The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Primastyo Faris Tristianto, 2023-10-11 20:51:10

BAHAN MATERI UPACARA PANGGIH

bahan ajar teks eksposisi

Keywords: panggih temanten

ARTIKEL EKSPOSISI UPACARA ADAT PANGGIH Kelas X (Fase E) SMKN 2 JIWAN MADIUN


A. Upacara Panggih Temanten Balang - balangan gantal, Wiji dadi, Sinduran, Bobot Timbang, Kacar-kucur, Dhahar klimah, Mertui Sungkeman. 1. 2. 3. 4. 5. 6. 7. 8. Upacara Panggih Temanten ing Jawa taksih maligi lan taksih karembakakaken. Kawontenan makaten ndadosaken adicara mantu menika ndayani guyubing kadang kulawarga. Pramila ing masarakat Jawi, upacara adat panggih temanten menika kaadani kanthi peprincen lan itungan Jawi ingkang kasarujuki. Andharan bab upacara panggih temanten saged kabagi dados 8 kados ing ngandhap menika:


Rantaman Upacara Panggih Temanten 1.Balangan Gantal 2. Wiji Dadi adicara nalika penganten kakung lan penganten putri jarake kirakira telung meter, dheweke mbuwang pitung wungkus isi godhong suruh lan jeruk sing ditaleni nganggo tali putih. Padha mbuwang kekarone. Kanthi cara mbalang godhong suruh, iku nuduhake yen dheweke iku manungsa, dudu makhluk palsu sing nyamar dadi penganten Penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah nganggo sikil tengen, banjur penganten putri mijiki samparanipun nganggo banyu kembang. Proses iki nglambangake dados garwa lan bapak sing tanggel jawab marang kulawarga lan tiyang estri kang bekti marang garwane.


Rantaman Upacara Panggih Temanten 3. Sinduran 4. Bobot timbang Wonten ing upacara menika, bapak saka penganten putri mangarsani penganten kakung tumuju kursi penganten, ibu penganten putri nyampirake kain sindur minangka pratandha yen bapak menika nuduhake dalam tumuju kabingahan saha ibu paring panyengkuyung awujud Wonten ing adicara penganten gagrak Solo menika, penganten lenggah ing pangkonipun bapak penganten putri, lan bapakipun badhe matur menawi bobotipun sami, tegesipun katresnanipun sami-sami kuwat lan ugi minangka tandha katresnanipun tiyang sepuh. kanggo anak lan mantu


Rantaman Upacara Panggih Temanten 6. Dhahar Klimah 5. Kacar-kucur Penganten kakung bakal ngesokake kedhele, kacang, beras, jagung, ketan, kembang lan dhuwit kricik (gunggunge kudu ganep) ing pangkone wong wadon minangka pralambang menehi panyengkuyung. Penganten putri nampa hadiah iki dibungkus kain putih ing pangkone minangka pralambang saka garwa sing paring nafkah pangupa jiwa Penganten putri lan kakung padha mangan sega, sing dadi pralambang yen penganten bakal urip bebarengan, susah lan seneng bebarengan. Kapisan, penganten kakung nganggo tangan tengen lan didulangake menyang penganten putri. Sawisé iku, penganten putri sing ndulang penganten kakung. Sawise dhahar, banjur ngunjuk tirta wening


Rantaman Upacara Panggih Temanten 7. Mertui 8. Sungkeman Wong tuwa penganten putri mapag wong tuwa penganten kakung ing ngarep omah kanggo mlaku bebarengan menyang papan upacara. Ibu sakloron mlaku ing ngarep, bapak loro ing mburi. Wong tuwane penganten kakung lungguh ing sisih kiwane pinanganten, lan kosok balene. Penganten sakloron manembah ngabekti sungkem marang tiyang sepuhipun nyuwun donga pangestu


Dadi sejatine artikel eskposisi kuwi ancase menehi kawruh utawa informasi tartamtu kanggo pamaca saengga bisa mangerteni kawruh kanthi princi saka prastawa utawa informasi sing kababar B. Artikel Eksposisi wondene artikel eksposisi yaiku sawijining jinis artikel kang surasane nduweni ancas paring katrangan ingkang cekak, padhet lan akurat. Sifating teks eskposisi menika ilmiah lan nyata Karya ilmiah iku akeh banget lan maneka warna. Ing bab iki bakal diandharake salah sawijining karya ilmiah yaiku artikel. Artikel iku nduweni teges karangan faktual kang jangkep lan dipublikasekake lumantar koran, majalah, internet,lan sapanunggalane kanthi tujuwan ngandharake pamawase panulis


Titikan Artikel Eskposisi Informasi asifat pangajak Andharan gunakake basa baku lan lugas Andharan ngengingi bab / prastawa Mangsuli pitakenan 5w+ 1h (b. Inggris Asifat netral 1. 2. 3. 4. 5. Struktur Artikel eksposisi Tesis : minangka pambuka, wosipun teks kang surasanipun panyaruwe panganggit. Argumentasi : ngandharaken bukti-bukti kagem nyengkuyung tesis. Isinipun fakta kang asifat konkrit. Penegasan ulang : minangka dudutan saking andharan ing tesis lan argumen.


C. Carane Nulis Artikel Eksposisi 1.Nemtokake ancas 2.Nemtokake topik 3.Ngrembakake topik 4. Ngempalaken bahan/ informasi 5.Gawe cengkorongan teks 6. Ngrembakakake teks 7. Nyunting teks Tuladha Carane Nulis Artikel Eksposisi Coba, waspadakna gambar ing dhuwur, Saka gambar ing dhuwur kuwi bisa di identifikasi tembung tembung : Penganten kakung di iring kulawarga songsong/ payung Pisang sanggan kembang telon (Mlathi, mawar, kenanga)


Saka tembung - tembung mau banjur dirangke dadi ukara ukara banjur dikembangake topik kanthi luwih princi, kayata : Tuladha Nulis Teks Eksposisi Prosesi sing ditindakake upacara panggih pihak penganten kakung di iring kulawarga lan krabate kanthi pasrah pisang sanggan saka pihak penganten kakung marang pihak penganten putri. Sanggan utawa kang bisa ditegesi nyengkuyung utawa diarani tebusan kanggo nebus penganten saka kulawargane. Sanggan dhewe kasusun saka tangkep woh pisang raja, tegese pangarep-arep supaya penganten kakung nduweni watak wibawa kaya raja berbudi bawa leksana.


Daftar Pustaka Purnomo, dkk. 2015. Sastri Basa kanggo SMA/AMK/MA/MAK kelas X. Surabaya: Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur. Sukendro, Dhita Puspitasari dan Susanti, Trianan Wahyu. 2014. Wiyata Basa kanggo SMA/ SMK/ MA Kelas X. Surabaya: Duta https://jivaorganizer.com/tata-cara-upacarapanggih-adat-jogja (diakses pada tanggal 30 September 2023 pukul 23.22 WIB) Waluyo, Sapto. 2008. Teknik Menulis Artikel Opini. Bahan Pelatihan Jurnalistik PPSDMS Nurul Fikri: Jakarta 1. 2. 3. 4.


Click to View FlipBook Version