The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by DWI MULYASIH, 2023-12-04 23:41:57

BAHAN AJAR UNGGAH-UNGGUH DWI MULYASIH

BAHAN AJAR UNGGAH-UNGGUH DWI MULYASIH

BAHAN AJAR UNGGAH-UNGGUH BASA BAHASA JAWA KELAS X / SEMESTER GASAL Dening: Dwi Mulyasih, SP.d


LEMBAR PENGESAHAN Bahan Ajar ini dibuat oleh: Nama : Dwi Mulyasih, S.Pd NIM : 23100860099 Mahasiswa PPG : Universitas Negeri Yogyakarta Dan digunakan untuk bahan ajar pada: Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Materi : Unggah-ungguh Basa Jawa Kelas : XI Sekolah : SMKS Al Falah Moga Pemalang Mengetahui, Kepala Sekolah Drs. Rujito DW Moga, 4 Desember 2023 Penyusun, Dwi Mulyasih, S.Pd


BAHAN AJAR UNGGAH-UNGGUH BASA A. Identitas Nama Sekolah : SMK Al Falah Moga Kelas : X/ Gasal Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Materi : Unggah-Ungguh Basa B. Kompetensi Awal Menelaah penggunaan bahasa Jawa dengan kaidah kebahasaan (paramasastra) dan unggah-ungguh basa C. Capaian Pembelajaran Elemen Menyimak Peserta didik mampu mengidentifikasi penggunaan Bahasa Jawa sesuai dengan kaidah kebahasaan (paramasastra) dan unggah-ungguh basa untuk berbagai tujuan secara logis, kritis dan kreatif. D. Indikator 1. Menganalisis undha usuking basa yangdigunakan dalam teks percakapan (HOTS C4). 2. Menyimpulkan penggunaan unggah-ungguh tumrap undha usuking basa dalam teks percakapan (HOTS C5) 3. Membuat teks percakapan sederhana sesuai kaidah undha usuking basa(HOTS P5) 4. Mempraktekan teks percakapan yangtelah dibuat. (HOTS P 3) E. Tujuan Pembelajaran 1. Melalui model pembelajaran problem based learning, mampu menganalisis undha-usuking basa yang digunakan dalam teks percakapan dengan tepat. (HOTS C4) 2. Melalui model pembelajaran problem based learning peserta didik mampu mengklasifisikasikan penggunaan unggah- ungguh tumrap undha usuking basa dalam teks percakapan dengan cermat dan kritis (HOTS C5) 3. Melalui model pembelajaran problem based learning peserta didik membuat teks percakapan sederhana sesuai kaidah undha usuking basa dengan baik dan kreatif (HOTS P3). 4. Melalui model pembelajaran problem based learning peserta didik mampu mempraktekan teks percakapan yang telah dibuat dengan penuh tangguh jawab dan percaya diri (HOTS P3). F. Dimensi Pengetahuan Faktual : Video percakapan dan teks Pacelathon Konseptual : Pengertian undha-usuk basa, penerapan Unggah-ungguh basa Prosedural : Langkah-langkah dalam menyusun teks dialog berbahasa Jawa dengan menerapkan unggah-ungguh bahasa Jawa sesuai dengan konteks.


Metakognitif : Keterkaitan nilai unggah-ungguh dalam kehidupan sehari-hari saat ini, menyusun naskah teks dialog menggunakan unggah-ungguh yang sesuai Konteks Pitedah Pasinaon : 1. Kawaosa kanthi premati materi unggah-ungguh ing bahan ajar 2. Kadamela ringkesan materi/gladhen ing LKPD saking andharan materi unggah-ungguh menika. 3. Para siswa nindhakaken dhawuh guru gegayutanipun kaliyan menika. tugas. FASE 1 : ORIENTASI PADA PESERTA DIDIK Materi Faktual Para siswa, ing pepanggihan menika badhe karembag pasinaonan bab Unggah-Ungguh Basa. Sinten ingkang mangertos, menapa ingkang dipunwastani unggah-ungguh basa lan undhausuk basa? Unggah-ungguh basa menika wigati sanget ing gesang padintenan, pramila mangga sareng-sareng dipunsinau. Cobi samenika tuladha film pendek ingkang ngandhut unggah-ungguh dipunsemak sesarengan ing link, mangga para siswa sami ningali video menika https://www.youtube.com/watch?v=E717D4WLifY FASE 2 : MENGORGANISASIKAN PESERTA DIDIK Materi konseptual Para siswa sumangga dipunsinau sesarengan bab unggah-ungguh menika :


