BAHAN AJAR
TEKS DESKRIPSI
OMAH ADAT JAWA
Dening : Puji Arfianingrum, S.Pd 1A
1
Teks deskripsi
omah adat jawa
KOMPETENSI DASAR
3.5 Menelaah teks deskriptif tentang rumah adat Jawa.
4.5 Menanggapi dan menceritakan kembali isi teks deskriptif tentang rumah adat Jawa
INDIKATOR PENCAPAIAN KOMPETENSI
4.5.1 Peserta didik mampu melafalkan dengan membaca nyaring teks deskripsi rumah adat Jawa
dengan tepat
4.5.2 Peserta didik mampu menirukan pelafalan kalimat sesuai kaidah pelafalan yang baik
4.5.3 Peserta didik mampu menceritakan kembali teks deskripsi rumah adat Jawa dengan struktur
kalimat dan pelafalan yang tepat.
TUJUAN PEMBELAJARAN
1. Setelah peserta didik membaca teks deskripsi rumah adat Jawa, peserta didik mampu
melafalkan dengan membaca nyaring teks deskripsi rumah adat Jawa dengan tepat
2. Setelah peserta didik melafalkan teks deskripsi rumah adat Jawa, peserta didik mampu
menirukan pelafalan kalimat sesuai kaidah pelafalan yang baik
3. Setelah peserta didik menirukan bercerita teks deskripsi rumah adat Jawa , peserta didik
mampu menceritakan kembali teks deskripsi rumah adat Jawa dengan struktur kalimat dan
pelafalan yang tepat.
2
Perangan-perangan kang kudu digatekake nalika nyritakake maneh teks deskripsi omah
adat Jawa, yaiku:
1. Pocapan / Pelafalan
Ing babagan iki para siswa kudu bisa ngucapake aksara kanthi cetha. Tuladhane anggone
ngucap:
a. Ragam Vokal Basa Jawa
1) a jejeg
Diwaca a wutuh utawi jejeg menawi vocal mapan ing ngarep, tengah lan
mburi kang sipatevocal katutup (tertutup). Tuladha: adus (a ngajeng), segaku (a
tengah diwaca jejeg), wegah (a mburi tertutup konsonan)
2) a miring
Diwaca a miring utawi setengah a setengah o kados dene O. Tuladha: sega,
kanca, lara, bala, mara
3) i jejeg
Diwaca i jejeg utawi penuh i, menawa mapan ing ngarep, tengah menawa
diakhiri vocal i. Tuladha: iku (i ngarep), saiki (i tengah diakhiri i terbuka), nuli (i
mburi terbuka)
4) i miring
Diwaca i miring /setengah i setengah e, menawa mapan ing mburi kang
sipate vocal i tertutup diakhiri konsonan. Tuladha: miring, asring, garing, inggih,
(kabeh i mburi kang tertutup konsonan dwaca i miring)
5) u jejeg
diwaca u jejeg / penuh, menawa mapan ing ngarep, tengah lan mburi
menawa sifate vocal u terbuka. Tuladha : Urip, kudu, baku,
6) u miring
diwaca u miring / setengah u setengah o, menawa mapan ing mburi kang
sifate vocal u tertutup / diakhiri konsonan. Tuladha: durung, penthung, nuwun.
7) È (Taling) tuladha : lele, sate, sendok
8) É (pepet) tuladha : lemari, sepatu, masker, seneng, kesel
9) Ê (mepet) tuladha : elek, gaplek, bebek
3
Cara mbedake vocal e (taling), e (pepet), e (mepet) kuwi ora bisa dititeni
saka papane vocal kasebut, nanging gumantung tembunge lan sesambungan
tembung mau karo tembung liyane kang mapan ing sajroning ukara.
10) o jejeg
Diwaca o jejeg/ penuh, menawa mapan ing ngarep, tengah menawa jejer
loro lan mburine o terbuka, lan mburine kang sifate vocal o terbuka. Tuladha:
omah (ngarep), bojo (tengah lan mburi kang terbuka), mlinjo (mburi vocal
terbuka)
11) o miring
Diwaca o miring /boten penuh setengah o setengah a, menawa mapan ing
ngarep menawa jejer vocal o loro kang mburine tertutup, tengah menawa jejer
vocal tertutup lan o ing mburi kang sifate tertutup konsonan. Tuladha: ompong (o
ngarep menawa jejer o tertutup), bolong (tengah lan mburi tertutup), kobong.
b. Pelafalan Bahasa Jawa
1) dha, da, tha lan ta
Akeh wong kang during bisa mbedakake cara ngucapake suku kata kuwi.
Cara anggone niteni yaiku;
2) ha lan tha (Palatal/langit-langit)
Tembung menawa ana konsonan t lan d, sin
g ditututi aksara konsonan “h”, mesthi diwaca kanthi cara palatal, utawa
ilate dipedel ing langit-langit mulut. Tuladhane ; padha-padha, pendhapa, wedhi
(pasir), cetha, celathu.
