1 | P S A S 2 0 2 5 / 2 0 2 6 S M K N 1 S A M B IPEMERINTAH PROVINSI JAWA TENGAHDINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAANPENILAIAN SUMATIF AKHIR SEMESTER (PSAS)SMK NEGERI 1 SAMBITAHUN PELAJARAN 2025/2026Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari/Tanggal : Rabu, 03 Desember 2025Kelas/Program : XI (Semua Program Keahlian) Waktu : 09.30-11.00 WIBA. Pilihan GandaPilihlah salah satu jawaban yang paling tepat dengan memberi tanda silang (X) pada salah satu pilihan jawaban A, B, C, D, E pada lembar jawaban yang disediakan!1. Medharake idhe utawa gagasan ana ing sangarepe wong akeh wong akeh diarani ... .A. SesorahB. WawancaraC. NembangD. GeguritanE. Pranata cara2. “Serbat wedang santen, menawi lepat nyuwun pangapunten”. Mujudake perangan ... .A. PurwakaB. PanutupC. Pangarep-arepD. PangajabE. Pangajak3. “Kula bingah lan mongkog ing manah nggadhahi warga kados bapak, ibu lan kadang-kadang sedaya”. Apa tegese bingah lan mongkog?A. Seneng lan sedhihB. Seneng lan banggaC. Seneng lan kwatirD. Seneng lan seneng bangetE. Seneng lan sedhih banget4. Metodhe sesorah kanthi nggunakake cathetan cilik kang isine bab-bab sing dianggep wigati diarani ... .A. Metodhe ekstemporanB. Metodhe spontanitasC. Metodhe dadakanD. Metodhe apalanE. Metodhe naskah5. Sesorah iku mujudake salah sawijining kegiyatan kanggo medharake gagasan utawa informasi kang ditujokake marang ... .A. Wong tuwaB. Wong akehC. Wong cilikD. Wong wadonE. Bocah-bocah 6. Satitekna pethikan sesorah ing ngisor iki!Ingkang sepisan Bapak Ibu Sunarto ngaturaken salam taklim katur dhumateng panjenenganipun Bapak/Ibu Mulyono sakulawarga kanthi pepuji mugi-mugi kulawarga ing ngriki tansah pinaringan berkah lan rahmating Gusti Allah, katebihna saking sedaya rubedaning agesang, cinaketna bagya mulya, lan tansah rahayu basuki.Pethikan pidhato kasebut kalebu perangan isi, sing diaturi salam taklim yaiku ... A. Bapak SunartoB. Ibu SunartoC. Bapak Ibu MulyonoD. Kang pasrah temantenE. Rahayu Basuki7. Dudutan, pangarep-arep lan ngaturake luput anggone matur iku perangan tanggap wacana kang diarani ... .A. Salam pambukaB. PambukaC. SurasaD. PanutupE. Salam panutup 8. Nalika ngrungokake atur pambagyaharja, ana pratelan: Dhumateng para sesepuh pinisepuh ingkang pantes pinundhi-nundhi. Para tamu kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan. Pratelan iku kalebu perangane tanggap wacana kang diarani ... .A. Pambuka B. SurasaC. BasaD. PanutupE. Ringkesan
2 | P S A S 2 0 2 5 / 2 0 2 6 S M K N 1 S A M B I9. Supaya pambagyaharja lumaku kanthi becik, para siswa ngrancang sesorah, kanthi nggatekake bab-bab ing ngisor iki, kajaba ... .A. Nggunakake basa kang angelB. Gawe cengkorongan sesorahC. Mekarake cengkorongan sesorah iku kanthi milih tembung-tembung kang benerD. Nggatekake unggah-ungguh E. Maragakake utawa mraktekake kanthi kedal, wirama, lan patrap kang bener10. Ing desaku bapak kulina kadhapuk dadi sesulih priyayi kang duwe gawe, pakaryan iku atur pambagyaharja. Nalika pasamuan ing desa bapak ing desa ngageme jas nasional, nanging nalika ana ing keraton ngagem kejawen jangkep. Perangan iki bab-bab wigati amrih prayogane wedharan kang diarani ... .A. Ngreteni wawasan pamireng kang bakal ngrungokake tanggap wacanaB. Ngreteni wektu utawa dhursasi tanggap wacana kang diwenehakeC. Ngreti jinise tanggap wacana lan tema acaraD. Nyepakake bab-bab lan piranti kang dibutuhake nalika tanggap wacanaE. Busana kang jumbuh karo swasana11. “Bareng nembe oleh setaun, ibuku Anjar malih sipate. Katresnan menyang aku ilang, malih dadi sengit, lan kadangkala wani nangani aku.”Tema kang kakandhut sajroning pethilan novel yaiku....A. KatresnanB. KulawargaC. PendidikanD. SosialE. Ekonomi12. “Julaeha ngguyu ngakak, nggeguyu anggone salah nerka. Jebul wong anyar kuwi bisa omong agal, ora tansahalus kaya wong Menak ing Tasikmalaya. Banjur ngacungake tangan maneh. Lan durung nganti tepungan limangmenit wong loro wis salaman ping pindho. Julaeha marem atine.”Swasana kang tuwuh ing kahanan kuwi yaiku …A. SedhihB. SemanakC. DukaD. Lingsem E. Durhaka13. “Tata rakite Kantor Biro Pentas Artis beda karo Biro Jasa Kartika. Ora amba gilar-gilar, nanging tetep ceklingresepake. Beda karo kantor-kantor sing tau dideleng Sirtu ing Sragen. Sirtu ngarep-arep bisa ketemuJulaeha, nanging kuciwa, kok ora katon.”Tembung kang kacithak kandel, tegese …A. GedheB. AmbaC. CilikD. Ngambra-ambraE. Cuwa14. Gegayutan antar prastawa kang duweni sipat sebab akibat lan runtut utawa kronologis crita diarani....A. Sudhut pandhangB. AlurC. AmanatD. Irah-irahanE. Paraga15. Crita kang njlentrehake kedadeyan kapungkur gunakake alur....A. MburiB. MundurC. MajuD. CampuranE. Ngarep16. Sajrone karya, penganggit bisa dadi paraga aku . teknik iki diarani sudhut pandang....A. Wong kaloroB. PengamatC. CampuranD. Wong kapisan sarwa ngertiE. Wong katelu