RAGAM BASA JAWA NGOKO KRAMA Ngoko Lugu Ngoko Alus Krama Lugu Krama Alus Materi Unggah-ungguh Basa Pangertosan Unggah-Ungguh Unggah-ungguh inggih menika tata-pranataning basa miturut lenggahing tata krama. Unggah-ungguh ugi saged dipunwastani undha usuking basa (tingkataning basa adhedhasar anggenipun ngginakaken). Basa mujudaken salah satunggaling ingkang sipatipun universal, tegesipun saben bangsa mesthinipun nggadhahi basa minangka sarana kominukasi, ancasipun komunikasi inggih punika kangge medharaken ide, gagasan, rasa-pangrasa, panemu, pamawas, utawi tumrap tiyang ingkang dipunajak gineman.. salebetipun ngginakaken basa kanthi lesan kedah wonten ingkang gineman saha ingkang dipunajak gineman utawi ingkang mirengaken. Nanging kadang kala ugi wonten ingkang ngendika piyambak salebetipun ati utawi ngudarasa. Budaya Jawa menika ngajaraken babagan tata karama utawi unggah-ungguh. Wonten tigang tembung ingkang samboten-mbotenipun kedah dipunkulinakaken diupunucapaken, inngih punika : 1. Nuwun sewu 2. Nyuwun tulung, lan 3. Maturnuwun Tuladhanipun : 1. Nuwun sewu, ndherek langkung 2. Nuwun sewu, kepareng atur 3. Nyuwun tulung, lawangipun dipuntutup 4. Nyuwun tulung, mangke dipunentasaken kumbahanipun 5. Nyuwun pangapunten, kesupen mbekta barangipun 6. Nyuwun pangapunten, sampun ngganggu wekdalipun Supados satunggaling tiyang anggenipun micara/gineman selaras kaliyan unggah-ungguhipun kedah nggatosaken:


1. Sinten ingkang gineman (ngrumaosi pribadinipun ingkang gineman) 2. Sinten ingkang dipunajak gineman. Sinten uatawi menapa ingkang dipunginemaken. 3. Wekdalipun rikala gineman 4. Papanipun rikala gineman Swasana rikala gineman. FASE 3 : MEMBIMBING PENYELIDIKAN INDIVIDU MAUPUN KELOMPOK Materi Prosedural Para siswa sasampunipun mangertosi bab pangertosan unggah-ungguh, sumangga dipunsinau kanthi kelompok materi ing ngandhap punika ingkang badhe ngandharaken bab cak-cakaning unggah-ungguh. Wondene caranipun prayogi saged nglenggahaken dhiri pribadi, lembah-manah, andhap-asor, saha pinter ngurmati tiyang sanes. Tumrap unggah-ungguh basa, prakawis ingkang kalebet wigatos inggih menika cak-tumindakipun ngurmati tiyang sanes, amargi kanthi tansah mulat sawatawis pepenget inggih antawaisipun : Faktor umur Faktor peprenahan Faktor drajat pangkat Faktor drajat semat Faktor trah 1. Faktor Umum Tuladhanipun Lare alit ngurmati lare ingkang langkung ageng Tiyang enem ngurmati tiyang ingkang langkung sepuh 2. Faktor prepenah Wosipun tiyang kaprenah enem, ngurmati tiyang ingkang langkung sepuh Tuladhanipun : a. Adhi ngurmati kakang utawi mbakyu b. Anak ngurmati Bapak saha ibu (tiyang sepuh) c. Putu ngurmati embah d. Ponakan ngurmati paman, bibi, lan sapanunggalananipun 3. Faktor drajat pangkat Tuladhanipun : Murid ngurmati guru Pegawe ngurmati pangarsanipun Warga ngurmatisesepuhipun


