The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas 2 Wulangan 6

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Awaludin Arif, 2021-01-25 08:22:59

BAHAN AJAR BAHASA JAWA KELAS 2 WULANGAN 6

Bahan Ajar Bahasa Jawa Kelas 2 Wulangan 6

Keywords: Bahasa Jawa,kelas 2 Wulangan 6,Banyu Bumi lan Srengenge

KOMPETENSI DASAR:

3.6 Mengenal dan memahami teks permintaan maaf dan sikap hidup
rukun di lingkungan keluarga dan teman secara lisan dan tulis.

4.6 Memperagakan teks permintaan maaf dan sikap hidup rukun di
lingkungan keluarga dan teman secara lisan dan tulis.

INDIKATOR:

3.6.1 Mengidentifikasi teks permintaan maaf dalam lingkungan
keluarga dalam bacaan.

3.6.2 Mengidentifikasi sikap hidup rukun di lingkungan keluarga.
3.6.3 Menulis contoh teks permintaan maaf sederhana dalam

lingkungan keluarga.
4.6.1 Memperagakan teks permintaan maaf sederhana secara lisan.

TUJUAN PEMBELAJARAN:

1. Setelah melaksanakan kegiatan pembelajaran, siswa mampu
mengidentifikasi teks permintaan maaf dalam lingkungan keluarga.

2. Setelah kegiatan membaca, peserta didik mampu mengidentifikasi
penggunaan teks permintaan maaf dengan tepat dalam lingkungan
keluarga sebagai wujud sikap hidup tukun.

3. Melalui pengamatan gambar, peserta didik mampu menulis contoh
teks permintaan maaf sederhana dalam lingkungan keluarga.

4. Melalui praktik, peserta didik mampu memperagakan teks
permintaan maaf dengan benar secara lisan.

Apa kowe tahu gawe salah marang wong tuwa?
Apa kowe tahu gawe gelo marang dulur lan kanca?
Saben manungsa pasti nduweni kesalahan.
Kesalahan kang disengaja utawa kesalahan kang ora disengaja.
Saben ngelakoni kesalahan, lumrahe kowe kudu njaluk pangapura.
Ucapan njaluk pangapura ing bahasa Indonesia diarani ucapan
permintaan maaf.
Ucapan njaluk pangapura diucapno kanthi tulus lan ikhlas.
Amerga manungsa wes ngelakoni kesalahan.
Setitekna gambar ing ngisor iki, tirokna anggone maos gurumu, banjur
tirokna!

Isuk iki, Joko wayahe pelajaran Olah Raga.
Kabeh siswa metu kelas kanggo
melu Olah Raga.
Joko lan kanca-kanca liyane obak
dolanan Gobak Sodor ing lapangan.
Pas tengah-tengah dolanan, Joko
ga sengaja nyenggol sikile Roni.
Dadi Roni tiba nang tengah
lapangan.
Joko lan kanca-kanca liyane banjur nulung Roni.
Joko ngerasa salah, amerga wis gawe Roni tiba.
Joko langsung ngucapno pangapura marang Roni.
Roni uga langsung nyepura Joko.
Sakwise iku, Roni ngajak ngelanjutna dolanan.

Jawaben pitakonan ing ngisor iki, ing kolom kang wis disediake!
1. Pelajaran apa kang diwulangake dina iki?
Jawab: _____________________________________________
2. Dolanan apa kang didolanake Joko lan kanca-kancane?
Jawab: _____________________________________________
3. Nang ngendi dolanan kuwi didolanake?
Jawab: _____________________________________________
4. Sapa kang tiba ing tengah lapangan pas dolanan?
Jawab: _____________________________________________
5. Kena apa Joko njaluk pangapura marang Roni?
Jawab: _____________________________________________

Coba ceritakake gambar ing nduwur!

Joko lan mbakyune lagi dolanan bareng.

Joko lan mbakyune ora rebutan dolanan.

Ora rebutan dolanan, ora padhu bisa diarani urip rukun.

Akeh contoh sikap urip rukun liyane.

Coba saiki wenehono tanda centhang (V) marang gambar kang
termasuk contoh urip rukun, lan tanda silang (X) marang gambar kang
ora termasuk contoh urip rukun ing panggonan kang disediakake!

Urip rukun, bisa kawujud saka sikap sopan santun utawa andhap asor.
Amerga saka iku, kowe kabeh kudu belajar sopan santun marang
wong liyan.
Nang ndisor iki eneng lagu.
Judule “Sugeng Enjing”
Ayo coba dinyanyikno bareng-bareng.
Yen dorong weroh lagune, bisa di klik marang link ing ndisor iki:
https://www.youtube.com/watch?v=BwktLPGwcqE

SUGENG ENJING
Yen isuk sugeng enjing
Yen awan sugeng siang
Yen sore sugeng sonten
Yen bengi sugeng ndalu
Diparingi matur nuwun
Ditimbali matur dalem
Yen lewat nderek langkung
Yen lepat nyuwun pangapunten

Tulisen tembung pangapura kaya ing tuladha!
Tuladha:
Yen kowe gawe rusak dulinane kanca.
Jawab: Aku njaluk sepura ya Din, amerga wis ngerusakno dulinanmu!

1. Yen kowe ditimbali bapak, tapi kowe ga ndang madhep moro.
Jawab: ______________________________________________

2. Yen kowe lali durung garap PR
Jawab: ______________________________________________

3. Yen kowe telat tekan sekolah
Jawab: ______________________________________________

4. Yen kowe didukani ibu amerga ga bantu resik-resik kamar
Jawab: ______________________________________________

5. Yen kowe rebutan dulinan karo adhimu, trus adhimu nangis
Jawab: ______________________________________________

Tekan jawaban ing nduwur, saiki praktikna utawa ucapno tembung
pangapura kang wis dijawab! Banjur divideo lan dikirim lewat HP/
Whatsapp!

Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki ngganggo jawaban sing
mathuk!

1. Karo kanca kudu guyub ________________ . 5

2. Yen nduwe salah, kudu njaluk _________________. 5

3. Andhap asor marang maknane ________________ . 5

4. Urip rukun agawe ________________ . 5

5. Yen diparingi jawabe ________________ . 5

6. Tulisen 3 tuladha kang termasuk sikap guyub rukun! 15

a. _______________________________________

b. _______________________________________

c. _______________________________________

Pedoman Penilaian:
Jumlah skor maksimal = 40
Nilai KD 3.6 =



Nilai Tanda Tangan Guru Tanda Tangan Orang Tua

DAFTAR PUSTAKA

Zebua, Suwarta, dkk. Edisi Revisi 2017. Buku Siswa Tematik Terpadu
Kurikulum 2013 Tema 5 Pengalamanku. Jakarta: Pusat
Kurikulum dan Perbukuan, Balitbang, Kemdikbud.

Windarti, Agus, dkk. 2016. Buku Siswa Tantri Basa Kelas 2. Surabaya:
Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur.


Click to View FlipBook Version