BAHAN AJAR
KANGGE KELAS XII SEMESTER
GASAL
GEGURITAN
DENING : MOH ARIF WIBOWO
Bahan Ajar Geguritan
D. TUJUAN PEMBELAJARAN
Melalui kegiatan pembelajaran dengan pendekatan Problem Base Learning (PBL)peserta
didik dapat menentukan unsur-unsur pembangun dalam teks geguritan, memahami isi dan
menafsirkan amanat hubungannya dengan masyarakat sekarang, serta terampil menulis teks
geguritan dan mendemonstrasikan dengan rasa ingin tahu, tanggung jawab, dan disiplin
selama pembelajaran dan bersikap jujur, percaya diri, komunikatif, dan pantang menyerah.
E. DIMENSI PENGETAHUAN
1. Faktual : Contoh teks geguritan
2. Konseptual : Pengertian, jenis-jenis, dan unsur pembangun geguritan
3. Prosedural : Tata cara menulis geguritan dan teknik membaca geguritan
4. Meta Kognitif : Menelaah isi teks geguritan serta menganalisis unsur pembangun
geguritan
Mangga para siswa dipunwaos tuladha teks geguritan kasebut
Angen-angen Nabrak Watu Padhas
Dening : Rosyidah
Angen-angenku nabrak watu padhas
Satengahing ara-ara amba tanpa wates
Pancen lara,
Kudu nglawa muspraning katresnan
Kanthi, utawa tanpa omongan
Angen-angenku nabrak watu padhas
Njur rolak kali kulon jroning dhadhaku
Ambrol, jebol!
Cuwa keli saurute kali
Nangis, nggetuni lelakon
Angen-angenku nabrak watu padhas
Sirah pecah!
Ati uga pecah!
Aku wis ora bisa mikir maneh
Kudu endha apa malah sineblak
Angen-angenku kang wis sumyur iki*
Sang Saka
dening : Simbahe Roof
Ngger, ananku cah ayu lan kang sigit
Iki bapa paring pitutur
Napake tilas para satriyaning nagara
Ila-ila dhawuhing para jamhur
Kang kaloka ing bumi Nuswantara
Age kareken ing angkasa
Gendera gula klapa lambaning Negara
Abramarkata sundhul ing awiyat
Netramu panjer mandhuwur
Endi endah kumlebeting sang saka
Nadyan wus sewidak wolu taun mardika
Istingarah tansah kumlebet angartariksa
Dhestun bangsa ing nagaramu samengko
Arsadadi bangsaning danawa
Ninggal pepali manunggaling bangsa pancasila
Amuk suamrata jayamrata
Nenggih memungsuhan mring kadang priyangga
Gendera gula klapa prasasar kadya pataka lungset ing bawana
Kapethik saking majalah Panjebar Semangat,edisi September 2015
PETA KONSEP
A. Pangerten Geguritan
Geguritan asale saking tembung lingga gurita yaiku owah-
owahan saking tembung gerita, dene tembung gerita menika
saking tembung lingga gita ingkang ateges tembang utawi syair.
1. Diwiwiti tembung “sun gurit”
2. Cacahing gatra boten tetep,
ananging paling sekedhik 4
3. Cacahing wanda wonten ing
gatra satunggal saha satunggale
kedah sami
4. Tibaning guru lagu kedah runtut
1. Boten diwiwiti tembung “sun
gurit”
2. Cacahing gatra bebas
3. Boten kaiket guru wilangan
4. Boten kaiket guru lagu
Unsur Fisik
Diksi yaiku pemilihan tembung wonten ing geguritan biasane nggadahi
makna konotatif
Purwakanthi (Rima) yaiku mengulang-ulangi bunyi, tembung, frase,
utawi tetembungan kangge nyiptakaken kaindahan wonten ing geguritan.
Tipografi yaiku tatanan larik, bait, tetembungan saha bunyi kangge
ngasilaken bentuk fisik ingkang ndukung isi, rasa, saha suasana wonten
ing geguritan.
Majas (lelawaning basa) yaiku tetembungan ingkang digunakaken kangge
nyariosaken sesuatu hal ingkang mbandingaken kaliyan sesuatu hal
liyane.
Struktur Batin
Suasana yaiku kahanan batin ingkang diraosaken bibar maos geguritan.
Amanat yaiku pesen ingkang disampeaken penyair dhateng pambaca.
Tema yaiku bakuning gagasan.
Pangrasane penyair yaiku tetembungan wonten ing geguritan ingkang
nggadahi arti wonten ing ngungkapaken perasaan.
Nada utawi sikap penyair marang pemaos yaiku gerakan wonten ing
maos geguritan. Kaya dene memuji, tersenyum, lsp.
Cara Nulis Geguritan Paugeran Maos Geguritan
1. Nemtokake tema ingkang 1. Wirama : munggah
badhe didamel geguritan mudhune swara saha
pocapan (irama saha lafal)
2. Nemtokake majas utawi gaya
basa 2. Wirasa : penghayatan
3. Nemtokake purwakanthi 3. Wiraga : ekspresi patrap
utawi rima saha irama utawi solah bawa obahing
4. Nulis geguritan ingkang awak saha pasemon
sesuai kaliyan tema, majas saha
purwakanthi
Dudutan :
1. Geguritan asale saking tembung lingga gita ingkang ateges
tembang utawi syair.
2. Jenising geguritan wonten 2 yaiku geguritan tradhisional saha
geguritan modern.
3. Unsur geguritan wonten 2 yaiku unsur fisik saha unsur batin.
4. Unsur fisik kados diksi, tipografi, purwakanthi saha majas.
5. Unsur batin kados swasana, tema, amanat, pangrasa saha nada
6. Cara nulis geguritan yaiku nemtokake tema, majas, purwakanthi
saha nyerat geguritan
Relevansi :
1. Saben geguritan tamtunipun gadhai makna ingkang saged
dipunsinauni dhateng para tiyang gesang.
2. Tuladhanipun geguritan ingkang gadhai irah-irahan sang saka.
Geguritan menika paring tuladha dhateng para gesang supados
tansah emut kaliyan jasa pahlawan.
Panjebar Semangat,edisi September 2015 kanthi besutan Simbahe Roof, 2015
Pendidikan basa jawa kang di uri-uri : geguritan perjuangan pahlawan
(terretry500.blogspot.com)
https://kumparan.com/berita-hari-ini/struktur-geguritan-pengertian-dan-ciri-cirinya-
1wwnf1Dlu6h/1