Gineman lare kaliyan kancanipun Asri : “Hen, aku bok kok ajari garapan tugas bahasa Jawawingi kae. Aku durung dhong” Heni : Ya, gene kok bisa ora dhong , aja-aja wingi kowe ora nggatekake” Tuladha solah bawa/ tata krama tumindak ing padintenan 1. Patrap nalika jumeneng sowan Bapak Ibu guru astanipun ngapurancang 2. Menawi nedhahaken ngginakaken driji ingkang jempol 3. Menawi diparingi maturnuwun, menawi klentu nyuwun pangapunten, menawi liwat ndherek langkung, utawi mangga lan sapanunggalanipun RAGAM UNDHA-USUK BASA 1. Ragam Ngoko a. Ngoko Lugu Tembung Jawi menika kathah sanget, sedaya tembung menika bakunipun awujud tembung ngoko lugu. Tembung ngoko lugu dados dhsaripun tataran tembung. Wujudipun sedaya ngginakaken tembung ngoko lugu boten wonten kramanipun Pigunanipun Basa Ngoko Lugu Pigunanipun basa ngoko ingkang kangge sesambetan kaliyan sesami, menika basa limrah ingkang ngemu subasita miturut kapribadhenipun tiyang Jawi Tuladhanipun : 1) Tiyang sepuh dhateng putra, menapa dene dhateng lare enem sanesipun 2) Guru dhateng murid 3) Dhateng sesaminipun, kanca sepantaran, tuladhanipun lare kaliyan kancanipun 4) Pangageng dhateng tiyang sangandhapipun, tuladhanipun juragan dhateng baturiopun 5) Kangge seratan ing kalawarti, ariwarti , buku lan sapananggalanipun Tuladha basa ngoko lugu b. Ngoko Alus Ngoko alus inngih menika salah satunggaling unggah-ungguh basa ingkang ngemot leksikon ngoko lan karma. Leksikon karma dipunginakaken kangge ngaosi tiyang ingkang dipunajak micara utawi mitra wicara. Basa ngoko alus menika boten naming gampil anggenipun niteni lan ngecakaken. Basa ngoko aus saged mbangun swasana ingkang endah lan elok . tiyang ingkang minugakaken basa ngoko alus anggenipun wicanten kaliyan tiyang ingkang statusipun sami utawi langkung andhap. Amargi ingkang minangka dhasar tembubg-tembung ngoko tuwuh raos rumaket. Tembung-


Ginemanipun satunggaling tiyang kaliyan kanca sekantor Pak Tegar : “Pak Agus, nuwun sewu, panjenengan mau wis dhahar apa durung? Pak Agus : “Aku during mangan. Apa panjenengan arep mbayari aku jajan neng warung ta pak?” tembung ingkang dipunginakaken inggih punika ngoko kacampuran kaliyan tembung karma alus Pigunanipun basa ngoko alus 1) Kangge wicantenan kaliyan tiyang ingkang statusipun sami, nangingkanthi raos ngurmati 2) Kangge wicanten kaliyan tiyang ingkang statusipun langgung inggil,nanging sampun rumaket sanget 3) Kangge wicantenan kaliyan tiyang ingkang statusipun saperangan langkung inggil, nanging saperangan malih langkung andhap 4) Kangge nyaosi utawi ngginem tiyang sanes ingkang statusipun langkung inggil Tuladha ngoko alus : 2. Ragam Krama a. Krama Lugu Karma lugu inggih punika basa ingkang tembung-tembungipun ngginakaken tembung krama kaben tanpa kacampuran tembung karma inggil, kanthi semantis ragam karma lugu awujud ragam krama ingkang kadhar alusipun andhap, nanging menawi dipunbandhingaken kaliyan basa ngoko alus, ragam karma alus taksih langkung alus. Pigunanipun basa karma lugu kasebut dipunagem gineman dening: 1) Tiyang sepuh kaliyan tiyang ingkang langkung enem utawi kalah pangkat 2) Tiyang ingkang nembe pitepangan enggal 3) Para siswa kaliyan gurunipun 4) Abdi kaliyan bendaranipun 5) Andhapan kaliyan pangarsanipun Tuladhanipun : Gineman antawispun tiyang ingkang nembe pitepangan inngih punika Ahmad kaliyan Arif ingkang taksih kenalan Ahmad : “Eh, asmane sinten nggih kenalan rumiyin ah….” Arif : “kula Arif, lha sampeyan asmane sinten? Ahmad : Kula Ahmad, asale saking Moga Arif : “ oh…. Menawi ngaten sami-sami saking Pemalang”


b. Karma Alus Krama alus inggih punika basa ingkang ngajeni sanget, rumiyin dipunwastani krama inggil. Tembung krama inggil menika tembung ingkang dipunginakaken kangge nginggilaken utawi ngajeni tiyang ingkang dipunajak gineman. Basa krama alus saged dipunginakaken kangge gineman kaliyan sinten kemawon ingkang panci kedah dpukurmati. Panggone kayata : 1. Tiyang enem kaliyan tiyang sepuh 2. Siswa kaliyan gurunipun 3. Andhahan kaliyan pimpinanipun 4. Kanca kaliyan kanca ingkang dereng kulina FASE 4 : Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya Materi Metakognitif dipuncakaken langkah-langkahipun kangge damel teks , sasampunipun maos saha mangretosi caranipun damel teks pawicantenan mawi undha-usuk basa, sumangga pawicantenan mawi undha-usuk basa a. Netepaken topik utawi prekawis Kanthi njumbuhaken kaliyan indicator pasinanon, pramila lajeng betepaken topikipun inggih punika bab unggah-unggug basa ing sekolah b. Nemtokaken paraga Kangge paraganipun dipuntetepaken kaliyan murid c. Nemtokaken undha-usuk basa ingkang badhe dipunangge Amargi pawicantenan ingkang badhe dipundamel menika antawisipun guru saha murid, pramila lajeng netepaken undha-usuk basa krama alus d. Nemtokakaen latar utawi setting pawicantenan Setting utawi latar pawicantenanipun dipuntetepaken wonten ing lingkungan sekolah e. Manggihaken tembung-tembung ingkang trep kaliyan undha-usuk Supados tembung-tembungipun trep kaliyan undha-usuk basa, pramila saged madosi tembung dhateng kamus online https://www.sastra.org/leksikon f. Ngrantam tetembungan ingkang sampun kapanggihaken dados ukara Menawi siswa sampun manggihaken sedaya tetembunganingkang dipunbetahaken utawi tetembungan ingkang dereng dipunmangretosi , ingkang salajengipun inggih menika siswa damel ukara pawicantenan ingkang ngewrat topik, undha-usuk, saha paraga ingkang sampun dipuntemtokaken