3 | P S A S 2 0 2 5 / 2 0 2 6 S M K N 1 S A M B IWacenen pethikan Novel Nona Sekretaris iki, soal kanggo nomor 17-18Dina kuwi tutuge saawan Sirtu ngrampungake ketikan layang-layang sing dingengrengi Atik. Lan ana manehlayang sing kudu digawe, redhaksine digarap Sirtu dhewe, adhedhasar cathetane kang didhikte dening Baharudin.Pancen yen gawe layang biyasane mengkono. Baharudin kandha apa karepe, dicathet dening Lilis, terus sing ngrampungake Lilis nganti tekan ketikan. Baharudin kari tandhatangan wae.Dina kuwi Sirtu wis genah ditampa nyambutgawe melu Kantor Pentas Artis. Jam kantore sing lumrah jamsanga nganti jam papat sore, disela ngaso awan kanggo mangan. Nanging Baharudin wis kandha yen ora mokal Sirtunyambut gawe nganti bengi, lan sok melu ngurus-ngurus metu saka kantor kono. Dadi kudu siyaga tandang gawekapan lan ing papan ngendi wae! Fasilitas? Gaji? Ora susah kuwatir, Baharudin wani mbayar pantes lan sumbut karopenggaweane.17. Sapa sing ndikte isi layang sing kudu diketik…A. LilisB. SirtuC. Ora anaD. BaharudinE. Kantor18. Pranyatan kang jumbuh karo isi pethikan novel Nona Sekretaris …A. Sinaosa Sirtu lembur tetep entuk upah ganti lembureB. Sirtu ora entuk fasilitas lan gaji sing pantesC. Lilis sing ngetik layang-layang perusahaanD. Sirtu jam kerjane wiwit jam wolu nganti jam papat soreE. Baharudin bagian sing nyatet layang19. Supaya desa kahanane tentrem lan raharja padatan masarakat nglakoni tradhisi…. A. bersih-bersih B. bersih dhiri C. bersih kampung D. bersih kutha E. bersih desa20. Upacara kang ditindakake sedina sadurunge ijab Kabul kanthi cara nyiram banyu marang calon manten yaiku . . . .A. panggihB. paesC. siramanD. kendurenE. balang gantal21. Werdhine acara sungkeman yaiku . . . .A. wajib bekti marang wong tuaB. mecah pamore pengantenC. nyuwun pangapura wis mundhut putrineD. tresna marang anak lan mantu padhaE. penganten sakloron di tampa kulawarga22. Kencenging pikir anggone kepengin jejodhoan, dilambangake….A. suruh ayuB. gedhang ayu C. toya weningD. cengkir gadhing E. tuwuhan23. Ing upacara mantenan ana kagiyatan kang diarani ngidak antiga. Ndhog kang digawe ing kono yaiku...A. Ndhog pitik jawaB. Ndhog asinC. Ndhog pitik potongD. Ndhog banyakE. Ndhog bebek
4 | P S A S 2 0 2 5 / 2 0 2 6 S M K N 1 S A M B I24. Ing adicara ngundhuh mantu, ibune penganten kakung maringi unjukan awujud toya wening marang anak lan mantune. Werdine supaya penganten sakloron anggone mangun bale wisma tansah pinaringan kesabaran lan pikiran kang wening (Sutrisno, 2002:83). Penganten sakarone wiwit lelumban ing jagating alam bebrayan, kudu bisa ajur-ajer ing masyarakat. Saru-sikune bale wisma dilakoni bebarengan.Ing acara toya wening, nduweni werdi yaiku …A. Supaya temanten tansah ora ngelakB. Supaya temanten anggone omah-omah tansah sabarC. Supaya temanten tansah dadi mantu sing beningD. Supaya temanten ngunjuk toyaE. Supaya temanten bisa kisruh25. Sadurunge budhal, pihak penganten putri nganakake slametan sepasaran. Kanthi pangarep-arep supaya tansah kalis ing sambekala, tekan papan kang dituju, yaiku omahe mara tuwa. Kejaba iku ing adicara sepasaran iku nggawe jenang sungsum utawa jenang baning, dicaosake marang tangga lan kadang sing padha rewang. Ing pangangkah ben seger atot bebayu kang loyo krana kesel bisa ilang, lan pikiran dadi wening.Pranyatan saka teks sing ora jumbuh karo isine yaiku …A. Slametan sepasaran dianakake pihak temanten putriB. Ing acara sepasaran nggawe jenang sungsumC. Ancase benang sungsum supaya seger lan kesele ilangD. Pikiran dadi wening amarga dhahar jenang sungsumE. Jenang sungsum nggawe tambah lara lan keselB. UraianJawablah dengan singkat dan jelas!1. Sebut lan jelasna jinising sesorah!2. Gawea tuladha perangan sesorah kang temane dina kamardikan Indonesia!3. Jlentrehna sing klebu unsur intrinsik novel?4. Aranana lima irah-irahan kang kalebu novel basa Jawa lan asmane panganggite!5. Jlentrehake titikan artikel sing sae!------ooo0ooo-------
5 | P S A S 2 0 2 5 / 2 0 2 6 S M K N 1 S A M B I