The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Penahbisan Pendeta ke 2 dan HUT GKJ Sidomulyo ke 31 padatanggal 26 Juni 2023

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by mrdar02, 2023-05-25 00:41:27

BUKU KENANGAN PENAHBISAN PENDETA KE 2 DAN HUT GKJ SIDOMULYO KE 31

Penahbisan Pendeta ke 2 dan HUT GKJ Sidomulyo ke 31 padatanggal 26 Juni 2023

Keywords: PEP

Pasamuwan ingkang dipun tresnani Gusti, Gusti Yesus mbabar peladosan ingkng holistik, ingkang wetah, inggih punika nggatosaken antawisipun perangan ingkang rohani, jasmani, individu lan sosial ing gesanging manungsa. Gusti Yesus mbabar pawarta saha pakaryan kawilujengan tumrap manungsa ingkang dosa lan ugi paring pangajeng-ajeng lan pangluwaran saking persoalan-persoalan ingkang dipun adepi ing gesanging manungsa. Lajeng kados pundi tumrap kita minangka tiyang pitados? Minangka pasamuwan Kristen GKJ Sidomulyo?


Bapak ibu lan para sederek, Tiyang pitados punika minangka imitasi saking Kristus, punika ateges gesangipun tiyang pitados lan gereja kedhah nulad saha nggegesang misi kerawuhanipun Gusti Yesus inggih punika timbalan pangluwaran ingkang katindakaken ing peladosan ingkang holistik. Pangluwaran saking blengguning dosa, pangluwaran saking perkawis diskriminasi sosial, pangluwaran saking perkawis degradasi moral, pangluwaran saking ancaman risaking alam, pangluwaran blengguning kemiskinan, lan ugi pangluwaran saking praktik-praktik ekonomi ingkang cengkah kaliyan kersanipun Gusti. Ananging ngestokaken timbalan punika mboten perkawis ingkang gampil. Ngestokaken timbalan punika mbetahaken kasetyan saha mbetahaken sikep saiyeg saeka kapti ing antawisipun tiyang pitados. Ing salebeting kasetyan lan saiyeg saeka kapti punika mbetahaken raos pitados internal, inggih punika pitados antawisipun pelados mirunggan/majelis, pitados antawisipun pasamuwan lan majelis, pitados antawisipun wilayah 1 Sidomulyo, wilayah 2 Tangen, wilayah 3 Gesi, Wilayah 4 Bibis lan wilayah 5 Soga. Mboten namung raos pitados internal, kita ugi kedah nengenaken raos pitados eksternal inggih punika kados pundi kita mbangun raos pitados antawisipun GKJ Sidomulyo kaliyan Gereja-gereja sanes, antawisipun GKJ Sidomulyo kaliyan agami-agami sanes.


Pasamuwanipun Gusti, GKJ Sidomulyo sakpunika sampun umur 31 tahun, punika sampun dipun wastani umur ingkang dewasa, umur ingkang produktif. Sangsaya dewasa gereja tentunipun kathah ide, gagasan, usulan ingkang kedah dipun olah kanthi sae saha dipun wujudaken lumantar sikep saiyeg saeka kapti matemah dados berkah. Sampun ngantos kadewasanipun gereja ingkang kathah ide, gagasan saha usulan malah ndadosaken sesambetan ingkang kirang prayogi wonteng ing salebeting pasamuan awit wontenipun bentenipun pemanggih. Sangsaya dewasa gereja temtunipun sangsaya nyata anggenipun ngrembakaaken potensi-potensi ingkang wonten, kanthi mbekta tujuan misi pangluwaran lan dados berkah tumrap gesanging pasamuwan lan masyarakat.


Pasamuwanipun Gusti Saestu kula kepengen lan sumangga kita sesarengan nggesangi kadewasaning gereja kita kanthi tansah nulad Gusti Yesus lan kita mujudaken misi pembebasan kanthi semangat saiyeg saeka kapti. Kita mboten namung kendel ing satunggaling pangertosan bilih kita dados sarem lan dilah tumrap jagad ananging kita kedah mbabar aksi ingkang nyata dados sarem lan dilah tumrap jagad punika. Kita mboten saget mbabar misi Kristus menawi mlampah piambakpiambak, menawi kita nengenaken ego pribadi, ego kelompok utawi ego wilayah, nalikanipun timbalan punika namung kapasrahaken dhateng setunggal utawi saperangan tiyang kemawon, utawi kita mboten purun cawe-cawe lan nalikanipun ing gesanging pasamuwan taksih wonten bebencengan.


Sumangga kita tansah nyawiji “Saiyeg saeka kapti”. Sumangga kita tansah manunggal ing tekad kanthi ancas lan tujuan ingkang sami inggih punika mbababr misi pangluwaran ingkang holistik tumrap gesang ing samangke ing kawontenan jaman ingkang kebak tantangan. Kanthi nggegesang sesanti saiyeg saeka kapti, kita badhe dados kiyat ngadepi tantangan-tantangan ingkang awrat ing jaman sapunika. Sumangga kita tansah pitados sanadyan awrat ananging Gusti tansah nganthi lampahing pasamuwan GKJ Sidomulyo lan lumantar GKJ Sidomulyo, kita dados berkah tumrap sesami. Amin.


Click to View FlipBook Version