Wonten ing fase menika para siswa dipundhawuhi : 1. Maos tuladha teks pacelathon 2. Menganalisis ragam basa lan undha-usuking basa ing teks pachelaton 3. Damel teks teks pacelathon kanthi cak-cakaning undha-usuk ingkang trep 4. Presentasi teks pacelathon kanthi undha-usuk basa kanthi trep Kawaosna tuladha teks pacelathon ing ngandhap iki kanthi premati !


A. Analisis ragam basa lan undha-usuk basa ing teks pacelathon Sasampunipun para siswa maos tuladha teks pacelathon wonten nginggil, sumangga saged pirembagan wonten ing kelompok babagan ragam basa lan undha-usuk basa menapa kemawon ingkang dipunangge dening paraganipun. Pirembagan menika lajeng dipunserat wonten LKPD Gladhen 1 B. Damel teks pacelathon kanthi cak-cakaning undha-usuk ingkang trep Para siswa kaliyan kelompok-ipun damel teks pacelathon kanthi ngecakaken unggah-ungguh ingkang trep. Ing saben kelompok sedaya siswa dados paraga ing teks pacelathon ingkang dipundamel. C. Presentasi teks pacelathon kanthi undha-usuk ingkang trep Kelompok ingkang sampun damel teks pacelathon kedah majeng kangge presentasi teks pacelathon kanthi undhausuk ingkang trep, para siswa saged ngangge properti kangge presentasi menika. FASE 5 MENGANALISIS & MENGEVALUASI PEMECAHAN MASALAH Para siswa sasampunipun nganalisis ragam basa, cak-cakanipun ingkang leres, damel pacelathon, saha simulasi pramila sumangga dipunalisis saha dipunevaluasi proses anggenipun mangihaken sedaya unsur kalawau! Saking teks pacelathon 1 kaliyan 2 menika saged dipunalisis saha dipunevaluasi 1.Ragam basa ingkang dipunginakaken inggih menika ngoko lugu (pacelathon 1), krama inggil (pacelathon 2). Para siswa kedah tliti anggenipun maos ukaranipun sadereng nemtoaken ragam basa saha undha-usuk ingkang dipunginakaken. 2. Damel teks pacelathon menawi saged mendhet tema bab ing padintenan ingkang asring dipunpranggui dening siswa, kedah dipungatosaken basa nalika micara DUDUTAN Unggah-ungguh inggih punika tata pranataning basa miturut lenggahing tata krama Wosing gati sinau unggah-ungguh inggih meinika saged ngecakaken solah basa saha undha-usuk kanthi trep. Unggah-ungguh basa menika wonten kalih, inggih menika undha-usuk lan solah bawa. Undha-usuk basa inggih menika basa ngoko lan basa krama ingkang ngetrepi wewaton utawi paugeraning undha-usuk basa. Tuladhanipun undha-usuk basa ingkang dipunwulangaken ing pawiyatan-pawiyatan, lsp. Solah bawa inggih menika tindak tandhuk, trapsila nalika wonten ing pasrawunga


KAPUSTAKAN a. Wibawa , Bahan ajar Bahasa Jawa SMA/SMK/MA DIY halaman 21. b. Rinaldi, I. M. (2020). Peningkatan kemampuan menulis dialog sederhana sesuai unggah-ungguh Bahasa Jawa dengan menggunakan metode role playing. Jurnal Review Pendidikan Dasar: Jurnal Kajian Pendidikan dan Hasil Penelitian, 6(2), 98- 105. c. Pratiwi, N. A. (2018). Kesantunan Berbahasa pada Dialog dalam Cerkak Panjebar Semangat dan Relevansinya dengan Materi Ajar Unggah-Ungguh Bahasa Jawa di SMA. d. https://www.youtube.com/watch?v=E717D4WLifY e. https://www.sastra.org/leksikon


Click to View FlipBook Version