The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by suciwuryani84, 2021-10-05 21:52:06

SUCI WURYANI_E MODUL BAHASA JAWA KELAS 3 SEMESTER 2

SUCI WURYANI _E MODUL BAHASA JAWA Kls 3 Smt 2

BAHAN AJAR ELEKTRONIK
PIWULANG BASA JAWA

KELAS III
SEMESTER 2

Kasusun Dening
Suci Wuryani, S.Pd.

ASSALAMUALAIKUM Wr Wb

Kanthi ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Ingkang
Maha Kuwaos ingkang tansah paring rahmat sarta

hidayahipun saengga penyerat saged ngripta BAHAN AJAR
ELEKTRONIK PIWULANG BASA JAWA SEMESTER 2 kangge

para siswa ing sekolah dasar kelas III.
Kula ngrumaosi menawi tasih katah kekirangan-kekiranganipun. Pramila kula

ngaturaken agunging
panuwun mbokbilih wonten rencang-rencang guru utawi

sinten kemawon ingkang saged maringi pitedah saha
panyaruwe ingkang tumuju dhateng sampurnaning Bahan

Ajar Elektronik Piwulang Basa Jawa punika.
Ing wasana minangka panutuping atur, mugi-mugi Bahan
Ajar Elektronik Piwulang Basa Jawa punika wonten gina

paedahipun.
Ing wasana kula aturaken matur

sembah nuwun

Isining Pustaka Wulangan 5 Kebudayaan
Wulangan 6 Pengalaman
Wulangan 7 Gusti Maha Agung
Wulangan 8 Pendhidhikan

Kompetensi Inti Kompetensi Dasar Wulagan 5
Kabudayan
1. Menerima dan menjalankan ajaran agama 1.1 Menerima dan
yang dianutnya bangga akan anugerah
Tuhan Yang Maha Esa
2. Memiliki perilaku jujur, disiplin, tanggung berupa bahasa jawa
jawab, santun, peduli, dan percaya diri sebagai bahasa ibu
dalam berinteraksi dengan keluarga,
teman, tetangga, dan guru 2.1 Menunjukka perilaku
bertanggungjawab, santun,
3. Memahami pengetahuan faktual dengan dan percaya diri dalam
cara mengamati (mendengar, melihat, mengungkapkan keinginan
membaca) dan menanya berdasarkan rasa dan pendapat
ingin tahu tentang dirinya, makhluk hidup menggunakan bahasa jawa.
ciptaan Tuhan dan kegiatannya, dan
benda-benda yang dijumpainya di rumah, 3.1 Memahami tembang
sekolah, dan tempat bermain. macapat Pocung

4. Menyajikan pengetahuan faktual dalam 4.1 Membaca teks naratif
bahasa yang jelas, logis, dan sistematis, tentang budaya dengan
dalam karya yang estetis, dalam gerakan lafal dan intonasi yang
yang mencerminkan anak sehat, dan tepat.
dalam tindakan yang mencerminkan
perilaku anak beriman dan berakhlak
mulia.

Wulagan 5 Kabudayan

Kawruh Sapala

Indonesia iku duweni kebudayan kang akeh wujude. Salah sijine
kabudayan ing Indonesia iku babagan kesenian. Ing Jawa Tengah ana
kesenian kang diarani tembang. Tembang iku bisa diarani lagu
menawa nganggo basa Indonesia. Ing Jawa Tengah ana tembang kang
diarani tembang macapat lan tembang dolanan. Ing babagan iki, para
siswa bakal sinau salah sawijining tembang macapat

Wulagan 5 Kabudayan
A. Ngrungokake Tembang pocung

Wulagan 5 Kabudayan

Tembang Pocung kaiket dening guru gatra, guru wilangan, lan guru
lagu utawa dhong dhing.
• Guru gatra yaiku cacahe larik utawa garis saben sapada
• Guru wilangan yaiku cacahe wanda utawa suku kata saben salarik/

sabaris
• Guru lagu utawa dhong dhing yaiku tibane swara ing pungkasane larik/

baris
• Pada iku tegese bait utawa paragraf

Tembang Pocung kuwi ngemu watak sembrana parikena utawa
saka kurang greget. Tegese ora pati temenan nanging bisa ngenani
samubarang kang nyata ana gunane ing urip bebrayan. Yen diwaspadake
tembang pocung kuwi ora pati dawa.

