The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by laelamufida.2022, 2022-09-19 00:07:49

New Microsoft Word Document

New Microsoft Word Document

1. Pangertene geguritan
Geguritan yaiku karangan kang kaya tembang, nanging guru gatra, guru wilangan, lan guru

lagunipun ora ajeg. Geguritan uga duweni pangerten yaiku reriptan minangka wujud saka
wedharan gagasan utawa rasa pangrasane pangripta. Geguritan uga duweni pangerten yaiku
karya sastra kang awujud saka rarasing ati kangdiungkapake dening penyair ngagem basa
kang endah.

Geguritan yaiku wohing susastra kang basane cekak, mentes, lan endah. Tegese
ukarane ora nggladrah, tembunge duwe makna kang jero, lan nggunakake tembung- tembung
rinengga (purwakanthi swara, basa, lan sastra). Geguritan iku kalebu puisi Jawa modheren,
amarga ora kawengku dening pathokan tinamtu kaya dene tembang macapat.

Geguritan kang migunakake basa Jawa kuna dkenal wujud geguritan kang diarani
kakawin. Wujud prosane sinebut parwa. Ing Jawa tengahan utawa jaman Majapahit, geguritan
diarani kidung. Ing jaman Mataram tekan jaman Surakartanan geguritan diarani tembang,
wujude tembang gedhe, tembang tengahan, lan tembang cilik utawa macapat.

Ana bab-bab kang kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku bab teknis lan bab
non teknis.

Kang kalebu bab teknis yaiku:

 sadurunge maca kudu mangerteni surasa geguritan. Carane kanthi maca batin mrih
mangerteni surasane

 Goleki tembung-tembung sing digunakake kanggo ngemot surasane geguritan
 Maca kanthi tembung-tembung kang cetha (lafal) lan jeda kang trep adhedhasar

surasane tembung, kang ngemot teges
Kang kalebu bab non teknis yaiku:

 Gatekake panggonan pamaca
 Nyetitekake para pamirsa nalika maca

2. Perangan geguritan
Perangan geguritan ing antarane yaiku :

Geguritan kabagi dadi 2 jenis
a. Geguritan gagrag lawas (geguritan tradisional)

Geguritan gagrag lawas (geguritan tradisional) yaiku susastra Jawa kang awujud
tembang.
Tembang tradisional kaperang dadi 3 :
Tembang cilik (macapat) : maskumambang, mijil, sinom, asmaradana, gambuh,
kinanthi, dandhanggula, durma, pangkur, megatruh, pocung.
Tembang tengahan : girisa, jurudemung, balabak, wirangrong.
Tembang gedhe : kusumastuti, pamularsih, retnamulya.

Paugeran Geguritan Gagrag Lawas :
a. Nggatekake wirama sajroning maca yaiku kanthi cara ditembanagke
b. Paham laras, titilaras, cengkok, gregel, lan luk
c. Pangucapane kudu cetha supaya pamireng bisa mahami isi tembang
d. Bisa dibedhakake purba andhegan ing tengah gatra, pungkasane gatra, lan

pungkasane pada
e. Kaiket dening paugeran yaiku guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
f. Tembung kawiwitan “sun gegurit”

b. Geguritan gagrag anyar (geguritan moderen)
Geguritan gagrag anyar (moderen) yaiku geguritan kang nggunakake basa Jawa jaman
saiki lan ditulis nganggo aksara latin, lan wis nggunakake kertas.

Paugeran Geguritan gagrag Anyar :
- Sipate bebas lan mardika
- Ora kaiket dening paugeran
- Mujudake ekspresi jiwa panyerat sajrone nanggepi prastawa kang dialami,

diweruhi,kahanan sakwa tengene, panguneg uneg, gegayuhan, wawasan, lan liya liyane

3. Unsur-unsur pembangun geguritan
Unsur Intrinsik (ing jero) :
a. Tema
Yaiku inti prakara kang diangkat ing geguritan
Tema iku maneka warna manut daya pikire pangripta

Tuladhane kaya ta katresnan, lingkungan, agama, kasusahan, lsp.
b. Gambaran pangindran

Gambaran pangindran bisa digunakake kanggo nemokake isine geguritan dening
pamaca
Gambaran pangindran kaperang dadi 4 :
1. Pangindran pangrasa : gegayutan karo ati
2. Pangindran pandeleng : gegayutan karo mripat
3. Pangindran pangrungu : gegayutan karo kuping
4. Pangindran pangambu : gegayutan karo irung
c. Dhiksi
Yaiku pilihan tembung kanggo ngasilake geguritan kang trep lan endah.
Dhiksi bisa nggunakake :
1. Basa rinengga
2. Plutan
3. Wancahan
4. Dasanama
5. Majas
d. Rima
Unen – unen kanthi dibolan baleni kang dadekake geguritan katon endah jalaran duweni
wirama.
Tuladha :
Eling mitraku...eling...
Anakku...sun kekudang bisoa nggayuh lintang
anakku...
e. Purwakanthi
Purwakanthi yaiku tetembungan kang runtut karo tembung mburine ngenani swara,
sastra, utawa tembunge.
f. Amanat
Yaiku pesen kang diandharake pangripta marang pamaca liwat sajroning geguritan.

Unsur Ekstrinsik (ing njaba) :
a. Piwulang
b. Sosial
c. Biografi

4. Tuladha teks geguritan

Sega kenduri

Ngger, anakku aku
dak kandhaCoba di
rungu lan di rasa

Delengen sega
kenduri iki Biyen
dadi pangajab kang
siji Nalika bapak isih

bocah
Sega iki tansah
di rayah Merga
jaman larang upa
Ora saben dina
muluk segaBeda

karo saiki
Sega kenduri ra
di ajeni Mangka
sega iki mberkahi
Di wenehi kanti
iklasing atiMula

ya ngger ….
Sega iki ojo di enggo
dolanan Yen pancen
gelem ayo di pangan

dene yen mamang
pasrahna liyanKareben

sega iki di pangan

5. Trap-trapane nulis geguritan
a. Nemtokake ide/tema, ditindakake kanthi nglumpukake utawa golek informasi

lumantar maca, nonton, lan ngrasakake marang prastawa lan pengalaman pribadi,
sosial masyarakat, utawa universal (kamanungsan lan ketuhanan)
b. Nyaring, milih utawa nyaring informasi (prastawa, tema, ide, gagasan) kang narik
kawigaten saka tema kang dienggo
c. Ngripta geguritan, minangka proses kang kudu ditindakake kanthi teliti, awit
panulise mbutuhake kreatifitas, intuisi, lan imajinasi, sarta pangalaman lan
kaprigelan

- GLOSARIUM
Geguritan yaiku uran-uran utawa karangan kang kaya tembang, nanging

guru gatra, guru wilangan, lan guru lagunipun ora ajeg. Geguritan uga duweni
pangerten yaiku Reriptan minangka wujud saka wedharan gagasan utawa rasa
pangrasane pangripta. Geguritan uga duweni pangerten yaiku karya sastra kang
awujud saka rarasing ati kang diungkapakedening penyair ngagem basa kang endah.

B. DAFTAR PUSTAKA
- Gandung Widaryatmo, dkk. 2016. Prigel Basa Jawa SMA/MA SMK/MAK Kelas
X. Jakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan.
- Setiawan Heri. 2014. Mumpuni Basa Jawa 3 Kangge
SMA/MA/SMALB/SMK/MAK.Surakarta. Tiga Serangkai
- https://www.pintarnesia.com/geguritan/


Click to View FlipBook Version