IKLAN/ REKLAME
3.4 Memahami struktur teks, unsur
kebahasaan dalam menulis berbagai jenis
surat, iklan, dan reklame sesuai konteks.
4.4 Menulis berbagai jenis surat, iklan, dan
reklame sesuai dengan kaidah dan konteks
1. Melalui kegiatan tanya jawab Explicit
Instruction, peserta didik dapat
menentukan jenis-jenis iklan/reklame
dengan benar.
2. Setelah belajar tentang jenis teks
iklan/reklame, peserta didik dapat
membaca ekspresif iklan dengan baik dan
percaya diri.
.
Bocah-bocah ayo luwih dhisik setitekna gambar-gambar ing ngisor iki!
Bocah-bocah gambar-gambar ing
dhuwur iku kalebu jinis iklan
utawa reklame.
Apa kuwe uwis ngerti apa iku
iklan utawa reklame?
Iklan utawa pariwara yaiku tulisan (bisa dikantheni
gambar utawa swara) kang nawakake barang, jasa
utawa ajak-ajak.
Nawakake tegese ajak-ajak karepe ngajak supaya
ngandhakake barang kang arep wong sing maca utawa krungu gelem
didol, kaluwihane apa, lan nganggo kanthi cara tuku barang
panganggone kang ditawakake
(cara nggunakake) kepriye.
Iklan sing apik kudu bisa narik kawigatene calon pelanggan kanthi
maca/krungu, mulane basane kudu pas utawa trep. Pilihan tembung lan ukarane
kudu pas miturut pelanggan utawa pangsa pasar kang diincer.
Upamane sing diincer kalangan nom-noman, basane kudu nganggo basa gaul
kang kulina digunakake nom-noman. Menawa kang diarah iku kalangan
masyarakat umum, ya nganggo basa kang umum. Ukara iklan kudu ringkes,
cetha, cekak aos, lan narik kawigaten. Basane narik kawigaten, tetembungane
bisa cumenthel ing pikirane kang maca supaya ora gampang lali banjur yen
sawayah-wayah butuh barang kaya kang ditawakake enggal kelingan banjur
tuku barang mau.
Ngidhentifikasi Jinis Teks Iklan / Reklame
Ing jaman saiki, iklan bisa kapacak ing ariwati, kalawarti, ana
maneh sing lumantar radhio, TV, lan internet. Iklan uga
lumrah kaandharake liwat medhia cithak lan medhia
elektronik. Medhia cithak bisa wujud selebaran, pamflet,
baliho, ariwarti, lan kalawarti. Dene medhia elektronik yaiku
televisi, radhio, lan internet. Ariwarti yaiku layang kabar kang
metune/terbite saben
dina, dene kalawarti yaiku layang kabar kang metune/terbite
kala mangsa, bisa seminggu pisan, setengah sasi pisan, utawa
sesasi pisan.
Ngidhentifikasi Jinis Teks Iklan / Reklame
JINISE IKLAN / REKLAME
1
2 Iklan informatif nduweni ciri-ciri kaya ing ngisor
iki :
IKLAN MITURUT a. Duwe pamrih kanggo nyiptakake kesadharan,
FUNGSINE
menehi informasi, lan ngenalake prodhuk
anyar utawa njelasake keunggulan prodhuk
sing wis ana.
b. Menehi informasi manawa dumadi owah-
owahan rega, kemasan utawa owah-owahan
liyane tumrap prodhuk sing wis ana.
c. Njelasake tata rakit sawijine prodhuk barang
utawa jasa.
d. Ngurangi rasa was sumelang tumrap
konsumen samangsa dumadi
perubahan tumrap prodhuk tinamtu
Iklan persuasif nduweni ciri kaya ing ngisor iki:
a. Tujuane kanggo narik kawigaten lan ndayani
konsumen supaya
ketarik marang prodhuk sing diiklanake
b. Ngowahi persepsi konsumen, saengga sing
maune ora kenal malih kenal, sing maune
ora ketarik malih ketarik, sing maune anti
pati malih dadi ketagihan marang prodhuk
sing diiklanake.
c. Ndayani marang konsumen sing pancen wis
ketarik enggal tukubarang sing diiklanake.
Iklan reminder nduweni ciri-ciri:
a. Tujuane kanggo nggiring konsumen supaya
enggal tuku prodhuk sing diiklanake.
b. Ngelingake konsumen manawa sawijine
wektu bakal mbutuhake banget marang
prodhuk sing diiklanake.
c. Ngelingake konsumen ing ngendi bisa
tuku/golek barang sing dibutuhake.
d. Ngrangkul konsumen supaya tansah setya
dadi konsumen prodhuk sing diiklanake.
3
IKLAN MITURUT MEDIA KANG
DIGUNAKAKE KANGGO MASANG IKLAN
Iklan above the line yaiku iklan kang
migunakake medhia massa. Maksude
khalayak sasaran kang diancas jumlahe
gedhe kanthi isi lan pesan kang kanggo
wong akeh (serempak). Medhia kang kalebu
kategori iki yaiku surat kabar,
majalah,Ntabloid, televisi, film, radhio, dan
internet.
Iklan below the line iku iklan kang
migunakake medhia khusus. Kang kalebu
iklan jinis iki yaiku: leaflet, poster,
spandhuk, baliho, bus panel, bus stop, point
of purchase (POP), sticker, shop sign, flayers,
display, lan sapanunggalane.
GLADHEN!
Bocah-Bocah ayo saiki
temtuake iklan iklan ing ngisor
iki kalebu jinis iklan apa?
2
1
43
56
mtu/nuwun?