BAHAN BACAAN KELOMPOK
Kirab Pusaka Mangkunegaran
Wiwit jumeneng minangka pengageng Pura Mangkunegaran KGPH
Bhre Wira Hutama Sudjiwa kanthi gelar KGPAA Mangkunegara X, lagi
sepisanan iki mimpin lan paring palilah ing prosesi kirab pusaka kanggo
mapag taun anyar, malem 1 Suro Ehe 1956 (Jumat 29 Juli 2022). Ing upacara
kasebut katon saperangan tokoh uga melu ngrawuhi Kirab Pusaka Dalem
Mangkunegaran. Ing antarane Ganjar Pranowo (gubernur Jawa tengah).
Gibran Rakabuming Raka (wali kota kota surakarta), Aria Bima (anggota DPR
RI lan mantan Panglima TNI Gatot Nurmantyo.
Para tokoh uga ngombyongi prosesi ritual kirab, sing diwiwiti udakara
jam 7 bengi. Mangkunegoro X miyos saka Pringgitan banjur dipapag dening
KPH Cuk Susilo lan KMRH Hariadhi tumuju pendhapa agung kanggo miwiti
upacara kirab. Sakbanjure KRMT Lilik Priarso Tirtodinigrat lan KMRT
Hudoko diutus mapag pusaka sing sawetara wis dipanggul dening para abdi
dalem. Mangkunegara X terus paring printah marang cucuk lampah sing
dipimpin dening KMRH Roy Rahajasa kanggo miwiti kirab kanthi ngubengi
beteng Pura Mangkunegaran sakubengan. Ing wanci iku, rombongan kirab
wis ditunggu atusan wong ing pinggir-pinggir dalan sanjabane tembok Pura
Mangkunegara.
Kirab pusaka tinggalane para leluhur Pangeran Samber Nyawa kuwi
cacahe ana 4 yaiku 3 tombak lan Joli. Kirab pusaka kasebut ditutke dening
para kawula Pura Mangkunegara lan masarakat kanthi cara mlaku ngubengi
tembok Pura Mangkunegaran kanthi tapa mbisu.
“Tapa mbisu iki nduweni makna filosofi lelaku nyawiji marang alam, sing
dumadi saka bulan, srengenge lan bumi sing tundhuk marang Gusti Kang
Maha Wikan. “Ujare Mas Ngabehi Bambang Suhendro. Koordinator seksi
kirab pura Mangkunegaran. Uga nambahi bilih miturut tradisi, penguasa
Mangkunegaran Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA X) ora melu
mubeng beteng mung paring palilah lan nguntapake kirab saka Pendhapa
Agung. Piwelinge “Mlaku bebarengan kanthi urut supaya tinata, lancar lan
lumaku kanthi aman, lan tetep nengenake prokes”
Sakrampunge ngleksanani hajat dalem kirab pusaka, banjur nglumpuk
ingTpurilnagdghitaanpkaanwgagortlaelalukumsaemnteadri, vumidbioul sdaonggead. Pdroipseusni bseimkaediinngduliwnekni
karep amrih manungsa eling marang dhiri pribadine mung sawijine mahluke
GushttitpKs:a//nwgwMwu.yrobuetnugbeD.cuom/awdai.tcTha?nv=sanh-gw-vapsyp8aQdma 0s&akt=a1s2a8k4asbehe panggodha lan
tumindak kang kurang becik. Kirab pusaka kuwi kalaksanan kanthi khitmad.
Puncaking acara kirab pusaka Pura Mangkunegaran ditutup kanthi
prosesi ritual rebutan banyu kembang tilas jamasan pusaka. Banyu kasebut
dipercaya saperangan wong bisa digunakake kanggo saperangan karep.
Gubernur Jawa tengah, Ganjar Pranowo paring kawigaten marang kirab
pusaka iki. Pak Ganjar ngendika “ kirab pusaka kaya ngene iki minangka
kegiatan kabudayan sing kudu terus ditindakkae, supaya masarakat bisa
ngrasake endahing kabudayane dhewe. “Ujare ganjar.
Sumber : Kalawarti Panjebar Semangat