Wulagan 5 Kabudayan

Tembang Pocung ing ndhuwur paugerane yaiku:

• Sapada ana 4 (patang) larik
• Guru gatrane ana 4
• Guru wilangan yaiku 12, 6, 8, 12
• Guru lagune yaiku u, a, i, a

Wulagan 5 Kabudayan

B. Ukara Pitakon

Nalika arep gawe ukara pitakon, kudu nganggo tembung pitakonan lan

sawise kudu dipungkasi nganggo tandha pitakon (?). Dene tembung

pitakonan iku kaya ing ngisor iki!

1. Apa : Iku tembung kanggo takon bab jenenge barang, kewan, wit- witan,

utawa kahanan.

2. Sapa: Iku tembung kanggo takon bab jenenge wong

3. Pira : * Iku tembung kanggo takon yen arep ngerteni jumlah utawa akehe

barang

* Uga bisa kanggo takon bab wektu

4. Kapan : Iki tembung kanggo takon yen arep ngerteni wektu

5. Ana ngendi : Iku tembung kanggo takon yen arep ngerteni panggonan

6. Genea : Iku tembung kanggo takon yen arep ngerteni sebab

7. Piye : Iku tembung kanggo takon yen arep ngerteni kahanan

Wulagan 5 Kabudayan

Tuladha

1. Ranti ditimbali ibune.
* Ranti ditimbali sapa?

2. Sinta nggarap Basa Jawa.
* Sinta nggarap apa?

3. Budhe mateni kompor.
* Budhe mateni apa?

Kompetensi Inti Kompetensi Dasar Wulangan 6
Pengalaman
1. Menerima dan menjalankan ajaran agama 1.1 Menerima dan
yang dianutnya bangga akan anugerah
Tuhan Yang Maha Esa
2. Memiliki perilaku jujur, disiplin, tanggung berupa bahasa jawa
jawab, santun, peduli, dan percaya diri sebagai bahasa ibu
dalam berinteraksi dengan keluarga,
teman, tetangga, dan guru 2.2 Menunjukka perilaku
berbahasa yang santun
3. Memahami pengetahuan faktual dengan yang ditunjukkan dengan
cara mengamati (mendengar, melihat, ketepatan penggunaan
membaca) dan menanya berdasarkan rasa ragam bahasa (Unggah-
ingin tahu tentang dirinya, makhluk hidup ungguh basa)
ciptaan Tuhan dan kegiatannya, dan
benda-benda yang dijumpainya di rumah, 3.2 Mengapresiasi cerita
sekolah, dan tempat bermain. pengalaman yang menarik

4. Menyajikan pengetahuan faktual dalam 4.2 Menulis dan
bahasa yang jelas, logis, dan sistematis, menyajikan cerita
dalam karya yang estetis, dalam gerakan pengalaman yang menarik
yang mencerminkan anak sehat, dan menggunakan ragam ngoko
dalam tindakan yang mencerminkan
perilaku anak beriman dan berakhlak
mulia.

Wulangan 6 Pengalaman

Kawruh Sapala

Saben dina awake dhewe mesthi ngalami lan meruhi
maneka warna kadadean. Ana kadadean kang nyenengake
uga ana kadadeyan kang ora nyenengake. Kadadean-
kadadean iku bisa dadi pengalaman kang ora bisa
dilalekake, amarga saben kadadean mesthi duweni
kenangan dhewe-dhewe.

Wulangan 6 Pengalaman

Ngrungokake Crita Pengalaman
Plesir Menyang Kebon Binatang

Ing dina Minggu Retno lan keluargane mlaku-mlaku menyang kebon binatang . Retno menyang kebon
binatang numpak montor. Anggone montoran kanthi alon-alon amarga dalane macet. Ing dina Mingguakeh wong
kang padha plesir, mula dalane uga macet. Ora let suwe, Retno lan keluargane wis tekan kebonbinatang. Tekan
kebon binatang banjur tuku tiket cacahe telu.

Ing kebon binatang banjur mlaku-mlaku karo ndelengi kewan-kewan kang ono ing kana. Ing kebon
binatang ana kewan kang akeh jinise. Ana wong alas, komodo, gajah, macan, singa, maneka warna jinis ula,
manuk, iwak, lan liya-liyane. Kowe bisa ndeleng maneka warna jinis kewan ing kebon binatang.

Sawise iku, Retno lan keluargane leren-leren ing ngisor wit sing idhum. Anggone leren karo mangan
cemilan kang digawa saka ngomah.

