The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

eni bathik sawijining kabudhayan
kang adiluhung ing Indonesia
sing diwarisake turuntumurun wiwit jaman biyen. Mula bukane bathik ngrembaka ing jeron tembok kraton kira-kira awal Krajan Majapahit lan terus mekar nganti krajan-krajan sateruse. Seni bathik ngrembaka ing Indonesia lan mligine pulo Jawa ing pungkasane abad 18 utawa wiwitan abad 19, satemah seni bathik ngliwati wektu sing cukup dawa ing pulo Jawa lan luwih wigati maneh ing Ngayogyakarta.

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by ngudiilmuw4, 2025-12-07 22:36:11

Djaka Lodang No 20- 15 OKT 2022 Kraton : Pambathikan ing Kraton Ngayogyakarta

eni bathik sawijining kabudhayan
kang adiluhung ing Indonesia
sing diwarisake turuntumurun wiwit jaman biyen. Mula bukane bathik ngrembaka ing jeron tembok kraton kira-kira awal Krajan Majapahit lan terus mekar nganti krajan-krajan sateruse. Seni bathik ngrembaka ing Indonesia lan mligine pulo Jawa ing pungkasane abad 18 utawa wiwitan abad 19, satemah seni bathik ngliwati wektu sing cukup dawa ing pulo Jawa lan luwih wigati maneh ing Ngayogyakarta.

