. Ditulis kanthi cetha, ora akeh orek-orekan
6. Antarane tema, judhul, lan isi tansah sinambungan, cocog (jumbuh)
7. Sadurunge ngarang bisa kanthi gawe cengkrongan (kerangka)
8. Cengkorongan banjur dikembangake dadi paragraf
9. Sawise dadi, karangan di tliti maneh
Trap-trapan mekarake cengkorongan dadi paragraf eksposisi
1. Nemtokake topik/tema
Yen pinuju gawe karangan apa wae jinise karangan, trap kapisan kang kudu ditindakake yaiku
nemtokake utawa milih tema. Saka tema iki mula bukane bakal mekarake dadi tulisan. Supaya ora
kangelan anggone nulis lan mekarake isi karangan, mula tema kang digarap aja kamban
jangkane/temane. Yen tema kang bakal mekarake temane kamban becike diwatesi utawa didadekake
tema-tema cekak
2. Nemtokake ancas karangan
Luwih dhsisik gawenen pola kanggo mekarake supaya katrangan bisa runtut lan sistematik. Pola
karangan eksposisi bisa kawiwitan saka kang asipat umum marang khusus utawa saka khusus marang
umum. Sabanjure nemtokakae ancase karangan. Ing kene penulis njlentrehake pokok masalah kang
kamot ing tema. Mula iku diprelokake fakta-fakta kang kudu dirakit kanthi becik supaya gampang
kawaos.
3. Nglumpukake bahan karangan
Bahan tulisan eksposisi bisa digoleki saka maneka warna sumber. Umpamane buku, majalah, layang
kabar, lan sapiturute. Panulis uga bisa entuk bahan tulisan kanthi cara wawancara. Sabanjure kanthi
nindakake pengamatan lan peninjauan langsung marang objek kang tinulis, bisa takon marang wong
kang tau nglakoni utawa nliti prastawa utawa perkara kang arep tinulis, bisa uga lumantar angket.
Tesis 4. Gawe cengkorongan/kerangka karangan
Sajroning nulis karangan, panulis prelu gawe cengkorongan tulisan, amarga sakabehe bahan kang
Argumentasi diklumpukake kudu dirinci lan dipithati kanthi premati. Bahan-bahan kang nyengkuyung tulisan wae
bisa digunakake, dene kang ora bisa dilirwakake. Ancase gawe cengkorongan karangan iki supaya
Penegasan panulis gampang mekarake isi karangan.
ulang
5. Mekarake cengkorongan dadi paragraf kang wutuh
Sawise cengkorongan karangan rampung, sabanjure mekarake dadi tulisan kang becik. Sakabehe pikiran
utama saka pikiran kang kamot sajroning cengkorongan tulisan mekarake. dadi ukara utama lan ukara
katrangan. Mesthine sajroning mekarake kudu rinakitkanthi nggatekake panulise basa Jawa kanthi becik
lan bener, sarta tandha wacankang bener.
Tuladha teks eksposisi adat mantu
Ngundhuh Mantu
Ngundhuh mantu yaiku upacara kang dilakoni khusus kanggo wong tuwa temanten lanang kanthi
cara nekakake temanten lanang lan wadon ing omahe temanten lanang. Lumrahe dianakake limang dina
sabubare ijab kabul. Tujuane kanggo ngenalke temanten lanang lan keluargane sarta wujud rasa syukur
amarga entuk mantu kang dikarepake.
Dene tatacarane adat ngundhuh mantu kaya ing ngisor iki:
1. Nyerahake putra temanten saka keluarga temanten wadon menyang keluarga temanten lanang.
Sing disiapake yaiku sindur/selendang, sangsangan kembang melati, tirta suci 2 cangkir
2. Wisudha tali dharma yaiku wong tuwa saka temanten nyanggupi yen anake wis siap mbangun
omah-omah. Tata carane mangkene: sepisan, temanten lan rombongan mlebu ing upacara kanthi iringan
Ladrang Kebo Gira. Banjur upacara diwiwiti kalawan gepyokan(nganggo sapu cilik sikile temanten
wadon disapu karo ibune temanten lanang, biasane dilancangi). Sabubare iku temanten sepasang
diwenehi ngombe banyu putih wong tuwane penganten lanang. Sinduran yaiku temanten digawekake
kain /slendang ing gegere sak kain kanggo sepasang penganten. Banjur bapake temanten lanang
nggawekne keris marang anake, yen temanten ora nganggo adat Jawa bisa dilancangi.
Upacara ngundhuh mantu yaiku upacara adat Jawa kang diuri-uri amarga upacara iki ora bisa
ditemokake ing daerah saliyane Jawa. Nanging upacara ngundhuh mantu saiki wiwit ilang amarga wong
Jawa saiki nalika anake mantenan wong tuwane ya melu iring-iring saengga upacara ngundhuh mantu
ora dilakoni alesan kakehan acara utawa repot.