Wulangan 6 Pengalaman

Ngrungokake Crita Pengalaman

Sawise leren sedhela, Retno banjur nutukne anggone mlaku-mlaku ndeleng kewan-kewan. Retno lan
keluargane ora lali foto-foto karo kewan sing ana ing kebon binatang.

Retno uga numpak prau sing ana ing kebon binatang. Anggone numpak prau karo bapak
lan ibune. Retno ora wani numpak prau dhewe amarga Retno isih cilik. Sanajan numpak prau
dikancani bapak lan ibune, Retno asline bocah kang kendel. Retno uga ora lali njupuk foto nalika
numpak prau karo bapak lan ibune. Retno lan keluargane bunga banget bisa plesir bareng-bareng
karo keluarga. Iki bisa dadi pengalamane Retno kang nyenengake lan ora bisa dilalekake.

Wulangan 6 Pengalaman

Maca pacelathon

Bayu Lara Weteng
Adit
Bayu : “Ddit, kena apa wingi ora mlebu sekolah?”
Adit : “Wetengku lara Yu. Aku diare.”
Bayu : “Bubar mangan pedhes, ya?”
Adit : “Ora, Yu. Aku kemroh senengku jajan ing pinggir dalan.”
Bayu : “Jajan ing ngendi ta, Dit?”
Adit : “Kae, lho, pinggir dalan cedhak sekolahan. Nggone wong dodol es cendhol.”
Bayu : “Kuwi ngono sak liyane nggone reget, banyune uga banyu mentah, Dit.”
Adit : “Mulane wetengku terus lara, Yu.”
: “O, ngono ta mula sing resikan, sing ngati-ati yen mangan ben ora lara maneh ya, Dit!”
: “Iya, Yu, bener kandhamu aku tak tiru-tiru kowe resikan lan ngati-ati, ya!”

Wulangan 6 Pengalaman

Ukara Tanduk

Tuladha:

1. Bapak dhahar sekul soto
2. Ibu nggoreng tempe karo tahu
3. Bulik ngundhuh rambutan
4. Mbak wati ngumbah klambi
5. Bu Harti nyapu jogan

Wulangan 6 Pengalaman

Ukara Tanggap

Tuladha:

1. Sekul soto didhahar bapak
2. Tempe karo tahu digoreng ibu
3. Rambutan diundhuh bulik
4. Klambi dikumbah Mbak Wati
5. Jogane disapu Bu Haeti

Wulangan 6 Pengalaman

Ukara Andharan
(Ukara Crita)

Ukara andharan yaiku ukara kang isine nyritakake sawijining prekara.
Ukara andharan ditandhani tanda titik (.)
Tuladha:
Ibu tindhak kantor nitih sepeda montor.

Wulangan 6 Pengalaman

Ukara Pitakon

• Ukara pitakon yaiku ukara kang isine nakokake sawijining prekoro.
* Ukara pitakon ditandhani tandha pitakon (?)
Tuladha:

Kapan tekamu?

Wulangan 6 Pengalaman

Ukara Pakon
(Ukara Parentah)

• Ukara pakon yaiku ukara kang isine ngakon wong liya nindakake pakaryan (apa kang
diprentahake)

• Ukara pakon ditandhani tandha pakon (!)
• Tuladha:

Ti, obate iki ombenen!

Wulangan 6 Pengalaman

Crita
Pengalaman

Ctita pengalaman kuwi akeh lan ora padha siji lan sijine. Crita pengalaman kuwi ana sing
nyenengake lan ana uga sing kurang nyenengake.
Sadurunge ditulis wutuh, tulisen dhisik rengrengane utawa kerangkane.

Kompetensi Inti Kompetensi Dasar Wulangan 7
Gusti
1. Menerima dan menjalankan ajaran agama 1.1 Menerima dan
yang dianutnya bangga akan anugerah Mahaagung
Tuhan Yang Maha Esa
2. Memiliki perilaku jujur, disiplin, tanggung berupa bahasa jawa
jawab, santun, peduli, dan percaya diri sebagai bahasa ibu
dalam berinteraksi dengan keluarga,
teman, tetangga, dan guru 2.3 Menunjukkan perilaku,
tindakan, dan perbuatan
3. Memahami pengetahuan faktual dengan yang mencerminkan
cara mengamati (mendengar, melihat, kepribadian jawa
membaca) dan menanya berdasarkan rasa
ingin tahu tentang dirinya, makhluk hidup 3.4 Memahami huruf jawa
ciptaan Tuhan dan kegiatannya, dan legena (lengkap 20 huruf)
benda-benda yang dijumpainya di rumah,
sekolah, dan tempat bermain. 4.4 Membaca dan menulis
kalimat sederhana
4. Menyajikan pengetahuan faktual dalam berhuruf jawa legena
bahasa yang jelas, logis, dan sistematis, (lengkap 20 huruf)
dalam karya yang estetis, dalam gerakan
yang mencerminkan anak sehat, dan
dalam tindakan yang mencerminkan
perilaku anak beriman dan berakhlak
mulia.