3) da lan ta (Dental/Gigi)
Tembung menawa ana konsonan dt lan d kang ora ditututi aksara konsonan
“h”, mesthi diwaca kanthi cara dental utawa ilate dipedel ing untu utawa gigi.
Tuladha; durung, adus, wedi (takut), pada (bait), tetep, tatu.
Vocal mati kang unine memper/mirip
Akeh tembung kang mateni utawa konsonan akhir unine meh sami nanging
aksara konsonane beda. Tuladhane konsonan abot kados mekaten; jejeg,
mandheg, kreteg, tatag. Banjur ana uga konsonan entheng kados dene; ktetek,
pethek, lsp.
4
2. Intonasi
Munggah mudhune swara. Swarane ditrepke anggone crita. Banter/sero ne swara,
mudhun/aluse swara.
3. Kelancaran
Lancar anggone cerita. Boten terputus-putus, boten kesusu, boten rangu-rangu.
4. Kosakata / pamilihing tembung
Nggunakake kosakata/pamilihing tembung kang trep. Gampang dimangerteni wong liya.
Ora gawe makna kang ambigu. Ukarane efektif, ringkes, boten dawa lan boten dibolan-
baleni.
5. Ekspresi
Mimik muka/praupan anggone crita kudu trep. Gunakake ekspresi seneng, sedih, nesu,
lsp.
Tuladha Teks Deskripsi Omah Adat Jawa
Omah Joglo
Omah Joglo iku jinis omah tradhisional Jawa kang katon prasaja lan digunakake
minangka simbol utawa panandha status sosial saka bangsawan Jawa. Biasane omah joglo mung
diduweni wong kang sugih amarga omah joglo mbutuhake papan kang amba material kang akih
lan larang regane. Mula jaman saiki wis arang banget ditemokake omah joglo. Omah joglo
nduweni titikan yaiku payone kang dhuwur lan nduweni saka utama cacah papat (saka guru)
kang nyangga bangunan lan tumpang sari kang wujud susunan balok.
Ruangan ing omah Joglo biasane kaperang dadi limang bagian. Bagian sepisan yaiku
teras utawa pendhapa. Ruangan iki dumunung ing ngarep dewe lan duweni fungsi kanggo nampa
tamu. Ruangan iki tansah dibukak tanpa ana wates ruangan, nglambangke pribadi Jawa kang
tansah tinarbuka lan mentingke karukunan. Wujud tinarbuka uga jumbuh karo iklim lingkungan
kang tropis. Digunakake kanggo ngrembug babagan kadonyan.
Struktur bangunan pendhapa migunaake umpak kanggo alas saka, 4 saka guru (tiang
utama) duweni simbol 4 arah mata angin, lan 12 saka pengarak. Uga ana tumpang sari yaiku
susunan balik kang disangga saka guru. Biasane, tumpang sari ana ing pendhapa bangunan kang
5
disusun tingkat. Tingkatan-tingkatan iki duweni arti minangka tingkatan kanggo menyang titik
puncak. Miturut kapitayane wong Jawa, tingkatan-tingkatan iki bakal dadi siji ing siji titik.
Bagian kang angka lara yaiku pringgitan. Ing jaman biyen digunakake kanggo nggelar
wayang kulit (ringgit wacucal) utawa upacara tradhisional liyane. Ruangan iki nduweni
pralambang menawa manungsa iku nduweni kuwajiban nguri-uri lan ngrembakakake seni lan
budaya.
Bagian kang kaping telu yaiku dalem agung. Minangka perangan paing baku ana ing
omah joglo. Wujude tinutup tembok ing patang sisine, amarga perangan iki digunakake kanggo
rembugan kulawarga kang asipat privasi. Perangan iki nuduhake menawa manungsa iku kudu
bisa njaga kawibawane kulawarga, ora kena martakake kahanan kulawarga marang wong liya.
Menawa ananprakara kudu dirembug kanthi musawarah. Fungsi utamane kanggo ruang keluarga.
Krobongan utawa senthong minangka perangan omah joglo kang angka papat. Gunane
kanggo ngaso utawa sare kanggo sing nduwe omah. Mula ing ruangan iki dikantheni dhipan,
kasur, bantal, guling. Kejaba kuwi uga kanggo nyimpen maneka wujud pusaka lan piranti aji
liyane. Sakliyane iku uga kanggo ngibadah sing nduwe omah. Ruangan iki nuduhake yen
manungsa iku kudu tansah eling marang Gusti Kang Maha Kuwasa.
Ruangan kang pungkasan yaiku gandhok utawa pawon. Papane ana ing mburi dhewe.
Digunakake kanggo masak lan kamar mandi. Sanajan katon prasaja, perangan iki uga kalebu
perangan kang asipat pribadi lan duwe nilai kang luhur. Dipapanake ana ing mburi dhewe supaya
wong liya ora ngerti nalika sing nduwe omah reresik dhiri. Bab iki nuduhake lamun manungsa
iku duwe sipat gemi, setiti, ngati-ati lan tansah njaga kapribadhene kang siningit (tersembunyi)
6