Djaka Lodang No. 20v 15/10/2022 Setu Wage, 19 Mulud 1956 Ehe 51Nanging uni lan anthuke Siti dikira nyanggupi panjaluke wong Jerman. Mula dheweke banjur nggenahake, menawa ukarane mau isih kanggo mangsuli pitakone Marsono.“Piye saguh apa ora sampeyan nggenepi?” tantang tantinge Marsono marang Siti.“Aku ora duwe tepungan sing sesambungan karo ngono kuwi je!” tanggape.“Coba genahna, karepe arep piye!” pitakone marang Siti. Sing dikongkon, uga banjur caturan karo sing miterang. Sadurunge mangsuli pitakone Siti, Wong Jerman sing lanang nuli tilpunan nganggo tilpune penginapan. Embuh karo sapa. Bareng nggone tilpun wus rampung banjur kandha marang Siti lan Marsono. Isine rembugan, menawa sasi ngarep ngepasi malem minggu pungkasan dheweke lan kanca mlanconge cacah sepuluh pengin nanggap musike. Manggone neng penginepan kuwi. Panjaluke kanthi instrumen keroncong sing jangkep. Dene lagu-lagune, dudu lagu Indonesia, nanging lelagon manca. Kandhane, yen pancen saguh dheweke dikongkon pirembugan karo pihak penginapan, ngenani prabeyane. Menawa krenahe wong Jerman dituruti, malah cah loro arep diwenehi uang muka, saka pehak penginapan. Awit, wiwit sesuk awan jam loro wong Jerman isih arep dolan menyang Denpasar lawase rong minggu.“Piye, Mas Marsono? Saguh ora?” tantinge Siti.Nalika disemayani anggone mangsuli sesuk-esuk wong Jerman sarujuk. Sarujuke, dhekne bisa nampa alesane sing mojar, menawa kudu golek silihan alat saparagane pisan. Yen perkara vokalise, arep diayahi Marsono lan Siti.Rembugan sateruse dibacutake prabeyane pisan karo pihak penginepan. Merga yen kudu golek sewan cello, bass lan biola, saparagane, mesthine dhuwite uga muni. Mula sing ditanggap nawakake rega. Sing ditawani ora nulak. Malah wong Jerman mojar, njaluk palilah, menawa kanca-kancane mengko oleh nyanyi, arep dibonusi, opahopahane. Petung wis dianggep rampung lan sajak padha mareme. Sadurunge ninggalake papan kuwi, Marsono pengin poto bareng karo sing arep nanggap. Kejaba kuwi uga njaluk potone wong Jerman sing ijen. Pepenginane keturutan, motrete sing bareng wong bule, diayahi dening karyawan penginepan, nganggo pirantine wong Jerman. Nganggo piranti poto sing sanalika wis dadi, asile diwenehake Marsono. Ora lali, Marsono mojar maturnuwun, ancase kanggo pangeling-eling, yen nate srawung karo wong manca, nalika mranto neng Yogja.Wiwit dina kuwi, Marsono ngulir budi, murih piye bisane nglegani tamu mau. Etunge, kapetung kena dipercaya, awit petunge wis nggandheng pihak penginapan. Siti sing luwih pana papan-papan wigati ana Yogja, ndunungake papan persewaan lan papan latihan musik. Nanging dhekne durung nate srawung. Marsono, anane mung manut apa jare Siti. Kaya dituntun Malaikat wae, bocah loro nemokake papan sing digoleki. Arane Studio Musik “HARMONI”. Studio kuwi nyawisake piranti musik elektrik uga akustik. Mula, pas banget karo apa sing dijangka. Mapane ana sacedhake Setasiun Sepur Lempuyangan. Neng papan kuwi, pihak studio mesisan wis nyepaki pelatih yen dibutuhake. Prasasat kaya tumbu oleh tutup.Sing digeret Marsono, kanca kenalane sing wis bisa nabuh alat musik, klebu Anwar lan Supari kanca bregada saka Madiun, sing asli Trenggalek. Anggone gladhi kaya ora nemoni pepalang lan kangelan, sanajan irama sing dijupuk wis arang-arang keprungu neng tauntaun kuwi, mligine kaum kanoman.Gegladhene, mung diadani wanci bengi. Iki ana ancas, supaya anggone golek ijasah lan luru rupiyah wanci awan, ora kerepyan. Anggone milih lagu-lagu njaluk pituduh pelatihe, sing pana marang lagu-lagu manca. Babagan iki uga ora akeh nemoni kangelan. Dhasar pancen sing gladhi wong sekolah kesenian, dadi ora mrangguli ribet kang teges.Wanci-wanci sasuwene gladhen nyiapake pakaryan anyar arupa nyanyi lagu manca neng ngarepe touris, Marsono saya arang anggone glidhig bareng Siti. Yen awan sing diugemi Marsono anggone nggambar, kanggo nyawisake pameran taunan maneh. Sing disiapake kanggo pameran iki, kejaba nglukis arupa pemandhangan alam uga nglukis potrete wong-wong sing kaloka. Kanggo ngilangi rasa walehe nglukis potrete tokoh kaloka, dhekane nyoba nggambar potret cewek, sing digawa saka penginepan kawuri. Yakuwi, potrete cewek Jerman sing arep nanggap paguyubane. Nalika nggethu ngoserake cete neng kanvas, kedadak atine kasendhul kangene marang Sumiati, sing wis sawetara wulan ora teka layange balesan. [ana candhake]IjasahSambunge kaca 2Kanggo ngilangi rasa walehe nglukis potrete tokoh kaloka, dhekane nyoba nggambar potret cewek, sing digawa saka penginepan kawuri.


52 Djaka Lodang No. 20v 15/10/2022 Setu Wage, 19 Mulud 1956 EheMawrat crita saking penulis cacah 51Kandel buku 200 kaca Regi Rp. 75.000,- Amargi kababar winates sumangga ingkang kasdu saha remen dhateng crita jagading lelembut enggal pesen dhateng Redaksi Djaka Lodang Jalan Patehan Tengah No. 29 Yogyakarta Telp. (0274) 372950 WA. 087838224646Nyarengi Tanggap Warsa Djaka Lodang Kaping – 51 Tanggal 01 Juni 2022KababarANTOLOGI JAGADING LELEMBUTDjaka Lodang 1991-1994


Click to View FlipBook Version