Wulangan 7
Gusti Mahaagung

Kawruh Sapala

Ing saben daerah uga tahu ngalami werna-werna prastawa alam.Kayata
banjir, tanah longsor,, angin lesus, lan liya-liyane. Sejatine manungsa iku kudu
njaga lan nglestarekake alam kang diciptakake marang Gusti Mahaagung.

Supaya alam iki bisa endah lan lestari awake dhewe kudu mbiyasakake
njaga karesikan lingkungan. Sakliyane iku, uga ora mbabati wit-witan ing alas
sakpenake dhewe supaya ora gampang longsor.

Mula wiwit saiki kowe kudu njaga lan nglestarekake lingkungan kang ana
ing sakiwa tengenmu. Kowe uga saja lali ngucapake syukur marang Gusti
Mahaagung kang wis nyiptakake alam lan isine kang endah iki.

Wulangan 7
Gusti Mahaagung
Ngrungokake Tembang Dolanan

Lir-Ilir

Lir-ilir, lir ilir Dodotiro, dodotiro
Tandure wis sumilir Kumitir bedhah ing pinggir
Tak ijo royo-royo Dondomana jlumatana
Tak sengguh temanten anyar Kanggo seba mengko sore

cah angon, cah angon Mumpung padhang rembulane
Penekna blimbing kuwi Mumpung jembar kalangane
Lunyu-lunyu penekna Ya suraka, surak iya
Kanggo mbasuh dododiro

Wulangan 7
Gusti Mahaagung

Maca Crita Prastawa Alam

Gunung Merapi Njeblug
Ing Yogyakarta sisih lor, ana gunung aran Gunung Merapi. Gunung Merapi kalebu gunung kang
mbebayani, awit basanjeblug. Yen njeblug ngesokake lahar panas sing bisa ndadekake apa bae dadi areng.
Kewan, manungsa, omah, wit-witan sing katrajang lahar panas mesthi dadi areng.
Ing Yogyakarta lan kiwa tengene nate ana musibahlindhu gedhe. Dhene lindhu gedhe iku disebabake
dening njnebluge Gunung Merapi. Sadurunge njneblug sato kewan galak sing ana ing alas ereng-erenge gunung
padha mudhun. Ana macan, kethek lan liya-liyane, sasuwene Gunung merapi horeg.
krindhane Gunung Merapi sing njeblug pratandhane metu lahar lan hawa panas sing padha diarani
wedhus gembel. Wedhus gembel iku playune banter banget. Ana kedadeyan penambang pasir ing kali Boyong
ora bisa mlayu awit selak ketekan wedhus gembel. Dheweke lan kanca-kancane mati sanalika, wujude treng kaya
areng.

Wulangan 7
Gusti Mahaagung

Maca Crita Prastawa Alam

Kanggo nyegah anane korban sing akeh yen gununge njeblug, ing plawangan sangisore gunung Merapi
ana pos penjagaan sing dipasangi piranti kanggo monitor lahar sing ana ing njeron wetenge gunung. Dadi, yen
sakirane gununge arep mutahake lahar, bisa dikendhaleni ora nganti njeblug. Ewosemono kabeh mau mung
usahane manungsa. Dene Gusti Allah ngersakake, gunung iku njeblug, manungsa kudu narima.

Wulangan 7
Gusti Mahaagung

Nulis Pokok-Pokok Crita

Nulis pokok-pokok crita kuwi ateges gawe kerangka crita. Kerangka crita
kuwi gunane kanggo nggampangake nalika tulis crita.. Mula sadurunge nulis crita
luwih dhisik gawe kerangka crita kang isine pokok-pokok crita.

