The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Buku pegangan para siswa

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by sate2003.s2, 2021-10-14 01:50:48

SASTRI BASA

Buku pegangan para siswa

JER BASUKI MAWA
BEA

Dadi wong Jawa aja nganti ilang Jawane

Tatacara nganalisis teks artikel bisa kanthi urutan kaya ing ngisor iki :

1. Irah-irahan artikel
2. Asmane penulis artikel
3. Media sing digunakake
4. Foto lan sumber
5. Papan panggonan dumadine
6. Ukara kasunyatan, aktual lan wis kedadeyan
7. Akibat sawise kedadeyan
8. Dina lan tanggale kedadeyan
9. Narasumber
10. Asmane narasumber
11. Pawangsulane narasumber ngenani pitakon gegayutan sabab-musababe prastawa
12. Pratelane narasumber
13. Panemune narasumber kanggo ngudhari masalah

Bahasa Jawa K-13 Kaca 1

Sawise ngenali titikane geguritan, nemokake isi, lan piweling ing geguritan
para siswa bakal kaajak (a) njlentrehake geguritan supaya luwih gampang
dimangerteni, lan (b) menehi tandha sigeg ing geguritan. Kagiatan kang bakal
ditindakake, yaiku nggancarake geguritan ; maksude (a) ngowahi wujud geguritan
dadi wujud gancaran, (b) menehi tandha pamaca lan tandha sesigeg kanggo maca
endah geguritan.

Tata krama ing pasinaon nggancarake geguritan yaiku geguritan yaiku tepa
selira, tanggung jawab, lan tresna budaya. Eling, nyinau geguritan ateges
nglestarekake lan ngrembakakake basa lan sastra jawa minangka bagean saka
kabudayan nasional.

Nggancarake geguritan nduweni tujuwan supaya geguritan bisa luwih
gampang dimangerteni. Tembung lan ukara ing geguritan iku sipate ringkes, padet,
kebak arti. Kanggo ngerteni apa kang dadi maksude panggurit, dudu prakara kang
gampang. Mulane geguritan mau kudu digancarake luwih dhisik.

Tata cara nggancarake geguritan :

1. Sapada geguritan lumrahe dadi sapada gancaran, sabab saben sapada
geguritan iku lumrahe nduweni segagasan

2. Bisa nenambah tembung ing saben gatra lan pada, supaya dadi ukara kang
becik.

3. Tembung-tembung sing angel, diganti dadi tembung kang umum diweruhi
4. Tata panulise manut tata panulisane gancaran

Maca Endah Geguritan

Maca endahgeguritan ketrampilan basa kang nggandhengake unsur basa lan
kaendahan utawa seni. Kegiatan maca endah geguritan diarani kasil lan apik yen
para siswa wis bener lan pener ing bab basane (lafal, intonasi, andhegan, lan
sapanunggale) lan becik utawa endah tur nyengsemake ing bab senine (ekspresi,
solah-bawa, wirama, lan nyemak, sing ngrungokake dadi ngerti isi, piweling, kan
kaendahing geguritan sing diwaca.

Amarga geguritan iku mapan ing alam kebudayaan Jawa, kabeh mau kudu
didhasarake wewatakan, tatakrama, lan sopan santun Jawa. Maca geguritan iku
kudu NJAWANI.

Bahasa Jawa K-13 Kaca 2

Tatacara maca geguritan sing becik, yaiku:

1. Geguritane kudu wes ditemokake struktur lair-batine (interprestasi
geguritan)

2. Geguritane diwaca paling ora rong rambahan, tembung-tembung, ukara, lan
bagean kang penting kudu dingerteni luwih dhisik.

3. Geguritan iku diwenehi tandha pamaca lan tandha andhegan. Yen perlu
geguritan iku bisa ditulis maneh manut interprestasine para siswa.

4. Kanggi gladhen, geguritan mau diwaca manut tandha pamaca lan tandha
andhegan,uga kaatrangan solah bawane. Gladhen dianggep cukup yen para
siswa wis bisa kanthi lancar lan ora rumongsa isin, kikuk, kaku, salah
tingkah nalika maca geguritan.

Vokal/ swarane

Swara kudu bantas, resik, tur, cetha pangucapane. Ing bab vokal/swara iku kudu
dimangerteni bab-bab ing ngisor iki:

1. Artikulasi : pangucapane aksara lan tembung kudu wuwuh lan cetha.

2. Diksi : pangucapane tembung-tembung mau endah, kanthi rasa-

pangrasa, ana sing landhep, wengis, sabar, alus, kereng, lan sapanunggalane.

Para siswa kudu bisa milih tembung-tembung ing gegurita lan cara

pangucapane.

3. Tempo : alon-cepete pangucapan, dijumbuhane karo napas

lanswasana sing pengin diwedharake.

4. Dinamika : alon bantere swara, selaras-seimbange pamaca geguritan,

nganti dadi kaya wirama kang endah lan gawe pamirsa lan pamireng dadi

kesengsem.

5. Modulasi : owah-owahane swara, umpamana swara wong tuwa, bocah

cilik, swarane digawe cempreng, ulem, gete, lan sapanunggale.

6. Intonasi : lagu ukara, pada. Para siswa kudu wani nemtokake

sawijining pada dai ukara pitakon, apa prentah, lan sapanunggale.

7. Andhegan : andhegan-jeda, yaiku pedhotane tembung lan ukara ing

geguritan kanthi tujuan nguwatake maksud lan arti geguritan.

Bahasa Jawa K-13 Kaca 3

8. Ambegan : teknik ambegan/napas iku penting banget. Para siswa kudu
sinau teknik ambegan weteng (pernafasan perut)

Solah Bawane

Obahing awak sakujur kudu bisa nguwatake geguritan apa sing lagi kawaca, solah
bawa kudu bisa:

1. Komunikatif: maca endah iku kudu dirasakake, maca-solah bawa sing metu
saka ati supaya bisa nggeterake atine pemirsa.

2. Ekspresif : asli saka interpretasi, ngerti masarang struktur lair-batin
geguritan mau diwujudake kanthi mimik-pantomimik-kinetik lan solah bawa
kang becik lan endah.

3. Konsentrasi : fokus, para siswa kudu munjerake pikiran, wektu lan tenaga
kanthi ngglandhi sinau maca gegritan supaya asile ora getun tiba buri. Sebab
kalodhangan lan wektu iku ora bisa dibaleni

Bahasa Jawa K-13 Kaca 4

Bahasa Jawa K-13 Kaca 5


Click to View FlipBook Version