Wulangan 7
Gusti Mahaagung

Geguritan

Semut

Wujudmu cilik menthik Ora ana semut padha gelut
Tan ana janma ketarik Apa maneh seneng kojah lan udud
Mlayu banter lan pinter ndelik Anane mung mbangun miturut
Nggawa rombongan sanajan sethithik Netepi janji lan Pangeran kang
dianut
Para manungsa patut sinau
Marang kewan cilik kang satuhu
Sepi ing pamrih lan tansah mituhu
Marang panggedhe apadene ratu

Wulangan 7
Gusti Mahaagung

Isine Geguritan

Isine geguritan ing dhuwur yaiku:

• Semut salah sawijining kewan sing rukun
• Semut ora tau padudon utawa congkrah
• Bebrayane semut minangka conto sing becik

Kompetensi Inti Kompetensi Dasar Wulangan 8
Pendhidhikan
1. Menerima dan menjalankan ajaran agama 1.1 Menerima dan
yang dianutnya bangga akan anugerah
Tuhan Yang Maha Esa
2. Memiliki perilaku jujur, disiplin, tanggung berupa bahasa jawa
jawab, santun, peduli, dan percaya diri sebagai bahasa ibu
dalam berinteraksi dengan keluarga,
teman, tetangga, dan guru 2.3 Menunjukkan perilaku,
tindakan, dan perbuatan
3. Memahami pengetahuan faktual dengan yang mencerminkan
cara mengamati (mendengar, melihat, kepribadian jawa
membaca) dan menanya berdasarkan rasa
ingin tahu tentang dirinya, makhluk hidup 3.3 Memahami tembang
ciptaan Tuhan dan kegiatannya, dan dolanan bertema
benda-benda yang dijumpainya di rumah, keagungan Tuhan
sekolah, dan tempat bermain.
4.3 Menulis dan
4. Menyajikan pengetahuan faktual dalam menyajikan cerita tentang
bahasa yang jelas, logis, dan sistematis, peristiwa alam dengan
dalam karya yang estetis, dalam gerakan ragam ngoko
yang mencerminkan anak sehat, dan
dalam tindakan yang mencerminkan
perilaku anak beriman dan berakhlak
mulia.

Wulangan 8 Pendhidhikan

Kawruh Sapala

Pendhidhikan itu babagan kang wigati banget kanggon saben
bocah, apa maneh ing jaman saiki. Saben bocah mesthine duwe cita-
cita kang pengen diwujudake. Mula saka iku wiwit saiki kowe kudu
golek kawruh ilmu supaya bisa mujudake cita-citamu. Kowe uga dadi
bocah kang sregep lan manut marang wong tuwa supaya gampang
anggone mujudake gegayuhanmu.

Wulangan 8 Pendhidhikan

Tulisan Jawa

Wulangan 8 Pendhidhikan

Maca Ukara Aksara Jawa

GLADEN AKHIR SEMESTER

I. Wenehana Tanda Ping (X) Aksara A, B, C, Utawa D Sangarepe Pretelan Kang Mathuk!

1. Guru wilangan yaiku cacahe ... Saben sagatra

a. Bait c. Larik/ baris

b. Wanda d. Swara

2. Bapak pocung pating gebyar sorotipun

Maneka dolanan

Cah cilik mesthi nyenengi

Sepur cilik ombak banyu lan jinantra

Pembang Pocung ing dhuwur batangane ....

a. Pasar malem c. Pasar

b. Wayang d. Dalan gedhe

3. Menang lomba iku kadadeyan sing ....

a. Nyene c. Ngguyokake

b. Nyedihake d. Ngagetake

4. Sapa sing melu piknik?

Ukara ing duwur iku kalebu ukara ....

a. Pitakon c. Andharan

b. Prentah d. Crita

5. ... PR mu wis kokgarap?

Tembung pitakon kang trep yaiku ....

a. Sapa c. Apa

b. Pira d. Kepriye

GLADEN AKHIR SEMESTER

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung sing Mathuk!
1. Tibane swara a, i, u, e, o ing pungkasaning gatra diarani ....
2. Lir-ilir iku kalebu tembang ....
3. Janaka tapa. Tulisane aksara Jawa yaiku....
4. Kelangan dhuwit iku kedadeyan kang ....
5. ... Jenenge adhimu sing cilik dhewe iki?

Tembung pitakon kang kang trep, yaiku ....

KAPUSTAKAN

Abikusno. 1994. Pepak Basa Jawa. Surabaya:
Express.

Balai Bahasa Yogyakarta. 2002. Kamus
bahasa Jawa, Yogyakarta: Penerbit
Kanisius.

Hartatik, dkk. 2001. Sari-Sari Piwulangan
Basa Jawi Pepak, Surabaya: Pustaka
Agung Harapan.

Hartono, 1993. Piwulang Basa jawa.
Semarang.


Click to View FlipBook Version